PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Wulangna Alkitab
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjil—2016 | Agustus
    • URIPÉ WONG KRISTEN

      Wulangna Alkitab

      Mulai sasi September, ing Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé bakal ana cara sing anyar kanggo nerangké Alkitab sing judhulé ”Wulangna Alkitab”. Tujuané yaiku kanggo nerangké wulangan Alkitab sing utama marang wong liya, nganggo pitakonan lan ayat sing cocog.

      Nèk sing dikabari gelem nampa, awaké dhéwé isa ninggali wacan utawa nyetèlké vidhéo saka jw.org kanggo bahan wektu marani manèh. Aja suwé-suwé marani manèh wong kuwi bèn isa neruské rembugan Alkitab. Cara anyar iki lan tugas siswa nggunakké bagéan ringkesan buku Apa Wulangané Alkitab kanggo Panjenengan? Ing bagéan kuwi, ana pitakonan lan ayat sing isa mbantu awaké dhéwé marani manèh utawa mulang Alkitab mung nggunakké Alkitab.

      Mung ana siji dalan sing nuju urip saklawasé. (Mt 7:13, 14) Wong-wong sing ditemoni wektu nginjil nduwé agama lan budaya sing béda-béda, mula awaké dhéwé kudu nerangké wulangan Alkitab sing cocog karo wong sing dikabari. (1Tm 2:4) Nèk saya trampil nggunakké bahan werna-werna saka Alkitab lan ngupaya ”mènèhaké piwulang bab prekara sing bener”, awaké dhéwé mesthi tambah seneng lan isa nerangké wulangan Alkitab marang wong liya.​—2Tm 2:15, Basa Jawi Padintenan.

  • Acara Kusus kanggo Nawakké Warta Penting Sasi September
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjil—2016 | Agustus
    • URIPÉ WONG KRISTEN

      Acara Kusus kanggo Nawakké Warta Penting Sasi September

      Warta Penting No. 5 2016 | Carané Éntuk Panglipur

      Kabèh wong butuh digedhèkké atiné. (Ko 4:1) Sasi September, awaké dhéwé bakal ngupaya tenanan nawakké Warta Penting sing ngrembug bab panglipur saka Gusti Allah. Tawakna majalah iki marang sapa waé. Ning, merga awaké dhéwé péngin ketemu langsung karo wong-wong bèn isa mènèhi panglipur, majalahé aja ditinggal ing omah sing lagi ora ana wongé.

      CARANÉ NAWAKKÉ

      ”Awaké dhéwé kabèh butuh panglipur. Ning, piyé carané bèn éntuk panglipur? [Wacanen Jabur 86:17b.] Majalah iki ngrembug carané Gusti Allah nglipur awaké dhéwé.”

      Nèk wong kuwi gelem nampa majalah lan gelem diparani manèh, . . .

      SETÈLNA VIDHÉO APA SEBABE PERLU SINAU ALKITAB?

      Banjur, tawakna sinau Alkitab.

      TINGGALANA BAHAN KANGGO MARANI MANÈH

      Tinggalana pitakonan sing arep dirembug wektu marani manèh, contoné, ”Apa sebabé Gusti Allah durung nyingkirké kasusahan?”

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim