Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2017
mwb17 Desember hlm. 5
URIPÉ WONG KRISTEN
Persedhiyaan Anyar kanggo Pakumpulan Ibadah Tengah Pekan
Wiwit sasi Januari 2018, ing pakumpulan ibadah tengah pekan, kita bakal ngrembug katrangan kanggo sinau lan média saka New World Translation of the Holy Scriptures èdhisi pelajaran (nwtsty-E) sing ana ing situs wèb, senajan kuwi durung ana ing basané panjenengan. Katrangan iki mesthi bakal migunani banget wektu kita nggawé persiapan kanggo pakumpulan ibadah. Lan sing luwih penting manèh, iki isa mbantu kita dadi luwih cedhak karo Yéhuwah, Bapa sing welas asih.