PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • kr bab 8 hlm. 78-86
  • Piranti kanggo Nginjil—Wacan kanggo Nginjil ing Sakdonya

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Piranti kanggo Nginjil—Wacan kanggo Nginjil ing Sakdonya
  • Kratoné Allah Wis Mréntah
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Sang Raja Nyedhiyakké Piranti kanggo Nginjil
  • Ngajèni Piranti lan Pelatihan sing Wis Disedhiyakké
  • Yéhuwah Seneng Omong-omongan
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2015
  • Alkitab sing Gampang Dingertèni
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2015
  • Nggawé Buku sing Paling Penting
    Carané Sumbangané Njenengan Digunakké
Kratoné Allah Wis Mréntah
kr bab 8 hlm. 78-86

BAB 8

Piranti kanggo Nginjil​—Wacan kanggo Nginjil ing Sakdonya

INTINÉ BAB IKI

Yéhuwah terus nyedhiyakké piranti-piranti sing isa mbantu awaké dhéwé mulang wong saka kabèh bangsa, suku, lan basa

1, 2. (a) Ing abad kapisan, apa sing mbantu kabar apik isa nyebar ing Wilayah Romawi? (b) Apa buktiné Yéhuwah ndhukung umaté saiki? (Deloken uga kothak ”Kabar Apik ing Luwih saka 670 Basa”.)

WONG-WONG sing teka nèng Yérusalèm pas Péntakosta taun 33 M nggumun merga krungu wong Galiléa isa lancar ngomong nganggo basa liya. Kabar sing diwartakké nggawé wong-wong sing teka nèng Yérusalèm padha nggatèkké. Murid-muridé Yésus sing isa omongan nganggo basa liya kuwi bukti nèk Yéhuwah ndhukung umaté. (Wacanen Para Rasul 2:1-8, 12, 15-17.) Dina kuwi, kabar apik wis diwartakké marang akèh wong sing basa lan budayané béda-béda. Kuwi nggawé kabar apik saya nyebar ing Wilayah Romawi.—Kl. 1:23.

2 Senajan ora dikèki mukjijat bèn isa ngomong nganggo basa liya, ning umaté Allah saiki wis nggunakké luwih akèh basa ketimbang pas abad kapisan. Saiki, warta bab Kratoné Allah wis diterjemahké ing luwih saka 670 basa. (PR. 2:9-11) Umaté Allah wis ngasilké akèh banget wacan ing akèh basa, dadi warta bab Kratoné Allah wis diwartakké nganti saklumahing bumi.a Iki uga bukti sing cetha nèk Yéhuwah nggunakké Sang Raja Yésus Kristus kanggo ngarahké gawéan nginjil. (Mt. 28:19, 20) Awaké dhéwé bakal ngrembug piranti-piranti sing wis digunakké ing gawéan nginjil saksuwéné 100 taun iki. Gatèkna uga piyé Sang Raja wis nglatih awaké dhéwé sithik mbaka sithik bèn isa mbantu saben wong, lan nyemangati kanggo dadi guru Alkitab.—2 Tm. 2:2.

KABAR APIK ING LUWIH SAKA 670 BASA

ING taun 2000, Pengurus Pusat nyetujoni program latihan kanggo kabèh tim penerjemah sakdonya. Kursus sing kapisan yaiku kursus pemahaman basa Inggris sing dianakké suwéné telung sasi. Ana 25 pelatih sing dikongkon ngajari 1.944 penerjemah ing 182 tim basa. Kursus iki mbantu penerjemah isa paham tenan tèks basa Inggris sakdurungé mulai nerjemahké. Sakliyané kuwi, kursus kuwi uga ngajari carané nliti tèks supaya isa ngerti susunan, nada, gaya, tujuan, lan wong-wong sing bakal maca wacan kuwi.

Kursus sing kapindho dianakké taun 2001 karo sedulur-sedulur sing wis nduwé akèh pengalaman dadi penerjemah. Tujuan kursus iki utamané ngrembug tèknik terjemahan. Kabèh tim penerjemah sakdonya wis mèlu kursus iki.

Sakliyané ngatur kursus pelatihan kaya ngono, Pengurus Pusat uga nggawé Translator Help Desk (Bagéan kanggo Mbantu Penerjemah). Nèk ana tim penerjemah sing butuh bantuan kanggo ngertèni tèks Inggris, utawa nèk ora ngerti tèknik apa sing digunakké kanggo ngrampungké masalah ing terjemahan, sedulur-sedulur isa ngirim pitakonan nganggo surat èlèktronik nèng bagéan iki. Nèk pitakonan kuwi klebu ngowahi tèks sumberé, Bagéan kanggo Mbantu Penerjemah iki bakal rembugan manèh karo éditor utama wacan kuwi. Pitakonan sing wis dijawab disedhiyakké kanggo kabèh tim penerjemah sakdonya sing lagi nggarap wacan sing padha, ora mung kanggo tim sing takon. Jawaban kuwi disimpen dadi kumpulan katrangan sing isa digunakké kabèh penerjemah. Nganggo cara kuwi, saben tim sing ngadhepi masalah penerjemahan sing padha isa nggunakké saran sing wis dikèkké.

Apa paédahé pelatihan kuwi kanggo para penerjemah? Ana penerjemah sing kandha, ”Pelatihan sing aku lan sedulur-sedulur tampa mènèhi kebébasan kanggo nggunakké tèknik sing werna-werna wektu nerjemahké. Ning, uga diélingké nèk ana wates sing masuk akal bèn ora nglangkahi penulisé. Saiki, aku lan sedulur-sedulur ngrasa kaya petualang sing bener-bener disiyapké nganggo akèh piranti kanggo ngadhepi tantangan saben dina, ngerti tenan tujuané, dalan liya sing isa diliwati, lan kapan wektuné mandheg.”

Ing taun 2013, ana luwih saka 2.700 penerjemah ing luwih saka 190 panggonan sing lagi mbantu martakké kabar apik ing luwih saka 670 basa. Gawéan sing nggumunké iki mung isa kelakon nèk didhukung karo Sang Raja Yésus Kristus.—Mt. 28:19, 20; Wy. 14:6.

Tim penerjemah ing Timor-Leste

Tim penerjemah ing Timor-Leste

Sang Raja Nyedhiyakké Piranti kanggo Nginjil

3. Ngapa awaké dhéwé nggunakké piranti sing werna-werna wektu nginjil?

3 Yésus madhakké ”pangandika bab Kratoning Swarga” karo wiji, lan atiné manungsa karo lemah. (Mt. 13:18, 19) Kaya tukang kebon sing nggunakké piranti werna-werna kanggo nggemburké lemah sakdurungé ditanduri winih, umaté Allah uga nggunakké akèh piranti kanggo nyiapké ati jutaan wong bèn isa nampa warta bab Kratoné Allah. Ana piranti sing digunakké mung sedhéla. Ning, piranti kaya buku lan majalah isih terus digunakké nganti saiki. Ing bab sakdurungé, awaké dhéwé wis ngrembug sarana sing digunakké kanggo mbagèkké katrangan marang akèh wong. Saiki, arep dirembug piranti-piranti sing wis mbantu para penginjil wektu ketemu langsung karo wong-wong.—PR. 5:42; 17:2, 3.

Loro wong lanang ing ruangan, kira-kira taun 1930-an

Nggawé fonograf lan piranti kanggo mbanterké swara, ing Toronto, Kanada

4, 5. Piyé rekaman fonograf digunakké, ning apa kekurangané?

4 Rekaman ceramah. Saka taun 1930-an nganti 1940-an, para penginjil nyetèlké rekaman ceramah Alkitab nganggo fonograf wektu nginjil. Saben rekaman suwéné ora nganti limang menit. Kadhang judhul ceramahé mung cekak, contoné ”Tritunggal”, ”Api Penyucian”, lan ”Kratoné Allah”. Piyé rekaman-rekaman kuwi digunakké? Sedulur Clayton Woodworth, Jr., sing dibaptis taun 1930 ing Amerika Serikat, kandha, ”Aku nggawa fonograf sing ukurané kaya koper cilik. Nèng njeroné, ana alat kanggo nyetèl rekaman lan jarumé kudu didèlèhké ing piringan hitam bèn metu swarané. Pas ngadeg nèng ngarep omahé wong, koperé tak bukak, nyiapké fonografé, terus ndudul bèl. Wektu sing nduwé omah mbukak lawang, aku langsung ngomong, ’Ana kabar penting kanggo Njenengan.’ Akèh-akèhé wong gelem ngrungokké, ning ana sing langsung nutup lawangé. Malah, ana sing ngira nèk aku lagi dodolan fonograf.”

Bagéan ngarep rekaman fonograf sing isiné ceramah Alkitab Sedulur J. F. Rutherford

Ing taun 1940, luwih saka 90 rekaman ceramah sing béda-béda wis disedhiyakké, lan luwih saka sakyuta rekaman ceramah wis digawé

5 Ing taun 1940, luwih saka 90 rekaman ceramah sing béda-béda wis disedhiyakké, lan luwih saka sakyuta rekaman ceramah wis digawé. John E. Barr, sing wektu kuwi merintis ing Inggris lan akiré dadi anggota Pengurus Pusat, kandha, ”Saka taun 1936 nganti 1945, fonograf dadi kanca akrabku. Malah, aku ngrasa ana sing kurang nèk ora nggawa fonograf. Aku uga ngrasa dikuwatké wektu ngrungokké swarané Sedulur Rutherford pas nyetèlké fonograf nèng ngarep lawang. Aku ngrasa kaya-kayané Sedulur Rutherford ana ing kono. Pancèn, nginjil nganggo fonograf isih kurang ampuh kanggo mulang lan ngrogoh atiné wong-wong.”

6, 7. (a) Apa waé paédah lan kekurangané kertu kesaksian? (b) Piyé carané Yéhuwah maringké sabdané sing kudu diomongké?

6 Kertu kesaksian. Wiwit taun 1933, para penginjil nggunakké kertu kesaksian wektu nginjil saka omah nèng omah. Kertu kesaksian kuwi ukurané kira-kira 8 sèntimèter ping 13 sèntimèter, lan isiné katrangan cekak bab Alkitab uga katrangan bab wacan Alkitab sing isa diduwèni. Para penginjil mung ngekèkké kertu kuwi lan ngongkon wong kuwi maca. Lilian Kammerud sing akiré dadi utusan injil ing Puerto Riko lan Argentina, kandha, ”Aku seneng banget nggunakké kertu kesaksian merga ora kabèh penginjil pinter ngomong. Dadi, kertu kuwi mbantu aku wektu nginjil bèn luwih gampang ngomong marang wong-wong.”

Kertu kesaksian basa Italia

Kertu kesaksian (basa Italia)

7 Sedulur David Reusch sing dibaptis taun 1918, kandha, ”Kertu kesaksian wis mbantu para sedulur, merga ora kabèh pinter ngomong.” Ning, iki uga ana kekurangané. ”Kadhang, aku ketemu karo wong sing ngira nèk aku lan sedulur liyané bisu. Pancèn, aku lan para sedulur ora pinter ngomong. Ning, Yéhuwah lagi mbantu aku lan para sedulur bèn isa ngomong langsung karo wong-wong. Bar kuwi, Yéhuwah maringké sabdané sing kudu diomongké nganggo cara mulang aku lan para sedulur nggunakké Alkitab wektu nginjil. Kuwi ditindakké liwat Sekolah kanggo Mulang Alkitab, sing diwiwiti taun 1940-an.”—Wacanen Yérémia 1:6-9.

8. Piyé panjenengan mbuktèkké nèk gelem nampa pelatihan saka Yésus?

8 Buku. Wiwit taun 1914, umaté Yéhuwah wis nyétak luwih saka 100 buku bab Alkitab sing béda-béda. Ana buku sing dirancang kanggo nglatih para penginjil bèn luwih trampil. Anna Larsen, sing wis dadi penginjil suwéné 70 taun, ing Denmark, kandha, ”Yéhuwah mbantu awaké dhéwé dadi penginjil sing trampil liwat Sekolah kanggo Mulang Alkitab lan buku-buku sing digunakké ing sekolah kuwi. Aku isih éling buku sing sepisanan yaiku Theocratic Aid to Kingdom Publishers, sing metu taun 1945. Bar kuwi, buku Equipped for Every Good Work sing metu taun 1946. Saiki, awaké dhéwé nduwé buku Memperoleh Manfaat dari Pendidikan Sekolah Pelayanan Teokratis, sing metu taun 2001.” Dadi, cetha nèk Yéhuwah wis ’mbisakaké [umaté] padha dadi abdiné’ liwat Sekolah kanggo Mulang Alkitab lan buku-buku sing digunakké ing sekolah kuwi. (2 Kr. 3:5, 6) Saiki, awaké dhéwé nampa pelatihan bèn trampil nginjil saka acara pakumpulan ibadah Urip lan Nginjilé Wong Kristen. Saben sasi awaké dhéwé nampa Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé Wong Kristen. Nèk nggunakké tenanan jadwal kagiyatan kuwi, panjenengan mbuktèkké yèn gelem nampa pelatihan saka Yésus bèn dadi guru sing trampil.—2 Kr. 9:6; 2 Tm. 2:15.

9, 10. Piyé buku-buku mbantu awaké dhéwé nandur lan nyiram wiji, yaiku piwulang bab Kratoné Allah?

9 Liwat pakumpulané, Yéhuwah uga nyedhiyakké buku-buku sing mbantu para penginjil nerangké wulangan dhasar Alkitab. Buku Kebenaran yang Membimbing kepada Hidup yang Kekal, sing sepisanan dicétak taun 1968, mènèhi hasil sing apik. Pelayanan Kerajaan November 1968 nglaporké, ”Akèh banget wong sing njaluk buku Kebenaran. Merga kuwi, ing sasi September, percétakan Lembaga ing Brooklyn dadi nglembur nganti bengi.” Artikel kuwi uga nerangké, ”Ing sasi Agustus, pesenan buku Kebenaran akèh banget, nganti ngluwihi jumlah buku sing wis ana yaiku siji setengah yuta buku.” Taun 1982, luwih saka 100 yuta buku dicétak ing 116 basa. Saksuwéné 14 taun, yaiku saka taun 1968 nganti 1982, buku Kebenaran wis mbantu luwih saka sakyuta wong dadi penginjil.b

10 Ing taun 2005, salah siji piranti liyané kanggo sinau Alkitab yaiku buku Apa yang Sebenarnya Alkitab Ajarkan? Buku iki dicétak kira-kira 200 yuta buku ing 256 basa. Apa hasilé? Mung pitung taun waé, yaiku saka taun 2005 nganti 2012, kira-kira 1,2 yuta wong dadi penginjil. Ing wektu sing padha, wong sing sinau Alkitab saya mundhak saka 6 yuta dadi luwih saka 8,7 yuta wong. Kuwi bukti nèk Yéhuwah mberkahi upaya para abdiné kanggo nandur lan nyiram wiji, yaiku piwulang bab Kratoné Allah.—Wacanen 1 Korinta 3:6, 7.

11, 12. Miturut ayat-ayat sing disebutké, saben majalah sing dicétak tujuané kanggo sapa waé?

11 Majalah. Awalé, majalah Warta Penting dicétak utamané kanggo ”pepanthan cilik” utawa wong-wong sing éntuk ”panduman timbalan kaswargan”. (Lk. 12:32; Ib. 3:1) Tanggal 1 Oktober 1919, pakumpulané Yéhuwah ngetokké majalah liya sing tujuané kanggo wong-wong umum. Majalah iki disenengi karo Siswa-Siswa Alkitab lan wong-wong umum, mula nganti pirang-pirang taun majalah iki dicétak luwih akèh ketimbang Warta Penting. Majalah kuwi jenengé The Golden Age. Ing taun 1937 jenengé diganti Consolation. Terus ing taun 1946 diganti manèh dadi Awake! utawa Sadarlah!

12 Saksuwéné puluhan taun, bentuk lan tampilané majalah Warta Penting lan Sadarlah! gonta-ganti. Ning, tujuané tetep padha, yaiku martakké bab Kratoné Allah lan nguwatké iman marang Alkitab. Saiki, majalah Warta Penting ana rong èdhisi, yaiku èdhisi wulangan lan èdhisi umum. Èdhisi wulangan disedhiyakké kanggo ”abdi-abdi liyané” yaiku ”pepanthan cilik” lan ”wedhus liyané”.c (Mt. 24:45, BJP; Yo. 10:16) Èdhisi umum disedhiyakké kanggo wong-wong sing durung ngerti wulangan sing bener, ning ngajèni Alkitab lan Gusti Allah. (PR. 13:16) Majalah Sadarlah! disedhiyakké kanggo wong-wong sing mung ngerti sithik bab Alkitab lan Gusti Allah sing sejati, yaiku Yéhuwah.—PR. 17:22, 23.

13. Miturut panjenengan, apa sing nggumunké saka majalah-majalahé awaké dhéwé? (Deloken uga kothak ”Wacan sing Paling Akèh Sakdonya”.)

13 Ing wiwitan taun 2014, luwih saka 44 yuta majalah Sadarlah! lan kira-kira 46 yuta majalah Warta Penting wis dicétak saben sasi. Majalah Sadarlah! diterjemahké ing kira-kira 100 basa lan Warta Penting diterjemahké ing luwih saka 200 basa. Rong majalah iki dadi majalah sing paling akèh diterjemahké lan dibagèkké sakdonya. Kuwi nggumunké. Ning ora perlu nggumun, merga majalah-majalah iki isiné warta sing Yésus kandhakké bakal diwartakké ing saindenging jagad.—Mt. 24:14.

14. Ngapa jeneng badan hukum sing wis diowahi kuwi cocog banget, lan cocog karo jeneng kuwi umaté Allah semangat kanggo apa?

14 Alkitab. Ing taun 1896, Sedulur Russell lan kanca-kancané ngganti jeneng badan hukum sing digunakké kanggo nyétak wacan-wacan. Jeneng badan hukum sing anyar kuwi ana tembung Alkitab, jenengé yaiku Lembaga Alkitab dan Risalah Menara Pengawal. Owah-owahan kuwi cocog banget, merga wiwit sepisanan, Alkitab dadi piranti utama kanggo martakké kabar apik bab Kratoné Allah. (Lk. 24:27) Cocog karo jeneng badan hukum kuwi, umaté Allah semangat nyiarké Alkitab lan ngajak wong-wong maca Alkitab. Contoné, taun 1926, awaké dhéwé nggunakké mesin cétak dhéwé kanggo nyétak The Emphatic Diaglott, yaiku Kitab-Kitab Yunani Kristen terjemahané Benjamin Wilson. Wiwit taun 1942, awaké dhéwé wis nyétak lan nyebarké kira-kira 700.000 Alkitab terjemahan King James Version. Rong taun sakwisé kuwi, awaké dhéwé mulai nyétak Alkitab American Standard Version sing nggunakké asmané Yéhuwah ping 6.823. Ing taun 1950, luwih saka 250.000 Alkitab wis disiarké.

15, 16. (a) Apa sing panjenengan senengi saka Terjemahan Dunia Baru? (Deloken uga kothak ”Upaya Nerjemahké Alkitab Bèn Luwih Cepet”.) (b) Apa sing kudu ditindakké bèn pangandikané Yéhuwah ngrogoh atiné panjenengan?

15 Kitab-Kitab Yunani Kristen Terjemahan Dunia Baru diwetokké taun 1950. Kitab Suci Terjemahan Dunia Baru sing lengkap diwetokké taun 1961. Terjemahan Alkitab kuwi ngluhurké asmané Yéhuwah, merga asmané Yéhuwah ditulis manèh ing panggonan sing sak mesthiné, padha kaya sing ana ing tèks asli basa Ibrani. Asmané Gusti Allah uga disebutké ping 237 ing tulisan utama Kitab-Kitab Yunani Kristen. Bèn luwih cocog karo asliné lan gampang dingertèni, Alkitab Terjemahan Dunia Baru wis didandani ping bola bali. Èdhisi paling anyar diwetokké taun 2013. Nganti taun 2013, luwih saka 201 yuta Alkitab Terjemahan Dunia Baru lengkap utawa sebagéan dicétak ing 121 basa.

16 Piyé tanggepané wong sing maca Alkitab Terjemahan Dunia Baru ing basané dhéwé? Wong lanang saka Nepal kandha, ”Terjemahan Alkitab basa Nepal sing tak gunakké mbiyèn angèl dingertèni, merga basané kuna. Ning saiki, Alkitab basa Nepal luwih gampang dingertèni merga nggunakké basa sing dinggo saben dina.” Ing Republik Afrika Tengah, ana wong wadon sing nangis wektu maca Alkitab ing basa Sango. Dhèwèké kandha, ”Iki basa sing ngrogoh atiku.” Kaya wong wadon kuwi, nèk maca Alkitab saben dina, Pangandikané Yéhuwah isa ngrogoh atiné awaké dhéwé.—Ms. 1:2; Mt. 22:36, 37.

Ngajèni Piranti lan Pelatihan sing Wis Disedhiyakké

17. Piyé panjenengan nduduhké nèk ngajèni piranti lan pelatihan sing wis disedhiyakké, lan apa paédahé?

17 Apa panjenengan ngajèni piranti lan pelatihan sing wis disedhiyakké Sang Raja Yésus Kristus? Apa panjenengan nyedhiyakké wektu kanggo maca wacan saka pakumpulané Yéhuwah, lan nggunakké wacan kuwi kanggo mbantu wong liya? Nèk iya, panjenengan setuju karo sedulur wadon sing jenengé Opal Betler, sing dibaptis tanggal 4 Oktober 1914. Opal kandha, ”Wis taunan suwéné, aku lan bojoku [Edward] nggunakké fonograf lan kertu kesaksian. Aku nginjil saka omah ing omah nggunakké buku, brosur, lan majalah. Aku lan liyané mèlu nginjil kusus lan baris mlaku mbagèkké warta sing dicétak. Terus, aku dilatih marani manèh wong sing nduwé minat lan mulang Alkitab ing omahé wong sing gelem sinau. Uripku sibuk banget ning seneng.” Yésus wis janji nèk rakyaté bakal sibuk nyebar winih, sibuk panèn, lan ngrasakké seneng bebarengan. Kaya Sedulur Betler, jutaan wong wis ngrasakké nèk janji kuwi bener.—Wacanen Yokanan 4:35, 36.

18. Pakurmatan gedhé apa sing awaké dhéwé duwèni?

18 Akèh wong mungkin nganggep umaté Allah ”wong lumrah [utawa, biyasa] lan dudu wong pasinaon”. (PR. 4:13) Ning, Sang Raja wis nggawé rakyaté sing mung wong biyasa kuwi dadi pakumpulan gedhé sing nyétak wacan-wacan. Wacan-wacan kuwi dadi wacan sing paling akèh diterjemahké lan dibagèkké sakdonya. Sing paling penting, Sang Raja wis nglatih lan nyemangati awaké dhéwé bèn nggunakké wacan kuwi kanggo martakké kabar apik marang akèh wong. Iki pakurmatan gedhé merga isa nyambut gawé bareng Kristus kanggo nandur winih, yaiku wulangan sing bener lan manèn murid anyar.

a Saksuwéné sepuluh taun kepungkur, umaté Yéhuwah wis nyétak luwih saka 20 milyar wacan-wacan Alkitab. Sakliyané kuwi, situs Wèb jw.org saiki isa didelok karo luwih saka 2,7 milyar wong sakdonya sing nggunakké Internèt.

b Wacan-wacan sing wis mbantu sedulur-sedulur kanggo mulang Alkitab, yaiku buku The Harp of God (dicétak taun 1921), ”Karena Allah Itu Benar Adanya” (dicétak taun 1946), Saudara Dapat Hidup Kekal dalam Firdaus di Bumi (dicétak taun 1982), lan Pengetahuan yang Membimbing kepada Kehidupan Abadi (dicétak taun 1995).

c Deloken majalah Menara Pengawal tanggal 15 Juli 2013, kaca 23, paragraf 13, sing ngrembug bab ”abdi-abdi liyané”.

Sepira Nyatané Kratoné Allah kanggo Panjenengan?

  • Piyé gawéan nerjemahké dadi bukti nèk Sang Raja ndhukung umaté Allah?

  • Bab wacan-wacané awaké dhéwé, katrangan apa sing mbuktèkké Kratoné Allah pancèn nyata?

  • Piyé carané panjenengan nduduhké nèk ngajèni piranti-piranti sing wis disedhiyakké Sang Raja?

WACAN SING PALING AKÈH SAKDONYA

JUMLAH TOTAL BUKU SING DICÉTAK

Alkitab

Kabèh terjemahan Alkitab (lengkap utawa sebagéan) digabungkéd

Luwih saka 5 milyar

King James Versione

1 milyar

Luwih saka 400 yuta

New International Versionf

Terjemahan Dunia Barug

Luwih saka 201 yuta

Buku liyané

Cuplikan saka Ketua Mao Tse-tungh

Kira-kira luwih saka 1 milyar

Apa yang Sebenarnya Alkitab Ajarkan?i

Luwih saka 201 yuta

JUMLAH BASA SING DIGUNAKKÉ KANGGO NERJEMAHKÉ

Rungokna Gusti Allah Supaya Bisa Urip Salawaséj

477

Déklarasi Universal Hak Asasi Manusiak

413

Raosaken Gesang Langgeng Ing Bumi!l

359

Maukah Anda Mengetahui Kebenaran? (Apa Panjenengan Gelem Ngerti Wulangan sing Bener?)a (selebaran)

364

MAJALAH SING PALING AKÈH DICÉTAK LAN DITERJEMAHKÉ

Warta Pentingb

45,9 yuta saben sasi ing 212 basa

Sadarlah!c

44,7 yuta saben sasi ing 99 basa

AARP The Magazined

22 yuta, dicétak rong sasi sepisan, mung ing basa Inggris

Liahonae

Kira-kira 500.000, kadhang kala, ing mèh 50 basa

d Sumber: Guinness World Records

e Sumber: King James Bible Trust

f Sumber: Biblica Fact Sheet

g Diwetokké déning Seksi-Seksi Yéhuwah, data Januari 2014

h Sumber: Guinness World Records

i Diwetokké déning Seksi-Seksi Yéhuwah, data Januari 2014

j Diwetokké déning Seksi-Seksi Yéhuwah, data Januari 2014

k Sumber: United Nations Universal Declaration of Human Rights Web site, data Oktober 2013

l Diwetokké déning Seksi-Seksi Yéhuwah, data Januari 2014

a Diwetokké déning Seksi-Seksi Yéhuwah, data Januari 2014

b Diwetokké déning Seksi-Seksi Yéhuwah, data Januari 2014

c Diwetokké déning Seksi-Seksi Yéhuwah, data Januari 2014

d Sumber: AARP

e Diwetokké déning Mormon

UPAYA NERJEMAHKÉ ALKITAB BÈN LUWIH CEPET

TAUN 1989, Terjemahan Dunia Baru wis diterjemahké, sebagéan utawa lengkap, ing 11 basa. Ning, kebutuhan kanggo Terjemahan Dunia Baru ing basa-basa liya saya suwé saya akèh. Mula, Panitya Penulisan saka Pengurus Pusat ngatur kursus-kursus kanggo mbantu para penerjemah bèn isa nyambut gawé luwih apik, manut tuntunan, lan hasilé isa luwih cepet. Bagéan sing Nggawé Program MEPS nggawé program komputer sing disebut Bible Translation System (Sistem Nerjemahké Alkitab).f Program iki ora nerjemahké tulisané, ning mbantu para penerjemah ngatur gawéané lan isa luwih gampang nggolèk bahan rujukan. Para penerjemah, pelatih, lan sedulur liya wis nyambut gawé tenanan kanggo ngasilké Alkitab ing akèh basa.

Hasil saka upaya-upaya kuwi yaiku, ing taun 2004 Terjemahan Dunia Baru ana ing luwih saka 50 basa. Mung sangang taun sakwisé kuwi, yaiku taun 2013, Terjemahan Dunia Baru wis ana ing 121 basa, lan jumlah kuwi saya mundhak.

ANGKA TERJEMAHAN

BASA

Taun

Alkitab lengkap Terjemahan Dunia Baru

Kitab-Kitab Yunani Kristen

1950

0

1

1952

0

1

1954

0

1

1956

0

1

1958

0

1

1960

1

1

1962

1

1

1964

1

7

1966

1

7

1968

4

7

1970

5

7

1972

6

7

1974

7

9

1976

7

11

1978

7

11

1980

7

11

1982

8

11

1984

8

11

1986

9

11

1988

9

11

1990

9

11

1992

10

14

1994

10

24

1996

12

30

1998

16

32

2000

23

39

2002

29

44

2004

32

52

2006

40

59

2008

47

71

2010

61

98

2012

63

117

f Sistem Nerjemahké Alkitab saiki dadi bagéan saka program sing disebut Watchtower Translation System (Sistem Nerjemahké Watchtower), sing digunakké éwonan penerjemah sakdonya.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim