URIPÉ WONG KRISTEN
Carané Mènèhi Jawaban sing Apik
Jawaban sing apik kuwi ana paédahé kanggo jemaat lan kanggo wong sing mènèhi jawaban. (Rm 14:19; WB 15:23, 28) Mula, awaké dhéwé kudu ngupaya mènèhi jawaban paling ora sepisan saben pakumpulan ibadah. Pancèn, durung mesthi awaké dhéwé ditunjuk saben ngacung. Mula, awaké dhéwé isa nyiapké jawaban luwih saka siji.
Jawaban sing apik kuwi . . .
sedherhana, jelas, lan cekak. Biyasané, mung 30 detik utawa kurang
nganggo tembungé dhéwé
ora mbalèni jawabané wong liya
Nèk panjenengan ditunjuk dhisik, . . .
wènèhana jawaban sing sedherhana, lan langsung njawab pitakonané
Nèk pitakonané wis dijawab, panjenengan isa nerangké . . .
hubungané ayat sing dicuplik karo bahan sing dirembug
pengaruhé bahan kuwi kanggo uripé awaké dhéwé
carané ngetrapké katrangan sing dirembug
pengalaman sing cekak kanggo nerangké bab utamané