URIPÉ WONG KRISTEN
Apa Itu Cinta Sejati?
Yéhuwah ngrancang urip bebojoan ing antarané wong lanang lan wédok dadi ikatan kanggo saklawasé. (Pd 2:22-24) Wong bebojoan isa pegatan mung nèk ana laku jina. (Ml 2:16; Mt 19:9) Yéhuwah péngin umaté sing wis urip bebojoan isa ayem tentrem. Mula, Yéhuwah maringi pathokan-pathokan sing isa mbantu wong-wong Kristen kanggo milih bojo kanthi wicaksana lan njaga bèn urip bebojoané isa tetep ayem tentrem.—Ko 5:3-5.
SETÈLEN VIDEO APA ITU CINTA SEJATI?, BANJUR JAWABEN PITAKONAN-PITAKONAN IKI:
Apa sebabé naséhat sing diwènèhké Frank lan Bonnie marang anaké wédok sing jenengé Liz kuwi wicaksana lan welas asih?
Apa sebabé ora wicaksana nèk panjenengan mikir isa ngowahi sipat lan tumindaké pacar panjenengan?
Paul lan Priscilla mènèhi naséhat apa marang Liz?
Apa sebabé masalah mulai ana ing urip bebojoané Zach lan Megan?
Cita-cita rohani apa sing diduwèni John lan Liz?
Apa sebabé panjenengan kuduné ngerti ”kamanungsaning batin kang ora katon” saka pacar panjenengan sakdurungé mutuské kanggo nikah? (1Pt 3:4)
Apa katresnan sing sejati kuwi? (1Kr 13:4-8)