Lagu 10
Huwah, Utusen Aku!
1. Allah Yéhuwah diécé,
Lan asmané dilalèk’ké.
Wong-wong padha ngomong ngéné:
”Nèk mati kuwi kersané.”
Sapa sing mbéla asmané?
Sapa sing gelem ngluhur’ké?
”Aku gelem nindakaké.
Tak luhur’ké sakterusé.”
(REFREIN)
Kaurmatan gedhé ’nggo aku.
”Huwah, utusen aku!”
2. Allah ora diajèni,
Akèh wong sing ora wedi.
Ora gelem nyembah Gusti,
Malah marang patung ngabdi.
Sapa sing gelem ngandhani?
Nèk wong jahat bakal mati.
”Yah, aku gelem nglakoni.
Tak wartak’ké tanpa wedi.”
(REFREIN)
Kaurmatan gedhé ’nggo aku.
”Huwah, utusen aku!”
3. Saiki wong padha sambat,
Merga akèh wong sing jahat.
Ning, ana wong sing mertobat,
Ora nindak’ké sing bejat.
Sapa wong sing gelem mbantu?
Ngajak wong-wong bèn sinau.
”Yéhuwah, utusen aku.
Tak wulangaké sabda-Mu.”
(REFREIN)
Kaurmatan gedhé ’nggo aku.
”Huwah, utusen aku!”