SINAU SAKA ALKITAB | MATÉUS 14-15
Mènèhi Pangan Wong Akèh Liwat Wong Sithik
Sakdurungé Paskah taun 32 M, Yésus nggawé mukjijat. Kuwi siji-sijiné mukjijat sing isa diwaca ing kabèh buku Injil.
Saka mukjijat kuwi, Yésus mènèhi conto sing isih dhèwèké tindakké nganti jaman saiki.
Yésus mréntahké para muridé bèn mènèhi panganan kanggo wong akèh, senajan para muridé mung nduwé roti lima lan iwak loro
Yésus njupuk roti lan iwak banjur ndonga lan mènèhké kuwi marang para muridé. Banjur, para muridé mbagèkké kuwi marang wong akèh
Panganan kuwi cukup kanggo wong akèh. Yésus mènèhi pangan éwonan wong liwat wong sithik, yaiku para muridé
Yésus ngramalké nèk ing dina-dina pungkasan, dhèwèké bakal milih saluran sing bakal nyedhiakké pangan rohani ”ing wektu kang katamtokaké”.—Mt 24:45
Ing taun 1919, Yésus milih ”abdi kang setya lan pinter”, yaiku kelompok cilik saka wong Kristen terurap. Wong-wong kuwi dipilih saka antarané ”pelayan-pelayan ing omahé” (Terjemahan Dunia Baru), yaiku wong-wong sing diwènèhi pangan
Liwat wong-wong Kristen terurap, Yésus nggunakké conto sing dhèwèké wènèhké ing abad kapisan
Piyé aku isa ngerti lan ngajèni saluran sing Yésus gunakké kanggo mènèhi panganan rohani marang wong-wong?