-
Wong-Wong sing Nulis Buku Bab Uripé YésusWulangen Anakmu
-
-
BAB 11
Wong-Wong sing Nulis Buku Bab Uripé Yésus
Kowé ngerti ora sapa waé sing ana nèng gambar iki?— Wong-wong kuwi jenengé Matéus, Markus, Lukas, Yokanan, Pétrus, Yakobus, Yudas, karo Paulus. Wong-wong kuwi urip sakjaman karo Yésus lan nulis buku-buku nèng Alkitab sing nyritakké uripé Yésus. Ayo gatèkna critané wong-wong kuwi.
Apa sing isa mbok sinaoni saka wong-wong kuwi?
Sapa waé sing tau nginjil bareng karo Yésus?— Matéus, Yokanan karo Pétrus. Matéus karo Yokanan akrab banget karo Yésus lan nulis buku sing nyritakké uripé Yésus. Yokanan ya nulis buku 1 Yokanan, 2 Yokanan, lan 3 Yokanan karo buku Wahyu. Pétrus kuwi sing nulis 1 Pétrus karo 2 Pétrus. Pétrus wis tau krungu Yéhuwah ngendika karo Yésus saka swarga: ’Iki anakku, Aku sayang lan seneng karo Yésus’.
Nèng gambar kuwi ya ana sing jenengé Markus. Markus kuwi mungkin ndelok Yésus ditangkap. Sing siji menèh jenengé Lukas. Lukas kuwi dokter. Dhèwèké dadi wong Kristen pas Yésus wis mati.
Nèng gambar ana adhik-adhiké Yésus. Jenengé Sapa?— Yakobus karo Yudas. Mbiyèn, wong loro kuwi tau ora percaya karo Yésus, terus tau ngendika nèk Yésus kuwi rada édan. Ning akhiré Yakobus karo Yudas dadi muridé Yésus.
Muridé liyané jenengé Paulus, dhèwèké mbiyèn jenengé Saulus. Saulus jahat banget karo wong-wong Kristen. Piyé critané kok Paulus isa dadi wong Kristen?— Pas Paulus mlaku-mlaku, krungu swarané Yésus saka swarga sing ngendika, ’Ngapa kowé kok jahat karo murid-muridku?’ Bar kuwi, Paulus akhiré dadi wong Kristen. Dhèwèké sing nulis 14 buku yaiku buku Rum tekan Ibrani.
Saben dina awaké dhéwé mesthi maca Alkitab, ta?— Nèk maca Alkitab, awaké dhéwé isa luwih ngerti critané Yésus. Kowé péngin ngerti luwih akèh critané Yésus ora?—
WACANEN ALKITABMU
-
-
Ponakané Paulus sing KendelWulangen Anakmu
-
-
BAB 12
Ponakané Paulus sing Kendel
Ayo sinau critané wong enom sing kendel. Wong kuwi nulungi pakdhéné sing jenengé Paulus. Jenengé wong enom kuwi ora ditulis nèng Alkitab. Péngin ngerti ora critané wong enom kuwi?—
Paulus dilebokké nèng kunjara pas lagi nèng Yérusalèm, merga kerep nyritakké Yésus. Ana wong jahat sing arep matèni Paulus. Wong-wong mau padha ngomong ngéné, ’Ayo ngomong karo pemimpiné tentara bèn nggawa Paulus nèng pengadilan. Awaké dhéwé ndhelik sik, nèk Paulus liwat ayo dicegat, terus dipatèni!’
Ponakané Paulus ngandhani Paulus lan pemimpiné tentara nèk ana wong-wong jahat sing arep matèni pakdhéné
Ponakané Paulus krungu nèk ana wong-wong jahat sing arep matèni Paulus. Terus ponakané mau ngapa? Ponakané mau teka nèng kunjara ngandhani nèk ana wong sing arep matèni pakdhéné. Paulus langsung ngongkon ponakané ngandhani pemimpiné tentara nèk ana sing arep matèni Paulus. Kanggoné ponakané Paulus, kuwi gampang apa angèl?— Ngomong karo pemimpiné tentara kuwi angèl merga wong-wong wedi karo dhèwèké. Ning, ponakané Paulus mau wani ngomong karo pemimpiné tentara.
Pemimpiné tentara langsung cepet-cepet nylametké Paulus. Dhèwèké ngumpulké tentara sing cacahé wong 500 nggo njaga Paulus bèn ora dipatèni. Bengi kuwi, Paulus langsung digawa nèng kutha Kaisaréa. Kira-kira Paulus slamet apa ora?— Bener, Paulus slamet. Wong-wong jahat kuwi ora isa matèni Paulus.
Apa sing kok sinau saka crita iki?— Kowé ya isa kaya ponakané Paulus sing kendel. Kowé kudu wani nyritakké Yéhuwah. Kowé wani apa ora nyritakké Yéhuwah karo kanca-kancamu?— Nèk kowé wani, kowé isa nylametké wong akèh.
WACANEN ALKITABMU
-