Lagu 33
Aja Wedi Hé Umat-Ku!
1. Aja wedi hé umat-Ku,
Aja wedi mungsuhmu.
T’rus wartakna Injil-Ku,
Bèn wong-wong padha krungu.
Nèk Yésus dadi rajamu,
Bèn nyingkir’ké mungsuh-Ku.
Lan Iblis ’ra isa ngganggu,
Wong-wong dadi umat-Ku.
(REFREIN)
Karo mungsuh aja wedi,
S’najan padha njahati.
Bakal tak jaga abdi-Ku,
Sing aji kanggo Aku.
2. Senajan akèh mungsuhmu,
Lan wong padha nggeguyu.
Omongané ’ra mutu,
Ning kudu terus maju.
Aja wedi hé sing setya,
S’najan dianiaya.
Sing setya bakal dijaga,
Yéhuwah mesthi jaya.
(REFREIN)
Karo mungsuh aja wedi,
S’najan padha njahati.
Bakal tak jaga abdi-Ku,
Sing aji kanggo Aku.
3. Umaté Yah aja wedi,
Senajan dipatèni.
Huwah ’ra bakal lali,
Seksiné sing wis mati.
Aja wedi wektu ngabdi,
Yéhuwah sing njagani.
Nèk kowé setya ngabekti,
Huwah bakal mberkahi.
(REFREIN)
Karo mungsuh aja wedi,
S’najan padha njahati.
Bakal tak jaga abdi-Ku,
Sing aji kanggo Aku.