PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • mwb18 Januari hlm. 8
  • Carané Ngupaya Rukun karo Sedulur Seiman

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Carané Ngupaya Rukun karo Sedulur Seiman
  • Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2018
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Ngrampungi Masalah nganggo Katresnan
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2016
  • Aja Nglarani Atiné ”Wong sing Kaya Bocah Cilik Iki”
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2021
  • Ngrampungi Masalah lan Ngupaya Rukun
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2017
  • Terus ”Rungokna” Yésus
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2021
Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2018
mwb18 Januari hlm. 8

URIPÉ WONG KRISTEN

Carané Ngupaya Rukun karo Sedulur Seiman

Wong lanang ninggalké kurbané ing ngarep misbyah lan ngupaya rukun karo seduluré

Bayangna nèk panjenengan urip ing Galiléa ing jamané Yésus. Panjenengan lunga menyang Yérusalèm kanggo mèlu Perayaan Pondok. Ing kono mesthi ana akèh abdiné Yéhuwah sing teka saka panggonan sing adoh banget. Panjenengan péngin mènèhi kurban marang Yéhuwah. Karo nggawa wedhus, panjenengan mlaku menyang bait ngliwati gang-gang sing akèh wongé. Wektu tekan ing bait, wis ana akèh wong sing uga péngin mènèhi kurban. Akiré, gilirané panjenengan kanggo mènèhké wedhus marang para imam. Pas wektu kuwi, panjenengan éling nèk sedulur sing nduwé masalah karo panjenengan uga ana ing kono. Yésus ngandhani apa sing kuduné panjenengan tindakké. (Wacanen Matéus 5:24.) Piyé panjenengan lan sedulur kuwi isa ngupaya rukun kaya naséhaté Yésus? Pilihen jawaban sing bener ing saben daftar ing ngisor iki.

PANJENENGAN KUDUNÉ . . .

  • ngomong karo sedulur kuwi mung nèk nurut panjenengan dhèwèké nduwé alesan sing kuwat kanggo nesu

  • ngandhani sedulur kuwi nèk dhèwèké gampang lara ati utawa nyalahké dhèwèké

  • ngrungokké kanthi sabar wektu sedulur kuwi nyritakké perasaané. Senajan panjenengan ora ngerti sing saktenané, njaluka ngapura kanthi tulus merga wis nindakké bab sing ora disengaja utawa nglarani atiné sedulur kuwi

SEDULUR KUWI KUDUNÉ . . .

  • nggolèk dhukungan saka sedulur liya ing jemaat kanthi cara nyritakké piyé panjenengan wis nglarani atiné

  • nyacad panjenengan, ngomongké rincian kesalahan lan njaluk panjenengan kanggo ngakoni kesalahan

  • ngajèni merga panjenengan wis andhap asor lan kendel kanggo ngrampungi masalahé sarta ngapurani kanthi tulus

Senajan ibadah kita saiki ora nggunakké kurban kéwan, apa hubungané piwulangé Yésus bab rukun karo para sedulur lan ibadah sing ditampa karo Yéhuwah?

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim