Lagu 148
Putra Siji-sijiné sing Dikurbanké
Yéhuwah, Bapakku,
maturnuwun aku.
Tebusan putra-Mu,
nylamet’ké aku.
Kanggo Yah uripku,
nindak’ké sabda-Mu.
Wong liya dibantu,
bèn ngerti kersa-Mu.
(REFREIN)
Huwah tak luhur’ké,
nganti saklawasé.
Putra siji-sijiné,
sing wis lila dikurban’ké.
Asma-Mu, sipat-Mu,
nyeneng’ké atiku.
Kepéngin t’rus aku,
dadi kanca-Mu.
Utama kanggoku,
sédané putra-Mu.
Aji hadiah-Mu,
uripku rahayu.
(REFREIN)
Huwah tak luhur’ké,
nganti saklawasé.
Putra siji-sijiné,
sing wis lila dikurban’ké.
(PUNGKASAN)
Yéhuwah, bapakku mirengna dongaku.
Lan nuwun Yéhuwah ’nggo tebusan putra-Mu.