PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • jy bab 36 hlm. 92-hlm. 93 par. 7
  • Sawijiné Perwira Nduduhké Iman sing Gedhé

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Sawijiné Perwira Nduduhké Iman sing Gedhé
  • Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Apa Isiné Alkitab Saling Bertentangan?
    Pertanyaan sing Dijawab ing Alkitab
Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
jy bab 36 hlm. 92-hlm. 93 par. 7
Perwira nyawang pembantuné sing lara parah; ing gambar mburi, para pemimpiné wong Yahudi nemoni Yésus

BAB 36

Sawijiné Perwira Nduduhké Iman sing Gedhé

MATIUS 8:5-13 LUKAS 7:1-10

  • PEMBANTUNÉ PERWIRA DIMARÈKKÉ

  • WONG SING NDUWÉ IMAN BAKAL DIBERKAHI

Para pemimpiné wong Yahudi nemoni Yésus

Sakwisé nyampèkké Ceramah ing Gunung, Yésus lunga menyang Kapernaum. Ing kutha kuwi, ana pemimpiné wong Yahudi sing teka marani Yésus. Wong-wong kuwi diutus karo sawijiné perwira Romawi.

Pembantu sing disayangi perwira kuwi lara parah lan arep mati. Senajan dudu wong Yahudi, perwira kuwi njaluk bantuané Yésus. Para pemimpiné wong Yahudi kuwi ngandhani Yésus nèk pembantuné perwira kuwi ”lumpuh ing omah lan ora isa tangi, dhèwèké sengsara banget”. (Matius 8:6) Wong-wong kuwi ngyakinké Yésus nèk perwira kuwi pantes dibantu, kandhané, ”Dhèwèké nresnani bangsa kita lan dhèwèké sing mbangun sinagogé ing kéné.”​—Lukas 7:4, 5.

Wektu arep tekan omahé perwira, kancané perwira kuwi teka kanggo nemoni Yésus

Yésus banjur lunga karo para pemimpiné wong Yahudi kuwi menyang omahé perwira. Wektu wis arep tekan, perwira kuwi ngongkon kancané ngandhani Yésus, ”Pak, panjenengan ora usah répot-répot teka, aku ora pantes nampa panjenengan ing omahku. Kuwi sebabé aku ngrasa ora pantes nemoni panjenengan.” (Lukas 7:6, 7) Iki nduduhké sipat andhap asor saka wong sing biasané mènèhi préntah. Iki uga nduduhké bédané perwira iki karo wong Romawi liyané sing tumindaké kasar marang budhaké.​—Matius 8:9.

Perwira kuwi ngerti nèk wong Yahudi ora gelem srawung karo wong saka bangsa liya. (Kisah 10:28) Mungkin kuwi alesané perwira mau ngongkon kancané ngandhani Yésus, ”Panjenengan cukup ngendika sak tembung waé lan pembantuku mesthi mari.”​—Lukas 7:7.

Yésus nggumun krungu omongan kuwi, banjur kandha, ”Aku ngandhani kowé kabèh, aku durung tau ketemu wong ing Israèl sing imané gedhé kaya wong iki.” (Lukas 7:9) Sakwisé bali ing omahé perwira, kanca-kancané perwira kuwi ndelok pembantuné perwira mau wis mari.

Bar kuwi, Yésus nggunakké kesempatan iki kanggo nduduhké nèk wong-wong saka bangsa liya sing nduwé iman, bakal diberkahi. Yésus kandha, ”Akèh wong saka wétan lan kulon bakal teka, terus lungguh lan mangan bareng karo Abraham, Ishak, lan Yakub ing Kraton swarga.” Apa sing bakal dialami wong Yahudi sing ora nduwé iman? Yésus kandha nèk wong-wong kuwi ”bakal diuncalké menyang njaba, ing pepeteng. Ing kono wong-wong kuwi bakal nangis lan gela banget”.​—Matius 8:11, 12.

Sakjané, wong Yahudi éntuk kesempatan dhisik kanggo mréntah bareng Kristus ing swarga, nanging kesempatan kuwi malah ditolak. Mula, Gusti Allah uga bakal nolak wong-wong kuwi. Lan kesempatan kanggo lungguh lan mangan bareng karo Kristus ”ing Kraton swarga” bakal diwènèhké marang wong saka bangsa liya.

  • Apa sebabé wong Yahudi nyuwun marang Yésus bèn marèkké pembantuné perwira Romawi?

  • Apa sebabé perwira kuwi kandha nèk Yésus ora perlu teka menyang omahé?

  • Miturut Yésus, kesempatan apa sing diwènèhké marang wong saka bangsa liya?

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim