URIPÉ WONG KRISTEN
Tambah Trampil Nginjil—Carané Mulai Ngekèki Kesaksian sing Ora Resmi
Yésus isa mulai omong-omongan karo wong wadon Samaria, lan akhiré isa ngekèki kesaksian ora resmi. Piyé carané isa tambah trampil omong-omongan karo wong sing ora dikenal?
Kudu ramah lan gelem omong-omongan karo wong liya. Senajan lagi kesel, Yésus isa mulai omong-omongan nganggo cara njaluk ombé. Dadi, panjenengan isa mulai nyapa, terus mungkin ngomentari cuaca utawa kedadéan sing lagi waé kelakon. Élinga nèk tujuan awalé mung bèn isa mulai omong-omongan. Dadi, omongna bab apa waé sing isa waé disenengi karo wong kuwi. Nèk wongé ora nanggepi, ora apa-apa, coba manèh karo wong sing liyané.—Ny 2:4; Kis 4:29.
Nèk ana kesempatan kanggo mulai ngomongké bab kabar apik, aja kesusu, ngobrol waé sing santai. Aja meksa, bèn wongé ngrasa nyaman lan isa nglanjutké omong-omongan. Aja gela nèk durung isa mènèhi kesaksian. Nèk ngrasa kangèlan kanggo mènèhi kesaksian ora resmi, cobanen latihan ngejak omong-omongan wong liya tanpa kudu mènèhi kesaksian. [Setèlen lan rembugen video 1.]
Wektu omong-omongan, gawéa kesempatan kanggo ngekèki kesaksian. Panjenengan mungkin isa mancing bèn wongé takon-takon bab imané panjenengan. Yésus uga ngomongké bab sing nggawé wong wadon kuwi penasaran lan akhiré takon-takon. Jawaban kanggo pitakonané wong wadon kuwi isa dadi sarana kanggo ngekèki kesaksian. [Setèlen lan rembugen video 2, bar kuwi video 3.]