Lagu 47
Kabar Apik Diwartakké
1. Kabar apik mbiyèn padha durung ngerti.
Putra sing dijanjèk’ké nyata saiki.
Kanggoné Huwah sing bener ditresnani,
Lan manungsa ’ra sampurna dingertèni.
Yéhuwah péngin putrané mréntah bumi.
Ing wektuné, bakal teka kratoné Gusti.
Allah Huwah péngin Yésus dikancani,
Mréntah karo para murid sing sejati.
2. Kabar apik wis suwé diramalaké.
Mesthi bakal nyata sing dadi kersané.
Para malaékat seneng mèlu martak’ké,
Mbantu nyritak’ké kabar apik Kratoné.
Tugas saka Yéhuwah sing nyenengaké,
Kanggo muji Yah lan ngluhuraké asmané.
Lan kaurmatan gedhé dadi seksiné,
Kabar apik tak wartak’ké sakterusé.
(Delengen uga Mk. 4:11; PR. 5:31; 1 Kr. 2:1, 7.)