PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • mwb17 Juni hlm. 7
  • Ngajèni Pathokané Yéhuwah bab Moral

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Ngajèni Pathokané Yéhuwah bab Moral
  • Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2017
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Ngapa Kok Kudu Mikirké soal Pakaian lan Dandanan?
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
  • Apa Panjenengan Nduwé ”Ati Daging”?
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2017
  • Apa Pathokan ing Alkitab Isih Cocog kanggo Jaman Saiki?
    Topik Liyané
  • Apa Modhèl Klambi Panjenengan Ngluhurké Yéhuwah?
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2016
Delok Kabèh
Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2017
mwb17 Juni hlm. 7

URIPÉ WONG KRISTEN

Ngajèni Pathokané Yéhuwah bab Moral

Yéhuwah wis maringi pathokan bab moral kanggo manungsa. Contoné, urip bebojoan kuwi kanggo saklawasé ing antarané wong lanang siji lan wong wédok siji. (Mt 19:4-6, 9) Yéhuwah sengit karo kabèh tumindak sèksual sing bejat. (1Kr 6:9, 10) Malah, Yéhuwah wis maringi pathokan bab klambi lan dandanan bèn umaté béda saka liyané.​—PT 22:5; 1Tm 2:9, 10.

Jaman saiki, akèh sing ora gelem ngetrapké pathokané Yéhuwah. (Rm 1:18-32) Akèh sing pilih mèlu-mèlu pandhangan sing populèr bab klambi, dandanan, lan tumindak. Akèh sing tumindak bejat kanthi blak-blakan lan ngelokké wong-wong sing pathokané béda.​—1Pt 4:3, 4.

Seksi-Seksi Yéhuwah ngajèni pathokan moralé Yéhuwah. (Rm 12:9) Piyé carané? Kita kudu ngandhani wong-wong bab pathokané Yéhuwah kanthi wicaksana. Awaké dhéwé uga perlu ngetrapké pathokané Yéhuwah kuwi. Contoné, wektu milih modhèl klambi lan dandanan, kita isa mikir: ’Pilihanku iki cocog karo pathokané Yéhuwah utawa donya iki? Apa klambi lan dandananku nduduhké nèk aku iki umaté Yéhuwah sing manut?’ Utawa wektu milih acara TV lan film, kita isa mikir: ’Apa Yéhuwah bakal seneng karo sing tak tonton? Pathokan moralé sapa sing diunggul-unggulké ing tontonan kuwi? Apa pilihan hiburanku isa nggawé aku dadi gampang nindakké sing salah? (Ms 101:3) Apa kuwi isa dadi sandhungan kanggo anggota keluarga utawa wong liya?’​—1Kr 10:31-33.

Apa sebabé ngetrapké pathokané Yéhuwah kuwi penting? Ora suwé manèh, Yésus bakal nyirnakké bangsa-bangsa lan kabèh tumindak jahat. (Yk 9:4-7) Sing bakal tetep urip mung sing nindakké kersané Yéhuwah. (1Yo 2:15-17) Mula, ayo kita terus ngajèni pathokané Yéhuwah, bèn wong-wong sing ndelok isa ngluhurké Yéhuwah.​—1Pt 2:11, 12.

Wong wédok milih klambi

Saka pilihan klambi lan dandananku, pathokané sapa sing tak trapké?

DELOKEN VIDÉO DADI KANCANÉ YÉHUWAH—LANANG SIJI, WÉDOK SIJI, BANJUR JAWABEN PITAKONAN-PITAKONAN IKI:

  • Apa sebabé manut karo pathokané Yéhuwah kuwi wicaksana?

  • Apa sebabé wong tuwa kudu mulang bocah-bocah wiwit isih cilik bab pathokan moralé Yéhuwah?

  • Piyé bocah-bocah lan wong diwasa isa mbantu wong liya bèn isa éntuk paédah saka pathokan moralé Yéhuwah?

PIYÉ NÈK ANA SING KANDHA . . .

  • ”Piyé pandhanganmu bab homosèksual?”

  • ”Pandhangané Alkitab bab homosèksual kuwi kaku banget!”

  • ”Wong-wong sing nindakké homosèksual kuwi ora isa malih; kuwi wis gawan bayi.”

(yp1-IN bab 23; yp2-IN bab 28)

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim