Referensi kanggo Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjil
3-9 SEPTEMBER
SINAU SAKA ALKITAB | YOHANES 1-2
”Mukjijaté Yésus sing Pertama”
(Yohanes 2:1-3) Rong dina sakbanjuré, ana pésta mantènan ing kutha Kana ing Galiléa, lan ibuné Yésus ana ing kono. 2 Yésus lan murid-muridé uga diundang ing pésta manténan kuwi. 3 Wektu angguré wis mèh entèk, ibuné Yésus kandha marang Yésus, ”Wong-wong iki kentèkan anggur.”
w15-IN 15/6 4 ¶3
Yésus Nduduhké Kuwasané Gusti Allah
3 Ing pésta mantènan ing kutha Kana ing Galiléa. Tamuné akèh banget, nganti kentèkan anggur, kuwi isa waé nggawé isin sing nduwé gawé. Ing kono ana Maria, ibuné Yésus. Maria percaya karo kabèh ramalan bab putrané sing mengkoné bakal disebut ”Putrané Sing Mahaluhur”. (Luk. 1:30-32; 2:52) Mungkin Maria mikir nèk Yésus nduwé kuwasa kanggo nggawé mukjijat. Sing jelas Maria lan Yésus bener-bener péngin mbantu pasangan pengantèn kuwi. Dadi Yésus nggawé mukjijat ngubah banyu kira-kira 380 liter didadèkké ”anggur sing apik”. (Wacanen Yohanes 2:3, 6-11.) Yésus sakjané ora kudu nindakké kuwi. Ning, Yésus gelem nindakké kuwi merga niru Bapaké sing loma.
(Yohanes 2:4-11) Nanging Yésus njawab, ”Bu, apa kuwi urusané awaké dhéwé? Durung wayahé aku tumindak.” 5 Ibuné kandha marang para pelayan, ”Tindakna waé apa sing dhèwèké omongké.” 6 Ing kono ana enem genthong banyu saka watu sing disedhiakké kanggo nyucèkké badan kaya kebiasaané wong Yahudi. Sak genthong isa diisi loro utawa telung takeran cairan. 7 Yésus kandha marang wong-wong kuwi, ”Isinen genthong-genthong kuwi nganggo banyu.” Banjur wong-wong kuwi ngisi genthongé nganti kebak. 8 Yésus kandha manèh, ”Saiki, isiné jupuken sithik lan wènèhna marang ketua pésta.” Wong-wong kuwi banjur nindakké préntahé Yésus. 9 Ketua pésta banjur ngicipi banyu sing wis malih dadi anggur kuwi. Dhèwèké ora ngerti kuwi saka ngendi, nanging para pelayan sing njupuk ngerti. Banjur, ketua pésta nyeluk mantèn lanang 10 lan kandha, ”Wong-wong biasané nyuguhké dhisik anggur sing apik, banjur nèk wis padha mabuk, sing kurang apik lagi disuguhké. Nanging kowé nyimpen anggur sing apik nganti saiki.” 11 Yésus nindakké mukjijaté sing kapisan kuwi ing kutha Kana ing Galiléa. Nganggo cara kuwi, dhèwèké nggawé kamulyané dadi nyata, lan murid-muridé nduwé iman marang Yésus.
Yésus Nggawé Mukjijat sing Kapisan
Iki mukjijaté Yésus sing kapisan. Wektu murid-muridé sing isih anyar kuwi ndelok mukjijat iki, imané dadi saya kuwat. Sakwisé kuwi, Yésus, ibuné, lan adhi-adhi tiriné Yésus lunga menyang kutha Kapernaum ing pesisir barat-laut saka Laut Galiléa.
Wulangan Penting
(Yohanes 1:1) Ing wiwitané, Sabda kuwi ana. Sabda kuwi bebarengan karo Gusti Allah, lan Sabda kuwi sawijiné allah.
nwtsty katrangan kanggo sinau Yoh 1:1
Sabda: Utawa ”Logos”. Basa Yunaniné, hologos. Iki digunakké dadi gelar sing uga disebutké ing Yoh 1:14 lan Why 19:13. Yohanes njelaské nèk mung Yésus sing nduwé gelar iki. Gelar iki diduwèni Yésus wektu dadi makhluk roh ing swarga sakdurungé urip ing bumi, wektu Yésus dadi manungsa sampurna ing bumi, lan sakwisé Yésus munggah swarga. Yésus dadi Juru Bicarané Gusti Allah, sing nyampèkké kabar lan préntah saka Yéhuwah marang para malaékat lan manungsa. Dadi, sakdurungé Yésus urip ing bumi, Yéhuwah omong-omongan karo manungsa liwat Yésus, sing wektu kuwi disebut Sabda utawa ”Sang Malaékaté Yéhuwah”.—Pd 16:7-11; 22:11; 31:11; Pa 3:2-5; PH 2:1-4; 6:11, 12; 13:3.
bebarengan karo: Lit., ”marang”. Ing ayat iki, kata depan ing basa Yunani yaiku pros nduduhké hubungan sing cedhak lan akrab. Iki uga nduduhké nèk ana pribadi luwih saka siji. Dadi, ing ayat iki ana bédané antarané Sabda lan siji-sijiné Allah sing sejati.
Sabda kuwi sawijiné allah: Utawa ”Sabda kuwi ilahi [utawa, ”kaya gusti allah”]”. Omongané Yohanes kuwi nggambarké nèk Yésus Kristus kuwi isa disebut dadi ”Sabda” (Yunani, hologos; deloken katrangan tambahan Sabda ing ayat iki). Sabda kuwi nduwé kedudukan sing utama dadi Putrané Gusti Allah lan dadi kanca nyambut gawéné Gusti Allah kanggo nyiptakké kabèh bab. Mula, dhèwèké uga isa digambarké dadi ”kaya gusti allah; gusti allah; pribadi ilahi; ilahi.” Akeh penerjemah sing madhakke Sabda karo Gusti Allah, mula diterjemahke ”Sabda kuwi Gusti Allah”. Ning, ana alesan-alesan sing mbuktèkké nèk sing dimaksud Yohanes kuwi dudu kaya ngono. Kapisan, tembung-tembung sing sakdurungé lan sakbanjuré cetha nduduhké nèk ”Sabda” kuwi ”bebarengan karo Gusti Allah”. Sakliyané kuwi, tembung Yunani theos muncul ping telu ing ayat 1 lan 2. Tembung theos sing pertama lan katelu ana kata sandangé, Ning, tembung sing keloro ora ana kata sandangé. Akèh ahli sing nganggep nèk tembung Yunani keloro sing ora ana kata sandangé kuwi penting. Dadi, tembung theos sing ana kata sandangé kuwi sing dimaksud Gusti Allah Sing Mahakuwasa. Ning, tembung theos sing ora ana kata sandangé kuwi cocog dienggo nggambarké ”Sabda”. Mula, ana terjemahan-terjemahan Alkitab ing basa Inggris, Prancis, lan Jerman sing nerjemahké nganggo cara sing padha karo Terjemahan Dunia Baru. Ing kono ”Sabda” kuwi disebut ”kaya gusti allah; gusti allah; pribadi ilahi; ilahi”. Iki uga padha kaya terjemahan Injil Yohanes, ing terjemahan Injil Yohanes kuna ing basa Koptik sing nggunakké dialèk Sahidik lan Bohairik sing digawé kira-kira ing abad katelu lan kapapat M, penulisan tembung theos sing pertama ing Yohanes 1:1 béda karo sing keloro. Terjemahan kuwi nandheské nèk ”Sabda” nduwé sipat-sipat sing kaya Gusti Allah, ning Sabda kuwi dudu Gusti Allah sing Maha Kuwasa. Selaras karo ayat kuwi, Kol 2:9 nyebutké bab Yésus, yaiku ”kabèh sipat-sipaté Gusti Allah lengkap ing Kristus”. Lan nurut 2Ptr 1:4 (Bandhingna 2Ptr 1:4, Basa Jawi Resmi), wong-wong sing wis munggah swarga uga nduwé ”kodrat kaallahan”. Sakliyané kuwi, ing terjemahan Septuaginta, tembung Yunani theos iki biasané padha karo tembung Ibrani el lan elohim sing diterjemahké dadi ”Gusti Allah”, sing artiné ”Pribadi sing Prakosa; Pribadi sing Kuwat”. Tembung-tembung Ibrani kuwi isa digunakké kanggo nduduhké Gusti Allah sing mahakuwasa, allah-allah liya lan manungsa. Dadi Sabda kuwi disebut ”gusti allah”, utawa ”pribadi sing prakosa,” kuwi cocog karo nubuat ing Yé 9:6, (NW) sing ngramalké nèk Mèsias bakal disebut ”Allah sing Prakosa (dudu ”Allah sing Mahakuwasa”) lan dhèwèké bakal dadi ”Bapak Langgeng” kanggo wong-wong sing dadi rakyaté. Semangaté Bapaké, yaiku ”Yéhuwah, Pemimpiné para prajurit” sing bakal nindakké kersané kuwi.—Yé 9:7, NW.
(Yohanes 1:29) Ing dina sakbanjuré, wektu weruh Yésus teka, Yohanes kandha, ”Deloken, kuwi Cempéné Gusti Allah, sing ngilangi dosané donya!
nwtsty katrangan kanggo sinau Yoh 1:29
Cempéné Gusti Allah: Sakwisé Yésus dibaptis lan digodha karo Iblis, Yohanes Pembaptis kandha nèk Yésus kuwi ”Cempéné Gusti Allah”. Tembung kuwi mung ana ing ayat iki lan ing Yoh 1:36. (Deloken buku Tuntunan kanggo Sinau Alkitab kaca 18-33.) Yésus pancèn cocog digambarké dadi cempé. Ing Alkitab, wedhus biasané digunakké kanggo korban persembahan dosa lan bèn isa cedhak karo Gusti Allah. Kuwi dadi gambaran kanggo pengorbanané Yésus kanggo manungsa. Tembung ”Cempéné Gusti Allah” kadhang disebutké langsung utawa ora langsung ing Alkitab. Yohanes Pembaptis ngerti tenan bab isiné Kitab-Kitab Ibrani. Dadi, omongané kuwi mbokmenawa ana hubungané karo bab-bab iki: wedhus sing dikorbanké Abraham kanggo nggantèni Iskak (Pd 22:13), cempé Paskah sing dibelèh kanggo mbébaské bangsa Israèl saka perbudhakan ing Mesir (Pa 12:1-13), utawa cempé sing dikurbanké ing mésbah ing Yérusalèm saben ésuk lan bengi (Pa 29:38-42). Yohanes mungkin uga mikirké bab ramalané Yésaya, sing kandha nèk wong sing disebut ’abdiné’ Yéhuwah kaya ”cempé kang katuntun menyang ing pasembelèhan”. (Yé 52:13; 53:5, 7, 11) Wektu nulis surat sing kapisan kanggo jemaat ing Korintus, Rasul Paulus nyebut Yésus dadi ”Cempé Paskah kita”. (1Kor 5:7) Rasul Pétrus nyebutké nèk ’getihé Kristus sing aji, kaya getihé cempé sing tanpa cacad lan murni’. (1Ptr 1:19) Sakliyané kuwi, Yésus sing saiki wis dimulyakké disebut ”Cempé” ing buku Wahyu ping 25 luwih.—Contoné yaiku ing Why 5:8; 6:1; 7:9; 12:11; 13:8; 14:1; 15:3; 17:14; 19:7; 21:9; 22:1.
Maca Alkitab
(Yohanes 1:1-18) Ing wiwitané, Sabda kuwi ana. Sabda kuwi bebarengan karo Gusti Allah, lan Sabda kuwi sawijiné allah. 2 Dhèwèké bebarengan karo Gusti Allah saka wiwitan. 3 Kabèh perkara dadi ana liwat dhèwèké, lan ora ana siji-sijia perkara dadi ana tanpa liwat dhèwèké. 4 Urip dadi ana liwat dhèwèké, lan urip kuwi pepadhang kanggo manungsa. 5 Pepadhang kuwi sumunar ana ing pepeteng, nanging pepeteng ora isa matèni pepadhang kuwi. 6 Ana wong sing diutus dadi wakilé Gusti Allah. Jenengé Yohanes. 7 Wong iki teka dadi seksi kanggo mènèhi kesaksian bab pepadhang kuwi, supaya liwat omongané, kabèh wong isa percaya. 8 Dhèwèké dudu pepadhang kuwi, nanging dhèwèké teka kanggo mènèhi kesaksian bab pepadhang kuwi. 9 Pepadhang sejati sing madhangi kabèh wong, sedhéla manèh bakal teka ing donya. 10 Dhèwèké wis tau ing donya, lan donya dadi ana liwat dhèwèké, nanging donya ora kenal dhèwèké. 11 Dhèwèké teka menyang dhaérah asalé, nanging wong-wong saka bangsané ora nampa dhèwèké. 12 Senajan ngono, dhèwèké mènèhi kesempatan marang kabèh wong sing nampa dhèwèké kanggo dadi anak-anaké Gusti Allah, merga wong-wong kuwi nduwé iman marang asmané. 13 Wong-wong kuwi ora lair saka getih utawa daging, utawa merga kekarepané sawijiné bapak manungsa, nanging wong-wong kuwi lair saka Gusti Allah. 14 Sabda kuwi dadi manungsa lan manggon ing antarané kita. Kita wis weruh kamulyané, yaiku kamulyan kaya sing ditampa putra siji-sijiné saka bapaké. Dhèwèké kebak welas asihé Gusti Allah sing nggumunké lan apa sing bener. 15 (Yohanes mènèhi kesaksian bab dhèwèké, lan kandha nganggo swara seru, ”Iki wong sing tak maksudké wektu aku kandha, ’Wong sing teka sakwisé aku wis ndhisiki aku, merga dhèwèké wis ana sakdurungé aku.’”) 16 Kita kabèh wis nampa kanthi lubèr welas asih sing nggumunké, merga dhèwèké kebak welas asih kuwi. 17 Taurat wis diwènèhké liwat Musa, nanging welas asih sing nggumunké lan apa sing bener dadi nyata liwat Yésus Kristus. 18 Ora ana wong siji-sijia sing tau ndelok Gusti Allah. Nanging putra siji-sijiné, yaiku sawijiné allah sing ana ing sisihé Bapak, yakuwi sing nerangké bab Gusti Allah.
10-16 SEPTEMBER
SINAU SAKA ALKITAB | YOHANES 3-4
”Yésus Nginjil marang Wong Wadon Samaria”
(Yohanes 4:6, 7) Ing kono, ana sumuré Yakub. Yésus kesel banget merga perjalanané, mula dhèwèké lungguh ing cedhak sumur kuwi. Wektu kuwi kira-kira jam 12 awan. 7 Banjur, ana wong wadon Samaria teka kanggo nimba banyu. Yésus kandha marang wong wadon kuwi, ”Tulung, wènèhana aku ngombé.”
nwtsty katrangan kanggo sinau Yoh 4:6
kesel banget: Mung ing ayat iki sing njelaské nèk Yésus ”kesel banget”. Wektu kuwi kira-kira jam 12 awan. Ésuké Yésus mungkin bar mlaku saka Lembah Yordan ing Yudéa menyang Sikhar ing Samaria, lan ngliwati dalan sing terjal sing dhuwuré kira-kira 900 mèter utawa luwih.—Yoh 4:3-5; deloken buku Tuntunan kanggo Sinau Alkitab kaca 20-21.
(Yohanes 4:21-24) Yésus kandha, ”Percayaa marang aku, bakal tekan wektuné kowé kabèh ora bakal nyembah Gusti Allah ing gunung iki utawa ing Yérusalèm. 22 Kowé kabèh ora kenal sapa sing kok sembah. Aku kabèh kenal sapa sing padha tak sembah, merga keslametan diwiwiti karo wong Yahudi. 23 Senajan ngono, wektuné bakal teka, malah saiki wis teka, para penyembah sing sejati bakal nyembah Bapak nganggo roh lan cocog karo apa sing bener, merga saktenané Bapak nggolèki wong-wong sing kaya ngono kuwi kanggo nyembah Panjenengané. 24 Gusti Allah kuwi Roh lan wong sing nyembah Panjenengané kudu nyembah nganggo roh lan cocog karo apa sing bener.”
(Yohanes 4:39-41) Akèh wong Samaria saka kutha kuwi nduwé iman marang Yésus merga wong wadon kuwi mènèhi kesaksian, ”Dhèwèké ngandhani aku bab kabèh sing tau tak lakoni.” 40 Mula wektu ketemu Yésus, wong-wong Samaria kuwi nyuwun supaya Yésus manggon bareng wong-wong kuwi, lan Yésus manggon ing kono rong dina suwéné. 41 Hasilé, ana luwih akèh manèh sing percaya merga omongané,
Wulangan Penting
(Yohanes 3:29) Mantèn wadon kuwi duwèké mantèn lanang. Nanging kancané mantèn lanang seneng banget wektu ngadeg ing cedhaké mantèn lanang lan ngrungokké swarané. Semono uga, rasa bungahku wis lengkap.
nwtsty katrangan kanggo sinau Yoh 3:29
kancané mantèn lanang: Ing jaman Alkitab, kanca cedhaké mantèn lanang dadi wakil sing sah lan dadi ketua acara sing ngatur kabèh acara pernikahan. Dhèwèké dianggep dadi wong sing ndadèkké mantèn lanang lan wadon dadi siji. Ing dina pernikahané, acarané dianakké ing omahé mantèn lanang utawa bapaké. Pas acara kuwi kancané mantèn lanang mesthi seneng wektu ngrungokké swarané mantèn lanang sing lagi omong-omongan karo mantèn wadon. Kancané mantèn lanang seneng merga wis suksès nindakké tugasé. Yohanes Pembaptis nyebut dhèwèké kuwi ”kancané mantèn lanang”. Dadi mantèn lanangé kuwi Yésus, terus mantèn wadoné yaiku para muridé. Yohanes Pembaptis nyiapké dalan kanggo Mèsias, ngenalké anggota pertama sing dadi ’mantèn wadoné’ Yésus. (Yoh 1:29, 35; 2Kor 11:2; Éf 5:22-27; Why 21:2, 9) Dadi tugasé ”kancané mantèn lanang” wis rampung lan sukses. Mula Yohanes kandha bab Yésus, ”Apa sing dhèwèké tindakké bakal saya akèh, nanging apa sing tak tindakké bakal saya sithik.”—Yoh 3:30.
(Yohanes 4:10) Yésus njawab, ”Nèk kowé ngerti anugrah saka Gusti Allah lan sapa sing kandha marang kowé, ’Tulung, wènèhana aku ngombé,’ kowé mesthi bakal njaluk banyu marang dhèwèké, lan dhèwèké bakal mènèhi kowé banyu sing marakké urip.”
nwtsty katrangan kanggo sinau Yoh 4:10
banyu sing marakké urip: Lit., ”banyu urip”. Ing basa Yunaniné maksudé isa banyu sing mili, mata air, utawa sumber air. Sing dimaksud dudu banyu sing ana ing njero kolam. Ing Km 14:5, basa Ibraniné diterjemahké dadi ”banyuné mili”. Ing Ym 2:13 lan 17:13, Yéhuwah disebut ”tuking toya [utawa ”mata air”] gesang”. dadi urip kuwi digambarké kaya banyu. Wektu Yésus omong-omongan karo wong wadon Samaria, Yésus nggunakké tembung kiasan ”banyu sing marakké urip”, ning kétoké wong wadon kuwi nganggep omongané Yésus kuwi tegesé banyu sing marakké urip tenan.—Yoh 4:11.
Maca Alkitab
(Yohanes 4:1-15) Wektu Yésus ngerti nèk wong-wong Farisi krungu Yésus mbaptis lan ndadèkké luwih akèh murid ketimbang Yohanes, 2 (sakjané, dudu Yésus dhéwé sing mbaptis, nanging murid-muridé) 3 Yésus lunga saka Yudéa lan mangkat menyang Galiléa. 4 Nanging, dhèwèké kudu ngliwati Samaria. 5 Yésus akiré tekan ing sawijiné kutha Samaria, sing disebut Sikhar, cedhak tanah sing diwènèhké Yakub marang anaké, yaiku Yusuf. 6 Ing kono, ana sumuré Yakub. Yésus kesel banget merga perjalanané, mula dhèwèké lungguh ing cedhak sumur kuwi. Wektu kuwi kira-kira jam 12 awan. 7 Banjur, ana wong wadon Samaria teka kanggo nimba banyu. Yésus kandha marang wong wadon kuwi, ”Tulung, wènèhana aku ngombé.” 8 (Wektu kuwi, murid-muridé lagi lunga menyang kutha kanggo tuku panganan.) 9 Wong wadon kuwi njawab, ”Panjenengan kan wong Yahudi, lan aku wong wadon Samaria. Ngapa panjenengan njaluk ngombé saka aku?” (Wong Yahudi biasané ora srawung karo wong Samaria.) 10 Yésus njawab, ”Nèk kowé ngerti anugrah saka Gusti Allah lan sapa sing kandha marang kowé, ’Tulung, wènèhana aku ngombé,’ kowé mesthi bakal njaluk banyu marang dhèwèké, lan dhèwèké bakal mènèhi kowé banyu sing marakké urip.” 11 Wong wadon kuwi kandha, ”Pak, panjenengan kan ora nduwé timba, lan sumur iki jero. Mula saka ngendi panjenengan isa éntuk banyu sing marakké urip kuwi? 12 Yakub, bapak leluhurku wis mènèhi sumur iki. Dhèwèké, anak-anaké, lan ternaké uga ngombé saka sumur iki. Panjenengan ora luwih unggul ketimbang dhèwèké, ta?” 13 Yésus njawab, ”Saben wong sing ngombé banyu iki bakal ngelak manèh. 14 Nanging sapa waé sing ngombé banyu sing bakal tak wènèhké, ora bakal ngelak manèh. Banyu sing bakal tak wènèhké kuwi bakal dadi kaya sumber banyu ing njero awaké lan ngasilké urip langgeng.” 15 Wong wadon kuwi kandha, ”Pak, wènèhana aku banyu kuwi, supaya aku ora ngelak manèh lan ora usah bola-bali mréné kanggo nimba banyu.”
17-23 SEPTEMBER
SINAU SAKA ALKITAB | YOHANES 5-6
”Nduwé Motif sing Tulus kanggo Dadi Muridé Yésus”
(Yohanes 6:9-11) ”Iki ana bocah cilik sing nduwé roti lima lan iwak cilik loro. Nanging apa ya cukup kanggo wong seméné akèhé?” 10 Yésus kandha, ”Kongkonen wong-wong kuwi lungguh.” Ing panggonan kuwi akèh suketé lan wong akèh mau padha lungguh ing kono. Ing antarané wong-wong kuwi, ana kira-kira 5.000 wong lanang. 11 Yésus njupuk roti kuwi, lan sakwisé ngucap sokur, dhèwèké ngedum-edumké marang wong-wong kuwi. Yésus uga nindakké sing padha kanggo iwak loro mau, lan kabèh wong padha mangan nganti wareg.
nwtsty katrangan kanggo sinau Yoh 6:10
Ing antarané wong-wong kuwi, ana kira-kira 5.000 wong lanang: Mung Matius sing nambahi katrangan ”durung klebu wong wadon lan bocah-bocah” wektu nyathet mukjijaté Yésus. (Mat 14:21) Isa waé wong-wong sing diwènèhi pangan wektu kuwi cacahé luwih saka 15.000.
(Yohanes 6:14) Wektu weruh mukjijat sing ditindakké Yésus kuwi, wong-wong padha kandha, ”Dhèwèké bener-bener Nabi sing diramalké bakal teka ing donya.”
(Yohanes 6:24) Dadi wektu wong-wong kuwi weruh nèk Yésus utawa murid-muridé ora ana ing kono, wong-wong kuwi numpak prau-prau mau lan lunga menyang Kapernaum kanggo nggolèki Yésus.
nwtsty katrangan kanggo sinau Yoh 6:14
Nabi: Akèh wong Yahudi ing abad kapisan mbayangké nèk Mèsias kuwi bakal kaya nabi Musa, kaya sing dicathet ing Pa 18:15, 18. Kétoké wong-wong padha nganggep nèk nabi sing kaya Musa sing bakal dadi Mèsias, kaya sing dicathet ing PT 18:15, 18. Wektu wong-wong kandha bakal teka ing donya, mungkin maksudé wong-wong kuwi sakjané ngentèni Mèsias.
(Yohanes 6:25-27) Wektu ketemu karo Yésus ing sebrang laut, wong-wong kuwi kandha, ”Rabi, kapan panjenengan tekan kéné?” 26 Yésus njawab, ”Saktenané aku kandha, kowé kabèh nggolèki aku dudu merga kowé wis ndelok mukjijat, nanging merga kowé kabèh wis mangan roti nganti wareg. 27 Aja nyambut gawé kanggo panganan sing isa bosok. Nanging nyambut gawéa kanggo panganan sing ora bakal bosok lan ngasilké urip langgeng, sing bakal diparingké Putrané Manungsa marang kowé kabèh. Merga Bapak ing swarga, yaiku Gusti Allah dhéwé, wis ndèlèhké meterainé marang Putra kanggo nduduhké nèk Bapak nresnani Putra.”
(Yohanes 6:54) Sapa waé sing mangan dagingku lan ngombé getihku bakal éntuk urip saklawasé, lan aku bakal nguripké manèh wong kuwi ing dina pungkasan.
(Yohanes 6:60) Wektu krungu omongan kuwi, akèh muridé kandha, ”Omongané ora isa ditampa, aku wegah ngrungokké kuwi.”
(Yohanes 6:66-69) Merga kuwi, akèh muridé Yésus bali menyang perkara-perkara sing wis ditinggalké lan ora ngetutké Yésus manèh. 67 Mula Yésus takon marang 12 rasulé, ”Apa kowé ya arep lunga sisan?” 68 Simon Pétrus njawab, ”Gusti, aku kudu lunga marang sapa? Omongané panjenengan ngasilké urip saklawasé. 69 Aku kabèh wis percaya lan ngerti nèk panjenengan kuwi Sing Suci saka Gusti Allah.”
nwtsty katrangan kanggo sinau Yoh 6:27, 54
panganan sing isa bosok . . . panganan sing ora bakal bosok lan ngasilké urip langgeng: Yésus ndelok nèk akèh-akèhé wong sing mèlu dhèwèké lan muridé mung nggolèk kepentingan jasmani. Panganan jasmani dibutuhké kanggo urip saben dina, ning ”panganan” saka Sabdané Gusti Allah isa nggawé manungsa urip langgeng. Yésus mulang wong-wong supaya nyambut gawé kanggo ’panganan sing ngasilké urip langgeng’, carané yaiku ngupaya tenanan kanggo sinau lan nyedhak marang Yéhuwah uga nduduhké imané.—Mat 4:4; 5:3; Yoh 6:28-39.
mangan dagingku lan ngombé getihku: Ing ayat iki sing dimaksud dudu mangan lan ngombé tenanan, ning maksudé yaiku nduduhké iman marang Yésus Kristus. (Yoh 6:35, 40) Yésus ngomong kuwi ing taun 32 M, dadi sing dimaksud kuwi dudu Perjamuan Dalu Gusti, merga Yésus netepké perjamuan kuwi setaun sakbanjuré. Yésus ngomongké kuwi persis sakdurungé ”Riyaya Paskah wong Yahudi” (Yoh 6:4). Dadi, wong-wong sing ngrungokké Yésus mungkin kèlingan karo perayaan Paskah lan karo peristiwa wektu wong Israèl isa metu saka Mesir merga benginé dislametké nganggo getihé wedhus (Pa 12:24-27). Yésus nandheské nèk getihé bakal dadi sarana sing utama bèn para muridé isa éntuk urip langgeng.
w05-IN 1/9 21 ¶13-14
Kita Bakal Mlaku Nggunakké Asmané Yéhuwah Gusti Kita
13 Senajan ngono, wong-wong kuwi terus ngetutké Yésus lan akhiré nemokké Yésus ”ing sebrang laut” kaya sing dicritakké Yohanes. Apa sebabé wong-wong kuwi ngetutké Yésus sakwisé Yésus nolak wektu arep didadèkké raja? Merga akèh-akèhé wong kuwi mentingké kepentingané dhéwé. Wong-wong kuwi kanthi cetha nyebutké persediaan jasmani sing Yéhuwah sedhiakké ing padhang belantara wektu jamané Musa. Dadi, wong-wong kuwi kepéngin Yésus nyedhiakké kebutuhan jasmani. Ning, Yésus ngerti niat atiné. Mula, Yésus mulang wong-wong kuwi bab rohani sing mbantu wong-wong kuwi ngowahi cara mikiré. (Yoh. 6:17, 24, 25, 30, 31, 35-40) Wong-wong kuwi ora trima karo ajarané Yésus, kususé wektu Yésus ngomong, ”Saktenané aku kandha marang kowé, nèk kowé ora mangan dagingé Putrané manungsa lan ngombé getihé, kowé ora bakal nampa urip. Sapa waé sing mangan dagingku lan ngombé getihku bakal éntuk urip saklawasé, lan aku bakal nguripké manèh wong kuwi ing dina pungkasan.”—Yoh. 6:53, 54.
14 Perumpamaané Yésus biasané isa nduduhké motif atiné wong-wong. Perumpamaan sing iki ya kaya ngono. Alkitab kandha, ”Wektu krungu omongan kuwi, akèh muridé kandha, ’Omongané ora isa ditampa, aku wegah ngrungokké kuwi.’” Yésus péngin njelaské nèk omongané kuwi ana hubungané karo bab-bab rohani. Yésus kandha, ”Sing mènèhi urip kuwi roh suci, dudu upayané manungsa sing babar blas ora ana gunané. Bab sing tak omongké marang kowé kuwi asalé saka roh suci lan mènèhi urip.” Ning, akèh wong tetep ora gelem ngrungokké. Alkitab kandha, ”Merga kuwi, akèh muridé Yésus bali menyang perkara-perkara sing wis ditinggalké lan ora ngetutké Yésus manèh.”—Yoh. 6:60, 63, 66.
Wulangan Penting
(Yohanes 6:44) Ora ana wong sing isa teka marang aku, kejaba Bapak, sing ngutus aku, narik dhèwèké, lan aku bakal nguripké manèh wong kuwi ing dina pungkasan.
nwtsty katrangan kanggo sinau Yoh 6:44
narik dhèwèké: Ing basa Yunani, tembung ”narik” ana hubungané karo narik iwak nganggo jaring (Yoh 21:6, 11). Ning, maksudé Gusti Allah ora meksa wong-wong bèn dadi umaté. Omongané Yésus iki uga ana hubungané karo Ym 31:3 sing nyritakké nèk Yéhuwah kandha karo umaté jaman mbiyèn, ”Aku narik kowé nganggo katresnan sing langgeng.” (Septuaginta uga nggunakké tembung Yunani sing padha.) Ing Yoh 12:32, tembung sing digunakké uga padha, yaiku Yésus narik kabèh wong marang dhèwèké. Alkitab kandha nèk manungsa nduwé kebébasan kanggo milih arep ngabdi marang Yéhuwah apa ora. (PT 30:19, 20) Wong-wong sing tulus atiné lan nduwé niat sing bener ditarik bèn dadi abdiné Yéhuwah. (Ms 11:5; WB 21:2; Kis 13:48) Yéhuwah narik wong-wong liwat Alkitab lan roh suci. Wong-wong sing ditarik marang Yéhuwah ing Yoh 6:45, cocog karo ramalan ing Yé 54:13.—Bandhingna karo Yoh 6:65.
(Yohanes 6:64) Nanging ing antaramu ana sing ora percaya.” Saka wiwitan Yésus wis ngerti sapa waé sing ora percaya lan sapa sing bakal ngianati dhèwèké.
nwtsty katrangan kanggo sinau Yoh 6:64
Yésus wis ngerti . . . sapa sing bakal ngianati dhèwèké: Sing dimaksud Yésus yaiku Yudas Iskariot. Yésus wis ndonga sewengi muput sakdurungé milih 12 rasulé. (Luk 6:12-16) Dadi, awalé Yudas kuwi wong sing setya marang Gusti Allah. Ning, Yésus ngerti ana ramalan ing Kitab Ibrani nèk dhèwèké bakal dikhianati karo kanca cedhaké. (Ms 41:10; 109:8; Yoh 13:18, 19) Yésus isa maca ati lan pikirané Yudas wektu Yudas mulai mikirké bab sing ala. (Mat 9:4) Yéhuwah isa ngerti sakdurungé nèk Yésus bakal dikhianati karo kanca cedhaké sing isa dipercaya. Ning, dudu Yéhuwah sing nemtokké nèk Yudas sing bakal dadi pengkhianat. Yéhuwah ora mungkin kaya ngono, merga kuwi ora cocog karo sipat-sipaté.
Saka wiwitan: Sing dimaksud iki dudu saka Yudas lair utawa wektu dipilih dadi rasul, yaiku sakwisé Yésus ndonga sewengi muput. (Luk 6:12-16) Ning, sing dimaksud yaiku wektu Yésus ngerti nèk Yudas mulai tumindak jahat. (Yoh 2:24, 25; Why 1:1; 2:23) Iki uga nduduhké nèk tumindaké Yudas kuwi wis dipikirké lan direncanakké, ora ujug-ujug atiné Yudas malih dadi jahat. Tembung ”wiwitan” (Yunani, arkhe) ing Kitab-Kitab Yunani artiné isa béda-béda manut kontèksé. Contoné, wektu Pétrus kandha nèk wong-wong Yahudi éntuk roh suci ’kaya sing ditampa pas wiwitan’ (Kis 11:15), sing dimaksud Pétrus kuwi dudu wektu dhèwèké lair utawa wektu dipilih dadi rasul. Ning, sing dimaksud yaiku dina Péntakosta 33 M, ’wiwitané’ wong-wong diurapi roh suci kanggo tujuan kusus. (Kis 2:1-4) Conto liyané sing nduduhké arti kata ”wiwitan” sing béda-béda ana ing Yoh 15:27 lan 1Yoh 2:7.
Maca Alkitab
(Yohanes 6:41-59) Banjur wong-wong Yahudi mulai nggrundel bab Yésus merga Yésus kandha, ”Aku iki roti sing mudhun saka swarga.” 42 Wong-wong kuwi banjur kandha, ”Iki kan Yésus anaké Yusuf, ta? Awaké dhéwé kenal karo bapaké lan ibuné. Kok isa-isané dhèwèké kandha, ’Aku mudhun saka swarga’?” 43 Yésus njawab, ”Aja padha nggrundel manèh. 44 Ora ana wong sing isa teka marang aku, kejaba Bapak, sing ngutus aku, narik dhèwèké, lan aku bakal nguripké manèh wong kuwi ing dina pungkasan. 45 Ana tulisan ing Kitab Para Nabi, ’Kabèh wong kuwi bakal diwulang karo Yéhuwah.’ Saben wong sing wis ngrungokké Bapak lan sinau saka Panjenengané teka marang aku. 46 Ora ana wong sing tau ndelok Bapak, kejaba aku sing asalé saka Gusti Allah, mung aku sing wis tau ndelok Bapak. 47 Saktenané aku kandha marang kowé, sapa waé sing percaya bakal éntuk urip saklawasé. 48 ”Aku iki roti sing mènèhi urip. 49 Para leluhurmu mangan manna ing padhang belantara, lan akiré tetep mati. 50 Nanging saben wong sing mangan roti sing sejati, yaiku roti sing mudhun saka swarga, ora bakal mati. 51 Aku iki roti sing mènèhi urip, sing mudhun saka swarga. Wong sing mangan roti iki bakal urip saklawasé. Sakjané, roti sing bakal tak wènèhké kuwi dagingku, supaya donya iki nampa urip.” 52 Wong-wong Yahudi banjur padha bebantahan karo siji lan sijiné, kandhané, ”Kok isa wong iki mènèhké dagingé kanggo dipangan awaké dhéwé?” 53 Yésus kandha marang wong-wong kuwi, ”Saktenané aku kandha marang kowé, nèk kowé ora mangan dagingé Putrané manungsa lan ngombé getihé, kowé ora bakal nampa urip. 54 Sapa waé sing mangan dagingku lan ngombé getihku bakal éntuk urip saklawasé, lan aku bakal nguripké manèh wong kuwi ing dina pungkasan. 55 Dagingku kuwi panganan sing sejati lan getihku kuwi ombèn sing sejati. 56 Sapa waé sing mangan dagingku lan ngombé getihku bakal tetep dadi siji karo aku, lan aku dadi siji karo wong kuwi. 57 Padha kaya Bapak sing urip ngutus aku, lan aku urip merga Bapak, wong sing mangan dagingku bakal urip merga aku. 58 ki roti sing mudhun saka swarga. Iki ora kaya roti sing dipangan para leluhurmu, merga wong-wong kuwi akiré tetep mati. Sapa waé sing mangan roti iki bakal urip saklawasé.” 59 Yésus ngomongké kuwi kabèh wektu lagi mulang ing sinagogé ing Kapernaum.
24-30 SEPTEMBER
SINAU SAKA ALKITAB | YOHANES 7-8
”Yésus Mulyakké Bapaké”
(Yohanes 7:15-18) Wong-wong Yahudi padha nggumun lan kandha, ”Kok isa wong iki nduwé akèh pangertèn bab Kitab Suci padahal dhèwèké ora tau sekolah agama?” 16 Yésus banjur njawab, ”Apa sing tak wulangké dudu wulanganku dhéwé, nanging wulangané Panjenengané sing ngutus aku. 17 Wong sing péngin nindakké kersané Gusti Allah bakal ngerti apa wulangan iki asalé saka Gusti Allah utawa saka pikiranku dhéwé. 18 Sapa waé sing ngomong saka pikirané dhéwé kuwi nggolèk kamulyané dhéwé. Nanging, sapa waé sing ngupaya mulyakké Panjenengané sing ngutus dhèwèké, wong kuwi bener lan apa sing ora bener ora ana ing dhèwèké.
cf-IN 100 ¶5-6
”Kitab Suci Kandha”
5 Yésus péngin wong-wong ngerti asalé berita sing diwulangké. Yésus kandha, ”Apa sing tak wulangké dudu wulanganku dhéwé, nanging wulangané Panjenengané sing ngutus aku.” (Yohanes 7:16) Yésus uga tau kandha, ”Aku ora nindakké apa-apa manut karepku dhéwé. Nanging, aku ngomongké apa sing diwulangké Bapak marang aku.” (Yohanes 8:28) Sakliyané kuwi Yésus kandha, ”Apa sing tak omongké marang kowé asalé dudu saka pikiranku dhéwé, nanging Bapak sing tetep nyawiji karo aku nindakké gawéané liwat aku.” (Yohanes 14:10) Mula, Yésus bola-bali ngutip saka isiné Kitab Suci.
6 Nurut hasil penelitian, luwih saka setengah isiné Kitab-Kitab Ibrani dikutip karo Yésus wektu mulang. Kadhang kala, Yésus langsung ngutip isiné ayat, kadhang ora. Mungkin kuwi kétok biasa-biasa waé. Panjenengan mungkin mikir kenapa kok Yésus ora ngutip saka kabèh isiné Kitab Suci sing ana wektu kuwi, padahal Yésus nginjil lan mulang saksuwéné telu setengah taun. Mungkin Yésus ya nindakké kuwi, tapi ora kabèh omongan lan tumindaké Yésus dicathet ing Alkitab. (Yohanes 21:25) Nèk panjenengan maca kabèh omongané Yésus sing ana ing Alkitab, mungkin panjenengan mung butuh pirang-pirang jam thok. Dadi, nèk ing wektu pirang-pirang jam kuwi panjenengan isa ngomongké bab Gusti Allah lan Kratoné, sarta ngutip saka Kitab-Kitab Ibrani luwih saka setengahé, kuwi luar biasa banget. Sakliyané kuwi, biasané Yésus mulang tanpa ndelok gulungan kitab. Wektu nyampèkké ceramah ing gunung, Yésus ngutip puluhan ayat saka Kitab-Kitab Ibrani tanpa ndelok cathetan.
(Yohanes 7:28, 29) Banjur wektu mulang ing bait, Yésus ngomong nganggo swara seru, ”Kowé ngerti aku sapa lan asalku saka ngendi. Aku teka ora merga karepku dhéwé. Panjenengané sing ngutus aku kuwi bener-bener ana, nanging kowé ora kenal karo Panjenengané. 29 Aku kenal karo Panjenengané, merga aku wakilé Panjenengané, lan Panjenengané sing ngutus aku.”
(Yohanes 8:29) Panjenengané sing ngutus aku ana bareng karo aku. Panjenengané ora ninggalké aku dhèwèkan, merga aku mesthi nindakké perkara-perkara sing nyenengké Panjenengané.”
w11-IN 15/3 11 ¶19
Dituntun Roh Suciné Gusti Allah, Dudu Pikirané Donya Iki
19 Manut tenan karo Yéhuwah. Yésus mesthi nindakké bab-bab sing nyenengké Bapaké. Pancèn Yésus wis tau sepisan nduwé kepénginan sing béda karo kersané Bapaké. Ning, Yésus kanthi yakin kandha, ”Dudu karepku sing kuduné kelakon, mung kersané Panjenengan sing kudu kelakon.” (Luk. 22:42) Coba pikirna, ’Apa aku manut karo Yéhuwah senajan kahanané ora gampang?’ Manut karo Yéhuwah kuwi penting banget, merga Yéhuwah kuwi sing nyiptakké kita lan dadi sumber urip kita. (Ms. 95:6, 7) Manut karo Yéhuwah kuwi mutlak. Nèk ora manut kita ora isa nyenengké Yéhuwah.
Wulangan Penting
(Yohanes 7:8-10) Kowé lungaa menyang riyaya kuwi. Aku durung arep lunga mrana, merga saiki durung wektuné kanggo aku.” 9 Sakwisé ngomongké bab-bab kuwi, Yésus tetep ing Galiléa. 10 Wektu adhi-adhiné wis padha lunga menyang riyaya kuwi, Yésus uga lunga mrana, nanging lungané meneng-meneng.
w07-IN 1/2 6 ¶4
Apa Sebabé Kudu Jujur?
Apa sing isa disinaoni saka Yésus? Yésus tau omong-omongan karo wong-wong sing ora gelem dadi muridé, tapi péngin ngerti Yésus arep lunga menyang ngendi. Wong-wong kuwi kandha karo Yésus, ”Lungaa saka kéné menyang Yudéa.” Yésus njawab, ”Kowé lungaa menyang riyaya kuwi. Aku durung arep lunga mrana, merga saiki durung wektuné kanggo aku.” Ning sakwisé kuwi, Yésus bener-bener lunga menyang Yérusalèm kanggo mèlu riyaya. Dadi, kenapa Yésus njawab kaya ngono? Wong-wong kuwi ora nduwé hak kanggo ngerti Yésus arep lunga menyang ngendi. Dadi, Yésus ora ngapusi, tapi mung mènèhi katrangan sing ora lengkap bèn dhèwèké lan murid-muridé ora kena bahaya. Yésus ora mungkin ngapusi merga Rasul Pétrus tau kandha bab Yésus, ”Dhèwèké ora nindakké dosa lan ora tau ngapusi.”—Yoh. 7:1-13; 1 Ptr. 2:22.
(Yohanes 8:58) Yésus kandha, ”Saktenané aku kandha marang kowé, sakdurungé Abraham lair, aku wis ana.”
nwtsty katrangan kanggo sinau Yoh 8:58
aku wis ana: Wong-wong Yahudi sing dadi mungsuhé Yésus péngin mbandhemi Yésus nganggo watu merga Yésus kandha nèk dhèwèké ”wis tau ndelok Abraham”. Wong-wong kuwi kandha padahal umuré Yésus ”durung nganti 50”. (Yoh 8:57) Wektu kuwi Yésus arep ngandhani nèk Yésus wis ana, dadi makhluk roh ing swarga sakdurungé Abraham lair. Ana sing kandha nèk ayat iki ndhukung gagasan sing kandha nèk Yésus kuwi padha karo Gusti Allah. Ayat iki nggunakké kata kerja Yunani egoeimi (sing diterjemahké dadi ”aku ana” ing Alkitab-Alkitab sing liyané). Wong-wong kuwi kandha nèk basa Yunani sing digunakké ing kono padha karo kata-kata ing Pa 3:14 ing terjemahan Septuaginta. Mula, kuduné loro ayat kuwi nduwé maksud sing padha. Ning, kata kerja Yunani eimi kuwi maksudé kedadéan saka ”sakdurungé Abraham lair”, lan kedadéan kuwi isih kelakon nganti saiki. Mula, luwih cocog nèk diterjemahké dadi ”aku wis ana” ketimbang ”aku ana”. Akèh terjemahan liya sing wis kuna lan sing modhèren nggunakké tembung ”aku wis ana”. Malah ing Yoh 14:9, kata kerja Yunani sing padha yaiku eimi digunakké wektu Yésus kandha, ”Wis suwé aku bareng karo kowé kabèh, nanging kok kowé isih durung kenal aku, Filipus?” Akèh terjemahan liya sing nggunakké kata-kata sing padha. Dadi, kata kerja eimi kuwi isa diterjemahké manut kontèksé, ora kudu diterjemahké dadi ”wis ana”. (Conto liya kanggo nduduhké penggunaan kata kerja Yunani manut kontèksé yaiku Luk 13:7; 15:29; Yoh 5:6; 15:27; Kis 15:21; 1Yoh 3:8.) Sakliyané kuwi, omongané Yésus ing Yoh 8:54, 55 nduduhké nèk Yésus kuwi dudu Gusti Allah.
Maca Alkitab
(Yohanes 8:31-47) Yésus banjur kandha marang wong-wong Yahudi sing wis percaya marang dhèwèké, ”Nèk kowé terus percaya marang omonganku, kowé bener-bener muridku, 32 lan kowé bakal ngerti apa sing bener, lan apa sing bener kuwi bakal mbébaské kowé.” 33 Wong-wong kuwi njawab, ”Aku kabèh iki keturunané Abraham lan ora tau dadi budhaké sapa-sapa. Kok isa kowé ngomong nèk aku kabèh bakal bébas?” 34 Yésus njawab, ”Saktenané aku kandha marang kowé, saben wong sing nindakké dosa kuwi budhaké dosa. 35 Sakliyané kuwi, budhak ora manggon saklawasé ing omahé juragané, nanging anaké juragané sing tetep manggon ing kono saklawasé. 36 Dadi nèk Putra mbébaské kowé, kowé bakal bener-bener bébas. 37 Aku ngerti nèk kowé keturunané Abraham. Nanging kowé péngin matèni aku, merga kowé ora nampa omonganku. 38 Aku ngomongké perkara-perkara sing tak delok wektu aku bareng karo Bapakku, nanging kowé nindakké perkara-perkara sing kok rungokké saka bapakmu.” 39 Wong-wong kuwi njawab, ”Bapakku kuwi Abraham.” Yésus kandha marang wong-wong kuwi, ”Nèk kowé anak-anaké Abraham, kowé bakal nindakké apa sing ditindakké Abraham. 40 Aku wis ngandhani kowé apa sing bener sing tak rungokké saka Gusti Allah, nanging kowé malah arep matèni aku. Abraham ora tau nindakké sing kaya ngono. 41 Kowé nindakké apa sing ditindakké bapakmu.” Wong-wong kuwi njawab, ”Aku kabèh dudu anak sing lair merga hubungan sèks sing ora sah. Bapakku mung siji, yaiku Gusti Allah.” 42 Yésus kandha marang wong-wong kuwi, ”Nèk Gusti Allah kuwi Bapakmu, kowé bakal nresnani aku. Aku ana ing kéné merga diutus Gusti Allah. Aku teka ora merga karepku dhéwé, nanging merga Panjenengané sing ngutus aku. 43 Kowé ora paham apa sing tak omongké iki merga kowé ora gelem nampa omonganku. 44 Bapakmu kuwi Iblis, lan kowé péngin nindakké karepé bapakmu. Dhèwèké kuwi tukang matèni wiwit dhèwèké mulai mbrontak, lan dhèwèké nyimpang saka apa sing bener, merga apa sing bener ora ana ing njero atiné. Nèk dhèwèké ngapusi, kuwi pancèn wataké, merga dhèwèké tukang ngapusi lan bapaké wong-wong sing seneng ngapusi. 45 Nanging, aku ngandhani kowé apa sing bener, lan merga kuwi kowé ora percaya karo aku. 46 Sapa ing antaramu sing isa mbuktèkké nèk aku tumindak dosa? Nèk aku ngomongké apa sing bener, ngapa kowé ora percaya marang aku? 47 Anak-anaké Gusti Allah ngrungokké pangandikané Gusti Allah. Nanging kowé ora ngrungokké, merga kowé dudu anak-anaké Gusti Allah.”