Lagu 49
Yéhuwah sing Ngayomi
(Jabur 91)
1. Yéhuwah sing ngayomi,
Aku ora wedi.
Gustiku sing ngopèni,
Uripku lestari.
Aku bakal dibélani,
Karo Allah sing sejati.
Kwasané ’nggo nulungi,
Wong sing t’rus setya ngabekti.
2. Senajan kowé ngerti,
Akèh sing ’ra ngabdi.
Nèk kowé t’rus ngabekti,
Bakal diberkahi.
Kowé ora bakal wedi,
S’najan akèh sing mungsuhi.
Mung Huwah sing ngayomi,
Lan kowé bakal ngakoni.
3. Yéhuwah sing ngayomi,
Saka sing njahati.
Mula ’ra perlu wedi,
Karo sing ngalangi.
Singa nggero ’ra medèni,
Ula bakal dilangkahi.
Yéhuwah sing ngopèni,
Lan bakal terus njagani.
(Delengen uga Ms. 97:10; 121:3, 5; Yé. 52:12.)