PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • kr hlm. 220-221
  • Janji Kratoné Allah—Nggawé Kabèh Dadi Anyar

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Janji Kratoné Allah—Nggawé Kabèh Dadi Anyar
  • Kratoné Allah Wis Mréntah
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Kratoné Allah Mujudké Kersané Allah ing Bumi
    Kratoné Allah Wis Mréntah
  • Janji ing Alkitab
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
  • Janji ing Alkitab
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Awal Sinau Alkitab
  • Yéhuwah Mesthi Nepati Janjiné
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2020
Kratoné Allah Wis Mréntah
kr hlm. 220-221
1. Sedulur wadon enom lagi sedhih nèng cedhaké ibuné sing lagi waé séda; 2. Sedulur wadon enom sing mau lagi panèn apel karo ibuné sing wis diuripké manèh. Ibuné dadi enom lan séhat manèh

Apa panjenengan péngin banget ndelok janji Kratoné Allah kelakon?

BAGÉAN 7

Janji Kratoné Allah​—Nggawé Kabèh Dadi Anyar

PANJENENGAN methik buah apel sing gedhé. Sakdurungé nglebokké nèng kranjang, panjenengan ngambu dhisik aromané sing arum. Wis suwé kerja, ning panjenengan ora kesel malah luwih semangat. Ora adoh saka kono, ibuné panjenengan kerja kanthi sumringah karo ngobrol-ngobrol bareng keluarga lan kanca liyané sing mbantu methik apel. Wajahé ibu kétok enom banget, kaya sing panjenengan delok wektu panjenengan isih cilik. Rasané ora percaya. Ing donya sing lawas, panjenengan ndelok ibu saya tuwa lan lara. Kahanané saya lemes lan akiré séda. Pas arep séda, panjenengan nyekeli tangané. Panjenengan uga nangis nèng kuburané. Ning saiki, ibuné panjenengan urip manèh, bareng karo akèh wong liyané sing urip manèh lan awaké séhat.

Gambaran kuwi ora mung mimpi, merga awaké dhéwé yakin nèk janjiné Allah mesthi kelakon. Ing bagéan iki, awaké dhéwé bakal ngrembug janji-janjiné Kraton sing bakal ditindakké ora suwé manèh, nganti perang Armagédhon teka. Terus bakal dirembug berkah-berkah sing diwènèhké Kratoné Allah sakwisé kuwi. Bayangna senengé wektu Kratoné Allah mréntah saklumahing bumi. Wektu kuwi, kabèh sing digawé bakal dadi anyar.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim