Lagu 11
Nyenengké Atiné Yéhuwah
1. Huwah, aku gelem mèlu,
Janji nindak’ké kersa-Mu.
Bèn nglakoni bagéanku,
Nggawé senengé ati-Mu.
2. Setya lan pinter abdi-Mu,
Ngluhuraké kamulyan-Mu.
Mbantu nguwataké aku,
Bèn t’rus nindak’ké kersa-Mu.
3. Paringana roh suci-Mu,
Bèn aku t’rus setya-tuhu.
Isa ngluhur’ké asma-Mu,
Terus nyeneng’ké ati-Mu.
(Delengen uga Mt. 24:45-47; Lk. 11:13; 22:42.)