PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Kowé Tau Ngrasakké Dhèwèkan lan Wedi?
    Wulangen Anakmu
    • Bocah sing dhèwèkan lan wedi

      BAB 7

      Kowé Tau Ngrasakké Dhèwèkan lan Wedi?

      Coba deloken gambar cah cilik iki. Bocah iki kétoké dhèwèkan lan wedi. Apa kowé ya wis tau dhèwèkan lan wedi?— Kabèh wong mesthi ya tau ngrasakké kaya ngono. Alkitab crita nèk umaté Yéhuwah tau ngrasakké wedi lan dhèwèkan, salah sijiné Élia. Ayo, diwaca critané.

      Ratu Izébèl nesu-nesu

      Izébèl arep matèni Élia

      Élia urip sakdurungé jamané Yésus. Dhèwèké manggon nèng Israèl. Pas kuwi, bangsa Israèl dipréntah karo raja sing jenengé Akhab lan ratuné Izébèl. Wong loro kuwi ora nyembah Yéhuwah, ning nyembah allah palsu jenengé Baal. Mulané bangsa Israèl mèlu-mèlu nyembah Baal. Izébèl kuwi ratu sing jahat. Izébèl arep matèni kabèh umaté Yéhuwah. Élia ya arep dipatèni karo Izébèl! Terus Élia piyé?—

      Élia mlayu terus ndhelik nèng guwa. Ngapa kok dhèwèké ndhelik?— Ya, merga wedi. Asliné Élia ora perlu wedi, merga Yéhuwah isa nulungi. Mbiyèn Yéhuwah wis tau nduduhké kekuwatané karo Élia. Contoné, Yéhuwah tau jawab dongané Élia wektu nggawé mukzijat nekakké geni saka langit. Saiki Yéhuwah mesthi ya isa nulungi Élia.

      Yéhuwah njawab dongané Élia wektu nekakké geni saka langit, Élia nèng njero guwa, Élia seneng merga Yéhuwah nglipur dhèwèké

      Piyé carané Yéhuwah nulungi Élia?

      Yéhuwah terus takon karo Élia sing lagi ndhelik nèng guwa, ’Kowé ngapa nèng kéné?’ Élia njawab, ’umatmu sing isih urip mung gari aku, saiki aku ora nduwé kanca, aku wedi dipatèni.’ Élia ngira umaté Yéhuwah wis dipatèni kabèh. Ning, Yéhuwah ngendika, ’Ora, isih ana wong 7.000 sing isih urip. Aja wedi, tugasmu isih akèh’. Kira-kira Élia seneng ora krungu kuwi?—

      Kowé isa sinau apa saka critané Élia?— Kowé rasah wedi nèk dhèwèkan, merga Yéhuwah karo kanca-kancamu sayang karo kowé. Yéhuwah kuwat banget lan mesthi mbantu kowé! Dadi, sakjané kowé ora dhèwèkan. Kowé seneng apa ora nèk ngono kuwi?—

      WACANEN ALKITABMU

      • 1 Para Raja 19:3-18

      • Jabur 145:18

      • 1 Pétrus 5:9

      PITAKONAN:

      • Nèng jamané Élia, wong Israèl sing nyembah Yéhuwah, akèh ora? Lha sapa sing disembah wong Israèl?

      • Ngapa Élia kok mlayu lan ndhelik nèng guwa?

      • Yéhuwah ngendika apa karo Élia?

      • Apa sing isa disinaoni saka critané Élia?

  • Yosia karo Kanca-kancané sing Nyembah Yéhuwah
    Wulangen Anakmu
    • Raja Yosia ngrungokké kancané, Yérémia

      BAB 8

      Yosia karo Kanca-kancané sing Nyembah Yéhuwah

      Dadi bocah sing apik kuwi gampang apa ora?— Akèh wong krasa ora gampang. Nèng Alkitab ana critané Yosia, dhèwèké angèl dadi bocah sing apik. Ning, Yosia nduwé kanca-kanca sing seneng mbantu dhèwèké dadi bocah sing apik. Ayo saiki gatèkna critané.

      Yosia kuwi anaké Amon raja Yéhuda. Amon kuwi jahat. Dhèwèké nyembah patung. Pas Amon mati, Yosia umuré lagi wolung taun, ning wis dadi raja nggantèni bapaké. Kira-kira Yosia jahat ora ya?— Yosia ora jahat!

      Nabi Zéfanya ngumumké pangandikané Yéhuwah marang wong-wong Yéhuda

      Zéfanya ngélingké wong-wong bèn ora nyembah patung

      Yosia kuwi bocah sing manut karo Yéhuwah seka cilik. Yosia gelemé nduwé kanca sing apik lan sayang karo Yéhuwah. Kanca-kancané Yosia mbantu dhèwèké dadi bocah sing apik. Sapa waé kancané Yosia kuwi?

      Ana kancané Yosia sing jenengé Zéfanya. Dhèwèké kuwi nabi. Zéfanya kerep ngélingké wong-wong Israèl bèn ora nyembah patung. Mulané, Yosia ya ora nyembah patung ning nyembah Yéhuwah. Uripé Yosia lan rakyaté dadi pénak.

      Kanca liyané jenengé Yérémia. Umuré Yérémia karo Yosia mèh padha. Merga omahé cedhak, wong loro kuwi akrab banget. Yérémia karo Yosia padha-padha mbantu bèn dadi bocah sing apik lan manut karo Yéhuwah. Pas Yosia mati, Yérémia nggawé lagu nggo ngéling-éling Yosia.

      Yosia karo Yérémia padha-padha mbantu bèn dadi wong sing apik

      Apa sing kudu kok tiru saka Yosia?— Yosia manut karo Yéhuwah seka cilik. Yosia nggolèk kanca sing nyembah Yéhuwah. Dadi, nggolèka kanca sing nyembah Yéhuwah lan isa mbantu kowé dadi bocah sing apik.

      WACANEN ALKITABMU

      • 2 Babad 33:21-25; 34:1, 2; 35:25

      PITAKONAN:

      • Bapaké Yosia jenengé sapa? Bapaké Yosia kuwi raja sing apik apa ora?

      • Kèt cilik Yosia kuwi bocah sing piyé?

      • Sebutna jenengé kanca-kancané Yosia.

      • Apa sing kudu kok tiru saka Yosia?

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim