SINAU SAKA ALKITAB | LUKAS 6-7
Takeran sing Kebak
Wong sing loma seneng mènèhi wektu, tenaga, lan sumber dayané kanggo mbantu lan nguwatké liyané.
Kata kerja Yunani sing digunakké ing ayat iki kanggo kata ”ménéhi” nduduhké kagiyatan sing ditindakké terus-terusan
Nék kita seneng ménéhi, wong liya bakal ’ngesokké sak takeran kebak ing kanthong, sing dienet-enet, dioyog-oyog, lan lubèr’. Mungkin kuwi nduduhké kebiasaané para pedagang sing ngesokké barang sing dituku ing jubah sing ditekuk munggah