SINAU SAKA ALKITAB | YÉSAYA 63-66
Langit Anyar lan Bumi Anyar Bakal Marahi Bungah Tenan
Janjiné Yéhuwah sing dicathet ing Yésaya bab 65 kuwi mesthi bakal kelakon, merga Yéhuwah ngendika kaya-kayané janji kuwi wis kelakon.
65:17
Yéhuwah nggawé langit anyar lan bumi anyar, lan ing kono bab-bab sing mbiyèn ora bakal diéling-éling manèh
Apa sing dimaksud langit anyar?
Pamréntahan anyar sing bakal ndandani kahanan ing donya
Pamréntahan kuwi wis ngadeg ing taun 1914 wektu Yésus dadi Raja ing Kratoné Gusti Allah
Apa sing dimaksud bumi anyar?
Kumpulan wong-wong saka kabèh bangsa, suku, lan basa sing gelem manut karo pamréntahan anyar ing swarga
Apa maksudé bab-bab sing mbiyèn ora bakal diéling-éling manèh?
Ora bakal ana manèh bab-bab sing isa marahi strès sarta nglarani ati lan awaké manungsa
Wong-wong sing setya bakal isa urip seneng lan ngrasakké bab-bab sing marahi bungah saben dina