SINAU SAKA ALKITAB | YOHANES 5-6
Nduwé Motif sing Tulus kanggo Dadi Muridé Yésus
Wektu Yésus nyritakké perumpamaan sing angèl dingertèni, akèh sing kagèt, ora setuju, lan ninggalké Yésus. Padahal, sedina sakdurungé Yésus nduduhkké mukjijat mènèhi panganan marang akèh wong. Iki bukti nèk Yésus éntuk kuwasa saka Gusti Allah. Dadi, kenapa akèh sing ninggalké Yésus? Mungkin wong-wong kuwi motifé ora tulus. Dadi ngetutké Yésus mung merga péngin éntuk keuntungan matèri.
Coba pikirna: ’Kenapa aku gelem dadi muridé Yésus? Apa mung merga péngin éntuk berkah saiki lan sukmbèn? Utawa merga tresna lan péngin nyenengké Yéhuwah?’
Apa sebabé kita isa kesandhung nèk ngabdi marang Yéhuwah mung merga alesan-alesan iki?
Seneng cedhak karo sedulur-sedulur seiman
Péngin urip ing Firdaus