SINAU SAKA ALKITAB | MATÉUS 12-13
Perumpamaan bab Gandum lan Alang-Alang
Yésus nggunakké perumpamaan bab gandum lan alang-alang kanggo nduduhké kapan lan piyé dhèwèké nglumpukké wong-wong saka golongan gandum, yaiku wong Kristen terurap sing dipilih mulai taun 33 M
Wong sing nyebar wiji apik ing ladhangé
Sing nyebar wiji: Yésus Kristus
Wiji sing disebar: Murid-muridé Yésus sing diurapi roh suci
Ladhang: Wong-wong ing ndonya
Wektu wong-wong padha turu kabèh, mungsuhé teka nyebar wiji alang-alang ing tengahé gandum
Mungsuh: Sétan
Wong-wong sing turu: Para rasul mati
”Cikbèn padha thukul bebarengan nganti mangsa panèn”
Gandum: Wong Kristen terurap
Alang-alang: Wong Kristen palsu
’Klumpukna dhisik alang-alangé, sawisé iku gandumé klumpukna ing lumbungku’
Para baturé/sing manèn: Malaékat
Alang-alang diklumpukké: Wong Kristen palsu dipisahké saka wong Kristen terurap
Diklumpukké ing lumbung: Wong Kristen terurap diklumpukké ing jemaat sing wis dipulihké
Wektu mangsa panèn diwiwiti, apa sing mbédakké wong Kristen sejati saka wong Kristen palsu?
Apa paédahé kanggoku nèk ngerti perumpamaan iki?