-
Apa Gusti Allah Perduli karo Manungsa?Carané Bèn Isa Urip Ayem Tentrem
-
-
BAGÉAN 1
Apa Gusti Allah Perduli karo Manungsa?
DONYA iki kebak masalah. Ana perang, musibah, penyakit, wong mlarat, wong korupsi, lan liyané sing marahi manungsa sengsara. Mbokmenawa panjenengan ya lagi kuwatir. Sapa sing isa nulungi panjenengan? Apa ana sing perduli karo panjenengan?
Tresnané Gusti Allah karo manungsa ngluwihi tresnané ibu karo bayiné
Awaké dhéwé isa percaya nèk Gusti Allah kuwi perduli. Gusti Allah ngendika, ”Apa wong wadon bisa lali marang bayiné, nganti ora tresna marang wohing wetengané? Sanadyan iku lali marang anaké, nanging Ingsun ora bakal kesupèn marang sira.”a
Kuwi isa nggawé awaké dhéwé ayem, ta? Tresnané Gusti Allah karo manungsa ngluwihi tresnané ibu karo bayiné. Hubungan ibu karo bayiné kuwi hubungan sing paling akrab sing dirasakké manungsa. Gusti Allah ora bakal ninggalké awaké dhéwé. Wis akèh bukti nèk Gusti Allah kuwi gelem nulungi awaké dhéwé. Piyé carané? Manungsa dikèki kesempatan bèn nduwé hubungan sing akrab karo Gusti Allah. Hubungan sing akrab kuwi disebut iman. Katrangan bab kuwi ana ing Kitab Suci.
Nèk nduwé iman, uripé awaké dhéwé bakal ayem tentrem. Kuwi isa mbantu awaké dhéwé bèn ora kakèhan masalah, lan isa ngrampungi masalah. Kuwi uga mbantu awaké dhéwé cedhak karo Gusti Allah lan isa ngrasakké katentreman ing pikiran lan ati, sarta mbantu awaké dhéwé bèn isa urip ing Pirdus ing bumi mbésuk.
Ning, iman kaya apa sing disebutké mau, lan piyé carané nguwatké iman sing kaya ngono kuwi?
a Wacanen Yésaya 49:15 ing Kitab Suci. Kuwi maksudé buku Yésaya bab 49 ayat 15.
-
-
Awaké Dhéwé Perlu Nduwé Iman sing Kaya Apa?Carané Bèn Isa Urip Ayem Tentrem
-
-
BAGÉAN 2
Awaké Dhéwé Perlu Nduwé Iman sing Kaya Apa?
Kaya dhuwit asli, iman kudu kétok saka tumindaké
NDUWÉ iman kuwi tegesé ora mung percaya nèk Gusti Allah ana. Akèh wong sing ngaku percaya karo Gusti Allah, ning tetep nindakké sing jahat. Umpamané, nèk panjenengan éntuk dhuwit palsu, apa dhuwit kuwi isa dinggo tuku? Mesthiné ora, ta? Dadi, nèk awaké dhéwé mung percaya karo Gusti Allah ning tetep nindakké sing jahat, iman sing kaya ngono kuwi kaya dhuwit palsu. Kétoké asli ning ora payu. Nèk ngono, awaké dhéwé perlu nduwé iman sing kaya apa?
Iman sing dhasaré Kitab Suci. Kitab Suci mulang sing bener bab Gusti Allah, lan carané kenal karo Gusti Allah. Isiné Kitab Suci kuwi hukum, wulangan, lan kersané Gusti Allah. Contoné:
Gusti Allah kuwi mung siji. Ora ana sing madhani.
Nabi Isa utawa Yésus kuwi dudu Gusti Allah sing Mahakwasa, ning nabi lan utusan.
Gusti Allah sengit karo wong sing nyembah patung.
Gusti Allah bakal ngadili manungsa.
Wong-wong mati bakal diuripké manèh.
Iman sing isa mbantu awaké dhéwé tumindak bener. Tumindak sing bener kuwi ngajèni Gusti Allah, lan ana gunané kanggo awaké dhéwé lan wong liya. Tumindak kuwi contoné:
Nyembah Gusti Allah.
Ngupaya nduwèni sipat-sipat sing apik, utamané katresnan.
Nyingkirké pikiran lan niyat sing jahat.
Mbantu wong liya sinau bab Gusti Allah.
Nduwé iman sing kuwat, senajan akèh masalah.
Iman mbantu awaké dhéwé tumindak sing bener
Piyé Carané Nguwatké Iman?
Iman, kaya otot, tambah kuwat nèk kerep dinggo
Njaluk tulung karo Gusti Allah. Nabi Musa ndonga marang Gusti Allah, ”Panyuwun kawula mugi kawula kasumerepna dhateng ing pangrèh Paduka, supados kawula sageda mangertos Paduka, supados kawula tetep nampèni sih-mirma wonten ing ngarsa Paduka.”a Gusti Allah mirengké lan njawab dongané nabi Musa. Awaké dhéwé isa niru imané nabi Musa. Gusti Allah bakal mbantu nguwatké iman panjenengan.
Nggunakké wektu kanggo sinau Kitab Suci. Sabdané Gusti Allah, klebu Kitab Torèt, Jabur, lan Injil, ana ing Alkitab, buku sing paling akèh diterjemahké lan disebarké sak donya. Mbokmenawa panjenengan nduwé salah sijiné kitab-kitab kuwi.
Ngetrapké Kitab Suci ing urip saben dina. Iman kuwi kaya otot, tambah kuwat nèk kerep dinggo. Dadi, nèk ngetrapké wulangané Kitab Suci saben dina, iman panjenengan isa tambah kuwat. Panjenengan bakal ngerti nèk sabdané Gusti Allah kuwi pancèn cespleng tenan. Wejangané Gusti Allah kuwi isa ndadèkké uripé awaké dhéwé luwih pénak. Wacanen terus Kitab Suci bèn isa mbuktèkké nèk kuwi pancèn bener.
a Torèt, Pangentasan 33:13.
-