PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • w16 Maret hlm. 32
  • Iblis Kuwi Apa utawa Sapa?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Iblis Kuwi Apa utawa Sapa?
  • Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2016
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Iblis kuwi apa utawa sapa?
  • Apa isa Iblis nguwasani wong-wong?
  • Apa Iblis Kuwi Bener-Bener Ana?
    Pertanyaan sing Dijawab ing Alkitab
  • Kaya Apa Iblis Kuwi?
    Pertanyaan sing Dijawab ing Alkitab
Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2016
w16 Maret hlm. 32
Yésus ora mempan digodha Iblis

Apa Kandhané Alkitab?

Iblis kuwi apa utawa sapa?

NURUT PANJENENGAN Iblis kuwi . . .

  • Malaékat?

  • Sipat jahaté manungsa?

  • Mung ana ing pikirané manungsa?

ALKITAB KANDHA

Iblis isa omong-omongan lan ’nggodha’ Yésus. (Matéus 4:1-4) Dadi, dhèwèké ora mung sipat jahat, utawa mung ana ing pikirané manungsa. Iblis kuwi malaékat sing jahat.

APA MANÈH SING ISA DISINAONI SAKA ALKITAB?

  • Sakdurungé dadi jahat, Iblis kuwi malaékat. Ning, dhèwèké ora tetep ”ngandhemi ing kayektèn [nglakoni sing bener]”. (Yokanan 8:44) Dhèwèké dadi tukang ngapusi, lan mbrontak nglawan Gusti Allah.

  • Malaékat-malaékat liyané mèlu Iblis mbrontak.​—Wahyu 12:9.

  • Iblis nggawé wong ora ngerti nèk dhèwèké pancèn nyata.​—2 Korinta 4:4.

Apa isa Iblis nguwasani wong-wong?

ANA SING KANDHA nèk ora mungkin Iblis nguwasani wong-wong. Ning liyané, ana sing wedi dikuwasani. Piyé nurut panjenengan?

ALKITAB KANDHA

”Sajagad kabèh kawengku ing pangawak dursila.” (1 Yokanan 5:19) Senajan pengaruhé Iblis gedhé, ning ora tegesé saben manungsa isa dikuwasani.

APA MANÈH SING ISA DISINAONI SAKA ALKITAB?

  • Iblis ngapusi manungsa bèn manut dhèwèké.​—2 Korinta 11:14.

  • Para dhemit kadhang kala isa nguwasani manungsa.​—Matéus 12:22.

  • Awaké dhèwè isa menang nglawan Iblis nèk njaluk bantuané Gusti Allah.​—Yakobus 4:7.

Kanggo katrangan luwih akèh, deloken bab 10 buku Apa yang Sebenarnya Alkitab Ajarkan?, sing dicétak Seksi-Seksi Yéhuwah

Uga ana ing www.jw.org/id

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim