PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • mwb17 Juni hlm. 8
  • Tetep Bungah Wektu Nginjil

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Tetep Bungah Wektu Nginjil
  • Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2017
  • Bahan sing Mèh Padha
  • ”Padha Lungaa, Sakabèhing Bangsa Dadèkna SiswaKu”
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2016
  • Sapa sing Martakké Kabar Apik?
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
  • Kabungahan​—⁠Sipat saka Gusti Allah
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2018
  • Apa Sebabé Kita Kudu Terus ”Ngasilké Akèh Woh”
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2018
Delok Kabèh
Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2017
mwb17 Juni hlm. 8

URIPÉ WONG KRISTEN

Tetep Bungah Wektu Nginjil

Apa panjenengan wis tau rumangsa kangèlan nginjil? Akèh sing rumangsa kaya ngono, mbokmenawa merga wedi ngomong karo wong sing ora dikenal, utawa kerep ngadhepi wong-wong sing ora perduli lan malah mungsuhi. Kuwi isa marahi ora bungah. Ning, ”Gusti Allah sing bungah” péngin kita ngabdi kanthi bungah. (Ms 100:2; 1Tm 1:11, Terjemahan Dunia Baru) Apa sebabé kita isa tetep bungah wektu nginjil? Ayo dirembug telung alesané.

Sing kapisan, kita martakké kabar pengarep-arep. Kuwi isa dadi ”pawarta kang becik” kanggo wong-wong, senajan saiki kaya-kayané wis ora ana pengarep-arep. (Yé 52:7) Ning, kabar apik bab Kratoné Allah uga isa nggawé kita bungah. Mula, sakdurungé mangkat nginjil, pikirna berkah-berkah saka Kratoné Allah kanggo bumi.

Sing kapindho, kabar apik sing kita wartakké kuwi isa migunani kanggo wong-wong ing bab jasmani lan rohani. Wong-wong sinau bèn isa ngedohi kebiyasaan sing nggawé cilaka lan éntuk pengarep-arep urip langgeng. (Yé 48:17, 18; Rm 1:16) Kita iki kaya tim SAR. Senajan ana sing ora gelem dislametké, kita tetep terus nggolèki sing gelem.​—Mt 10:11-14.

Sing katelu, lan sing paling penting, gawéan nginjil kuwi ngluhurké Yéhuwah. Yéhuwah ngajèni banget gawéan nginjil. (Yé 43:10; Ib 6:10) Yéhuwah uga wis maringi roh suciné bèn kita isa ngrampungké gawéan nginjil. Mula, kita kudu terus nyuwun roh suci sing isa marahi bungah. (Gl 5:22) Kita isa nginjil kanthi kendel lan ngatasi rasa kuwatir merga bantuané Yéhuwah. (PR 4:31) Dadi, kita isa tetep bungah wektu nginjil senajan ora kabèh gelem nampa.​—Yk 3:3.

Ora seneng wektu nginjil lan seneng wektu nginjil

Panjenengan péngin ngupayakké sipat apa wektu nginjil? Piyé carané nduduhké rasa bungah wektu nginjil?

DELOKEN VIDÉO DADI SEMANGAT MANÈH MERGA SINAU LAN RENUNGAN, BANJUR JAWABEN PITAKONAN-PITAKONAN IKI:

  • Apa sebabé kita kudu ngutamakké kebiyasaan sinau Alkitab, senajan wis nggunakké akèh wektu kanggo nginjil saben sasi?

  • Piyé carané niru Maryam?

  • Kapan wektu sing cocog kanggo panjenengan ngrenungké isiné Alkitab?

  • Apa sing nggawé panjenengan bungah wektu nginjil?

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim