PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • mwb16 November hlm. 5
  • Carané Nggunakké Buku Apa Wulangané Alkitab kanggo Panjenengan?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Carané Nggunakké Buku Apa Wulangané Alkitab kanggo Panjenengan?
  • Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2016
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Gunakna Bagéan-Bagéan sing Ana ing Buku Alkitab Ajarkan
    Kagiyatané Abdiné Allah—2015
  • Wulangna Alkitab
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2016
  • Carané Nggunakké Brosur Rungokna Gusti Allah
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2017
  • Carané Mbantu Wong sing Sinau Alkitab Bèn Isa Dibaptis—Bagéan Siji
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2020
Delok Kabèh
Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2016
mwb16 November hlm. 5

URIPÉ WONG KRISTEN

Carané Nggunakké Buku Apa Wulangané Alkitab kanggo Panjenengan?

Apa Wulangané Alkitab kanggo Panjenengan?

Buku Wulangan Alkitab lan Alkitab Ajarkan kuwi isiné mèh padha. Buku loro kuwi bakalé ana ing akèh basa. Loro-loroné dadi sarana mulang Alkitab nganggo urutan sing padha. Bédané, buku Wulangan Alkitab nggunakké tembung lan katrangan sing sedherhana. Iki dirancang kanggo sing kangèlan sinau Alkitab Ajarkan. Ing buku Wulangan Alkitab ora ana apéndiks, ning ana bagéan cathetan sing nerangké tegesé tembung lan katrangan sing ana ing saben bab. Uga ora ana pitakonan ing wiwitané saben bab, sarta kothak ing pungkasané bab sing ngrembug bab-bab utama. Ning, saben bab ana bagéan ringkesan sing nerangké isiné bab kuwi. Kaya buku Alkitab Ajarkan, buku Wulangan Alkitab isa ditawakké kapan waé, senajan dudu wacan sing ditawakké sasi kuwi. Piyé carané nggunakké bagéan ringkesan lan cathetan ing buku Wulangan Alkitab?

Bagéan ringkesan ing buku Wulangan Alkitab

RINGKESAN: Wektu mulang nganggo buku Alkitab Ajarkan, biyasané awaké dhéwé maca paragraf banjur mènèhi pitakonan. Ning, nèk sing sinau Alkitab ora pati ngerti basané utawa ora pinter maca, awaké dhéwé isa nggunakké buku Wulangan Alkitab. Sinauné isa nganggo bagéan ringkesan lan isiné bab kon maca dhéwé. Saben sinau Alkitab isa waé mung mbutuhké wektu kira-kira 15 menit. Ning, ringkesan kuwi ora mènèhi katrangan sing komplit, mula panjenengan kudu persiapan tenanan lan mikirké kebutuhané sing sinau. Nèk mulang nganggo cara sing biyasané, ringkesan isa digunakké kanggo ngrembug bab-bab utamané.

Bagéan cathetan ing buku Wulangan Alkitab

CATHETAN: Tembung lan katrangan ing bagéan cathetan disusun manut urutan rembugané ing bab. Panjenengan isa mutuské arep ngrembug bagéan cathetan apa ora.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim