Matius
7 ”Aja ngadili wong manèh supaya kowé ora diadili, 2 merga kowé bakal diadili miturut caramu ngadili, lan caramu tumindak marang wong liya, ya kaya ngono uga wong liya bakal tumindak marang kowé.* 3 Dadi, apa sebabé kowé ndelok dami* ing mripaté sedulurmu, nanging ora ndelok balok kayu ing mripatmu dhéwé? 4 Utawa kok isa kowé kandha karo sedulurmu, ’Kéné tak ilangané dami saka mripatmu,’ padahal ana balok kayu ing mripatmu dhéwé? 5 Wong munafik! Ilangana dhisik balok kayu saka mripatmu, banjur kowé isa ndelok cetha lan ngilangi dami saka mripaté sedulurmu.
6 ”Aja mènèhké bab sing suci marang asu lan aja nguncalké mutiaramu marang babi merga mung bakal diidak-idak, lan kéwan kuwi bakal nyerang kowé.
7 ”Terusa njaluk, lan kowé bakal diwènèhi. Terusa nggolèk, lan kowé bakal nemokké. Terusa dhodhog-dhodhog, lan kowé bakal dibukakké lawang, 8 merga saben wong sing njaluk bakal nampa, lan saben wong sing nggolèki bakal nemokké, lan saben wong sing dhodhog-dhodhog bakal dibukakké lawang. 9 Apa ana ing antaramu sing bakal mènèhi watu nèk anaké njaluk roti? 10 Utawa bakal mènèhi ula nèk anaké njaluk iwak? 11 Dadi, nèk kowé sing dosa waé ngerti carané mènèhi apa sing apik kanggo anak-anakmu, apa manèh Bapakmu ing swarga mesthi bakal maringi apa sing apik kanggo wong-wong sing nyuwun marang Panjenengané.
12 ”Apa sing kok karepké supaya ditindakké wong liya marang kowé, kuwi tindakna marang wong mau. Sakjané, iya kuwi intiné Taurat lan Kitab Para Nabi.
13 ”Mlebua liwat gerbang sing sempit, merga gerbang sing amba lan dalan sing jembar kuwi ngarah menyang pati,* lan akèh wong sing liwat gerbang kuwi. 14 Nanging, gerbang sing sempit lan dalan sing ciyut kuwi ngarah menyang urip, lan mung wong sithik sing nemokké kuwi.
15 ”Waspadaa marang nabi-nabi palsu sing marani kowé kanthi éthok-éthok dadi wedhus gèmbèl, padahal asliné serigala sing rakus. 16 Kowé bakal weruh asliné wong-wong kuwi saka wohé.* Suket eri ora bakal ngetokké woh anggur utawa woh ara, ta? 17 Semono uga, wit sing apik ngasilké woh sing apik, nanging wit sing èlèk ngasilké woh sing èlèk. 18 Wit sing apik ora isa ngasilké woh sing èlèk, lan wit sing èlèk ora isa ngasilké woh sing apik. 19 Saben wit sing ora ngasilké woh sing apik bakal ditegor lan diobong. 20 Dadi, kowé bakal weruh asliné wong-wong kuwi saka wohé.
21 ”Ora saben wong sing kandha marang aku, ’Gusti, Gusti,’ bakal mlebu ing Kraton swarga. Nanging, mung wong sing nindakké kersané Bapakku ing swarga sing isa mlebu ing kana. 22 Bakal ana akèh wong sing kandha ing dina kuwi, ’Gusti, Gusti, aku kan wis ngramal nganggo jenengmu, lan ngusir roh-roh jahat nganggo jenengmu, lan nindakké akèh mukjijat nganggo jenengmu, ta?’ 23 Nanging aku bakal njawab wong-wong kuwi, ’Aku ora kenal karo kowé! Kowé wong-wong sing nglanggar hukum, lungaa kana!’
24 ”Mula, saben wong sing ngrungokké lan nindakké omonganku iki bakal kaya wong wicaksana sing mbangun omahé ing ndhuwur watu. 25 Wektu ana udan deres, banjir, lan angin gedhé sing nerjang, omah kuwi ora ambruk merga dibangun ing ndhuwur watu. 26 Nanging, saben wong sing ngrungokké omonganku iki lan ora gelem nindakké, bakal kaya wong bodho sing mbangun omahé ing ndhuwur pasir. 27 Wektu ana udan deres, banjir, lan angin gedhé sing nerjang, omah kuwi ambruk lan remuk sakabèhé.”
28 Wektu Yésus rampung ngomongké kuwi kabèh, kumpulan wong kuwi nggumun karo carané Yésus mulang, 29 merga apa sing diwulangké Yésus asalé saka Gusti Allah, ora kaya para ahli Taurat.