-
Samuèl Tetep Dadi Bocah sing ApikWulangen Anakmu
-
-
BAB 5
Samuèl Tetep Dadi Bocah sing Apik
Pas isih cilik, Samuèl manggon nèng kémah suci lan nyambut gawé nèng kono. Kémah suci kuwi panggonan dinggo ngibadah karo Yéhuwah. Kowé ngerti ra ngapa kok Samuèl manggon nèng kono? Ayo digatèkké sik critané Hana ibuké Samuèl.
Wektu kuwi, Hana péngin nduwé anak, ning ora isa. Mulané Hana ndonga. Dhèwèké janji karo Yéhuwah, nèk isa nduwé anak arep dikon manggon lan nyambut gawé nèng kémah suci. Yéhuwah njawab dongané, terus Hana isa nglairké anak lanang, dijenengi Samuèl. Pas Samuèl umuré kira-kira telung taun, Hana nggawa Samuèl nèng kémah suci bèn nyambut gawé nèng kono.
Wektu kuwi, sing dadi pemimpiné imam nèng kémah suci jenengé Èli. Imam Èli nduwé anak loro. Anaké loro-loroné dadi imam. Nah, kémah suci kuwi panggonan dinggo ngibadah karo Yéhuwah. Wong-wong sing nèng kono kuduné wongé apik. Ning, anak-anaké Èli jahat. Samuèl ngerti nèk anak-anaké Imam Èli kuwi jahat. Apa Samuèl ya mèlu-mèlu dadi jahat?— Ora, Samuèl tetep dadi bocah sing apik, merga manut karo wong tuwané.
Kuduné anak-anaké Èli diapakké karo bapaké?— Kuduné diukum karo Èli lan ora éntuk nyambut gawé menèh nèng omahé Yéhuwah. Ning, Èli ora tau ngukum anak-anaké. Dadi, Yéhuwah nesu karo Èli lan anak-anaké. Yéhuwah arep ngukum wong-wong kuwi.
Samuèl ngandhakké omongané Yéhuwah nèng Èli
Bengi-bengi, pas Samuèl lagi turu, dhèwèké krungu ana sing nyeluk, ’Samuèl!’ Banjur Samuèl mlayu marani Èli. Ning Èli ngomong, ’Aku ora nyeluk kowé.’ Samuèl diceluk nganti ping telu. Pas Samuèl marani Èli sing ketelu, Èli ngomong nèk diceluk menèh, Samuèl kudu nyauri, ”Ana apa Yéhuwah.” Bar kuwi, Yéhuwah ngendika karo Samuèl, ’Ngomonga karo Èli nèk aku arep ngukum keluargané merga klakuané èlèk.’ Gampang apa ora nèk arep ngomong kaya ngono kuwi karo Èli?— Kuwi angèl banget kanggo Samuèl. Dhèwèké wedi ngomong karo Èli. Ning, Samuèl tetep ngomong karo Èli merga Yéhuwah sing ngongkon. Bar kuwi, anak-anaké Èli mati, Èli ya mati kaya sing diomongké Yéhuwah.
Samuèl ngekèki conto sing apik kanggo awaké dhéwé. Dhèwèké tetep dadi bocah sing apik senajan wong-wong nèng cedhaké klakuanè èlèk. Nèk kowé piyé? Apa kowé gelem dadi kaya Samuèl? Nèk kowé nyonto Samuèl, kowé isa nyenengké wong tuwamu lan Yéhuwah.
WACANEN ALKITABMU
-
-
Dawud Ora Tau WediWulangen Anakmu
-
-
BAB 6
Dawud Ora Tau Wedi
Nèk wedi, biasané kowé piyé?— Mungkin waé kowé nggolèki bapak karo ibumu. Ning, ana sing luwih kuwat sing isa mbantu kowé. Kowé ngerti ra kuwi sapa?— Ya bener, Yéhuwah sing isa mbantu kowé. Ayo, di waca critané cah enom sing jenengé Dawud. Dawud percaya nèk Yéhuwah terus mbantu, mula dhèwèké ora tau wedi.
Pas isih bayi, Dawud diwulang wong tuwané bèn sayang karo Yéhuwah. Dadi, Dawud ora wedi merga percaya nèk Yéhuwah mesthi mbantu. Dawud iya nganggep Yéhuwah kuwi kancané. Pas lagi angon wedhus, Dawud weruh singa sing gedhé lagi nyokot wedhusé, terus digawa mlayu. Dawud terus piyé? Dawud ngoyak singa kuwi, terus dipatèni ora nganggo senjata. Bar kuwi, ana beruang nyerang wedhusé. Beruang kuwi ya dipatèni karo Dawud. Kowé ngerti ora ngapa kok Dawud kendel banget?— Ya, mergané Yéhuwah sing nulungi Dawud.
Bar kuwi, wong-wong Israèl perang karo wong Filisti. Salah siji tentarané Filisti kuwi raksasa, sing awaké gedhé banget, jenengé Goliat. Goliat ngécé lan ngenyèk wong Israèl karo Yéhuwah. Goliat nantang wong Israèl, ning ora ana sing wani. Pas Dawud nèng kono, Dawud krungu, terus ngomong karo Goliat, ’Aku sing arep nglawan kowé. Yéhuwah mesthi nulungi aku lan kowé mesthi kalah’. Kuwi nduduhké nèk Dawud kendel ta?— Ya, Dawud kendel banget. Ayo diwaca menèh critané.
Dawud njupuk bandhil karo watu cacahé lima. Bar kuwi, Dawud nyedhaki raksasa mau. Goliat ngécé Dawud merga isih enom, ning Dawud ngomong, ’Kowé teka nganggo pedhang, ning aku teka nganggo jenengé Yéhuwah!’ Bandhilé dikèki watu dinggo mbalang Goliat. Watuné ngenani pas bathuké. Goliat langsung nggléthak terus mati. Wong-wong Filisti terus wedi merga Goliat wis mati, terus padha mlayu. Ngapa kok Dawud sing isih enom isa matèni raksasa sing jenengé Goliat?— Merga Yéhuwah nulungi Dawud. Yéhuwah luwih kuwat dibandhing raksasa mau!
Dawud ora wedi merga yakin nèk Yéhuwah mesthi bantu
Apa sing isa disinaoni saka critané Dawud?— Yéhuwah luwih kuwat timbang sapa waé. Yéhuwah kuwi kancamu. Kowé kudu éling, nèk pas kowé wedi, Yéhuwah mesthi mbantu bèn kowé isa kendel!
WACANEN ALKITABMU
-