Lagu 38
Pasrahna Kuwatirmu marang Yéhuwah
(Jabur 55)
1. Bapak Yéhuwah mirenga,
Atiku lagi susah.
Huwah tulung wangsulana,
Bèn aku ora semplah.
(REFREIN)
Pasrahna marang Yéhuwah,
Kabèh rasa kwatirmu.
Kowé ora bakal lungkrah,
Yéhuwah mesthi mbantu.
2. Nèk suwiwi tak duwèni,
Sing ala tak singkiri.
Mabur ngliwati prahara,
Adoh saka bebaya.
(REFREIN))
Pasrahna marang Yéhuwah,
Kabèh rasa kwatirmu.
Kowé ora bakal lungkrah,
Yéhuwah mesthi mbantu.
3. Yéhuwah bakal nulungi,
Paring pangayomané.
Bèn tentrem lan ora wedi,
Isa kuwat imané.
(REFREIN)
Pasrahna marang Yéhuwah,
Kabèh rasa kwatirmu.
Kowé ora bakal lungkrah,
Yéhuwah mesthi mbantu.