-
Singkirana Ibadah Sing Ora Bener!Panjenengan Isa Dadi Kancané Gusti Allah
-
-
BAB 11
Singkirana Ibadah Sing Ora Bener!
Iblis lan para dhemité ora péngin panjenengan ngabdi marang Gusti Allah. Iblis péngin, nèk isa kabèh wong ora ngabdi marang Gusti Allah. Piyé carané? Salah sijiné cara yaiku nggunakké ibadah sing ora bener. (2 Korinta 11:13-15) Ibadah sing ora bener béda karo sing bener. Ibadah sing bener mulang sing bener saka Alkitab. Ning ibadah sing ora bener kuwi kaya dhuwit palsu, kétoké asli ning ora payu. Ibadah sing ora bener nggawé urip panjenengan tambah susah.
Ibadah sing ora bener ora bakal isa nyenengké Yéhuwah, sumberé kabèh sing bener. Wektu Yésus ing bumi, para anggota salah sijiné agama péngin matèni Yésus. Wong-wong iki ngira nèk sing ditindakké bener. Wong-wong iki ngakoni nèk Gusti Allah kuwi bapakné. Apa Yésus setuju karo omongan kuwi? Babar blas ora. Yésus ngendika, ”Bapakmu iku Iblis.” (Yokanan 8:41, 44) Saiki akèh-akèhé wong ya ngira nèk dhèwèké lagi ngabdi marang Gusti Allah, ning jan-jané lagi ngabdi marang Iblis lan para dhemité.—1 Korinta 10:20.
Kaya wit sing bosok ngasilké woh sing bosok, ibadah sing ora bener ya ngasilké wong-wong sing tumindaké ala. Donya iki kebak masalah, merga wong-wong padha tumindak ala. Ana wong turu bareng karo sing dudu bojoné, seneng padu, seneng nyolong-njupuk, matèni wong liya, lan merkosa wong liya. Akèh sing tumindak ala mau ngaku nèk nduwé agama, ning agamané ora isa nggawé dhèwèké tumindak bener. Wong-wong kaya ngono lagi isa dadi kancané Gusti Allah, nèk wis mandheg nindakké sing ala.—Matéus 7:17, 18.
Ibadah sing ora bener ngajari wong-wong ndonga karo patung. Gusti Allah ngendika nèk awaké dhéwé ora éntuk ndonga karo patung. Coba dipikir. Apa panjenengan seneng nèk ana wong ora tau omongan karo panjenengan ning gelemé omongan mung karo foto panjenengan? Apa wong kuwi isa dijak kekancan? Mesthiné ora isa, ta? Yéhuwah péngin awaké dhéwé omong-omongan karo Yéhuwah, ora karo patung utawa gambar sing ora nduwé nyawa.—Pangentasan 20:4, 5.
Ibadah sing ora bener mulang nèk matèni wong pas perang kuwi ora salah. Yésus ngendika nèk kanca-kancané Gusti Allah padha nresnani siji lan sijiné. Awaké dhéwé ora bakal matèni wong sing ditresnani. (Yokanan 13:35) Senajan sing dipatèni kuwi wong jahat, tetep waé matèni wong kuwi salah. Pas mungsuh-mungsuhé teka kanggo nyekel Yésus, murid-muridé ora diéntukké gelut kanggo mbélani Yésus.—Matéus 26:51, 52.
Ibadah sing ora bener mulang nèk wong jahat bakal disiksa ing nraka. Alkitab mulang nèk dosa kuwi sing marakké wong dadi mati. (Rum 6:23) Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing nresnani manungsa. Apa Gusti Allah sing nresnani manungsa téga nyiksa wong saklawasé? Mesthiné ora, ta? Ing bumi Pirdus, cacahé ibadah mung siji, yaiku ibadah sing cocog karo kersané Yéhuwah. (Wahyu 15:4) Kabèh ibadah sing asalé saka Iblis bakal disirnakké.
-
-
Kaya Apa Wong Mati Kuwi?Panjenengan Isa Dadi Kancané Gusti Allah
-
-
BAB 12
Kaya Apa Wong Mati Kuwi?
Kaya apa wong mati kuwi? Wong mati kuwi kaya wong sing lagi turu angler. (Yokanan 11:11-14) Wong mati ora isa ngrungokké, ndelok, ngomong, lan mikir. (Kohèlèt 9:5, 10) Ibadah sing ora bener mulang, nèk wong mati kuwi sukmané pisah karo ragané. Kuwi dudu wulangané Alkitab.
Wong mati ora isa mbantu utawa nggawé cilakané manungsa. Wong-wong biasa nggawé slametan telung dina, patang puluh dina, satus dina, sèwu dina, lan nggawé sajèn merga dianggep isa nyenengké wong sing wis mati. Gusti Allah ora seneng merga kuwi kabèh asalé saka Iblis. Wong mati wis ora isa disenengké manèh, merga wis ora ana nyawané. Awaké dhéwé ora perlu wedi utawa nyembah wong mati. Sing kudu disembah mung Gusti Allah.—Matéus 4:10.
Wong mati bakal urip manèh. Ing bumi Pirdus mbésuk, Yéhuwah ngutus Yésus kanggo nguripké manèh wong-wong sing wis mati. (Yokanan 5:28, 29; Para Rasul 24:15) Gusti Allah isa nguripké manèh wong mati kaya nangèkké wong sing lagi turu. Mbiyèn Yéhuwah ya wis tau ngutus Yésus nguripké wong mati.—Markus 5:22, 23, 41, 42.
Percaya nèk manungsa mati ning sukmané isih urip kuwi jan-jané ora bener, merga wulangan kuwi asalé saka Iblis. Iblis lan para dhemité nggawé wong percaya nèk wong mati kuwi sukmané isih urip, lan isa nggawé cilaka sing isih urip. Cara liyané Iblis ngapusi, yaiku sok mrimpèni lan meruhi wong-wong. Yéhuwah sengit banget karo wong sing ngupaya omongan karo wong mati.—Pangandharing Torèt 18:10-12.
-
-
Kagiyatan sing Dipengaruhi Kekuwatané Iblis Kuwi Ora ApikPanjenengan Isa Dadi Kancané Gusti Allah
-
-
BAB 13
Kagiyatan sing Dipengaruhi Kekuwatané Iblis Kuwi Ora Apik
Iblis péngin panjenengan nindakké kagiyatan sing dipengaruhi kekuwatané. Akèh wong seneng nggawé sajèn. Uga seneng nduwé cekelan, nganggo aji-aji, utawa nyimpen jimat sing wujudé cincin, keris, lan liyané, bèn slamet utawa dadi ampuh. Kuwi kanggo jaga-jaga, merga wedi karo jagating lelembut. Ana sing seneng maca kitab primbon, bèn ora kena alangan lan ngerti ramalan bab uripé. Ana sing nggolèk ngèlmu kanggo nambani wong lara. Ana uga sing seneng merdhukun bèn isa munggah jabatan. Liyané nggolèk pesugihan utawa penglarisan bèn dodolané payu, pasang susuk bèn disenengi wong akèh, utawa nyingkirké wong sing dianggep mungsuh nganggo santhèt.
Cara paling ampuh bèn ora dipengaruhi kekuwatané Iblis ya dadi kancané Yéhuwah. Gusti Allah Yéhuwah lan para malaékaté luwih kuwat timbang Iblis lan para dhemité. (Yakobus 2:19; Wahyu 12:9) Yéhuwah péngin nggunakké kekuwatané kanggo mbantu kanca-kancané sing setya.—2 Babad 16:9.
Alkitab kandha, ”Ing antaramu aja ana . . . juru sikhir [tukang sihir].” Yéhuwah sengit banget karo kabèh sing ana gandhèngané karo pengaruhé Iblis, merga wong-wong sing nindakké kuwi bakal dikwasani langsung karo Iblis lan para dhemité.—Pangandharing Torèt 18:10.
-