SINAU SAKA ALKITAB | WULANG BEBASAN 12-16
Kawicaksanan Luwih Apik Timbang Mas
Vèrsi Tercétak
Apa sebabé kawicaksanan saka Gusti Allah aji banget? Merga kuwi isa mbantu bèn ngedohi tumindak salah lan ora cilaka. Hasilé, sipat-sipat, omongan, lan tumindak isa dadi luwih apik.
Kawicaksanan nggawé wong ora sombong
Wong sing wicaksana ngakoni nèk Yéhuwah kuwi sumberé kawicaksanan
Wong sing suksès utawa sing nduwé akèh tanggung jawab kudu ati-ati tenan bèn ora sombong
Kawicaksanan nggawé wong ngomong bab sing apik
Wong sing wicaksana nggunakké pangertèn kanggo nggolèki bab sing apik saka wong liya lan ngomongké sing apik bab wong kuwi
Omongan sing wicaksana kuwi legi kaya madu lan isa nggawé wong yakin, ora kasar utawa marahi padu