-
Rahasia sing Nyenengké AtiWulangen Anakmu
-
-
BAB 1
Rahasia sing Nyenengké Ati
Kowé wis tau krungu rahasia durung?—a Nèng Alkitab ana rahasia sing istiméwa. Jenengé ”rahasia suci”. Kuwi rahasia, merga mbiyèn ora ana wong sing ngerti. Rahasia kuwi suci merga saka Gusti Allah. Para malaékat péngin banget ngerti rahasia kuwi. Apa kowé ya péngin ngerti?—
Ngapa kok malaékat-malaékat péngin banget ngerti rahasia suci?
Jaman mbiyèn, Gusti Allah nggawé wong lanang karo wong wédok. Jenengé Adam karo Kawa. Adam karo Kawa dikèki nggon sing apik banget, jenengé Taman Èden. Nèk mbiyèn Adam karo Kawa manut karo Gusti Allah, dhèwèké karo anak putuné mesthi isa nggawé bumi iki dadi Firdaus sing apik banget. Lan kabèh isa urip nèng kono. Ning, apa Adam karo Kawa gelem manut?—
Adam karo Kawa ora manut karo Gusti Allah. Mulané awaké dhéwé saiki ora urip nèng Firdaus. Ning, Gusti Allah ngendika nèk sokmbèn arep nggawé bumi iki dadi Taman Firdaus menèh, lan kabèh wong isa urip seneng sakterusé. Piyé carané Gusti Allah nggawé bumi dadi Firdaus? Nah, wis suwé banget ora ana sing ngerti jawabané merga kuwi isih rahasia.
Pas teka nèng bumi, Yésus nyritakké rahasia kuwi karo wong akèh. Jaréné Yésus, mung Kratoné Gusti Allah sing isa nggawé bumi iki dadi Taman Firdaus. Mulané Yésus ngongkon awaké dhéwé ndonga bèn Kratoné Gusti Allah cepet teka.
Kowé seneng ta isa ngerti rahasia iki?— Ning, bèn isa urip nèng Firdaus, kowé kudu manut karo Gusti Allah. Nèng Alkitab, akèh crita wong-wong sing manut karo Gusti Allah. Kowé mesthi gelem ngerti critané, ta?— Sapa ta wong-wong kuwi lan piyé carané awaké dhéwé isa niru? Ayo dirungokké critané.
WACANEN ALKITABMU
a Ing saben bab bakal ana pitakonan sing ana tandha iki (—). Kuwi nduduhké nèk wong tuwa kudu mandeg sadhéla bèn anaké isa njawab.
-
-
Ribkah Péngin Nyenengké YéhuwahWulangen Anakmu
-
-
BAB 2
Ribkah Péngin Nyenengké Yéhuwah
Ribkah kuwi wong wédok sing sayang karo Yéhuwah. Bojoné jenengé Iskak. Iskak kuwi ya sayang karo Yéhuwah. Kapan Ribkah ketemu karo Iskak? Apa contoné nèk Ribkah péngin nyenengké Yéhuwah? Ayo gatèkké critané.
Iskak kuwi anaké Abraham karo Sarah. Omahé nèng Kanaan. Wong Kanaan kuwi ora nyembah Yéhuwah. Nah, Abraham ora gelem Iskak nduwé bojo wong wédok sing ora nyembah Yéhuwah. Mulané, Abraham ngongkon pembantuné lunga nèng omahé seduluré nèng Haran. Pembantuné kuwi jenengé Élièzer, lan Élièzer kudu lunga nèng Haran, nggolèk bojo nggo Iskak.
Ribkah gelem wira-wiri njupukké banyu nggo ngombé onta-onta
Élièzer mangkat bareng karo pembantu-pembantu liyané. Omahé seduluré Abraham kuwi adoh banget. Mulané, padha nggawa onta cacahé sepuluh nggo nggawa sangu karo hadiah. Ning, piyé carané Élièzer nemokké wong wédok sing pas nggo Iskak? Nah, pas wis tekan Haran, wong-wong kuwi mandheg nèng sumur, merga ngerti nèk wong-wong wédok nèng Haran njupuk banyu nèng sumur kuwi. Terus, Élièzer ndonga karo Yéhuwah, ’Nèk mengko aku njaluk banyu karo salah sijiné wong wédok nèng kéné, lan wong kuwi gelem njupukké banyu nggo aku karo onta-ontaku kabèh, artiné ya wong wédok kuwi sing Yéhuwah pilih dadi bojoné Iskak.’
Ora let suwé, Ribkah teka nèng sumur kuwi. Jaréné Alkitab, Ribkah kuwi ayu banget. Élièzer terus njaluk banyu karo Ribkah, terus Ribkah njawab, ’Ya, tak jipukké. Nggo onta-ontamu sisan, ya.’ Coba bayangna! Onta biasané ngombéné akèh banget, dadi Ribkah mesthi kudu wira-wiri nggo njupuk banyu. Coba deloken nèng gambar. Ribkah sregep banget, ta?— Élièzer mesthi seneng banget merga Yéhuwah njawab dongané.
Élièzer terus ngekèki hadiah sing apik-apik nggo Ribkah. Ribkah ngejak Élièzer karo pembantu-pembantu liyané teka nèng omahé bèn ketemu karo keluargané. Élièzer njelaské alesané teka nèng Haran. Élièzer ngomong nèk Ribkah kuwi sing dipilih Yéhuwah dadi bojoné Iskak. Keluargané Ribkah seneng banget lan ngolèhké Ribkah dadi bojoné Iskak.
Ribkah mèlu Élièzer nèng Kanaan, terus dadi bojoné Iskak
Ning apa Ribkah gelem dadi bojoné Iskak?— Ribkah ngerti nèk Yéhuwah sing mbantu Élièzer. Dadi, pas keluargané Ribkah takon apa dhèwèké gelem mèlu nèng Kanaan terus dadi bojoné Iskak, Ribkah njawab, ’Ya, aku gelem mèlu.’ Ribkah terus mangkat karo Élièzer. Tekan nèng Kanaan, Ribkah langsung dadi bojoné Iskak.
Merga Ribkah nyenengké Yéhuwah, Ribkah diberkahi Yéhuwah. Ribkah dadi mbah buyuté Yésus. Mulané, nèk kowé niru Ribkah lan nyenengké Yéhuwah, kowé ya diberkahi Yéhuwah.
WACANEN ALKITABMU
-