PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Timotéus Seneng Mbantu Wong Liya
    Wulangen Anakmu
    • Timotéus sing isih cilik diwulang Éuniké, ibuké, lan Lois, simbahé

      BAB 13

      Timotéus Seneng Mbantu Wong Liya

      Timotéus kuwi cah enom sing seneng mbantu wong-wong sinau Alkitab. Timotéus mbantu wong-wong nèng akèh kutha lan désa. Uripé Timotéus nyenengké banget. Kowé gelem ngerti critané ora?—

      Ibu karo simbahé Timotéus ngajari bab Yéhuwah

      Omahé Timotéus nèng kutha Listra. Kèt cilik, simbahé Timotéus sing jenengé Lois karo ibuké sing jenengé Éunike, mulang Timotéus bab Yéhuwah. Mulané Timotéus péngin mbantu wong-wong bèn isa sinau bab Yéhuwah.

      Pas Timotéus isih enom, Paulus tau takon karo Timotéus, ’Kowé gelem nginjil bareng aku apa ora’. Timotéus njawab, ’Aku gelem!’ Timotéus terus lunga ngéwangi Paulus.

      Timotéus karo Paulus lunga nèng kutha Tésalonika sing ana nèng Makédonia. Paulus karo Timotéus kudu mlaku adoh banget, terus numpak kapal bèn isa tekan nèng Tésalonika. Paulus mulang wong-wong bèn isa ngerti bab Yéhuwah nèng Tesalonika. Ning, akèh wong nesu terus arep ngusir Paulus metu saka kutha kuwi. Kepeksané, Paulus karo Timotéus nginjil nèng kutha liya.

      Timotéus numpak kapal karo rasul Paulus

      Uripé Timotéus nyenengké banget

      Pirang-pirang sasi bar kuwi, Paulus ngongkon Timotéus bali nèng Tésalonika bèn ngerti kabaré sedulur-sedulur seiman. Timotéus tetep mangkat senajan akèh wong nèng Tésalonika ora seneng. Bar ketemu, Timotéus dadi ngerti nèk sedulur-seduluré kabaré apik.

      Timotéus karo Paulus kerja bareng nganti pirang-pirang taun. Paulus ndelok nèk Timotéus kuwi cocog nulungi sedulur-seduluré nèng pakumpulan jemaat. Mergané Timotéus sayang karo Yéhuwah lan sedulur-seduluré seiman.

      Apa kowé ya sayang karo wong liya lan péngin mbantu wong-wong kuwi sinau bab Yéhuwah?— Uripmu mesthi seneng banget nèk nyonto Timotéus!

      WACANEN ALKITABMU

      • 2 Timotéus 1:5; 3:15

      • Para Rasul 16:1-5; 17:1-10

      • 1 Tésalonika 3:2-7

      • Filipi 2:19-22

      PITAKONAN:

      • Timotéus karo keluargané omahé nèng endi?

      • Apa Timotéus gelem lunga bareng Paulus? Lha ngapa?

      • Ngapa kok Timotéus bali nèng Tésalonika?

      • Piyé carané bèn uripmu nyenengké, padha kaya Timotéus?

  • Kraton sing Arep Mréntah Bumi
    Wulangen Anakmu
    • Yésus Kristus dadi Raja ing Pirdus ing bumi

      BAB 14

      Kraton sing Arep Mréntah Bumi

      Saiki awaké dhéwé arep sinau salah sijiné Kraton. Bedhèken, Kratoné sapa?— Ya bener, Kratoné Gusti Allah. Kratoné Gusti Allah arep nggawé bumi iki dadi Firdaus. Kowé péngin sinau luwih akèh ora bab Kratoné Gusti Allah?—

      Kraton biyasané dipimpin raja. Rakyaté yaiku kabèh wong sing ana nèng negarané. Raja nèng Kratoné Gusti Allah kuwi sapa?— Yésus sing dadi rajané. Yésus mréntah saka swarga, ning sokmbèn Yésus dadi rajané kabèh wong sing nèng bumi. Pas Yésus dadi Raja, uripé awaké dhéwé seneng apa ora?—

      Nèng Firdaus, kowé péngin ngapa?

      Nèk Yésus dadi raja, ora ana wong padu utawa perang. Kabèh wong padha sayang karo wong liya. Wis ora ana sing lara utawa mati. Wong-wong sing wuta isa ndelok, sing budheg isa krungu, sing lumpuh isa mlayu-mlayu. Panganané akèh banget lan énak-énak. Kéwan-kéwan sing saiki galak ora galak menèh. Sokmbèn kowé isa dolanan karo kéwan kuwi. Wong-wong sing wis mati, diuripké. Contoné Ribkah, Rakhab, Dawud, karo Élia. Sokmbèn kowé péngin ketemu karo sapa?—

      Yéhuwah sayang banget karo kowé. Yéhuwah péngin kowé seneng. Kowé kudu terus sinau Alkitab lan manut karo Yéhuwah, bèn isa urip nèng bumi Firdaus sing apik kanggo sakterusé. Kowé gelem urip nèng Firdaus ora?—

      WACANEN ALKITABMU

      • Yésaya 2:4; 11:6-9; 25:8; 33:24; 35:5, 6

      • Yokanan 5:28, 29; 17:3

      PITAKONAN:

      • Raja nèng Kratoné Gusti Allah kuwi sapa?

      • Sokmbèn Yésus dadi rajané sapa?

      • Pas Yésus dadi raja, uripé awaké dhéwé dadi piyé?

      • Nèk kowé péngin urip sakterusé nèng Firdaus, kowé kudu piyé?

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim