Matius
6 ”Aja tumindak apik mung supaya didelok wong. Merga nèk kaya ngono, kowé ora bakal éntuk opah saka Bapakmu ing swarga. 2 Mula nèk kowé mènèhi sedhekah, aja dicritak-critakké marang wong liya,* kaya sing ditindakké wong munafik ing sinagogé* lan ing dalan-dalan supaya dialem wong. Saktenané aku kandha marang kowé, wong-wong kuwi wis éntuk opahé. 3 Nanging, nèk kowé mènèhi sedhekah, aja nganti tanganmu kiwa ngerti sing ditindakké tanganmu tengen, 4 supaya ora ana sing ngerti nèk kowé mènèhi sedhekah. Banjur Bapakmu sing isa ngerti kabèh bakal mberkahi kowé.
5 ”Semono uga, wektu kowé ndonga aja kaya wong munafik. Wong-wong kuwi seneng ndonga karo ngadeg ing sinagogé lan ing prapatan* supaya didelok wong. Saktenané aku kandha marang kowé, wong-wong kuwi wis éntuk opahé. 6 Nanging wektu ndonga, mlebua ing kamar lan sakwisé lawangé kok tutup, ndongaa marang Bapakmu sing ora katon. Banjur Bapakmu sing isa ngerti kabèh bakal mberkahi kowé. 7 Wektu ndonga, aja ngucapké tembung-tembung sing padha lan dibolan-balèni kaya sing ditindakké wong-wong saka bangsa-bangsa. Wong-wong kuwi ngira dongané bakal dirungokké merga dawa. 8 Aja kaya wong-wong kuwi, merga Bapakmu ngerti apa sing kok butuhké, malah sakdurungé kowé nyuwun.
9 ”Mula ndongaa kaya ngéné:
”’Bapakku sing ana ing swarga, asma Panjenengan mugi disucèkké. 10 Kraton Panjenengan mugi rawuh. Kersa* Panjenengan mugi kelakon ing bumi, kaya ing swarga. 11 Paringana aku kabèh maeman* sing tak butuhké dina iki, 12 lan tulung apurana dosa-dosaku,* kaya aku wis ngapurani wong-wong sing wis dosa marang aku. 13 Lan tulungi aku supaya ora nyerah wektu digodha,* nanging slametna aku saka si jahat.’*
14 ”Nèk kowé ngapurani salahé wong liya, Bapakmu ing swarga uga bakal ngapurani kowé. 15 Nanging nèk kowé ora ngapurani salahé wong liya, Bapakmu uga ora bakal ngapurani salahmu.
16 ”Nèk kowé pasa, rupamu aja kok melas-melaské kaya wong munafik. Wong-wong kuwi sengaja nggawé rupané kétok lesu bèn wong liya ngerti nèk dhèwèké lagi pasa. Saktenané aku kandha marang kowé, wong-wong kuwi wis éntuk opahé. 17 Nanging nèk kowé pasa, minyakana rambutmu lan raupana raimu, 18 supaya ora ana wong sing ngerti nèk kowé lagi pasa, kejaba Bapakmu sing ora katon. Banjur, Bapakmu sing isa ngerti kabèh bakal mberkahi kowé.
19 ”Aja nglumpukké manèh bandha ing bumi, merga renget* lan tèyèng* isa ngrusak kuwi, lan maling uga isa nyolong. 20 Nanging klumpukna bandha ing swarga, merga ing kana renget lan tèyèng ora isa ngrusak, lan maling uga ora isa nyolong. 21 Sebab ing ngendi bandhamu, ya ing kono kuwi atimu.
22 ”Pepadhangé badan kuwi mripat. Dadi, nèk mripatmu fokus,* badanmu sakwutuhé bakal padhang. 23 Nanging nèk mripatmu seneng iri,* badanmu sakwutuhé bakal peteng. Nèk pepadhang sing kok duwèni jebulé peteng, badanmu sakwutuhé mesthi peteng ndhedhet.
24 ”Ora ana sing isa dadi budhak kanggo majikan loro. Merga dhèwèké bakal gething marang sing siji lan nresnani sijiné, utawa dhèwèké bakal setya marang sing siji lan ngrèmèhké sijiné. Kowé ora isa dadi budhaké Gusti Allah lan ing wektu sing padha dadi budhaké Bandha.
25 ”Mula aku ngandhani kowé: Aja kuwatir manèh bab uripmu* yaiku apa sing arep kok pangan utawa apa sing arep kok ombé, utawa bab badanmu yaiku apa sing arep kok enggo. Urip kuwi kan luwih aji ketimbang panganan lan sandhangan, ta? 26 Coba delengen manuk-manuk ing langit. Manuk-manuk kuwi ora nyebar winih utawa manèn utawa nyimpen panganan, nanging Bapakmu ing swarga maringi pangan manuk-manuk kuwi. Kowé kan luwih aji ketimbang manuk-manuk kuwi, ta? 27 Sapa ta ing antaramu sing merga kuwatir isa nggawé umuré rada dawa sithik?* 28 Uga apa sebabé kowé kuwatir bab sandhangan? Sinaua saka kembang lili sing thukul ing kebon. Kembang-kembang kuwi ora nyambut gawé lan ora njahit, 29 nanging aku kandha marang kowé, senajan Salomo sugih banget, sandhangané ora luwih apik ketimbang kembang-kembang kuwi. 30 Nèk tanduran ing kebon waé, sing saiki urip terus sésuk diobong, diparingi sandhangan sing éndah karo Gusti Allah, apa manèh kowé. Wis mesthi Gusti Allah bakal maringi kowé sandhangan, hé kowé sing imané cilik! 31 Mula aja nganti kuwatir lan kandha, ’Apa sing bakal tak pangan?’ utawa, ’Apa sing bakal tak ombé?’ utawa, ’Apa sing bakal tak enggo?’ 32 Kabèh kuwi perkara-perkara sing digolèki bangsa-bangsa kanthi mempeng. Bapakmu ing swarga ngerti nèk kowé mbutuhké kuwi kabèh.
33 ”Mula, terus utamakna dhisik Kratoné Allah lan apa sing bener miturut Gusti Allah, lan kabèh perkara liyané bakal diparingké marang kowé. 34 Dadi aja nganti kuwatir bab dina sésuk, merga sésuk bakal ana kekuwatiran liyané. Saben dina ana masalahé dhéwé-dhéwé.