PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Rakhab Percaya karo Yéhuwah
    Wulangen Anakmu
    • Rakhab munggah nèng ndhuwur omahé nemoni wong Israèl

      BAB 3

      Rakhab Percaya karo Yéhuwah

      Bayangna saiki kowé lagi nèng kutha Yérikho. Kutha kuwi ana nèng Kanaan. Wong-wong nèng kutha kuwi ora nyembah Yéhuwah. Ana wong wédok sing manggon nèng kutha kuwi, jenengé Rakhab.

      Wektu Rakhab isih cilik, dhèwèké krungu critané bangsa Israèl. Contoné, critané Musa sing mimpin bangsa Israèl metu saka Mesir, terus nyebrang Laut Merah. Rakhab ya krungu critané Yéhuwah sing nulungi bangsa Israèl menang perang. Saiki, Rakhab krungu nèk wong Israèl padha kémah nèng cedhak Yérikho.

      Rakhab ndhelikké wong Israèl sing teka ing omahé merga percaya karo Yéhuwah

      Bengi-bengi, ana wong loro saka Israèl mlebu nèng kutha Yérikho ndhelik-ndhelik. Wong-wong kuwi arep ndelok kahanané kutha kuwi. Wong Israèl mau teka nèng omahé Rakhab, terus dikon nginep nèng kono. Pas bengi kuwi, raja Yérikho éntuk kabar nèk ana wong Israèl sing mlebu ndhelik-ndhelik nèng kuthané lan nginep nèng omahé Rakhab. Raja Yérikho ngutus wong kon nyekel wong-wong mau, ning malah wis didhelikké Rakhab nèng ndhuwur omahé. Rakhab terus ngandhani utusané raja, ’Wong Israèl mau mréné, ning saiki wis padha lunga saka kutha iki. Nèk kowé ngoyak wong-wong kuwi saiki, mesthi isa kecekel’. Ngapa Rakhab ndhelikké wong-wong Israèl kuwi?— Merga Rakhab percaya karo Yéhuwah lan yakin nèk Yéhuwah arep maringi tanah Kanaan kanggo wong Israèl.

      Sakdurungé lunga saka omahé Rakhab, wong-wong Israèl janji nèk Rakhab karo keluargané isa slamet pas Yérikho diserang karo bangsa Israèl. Ning, wong Israèl njaluk syarat kanggo Rakhab. Kowé ngerti ora apa syaraté?— Wong-wong Israèl ngomong, ’Tali abang iki kudu mbok gantungké nèng jendhélamu. Supaya kowé karo keluargamu isa slamet.’ Rakhab nindakké syarat kuwi. Bar kuwi, critané terus piyé?—

      Tali abang cemènthèl nèng jendhéla omahé Rakhab nèng Yérikho

      Yéhuwah nylametké Rakhab karo keluargané

      Liya dina, wong-wong Israèl ngubengi kutha Yérikho lan dikon meneng kabèh. Wong-wong kuwi ngubengi kuthané sedina ping siji, nganti nem dina. Ning, pas dina sing kepitu, kuthané diubengi ping pitu. Bar kuwi, wong Israèl padha surak-surak banter banget. Ujug-ujug, temboké kutha Yérikho ambruk merga kwasané Yéhuwah. Ning, omah sing ana tali abangé ora mèlu ambruk. Saiki, coba didelok nèng gambar. Sing endi omahé Rakhab?— Rakhab lan keluargané slamet!

      Kowé isa sinau apa saka critané Rakhab?— Rakhab percaya karo Yéhuwah merga wis tau krungu kwasané Yéhuwah sing hébat. Kowé saiki ya lagi sinau kwasané Yéhuwah sing hébat. Kowé mesthi ya percaya karo Yéhuwah, ta?— Apik banget jawabanmu!

      WACANEN ALKITABMU

      • Yusak 2:1-24; 6:1-5, 14, 15, 20-25

      • Ibrani 11:31

      PITAKONAN:

      • Rakhab tau krungu crita apa waé pas isih cilik?

      • Piyé carané Rakhab nulungi wong Israèl sing mlebu ndhelik-ndhelik nèng Yérikho? Ngapa kok Rakhab gelem nulungi?

      • Wong-wong Israèl sing ditulungi mau janji apa karo Rakhab?

      • Apa sing isa mbok tiru saka Rakhab?

  • Anaké Yéfta Nyenengké Bapaké lan Yéhuwah
    Wulangen Anakmu
    • Yéfta karo anaké wédok sing isih cilik

      BAB 4

      Anaké Yéfta Nyenengké Bapaké lan Yéhuwah

      Yéfta ndonga marang Yéhuwah wektu tentara Israèl perang nglawan mungsuhé

      Apa janjiné Yéfta karo Yéhuwah?

      Pas bali saka perang, Yéfta dirangkul anaké wédok

      Anaké Yéfta gelem mbantu mbuktèkké nèk bapaké ora ngapusi, kuwi ora gampang

      Deloken gambar cah wédok iki, kowé ngerti ora kuwi sapa?— Kuwi anaké Yéfta. Alkitab ora ngandhani sapa jenengé cah wédok kuwi, ning Alkitab ngandhani nèk cah wédok kuwi nyenengké bapaké lan Yéhuwah. Ayo diwaca critané.

      Yéfta kuwi wong sing apik banget. Dhèwèké kerep mulang anaké bab Yéhuwah. Yéfta kuwi wong lanang sing kuwat lan pemimpin sing apik, mulané wong-wong Israèl milih Yéfta dadi pemimpin perang.

      Yéfta tau ndonga karo Gusti Allah sakdurungé perang. Yéfta janji, nèk menang perang, wong sing pisanan nemoni Yéfta pas bali nèng omah, wong kuwi bakal manggon lan nyambut gawé nèng kémah suci sakterusé. Kémah suci kuwi panggonan dinggo ngibadah karo Yéhuwah. Ndilalah, Yéfta menang perang! Sapa sing pisanan nemoni Yéfta pas mulih?—

      Bener, kuwi anaké Yéfta! Yéfta mung nduwé anak siji, saiki kudu manggon nèng kémah suci sakterusé. Yéfta sedhih banget. Ning, Yéfta wis janji karo Yéhuwah. Anaké wédok ya ngomong, ’Bapak wis janji karo Yéhuwah, Bapak ya kudu ngolèhké aku lunga.’

      Anaké Yéfta nglumpukké kayu nèng kémah suci, kanca-kancané dolan nèng nggoné dhèwèké

      Saben taun kanca-kancané dolan nèng nggoné anaké Yéfta

      Anaké Yéfta ya sedhih, merga nèng kémah suci dhèwèké ora isa nduwé bojo karo nduwé anak. Ning, anaké Yéfta péngin banget mbantu bapaké nyenengké Yéhuwah lan mbuktèkké nèk bapaké ora ngapusi. Kanggoné anaké Yéfta, kuwi luwih penting timbang nduwé bojo lan nduwé anak. Mula, anaké Yéfta lunga saka omah lan urip nèng kémah suci sakterusé.

      Apa bener anaké Yéfta nyenengké bapaké lan Yéhuwah?— Ya, bener! Kowé ya isa kaya anaké Yéfta. Nèk kowé manut lan sayang karo Yéhuwah, kowé isa nyenengké wong tuwamu lan Yéhuwah.

      WACANEN ALKITABMU

      • Pangandharing Torèt 6:4-6

      • Para Hakim 11:30-40

      • 1 Korinta 7:37, 38

      PITAKONAN:

      • Yéfta kuwi sapa? Yéfta janji apa karo Yéhuwah?

      • Ngapa kok anaké Yéfta sedhih?

      • Sing paling penting kanggo anaké Yéfta apa?

      • Apa sing isa ditiru saka anaké Yéfta?

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim