PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • bhs bab 12 hlm. 124-134
  • Piyé Carané Panjenengan Isa Dadi Kancané Gusti Allah?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Piyé Carané Panjenengan Isa Dadi Kancané Gusti Allah?
  • Apa Wulangané Alkitab kanggo Panjenengan?
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • YÉHUWAH NGAYOMI KANCA-KANCANÉ
  • TUDHUHANÉ IBLIS
  • IBLIS NGUJI AYUB
  • PIYÉ IBLIS NUDHUH PANJENENGAN
  • MANUTA KARO PRÉNTAH-PRÉNTAHÉ YÉHUWAH
  • NINDAKKÉ SING YÉHUWAH SENENGI
  • Terus ”Berharap marang Yéhuwah”
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2022
  • Ayub Kuwi Sapa?
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
  • Ayub Tetep Setya Senajan Sengsara
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2016
Apa Wulangané Alkitab kanggo Panjenengan?
bhs bab 12 hlm. 124-134

BAB ROLAS

Piyé Carané Panjenengan Isa Dadi Kancané Gusti Allah?

1, 2. Sapa waé kancané Yéhuwah?

PANJENENGAN péngin nduwé kanca sing kaya apa? Mesthiné sing cocog karo panjenengan. Panjenengan cedhak karo dhèwèké, lan dhèwèké ya cedhak karo panjenengan. Panjenengan mesthi seneng karo sipat-sipaté sing apik.

2 Yéhuwah milih wong sing dadi kancané. Contoné, Abraham kuwi salah siji kancané Gusti Allah. (Yésaya 41:8; Yakobus 2:23) Dawud uga dadi kancané Gusti Allah. Yéhuwah ngendika nèk Dawud kuwi ”wong kang ndadèkaké keparenging panggalihingSun”. (Lelakoné Para Rasul 13:22) Lan nabi Dhanièl kuwi ditresnani banget karo Yéhuwah.​—Dhanièl 9:23.

3. Apa sebabé Abraham, Dawud, lan Dhanièl isa dadi kancané Yéhuwah?

3 Apa sebabé Abraham, Dawud, lan Dhanièl isa dadi kancané Yéhuwah? Yéhuwah ngendika karo Abraham, ”Sira wus ngèstokaké dhawuhingSun.” (Purwaning Dumadi 22:18) Yéhuwah gelem dadi kancané wong sing manut karo Yéhuwah. Wong saka bangsa endi waé isa dadi kancané Yéhuwah. Yéhuwah ngendika karo wong Israèl, ”Sira padha ngrungokna dhawuhingSun, temah Ingsun bakal dadi Allahira lan sira dadi umatingSun.” (Yérémia 7:23) Dadi, panjenengan kudu manut karo Yéhuwah nèk péngin dadi kancané.

YÉHUWAH NGAYOMI KANCA-KANCANÉ

4, 5. Piyé carané Yéhuwah ngayomi wong sing dadi kancané?

4 Alkitab kandha nèk Yéhuwah nggolèk cara kanggo ”nglubèraken pangwaosipun dhateng para tiyang ingkang kaliyan terusing manah madhep dhateng Panjenenganipun”. (2 Babad 16:9) Yéhuwah janji karo wong-wong sing dadi kancané kaya sing ditulis ing Jabur 32:8, ”Aku arep mulang marang kowé, dakweruhaké dalan kang wajib kokambah; aku arep mituturi kowé, mripatku tumuju marang kowé.”

5 Ana mungsuh sing kuwat, sing ora péngin awaké dhéwé dadi kancané Yéhuwah. Ning, Yéhuwah péngin ngayomi awaké dhéwé. (Wacanen Jabur 55:23.) Nèk dadi kancané Yéhuwah, awaké dhéwé ngabdi saktulusé ati. Awaké dhéwé tetep setya senajan ngadhepi masalah sing akèh. Awaké dhéwé kudu yakin kaya wong sing nulis kitab Jabur sing ngomong, ”Menawa Panjenengané jumeneng ana ing tengenku, aku mesthi ora nganti kéguh [utawa, owah].” (Jabur 16:8; 63:9) Piyé carané Iblis ngalangi awaké dhéwé bèn ora dadi kancané Gusti Allah?

TUDHUHANÉ IBLIS

6. Manungsa ditudhuh apa karo Iblis?

6 Ing bab 11 buku iki, awaké dhéwé wis sinau nèk Iblis nantang lan nudhuh Yéhuwah kuwi ngapusi lan ora adil, merga Yéhuwah ora ngéntukké Adam lan Kawa mutuské dhéwé sing bener lan sing salah. Buku Ayub nerangké nèk Iblis uga nudhuh wong-wong sing péngin dadi kancané Gusti Allah. Iblis nudhuh nèk wong-wong kuwi ngabdi marang Gusti Allah merga péngin diberkahi, ora merga tresna karo Gusti Allah. Iblis uga ngaku-aku nèk dhèwèké isa nggawé kabèh wong ora ngabdi marang Gusti Allah. Ayo dirembug apa sing isa disinaoni saka Ayub lan piyé Yéhuwah ngayomi Ayub.

7, 8. (a) Piyé perasaané Yéhuwah marang Ayub? (b) Iblis ngomong apa bab Ayub?

7 Ayub kuwi sapa, ta? Ayub kuwi wong apik sing urip 3.600 taun kepungkur. Yéhuwah ngendika nèk wektu jaman kuwi ora ana wong sing kaya Ayub. Ayub bener-bener ngajèni Gusti Allah lan ora seneng karo apa sing ala. (Ayub 1:8) Ayub kuwi pancèn kanca akrabé Yéhuwah.

8 Iblis nudhuh Ayub ngabdi marang Yéhuwah merga mentingké awaké dhéwé. Iblis kandha karo Yéhuwah, ”Piyambakipun piyambak, lan sedaya gadhahanipun Paduka ayomi. Pedamelanipun Paduka berkahi lan Paduka paringi raja-kaya kathah, cekap kanggé ngebaki sanegari sedaya. Nanging cobi menawi bandhanipun Paduka pundhut sedaya, temtu piyambakipun badhé ngawon-awon Paduka wonten ing ngarsa Paduka!”​—Ayub 1:10, 11, BJP.

9. Yéhuwah maringi Iblis kesempatan kanggo apa?

9 Iblis nudhuh Ayub ngabdi marang Yéhuwah merga péngin diberkahi. Iblis uga kandha nèk dhèwèké isa nggawé Ayub ora ngabdi manèh marang Yéhuwah. Apa sing dipikirké Yéhuwah ora padha karo Iblis, ning Yéhuwah maringi Iblis kesempatan kanggo nguji Ayub. Kuwi isa mbuktèkké nèk Ayub ngabdi marang Yéhuwah merga tresna.

IBLIS NGUJI AYUB

10. Piyé Iblis nguji Ayub, lan apa tanggepané Ayub?

10 Sepisan, kabèh kéwan ingon-ingoné Ayub dipatèni Iblis. Banjur, Iblis matèni akèh pembantuné Ayub. Ayub kélangan kabèh bandhané. Akhiré, Iblis uga matèni anaké Ayub sing cacahé 10 nganggo lésus. Ning, Ayub tetep setya karo Yéhuwah. ”Sajroné iku mau kabèh Ayub ora nganti gawé dosa, sarta ora nacad pisan-pisan marang Gusti Allah.”​—Ayub 1:12-19, 22.

Ayub urip ayem tentrem karo bojoné lan sepuluh anaké

Yéhuwah maringi berkah merga Ayub dadi kancané Gusti Allah sing setya

11. (a) Ayub diapakké manèh karo Iblis? (b) Piyé tanggepané Ayub?

11 Iblis ora nyerah. Dhèwèké nantang Yéhuwah, ”Nanging saupami Paduka ngagagaken asta saha nggepok balung sarta dagingipun, temtu badhé nyupaosi Paduka wonten ing ngarsa Paduka.” Banjur, Iblis ngekèki Ayub penyakit sing parah banget. (Ayub 2:5, 7) Ning Ayub tetep setya marang Yéhuwah. Ayub kandha, ”Nganti aku mati aku tetep ngukuhi [utawa, tetep setya].”​—Ayub 27:5.

12. Piyé Ayub mbuktèkké nèk Iblis tukang ngapusi?

12 Ayub ora ngerti apa-apa bab tudhuhané Iblis, utawa apa sebabé dhèwèké dadi susah. Ayub mikir nèk Yéhuwah sing nyebabké kasusahané. (Ayub 6:4; 16:11-14) Ning, Ayub tetep setya karo Yéhuwah. Saiki wis cetha nèk Ayub ora mentingké awaké dhéwé. Ayub dadi kancané Gusti Allah merga nresnani Gusti Allah. Kabèh omongané Iblis kuwi ngapusi.

13. Merga Ayub setya karo Gusti Allah, apa asilé?

13 Senajan ora ngerti apa sing kelakon ing swarga, Ayub tetep setya karo Yéhuwah lan mbuktèkké nèk Iblis kuwi jahat. Merga Ayub setya, Yéhuwah mberkahi Ayub.​—Ayub 42:12-17.

PIYÉ IBLIS NUDHUH PANJENENGAN

14, 15. Kabèh wong ditudhuh apa karo Iblis?

14 Panjenengan isa sinau saka apa sing dialami Ayub. Saiki, Iblis nudhuh awaké dhéwé ngabdi marang Yéhuwah merga péngin diberkahi. Iblis kandha ing Ayub 2:4, ”Sadarbèkipun tiyang mesthi dipun tombokaken supados kapitulungan gesang.” Dadi, ora mung Ayub sing ditudhuh. Iblis uga nudhuh kabèh wong ngabdi marang Yéhuwah merga mentingké awaké dhéwé. Atusan taun sakwisé Ayub mati, Iblis isih nudhuh Yéhuwah lan umaté. Contoné, ing Wulang Bebasan 27:11 kandha, ”Hé anakku, dipinter, gawéa bungahing atiku, supaya aku bisa mangsuli marang wong kang memada aku.”

15 Panjenengan isa milih manut karo Yéhuwah lan dadi kancané sing setya, bèn isa mbuktèkké nèk Iblis tukang ngapusi. Aja wedi nggawé owah-owahan bèn isa dadi kancané Gusti Allah, merga kuwi keputusan sing paling apik. Iki uga keputusan sing penting. Iblis nudhuh nèk panjenengan ora bakal setya marang Gusti Allah pas ngadhepi masalah. Iblis ngupaya bèn awaké dhéwé ora setya marang Gusti Allah. Piyé carané?

16. (a) Cara apa sing digunakké Iblis bèn wong-wong ora ngabdi marang Yéhuwah? (b) Cara apa sing digunakké Iblis bèn panjenengan ora ngabdi marang Yéhuwah?

16 Iblis nggunakké akèh cara bèn awaké dhéwé ora dadi kancané Gusti Allah. Dhèwèké kaya ”singa nggero-nggero ngupaya manungsa kang kena dimangsa”. (1 Pétrus 5:8) Panjenengan mbokmenawa krasa lagi ”dimangsa”a wektu ana keluarga, kanca, utawa wong liya sing péngin panjenengan mandheg sinau Alkitab lan ora nindakké sing bener. (Yokanan 15:19, 20) Iblis uga éthok-éthok dadi ”malaékating Pepadhang”. Dhèwèké isa ngapusi awaké dhéwé bèn ora manut karo Yéhuwah. (2 Korinta 11:14) Cara liyané yaiku, Iblis nggawé awaké dhéwé rumangsa ora pantes ngabdi marang Yéhuwah.​—Wulang Bebasan 24:10.

MANUTA KARO PRÉNTAH-PRÉNTAHÉ YÉHUWAH

17. Apa sebabé awaké dhéwé manut karo Yéhuwah?

17 Nèk manut karo Yéhuwah, awaké dhéwé mbuktèkké nèk Iblis tukang ngapusi. Piyé carané bèn awaké dhéwé isa manut? Alkitab kandha, ”Kang iku kowé tresnaa marang Pangéran Yéhuwah, Gusti Allahmu, kalawan gumolonging atimu lan gumolonging nyawamu sarta ing sakekuwatanmu.” (Pangandharing Torèt 6:5) Awaké dhéwé manut merga nresnani Yéhuwah. Nèk tresnané saya gedhé, awaké dhéwé bakal nindakké kabèh préntahé Yéhuwah. Rasul Yokanan kandha, ”Amarga katresnan marang Gusti Allah iku wujudé yaiku, yèn kita padha netepi ing pepakoné. Pepakon-pepakoné iku ora abot.”​—1 Yokanan 5:3.

18, 19. (a) Apa waé tumindak sing disengiti Yéhuwah? (b) Apa buktiné nèk Yéhuwah ora tau maringi préntah sing ora isa dilakoni?

18 Apa waé sing disengiti Yéhuwah? Contoné ana ing kothak ”Aja Nindakké sing Disengiti Yéhuwah”. Mbiyèn mbokmenawa panjenengan mikir nèk bab-bab kuwi kétoké ora salah. Ning, nèk panjenengan maca lan mikirké tenanan ayat-ayat Alkitab ing kono, panjenengan bakal ngerti apa gunané manut karo préntah-préntahé Yéhuwah. Mbokmenawa panjenengan ngerti nèk ana sing kudu diowahi ing urip panjenengan. Senajan kuwi angèl, nèk gelem manut, panjenengan isa ngrasakké seneng lan tentrem merga setya dadi kancané Gusti Allah. (Yésaya 48:17, 18) Apa buktiné nèk awaké dhéwé isa nindakké kuwi?

19 Yéhuwah ora tau maringi préntah sing ora isa dilakoni. (Pangandharing Torèt 30:11-14) Yéhuwah luwih ngerti apa sing paling apik kanggo awaké dhéwé, uga ngerti kekuwatan lan kekurangané awaké dhéwé. (Jabur 103:14) Rasul Paulus nulis, ”Gusti Allah iku setya tuhu, ora bakal négakaké kowé kacoba ngluwihi saka ing kakuwatanmu. Manawa kowé kena ing coba, Panjenengané bakal maringi marganing luwar, satemah kowé padha bisa mbetahaké.” (1 Korinta 10:13) Awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah bakal terus maringi kekuwatan bèn isa nindakké sing bener. Yéhuwah bakal maringi panjenengan ”kakuwatan kang ngédab-édabi” pas panjenengan ngadhepi masalah. (2 Korinta 4:7) Sakwisé ngrasakké pitulungané Yéhuwah, Paulus kandha, ”Sakèhing prakara bisa daksangga ana ing panjenengané kang paring kakuwatan marang aku.”​—Filipi 4:13.

NINDAKKÉ SING YÉHUWAH SENENGI

20. Sipat-sipat apa sing kudu panjenengan tiru, lan apa sebabé?

20 Nèk péngin dadi kancané Yéhuwah, awaké dhéwé ora mung ngedohi apa sing disengiti Yéhuwah. (Rum 12:9) Kancané Gusti Allah kudu nindakké sing disenengi Yéhuwah. Kuwi ditulis ing Jabur 15:1-5. (Wacanen.) Kancané Yéhuwah niru sipat-sipaté lan nduduhké ”katresnan, kabungahan, tentrem-rahayu, sabar-sarèh, paramarta, kabecikan, setya, alusing bebudèn, bisa ngemudhèni dhiri”.​—Galati 5:22, 23.

21. Piyé carané bèn isa nduduhké sipat-sipat sing Yéhuwah senengi?

21 Piyé carané bèn isa nduduhké sipat-sipat kuwi? Panjenengan kudu ajeg maca lan sinau Alkitab, bèn ngerti apa sing Yéhuwah senengi. (Yésaya 30:20, 21) Nèk nindakké kuwi, panjenengan bakal saya tresna karo Yéhuwah. Merga saya tresna, panjenengan bakal luwih gampang manut karo Yéhuwah.

22. Apa asilé nèk panjenengan manut karo Yéhuwah?

22 Nggawé owah-owahan padha kaya nyopot klambi sing lawas terus salin nganggo klambi sing anyar. Alkitab kandha nèk panjenengan kudu ”ngrucat kamanungsan lawas” lan nganggo ”kamanungsan anyar”. (Kolosé 3:9, 10) Senajan iku ora gampang, ning nèk awaké dhéwé nggawé owah-owahan lan manut karo Yéhuwah, Yéhuwah janji bakal maringi berkah sing akèh. (Jabur 19:12) Manuta karo Yéhuwah lan buktèkna nèk Iblis tukang ngapusi. Ngabdia marang Yéhuwah, ora mung merga péngin diberkahi, ning merga nresnani Yéhuwah lan ora mentingké awaké dhéwé. Panjenengan isa dadi kancané Gusti Allah.

a Pancèn ana wong-wong sing péngin panjenengan mandheg sinau Alkitab, ning kuwi dudu tegesé nèk Iblis sing ngendhalèni wong-wong kuwi. Merga Iblis ”allahé jaman iki”, lan ”sajagad kabèh kawengku ing pangawak dursila”, mula aja kagèt nèk ana wong-wong sing péngin panjenengan ora ngabdi marang Yéhuwah.​—2 Korinta 4:4; 1 Yokanan 5:19.

AJA NINDAKKÉ SING DISENGITI YÉHUWAH

  • Matèni

    Pangentasan 20:13; 21:22, 23

  • Tumindak saru

    Kaimaman 20:10, 13, 15, 16; Rum 1:24, 26, 27, 32; 1 Korinta 6:9, 10

  • Nduwé hubungan karo para dhemit

    Pangandharing Torèt 18:9-13; 1 Korinta 10:21, 22; Galati 5:20, 21

  • Nyembah patung

    1 Korinta 10:14

  • Mendem

    1 Korinta 5:11

  • Nyolong

    Kaimaman 6:2, 4; Éfesus 4:28

  • Ngapusi

    Wulang Bebasan 6:16, 19; Kolosé 3:9; Wahyu 22:15

  • Srakah

    1 Korinta 5:11

  • Brangasan lan kasar

    Jabur 11:5; Wulang Bebasan 22:24, 25; Maléakhi 2:16; Galati 5:20, 21

  • Ngomong saru, kasar, lan ngrasani

    Kaimaman 19:16; Éfesus 5:4; Kolosé 3:8

  • Nggunakké getih nganggo cara sing salah

    Purwaning Dumadi 9:4; Lelakoné Para Rasul 15:20, 28, 29

  • Ora nyukupi kabutuhané keluarga

    1 Timotéus 5:8

  • Mèlu perang utawa politik

    Yésaya 2:4; Yokanan 6:15; 17:16

  • Ngrokok lan nganggo narkoba

    Markus 15:23; 2 Korinta 7:1

RINGKESAN

WULANGAN 1: KANCANÉ YÉHUWAH MANUT KARO DHAWUHÉ

”Sira padha ngrungokna dhawuhingSun, temah Ingsun bakal dadi Allahira lan sira dadi umatingSun.”​—Yérémia 7:23

Apa awaké dhéwé isa dadi kancané Gusti Allah?

  • Purwaning Dumadi 22:18; Yakobus 2:23

    Abraham dadi kancané Gusti Allah merga ngrungokké dhawuhé lan nduwé iman marang Gusti Allah.

  • 2 Babad 16:9

    Yéhuwah bakal mbantu wong-wong sing manut.

  • Jabur 25:14; 32:8

    Yéhuwah maringi pangertèn kanggo kanca-kancané.

  • Jabur 55:23

    Yéhuwah bakal ndhukung kancané.

WULANGAN 2: AYUB KUWI KANCANÉ GUSTI ALLAH SING SETYA

”Sajroné iku mau kabèh Ayub ora nganti gawé dosa, sarta ora nacad pisan-pisan marang Gusti Allah.”​—Ayub 1:22

Piyé Iblis nguji Ayub, lan piyé tanggepané Ayub?

  • Ayub 1:10, 11

    Iblis nudhuh nèk Ayub mentingké awaké dhéwé, lan ora nresnani Gusti Allah.

  • Ayub 1:12-19; 2:7

    Yéhuwah ngijinké Iblis njupuk kabèh sing diduwèni Ayub, lan Iblis uga nguji Ayub nganggo penyakit sing parah banget.

  • Ayub 27:5

    Ayub ora ngerti sebabé dhèwèké ngadhepi sengsara, ning Ayub tetep setya.

WULANGAN 3: IBLIS PÉNGIN PANJENENGAN ORA SETYA MANÈH KARO YÉHUWAH

”Sadarbèkipun tiyang mesthi dipun tombokaken supados kapitulungan gesang.”​—Ayub 2:4

Piyé carané Iblis nggawé awaké dhéwé bèn ora dadi kancané Yéhuwah manèh?

  • 2 Korinta 11:14

    Iblis ngapusi awaké dhéwé bèn ora manut karo Yéhuwah.

  • Wulang Bebasan 24:10

    Iblis nggawé awaké dhéwé rumangsa ora pantes ngabdi marang Yéhuwah.

  • 1 Pétrus 5:8

    Iblis nggawé awaké dhéwé sengsara.

  • Wulang Bebasan 27:11

    Miliha kanggo manut Yéhuwah lan dadi kancané sing setya. Kuwi isa mbuktèkké nèk Iblis tukang ngapusi.

WULANGAN 4: AWAKÉ DHÉWÉ MANUT KARO YÉHUWAH MERGA TRESNA

”Katresnan marang Gusti Allah iku wujudé yaiku, yèn kita padha netepi ing pepakoné.”​—1 Yokanan 5:3

Piyé carané panjenengan dadi kancané Yéhuwah?

  • Pangandharing Torèt 6:5

    Duduhna katresnan marang Gusti Allah, bèn panjenengan isa manut karo préntahé.

  • Yésaya 48:17, 18

    Manuta karo Yéhuwah lan panjenengan bakal éntuk berkah.

  • Pangandharing Torèt 30:11-14

    Percayaa nèk Yéhuwah ora tau maringi préntah sing ora isa dilakoni.

  • Filipi 4:13

    Tindakna apa sing bener, lan Yéhuwah bakal maringi kekuwatan sing panjenengan butuhké.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim