Referensi kanggo Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjil
1-7 OKTOBER
SINAU SAKA ALKITAB | YOHANES 9-10
”Yésus Perduli karo Wedhus-wedhusé”
(Yohanes 10:1-3) ”Saktenané aku kandha marang kowé, wong sing mlebu kandhang wedhus ora liwat lawang, nanging mènèk témbok, wong kuwi maling lan rampok. 2 Nanging wong sing mlebu liwat lawang, wong kuwi pangoné wedhus-wedhus kuwi. 3 Sing njaga lawang mbukakké lawang kanggo wong kuwi, lan wedhus-wedhusé ngrungokké swarané. Pangon kuwi nyeluk wedhusé manut jenengé dhéwé-dhéwé lan nggiring wedhus-wedhus kuwi metu.
(Yohanes 10:11) Aku iki pangon sing apik. Pangon sing apik masrahké nyawané kanggo wedhus-wedhusé.
(Yohanes 10:14) Aku iki pangon sing apik. Aku kenal wedhus-wedhusku, lan wedhus-wedhusku kenal aku,
nwtsty media
Kandhang Wedhus
Kandhang wedhus biasané ana pageré kanggo nglindhungi wedhus saka pencuri lan kéwan buas. Para pangon njaga kawanan wedhus bèn tetep aman ing kandhang wektu bengi. Ing jaman Alkitab, kandhangé wedhus iki ora ana atapé lan bentuké béda-béda, biasané mung saka watu-watu sing disusun dadi témbok lan lawangé mung siji. (Wi 32:16; 1Sa 24:3; Zf 2:6) Yohanes kandha bab nggiring wedhus-wedhus ”liwat lawang”, lan ana ”sing njaga lawang”. (Yoh 10:1, 3) Ing siji kandhang wedhus, isa waé ana luwih saka siji kawanan wedhus sing manggon ing kono wektu bengi, lan sing njaga lawang bakal jaga-jaga lan nglindhungi wedhus-wedhus kuwi. Ing wayah ésuk, sing njaga lawang mbukakké lawang kanggo para pangon. Para pangon kuwi nyeluki kawanan wedhusé kanggo diklumpukké. Wedhus-wedhus kuwi kenal karo swarané pangoné lan gelem mara. (Yoh 10:3-5) Yésus nggunakké kebiasaan kuwi kanggo nggambarké carané Yésus ngopèni murid-muridé.—Yoh 10:7-14.
w11-IN 15/5 7-8 ¶5
Keluarga-Keluarga Kristen—”Tetepa Tangi”
5 Hubungan antarané pangon lan wedhusé kuwi merga padha-padha kenal lan percaya. Pangon biasané ngerti tenan bab wedhusé. Terus wedhus-wedhusé uga kenal lan percaya karo pangoné. Wedhus-wedhus kuwi kenal lan manut wektu krungu swarané pangoné. Yésus kandha, ”Aku kenal wedhus-wedhusku, lan wedhus-wedhusku kenal aku.” Kata Yunani ”kenal” sing digunakké ing kéné maksudé ”ngerti tenan, akrab”. Dadi Yésus, Pangon sing Apik ora mung ngerti bab wedhus-wedhusé, tapi kenal tenan karo wedhus-wedhusé lan ngerti tenan bab apa sing dibutuhké. Yésus sing dadi Tuladha kita bener-bener nggatèkké wedhus-wedhusé. Lan wedhusé kenal lan percaya tenan karo pangoné.
(Yohanes 10:4, 5) Sakwisé nggiring wedhus-wedhusé metu, dhèwèké mlaku ing ngarepé wedhus-wedhusé, lan wedhus-wedhusé ngetutké dhèwèké merga padha kenal swarané. 5 Wedhus-wedhus kuwi ora bakal ngetutké wong sing ora dikenal, nanging bakal mlayu saka wong kuwi, merga wedhus-wedhus kuwi ora kenal swarané wong kuwi.”
cf-IN 124 ¶17
”Nèk Yésus Mulang Mesthi Nganggo Perumpamaan”
17 Ing bukuné sing judhulé The Historical Geography of the Holy Land, George A. Smith nulis, ”Kadhang kala wektu lagi lèrèn awan-awan ing cedhak sumur ing Yudéa, ana para pangon sing cacahé telu utawa papat teka bareng karo kawanan wedhusé. Wedhus-wedhus kuwi ngumpul bareng, ngombé, lan dolanan. Sakwisé rampung, para pangon ngadeg ing panggonan sing béda-béda banjur nyeluki kawanan wedhusé. Terus wedhus-wedhus kuwi padha ngumpul nyedhaki pangoné dhéwé-dhéwé lan ngetutké pangoné.” Perumpamaané Yésus iki pas banget kanggo nandheské nèk kita manut karo piwulang lan tuntunané Yésus, kita bakal diopèni karo ”pangon sing apik”.
(Yohanes 10:16) ”Lan aku nduwé wedhus-wedhus liya, sing dudu saka kandhang iki. Wedhus-wedhus kuwi uga kudu tak gawa mlebu, lan bakal padha ngrungokké swaraku. Kabèh wedhus-wedhus kuwi bakal dadi sakelompok, lan pangoné mung siji.
nwtsty katrangan kanggo sinau Yoh 10:16
gawa mlebu: Utawa ”nggiring”. Kata kerja Yunani ago sing digunakké ing kéné tegesé ”nggawa (mlebu)” utawa ”nggiring”, tergantung kontèksé. Salah siji manuskrip Yunani saka taun 200 M nggunakké tembung Yunani sing ana hubungané karo kuwi (synago) sing tegesé ”nglumpukké”. Yésus, Pangon sing Apik, nglumpukké, nuntun, njaga, lan ngopèni kawanan wedhus sing ana ing kandhang iki (sing uga disebut ”kelompok cilik” ing Luk 12:32) lan wedhus-wedhus liya. Kabèh wedhus-wedhus kuwi bakal dadi sakelompok, lan pangoné siji. Perumpamaan iki nggambarké keadaan rukun sing dialami karo para muridé Yésus.
Wulangan Penting
(Yohanes 9:38) Wong lanang kuwi kandha, ”Aku nduwé iman marang dhèwèké, Gusti.” Banjur wong lanang kuwi sujud ing ngarepé Yésus.
nwtsty katrangan kanggo sinau Yoh 9:38
sujud ing ngarepé Yésus: Utawa ”mbungkuk ing ngarepé Yésus, lan ngurmati Yésus”. Kata kerja Yunani proskyneo biasané diterjemahké dadi ”nyembah”, yaiku nyembah allah utawa déwa. (Mat 4:10; Luk 4:8) Ning, ing ayat iki, wong lanang wuta sing dimarèkké kuwi ngakoni nèk Yésus kuwi utusané Gusti Allah lan dhèwèké sujud ing ngarepé Yésus. Wong lanang kuwi ora nganggep Yésus dadi Gusti Allah utawa déwa, ning dadi ”Putrané manungsa”, yaiku Mèsias sing dijanjèkké karo Gusti Allah. (Yoh 9:35) Wektu wong lanang kuwi sujud ing ngarepé Yésus, mungkin kuwi padha karo sing ditindakké wong-wong sing dicritakké ing Kitab-Kitab Ibrani. Wong-wong kuwi sujud ing ngarepé nabi, raja, utawa para wakilé Gusti Allah. (1Sa 25:23, 24; 2Sa 14:4-7; 1Ra 1:16; 2Ra 4:36, 37) Kadhang kala, sujud ing ngarepé Yésus kuwi nduduhké nèk ngajèni lan ngakoni sing dadi wakilé Gusti Allah lan didukung karo Gusti Allah.—Deloken katrangan kanggo sinau Mat 2:2; 8:2; 14:33; 15:25.
(Yohanes 10:22) Wektu kuwi, ing Yérusalèm lagi ana Riyaya Penahbisan. Pas kuwi uga musim dingin,
nwtsty katrangan kanggo sinau Yoh 10:22
Riyaya Penahbisan: Ing basa Ibrani, perayaan iki disebut Hanukkah (chanukkah), artiné ”Peresmian; Penahbisan”. Perayaan iki suwéné wolung dina, dimulai saka tanggal 25 Khislew, nyedhaki musim dingin, (deloken buku Tuntunan kanggo Sinau Alkitab kaca 64) kanggo ngéling-éling penahbisané bait Yérusalèm sing ditindakké manèh ing taun 165 SM. Sakdurungé kuwi, Raja Antiokhus IV Epifanes saka Siria ngécé Yéhuwah, Gusti Allahé wong Yahudi, nganggo cara mbangun misbyah ing ndhuwuré misbyah utama bait sing saben dina digunakké kanggo ngorbanké korban bakaran. Ing tanggal 25 Khislew, taun 168 SM, Antiokhus ngorbanké babi ing misbyah kuwi lan kalduné dicipratké ing sekitar bait. Dhèwèké ngobong pager bait, ngancurké ruangan-ruangané para imam, lan nggawa lunga pethi emas, méja roti cecaosan, lan wadah lampu minyak saka emas. Banjur, dhèwèké nahbiské misbyah kuwi kanggo nyembah dewa palsu Zeus lan Olimpus. Rong taun sakbanjuré, Yudas Makabe ngrebut kutha Yérusalèm lan baité. Sakwisé disucèkké manèh, bait kuwi ditahbiské manèh taun 165 SM, telung taun pas sakwisé Antiokhus nggawé korban obaran sing njijiki ing misbyah kanggo déwa Zeus. Dadi, korban bakaran kanggo Yéhuwah isa ditindakké manèh saben dinané. Ora ana cathetan ing Alkitab sing nyebutké nèk Yéhuwah nggunakké Yudas Makabeus kanggo ngrebut kutha Yérusalèm lan mulihké manèh baité. Ning, Yéhuwah pancèn tau nggunakké raja-raja saka bangsa liya, kaya Korès saka Pèrsia, kanggo nindakké kersané. (Yé 45:1). Dadi, masuk akal nèk Yéhuwah isa nggunakké sapa waé kanggo nindakké kersané. Alkitab nduduhké nèk bait Allah kudu tetep ana lan digunakké kanggo ibadah sejati nganti kabèh nubuat bab Mèsias, tugas nginjilé, lan pengorbanané wis kelakon. Sakliyané kuwi, korban-korban persembahan sing disampèkké liwat wong-wong Lèwi kudu terus ditindakké nganti Mèsias dhéwé dadi korban tebusan kanggo manungsa. (Dn 9:27; Yoh 2:17; Ibr 9:11-14) Dadi, murid-muridé Yésus ora dipréntahké kanggo ngrayakké Riyaya Penahbisan. (Kol 2:16, 17) Ning, ing Alkitab uga ora ditulis nèk Yésus utawa para muridé ngelokké wong-wong sing nganakké riyaya iki.
Maca Alkitab
(Yohanes 9:1-17) Wektu lagi mlaku, Yésus ndelok ana wong lanang sing wuta wiwit lair. 2 Banjur murid-muridé takon, ”Rabi, sapa sing dosa, wong iki apa wong tuwané, kok nganti dhèwèké wuta wiwit lair?” 3 Yésus njawab, ”Dudu merga dosané wong iki utawa dosané wong tuwané, nanging iki kelakon supaya wong-wong isa weruh kuwasané Gusti Allah liwat wong kuwi. 4 Awaké dhéwé kudu nindakké gawéané Panjenengané sing ngutus aku mumpung isih awan, merga nèk wis bengi, ora ana wong sing isa nyambut gawé. 5 Saksuwéné aku isih ana ing donya iki, aku iki pepadhangé donya.” 6 Sakwisé ngomongké kuwi, Yésus ngidu ing lemah lan nyampurké iduné karo lemah, banjur dilèlètké ing mripaté wong lanang wuta mau, 7 terus ngongkon wong lanang kuwi, ”Lungaa lan raupa ing kolam Siloam” (nèk diterjemahké tegesé ”Diutus”). Wong lanang kuwi banjur lunga lan raup ing kana. Lan wektu bali, dhèwèké wis isa ndelok. 8 Banjur tangga-tangga lan wong-wong sing biasané weruh dhèwèké ngemis padha kandha, ”Wong iki kan sing biasané lungguh lan ngemis kaé, ta?” 9 Ana sing ngomong, ”Iya, kuwi wongé.” Sing liyané kandha, ”Dudu, mung mirip waé.” Wong lanang kuwi terus-terusan kandha, ”Iya, aku pancèn wongé.” 10 Mula wong-wong kuwi takon, ”Terus, kok mripatmu saiki isa ndelok?” 11 Wong lanang kuwi njawab, ”Wong sing jenengé Yésus nggawé campuran lan nglèlètké kuwi ing mripatku, terus ngongkon aku, ’Lungaa lan raupa ing kolam Siloam.’ Mula aku lunga lan raup, terus aku isa ndelok.” 12 Wong-wong kuwi takon manèh, ”Terus wongé ing ngendi?” Wong lanang kuwi njawab, ”Aku ora ngerti.” 13 Wong-wong nggawa wong lanang sing mauné wuta kuwi marang wong-wong Farisi. 14 Ndilalah, dina wektu Yésus nggawé campuran kuwi lan marèkké wong wuta mau ngepasi dina Sabat. 15 Mula wong-wong Farisi banjur nakoni wong lanang mau piyé carané dhèwèké isa ndelok. Wong lanang mau kandha, ”Dhèwèké nglèlètké campuran ing mripatku, banjur aku raup, lan aku isa ndelok.” 16 Ana wong-wong Farisi sing mulai kandha, ”Wong iki dudu utusané Gusti Allah, merga dhèwèké ora nindakké Sabat.” Sing liyané kandha, ”Apa ya mungkin wong dosa isa nggawé mukjijat kaya ngono?” Mula, ana pendapat sing béda-béda ing antarané wong-wong kuwi. 17 Wong-wong kuwi banjur takon manèh marang wong lanang wuta mau, ”Mripatmu kan wis dimarèkké dhèwèké, dadi miturutmu, wong kuwi sapa?” Wong lanang kuwi njawab, ”Dhèwèké kuwi nabi.”
8-14 OKTOBER
SINAU SAKA ALKITAB | YOHANES 11-12
”Niru Yésus sing Welas Asih”
(Yohanes 11:23-26) Yésus kandha, ”Sedulurmu bakal urip manèh.” 24 Marta njawab, ”Aku ngerti nèk dhèwèké bakal urip wektu wong mati diuripké manèh ing dina pungkasan.” 25 Yésus kandha marang Marta, ”Aku iki sing nguripké manèh lan sing marahi urip. Sapa waé sing nduduhké iman marang aku, senajan dhèwèké mati, dhèwèké bakal urip manèh. 26 Lan saben wong sing urip lan nduduhké iman marang aku ora bakal mati. Apa kowé percaya bab iki?”
nwtsty katrangan kanggo sinau Yoh 11:24, 25
Aku ngerti nèk dhèwèké bakal urip: Marta ngira nèk sing diomongké Yésus yaiku kebangkitan ing dina pungkasan. Imané Marta bab wulangan kuwi luar biasa. Ana pemimpin agama sing disebut Saduki ora percaya bab kebangkitan senajan kuwi diwulangké ing Kitab Suci. (Dn 12:13; Mrk 12:18) Nèk wong Farisi malah percaya nèk ana bagéan saka awaké manungsa sing isih urip sakwisé manungsa kuwi mati. Ning, Marta percaya tenan karo wulangan bab kebangkitan sing Yésus wulangké, malah yakin nèk Yésus isa nguripké manèh Lazarus sing wis mati pirang-pirang dina sakdurungé.
Aku iki sing nguripké manèh lan sing marahi urip: Yésus sing wis mati lan diuripké manèh dadi conto nèk wong sing wis mati isa diuripké manèh. Sakwisé Yésus diuripké manèh, Yéhuwah mènèhi Yésus kuwasa ora mung kanggo nguripké manèh wong sing mati ning uga mènèhi urip langgeng. Ing Why 1:18, Yésus ”sing urip”, nduwé ”kunciné pati lan kunciné Kuburan”. Mula, Yésus isa dadi harapan wong sing isih urip lan sing wis mati. Dhèwèké janji nèk bakal nguripké manèh wong sing wis dipilih munggah swarga, lan nguripké manèh wong sing nduwé harapan ing bumi sing dipréntah karo Yésus dhéwé.—Yoh 5:28, 29; 2Ptr 3:13.
(Yohanes 11:33-35) Yésus weruh Maria nangis lan wong-wong Yahudi sing teka bareng Maria ya nangis, mula atiné Yésus dadi sedhih banget lan ngrasa susah. 34 Yésus takon, ”Dhèwèké kok papanké ing ngendi?” Wong-wong kuwi njawab, ”Ayo Gusti, ndelok mrana.” 35 Yésus nètèské luh.
nwtsty katrangan kanggo sinau Yoh 11:33-35
nangis: Tembung Yunani ”nangis” biasané maksudé nangis gero-gero. Kata kerja sing padha digunakké wektu Yésus ngramalké bab ancuré Yérusalèm.—Luk 19:41.
sedhih banget lan ngrasa susah: Nèk didelok basa asliné, tembung-tembung iki nduduhké perasaané Yésus sing paling jero wektu kuwi. Kata kerja Yunani kanggo ”sedhih banget” (embrimaomai) biasané nduduhké perasaan sing kuwat, ning ing ayat iki nduduhké nèk atiné Yésus ngrasa sedhih banget. Kata Yunani kanggo ”ngrasa susah” (tarasso) maksudé perasaan resah. Nurut salah siji pakar, sing dimaksud ing ayat iki yaiku ”sing nyebabké perasaan batin sing resah; sing pengaruhé yaiku sedhih lan pedih hati”. Kata kerja sing padha digunakké ing Yoh 13:21 kanggo nggambarké perasaané Yésus wektu dikhianati karo Yudas.
nètèské luh: Tembung sing digunakké ing kéné (dakryo) kuwi bentuk kata kerja saka kata benda Yunani ”luh” sing uga digunakké ing Luk 7:38; Kis 20:19, 31; Ibr 5:7; Why 7:17; 21:4. Sing dimaksud ing kéné dudu mung ngetokké luh wektu nangis gero-gero. Kata kerja Yunani iki mung digunakké ing ayat iki ing Kitab-Kitab Yunani Kristen, lan iki béda karo sing digunakké ing Yoh 11:33 sing nggambarké tangisé Maria lan wong-wong Yahudi liyané. Yésus ngerti nèk dhèwèké bakal nguripké Lazarus manèh. Tapi Yésus ngrasa sedhih banget wektu ndelok kanca-kancané sing ditresnani padha sedhih kélangan wong sing ditresnani. Merga tresnané lan welas asihé, Yésus nètèské luhé. Crita iki nduduhké kanthi cetha nèk Yésus nduwé émpati marang wong-wong sing kélangan wong sing ditresnani sing mati merga dosané Adam.
(Yohanes 11:43, 44) Sakwisé ngomong kuwi, Yésus banjur mbengok, ”Lazarus, metua!” 44 Wong sing wis mati kuwi banjur metu. Sikil lan tangané isih keblebed kain, lan rainé uga keblebed kain. Yésus banjur kandha marang wong-wong kuwi, ”Uculana blebedé lan ejarna dhèwèké lunga.”
Wulangan Penting
(Yohanes 11:49) Nanging salah siji wong saka antarané wong-wong mau, sing jenengé Kayafas, yaiku imam agung ing taun kuwi, kandha, ”Apa kowé kabèh padha ora ngerti?
nwtsty katrangan kanggo sinau Yoh 11:49
imam agung: Wektu bangsa Israèl ora dikuwasani karo bangsa liya, wong sing dadi imam agung biasané bakal dadi imam agung saklawasé uripé. (Wi 35:25) Ning, wektu bangsa Israèl dikuwasani karo pamréntahan Roma, para pemimpin sing dilantik karo pamréntahané Roma nduwé wewenang kanggo nglantik lan mecat imam agung. (Deloken Daftar Istilah Alkitab, ”Imam agung.”) Salah siji sing dilantik yaiku Kayafas. Merga ketrampilané, dhèwèké dadi imam agung luwih suwé timbang sakdurungé. Dhèwèké dadi imam agung saka kira-kira taun 18 M nganti taun 36 M. Yohanes nyebutké nèk Kayafas dadi imam agung ing taun kuwi, yaiku taun 33 M. Sing dimaksud Yohanes kuwi mungkin Kayafas dadi imam agung wektu Yésus dièksekusi.—Deloken buku Tuntunan kanggo Sinau Alkitab bab 16, kanggo ngerti kira-kira omahé Kayafas.
(Yohanes 12:42) Sakjané, akèh wong, klebu para pemimpin, nduwé iman marang Yésus, nanging padha ora wani ngakoni merga wong-wong Farisi. Wong-wong kuwi wedi diusir saka sinagogé.
nwtsty katrangan kanggo sinau Yoh 12:42
para pemimpin: Kétoké tembung Yunani kanggo ”para pemimpin” iki maksudé anggotané Sanhèdrin, mahkamah agung Yahudi. Tembung iki digunakké ing Yoh 3:1 sing nyebutké Nikodémus, salah siji anggota saka mahkamah kuwi.
diusir saka sinagogé: Utawa ”ora dianggep manèh; dilarang mlebu ing Sinagogé”. Kata Yunani aposynagogos mung digunakké ing ayat iki, ing Yoh 12:42, lan 16:2. Wong sing diusir bakal diedohi lan diécé karo wong-wong Yahudi liyané. Akibaté wong kuwi lan keluargané bakal ngalami masalah ékonomi. Sakliyané dienggo pusat pendidikan, sinagogé-sinagogé biasané uga digunakké kanggo pengadilan dhaérah sing nduwé wewenang kanggo ngukum wong nganggo cara dicambuk lan dipecat.
Maca Alkitab
(Yohanes 12:35-50) Yésus kandha marang wong-wong kuwi, ”Mung kari sawetara wektu pepadhang ana ing antaramu. Mlakua mumpung kowé isih nduwé pepadhang kuwi, supaya pepeteng ora nguwasani kowé. Sapa waé sing mlaku ing pepeteng ora ngerti arep lunga menyang ngendi. 36 Mumpung kowé isih nduwé pepadhang kuwi, duduhna iman marang pepadhang kuwi, supaya kowé dadi anak-anaké pepadhang.” Sakwisé ngomong kaya ngono, Yésus banjur lunga lan ndhelik saka wong-wong kuwi. 37 Senajan Yésus wis nggawé akèh mukjijat ing ngarepé wong-wong kuwi, nanging wong-wong kuwi ora nduwé iman marang Yésus. 38 Nganggo cara kuwi, kelakon apa sing dikandhakké Nabi Yésaya, yaiku, ”Yéhuwah, sapa sing nduwé iman marang kabar sing tak wartakké? Lan marang sapa kuwasané Yéhuwah diduduhké?” 39 Nabi Yésaya uga ngandhani alesané ngapa wong-wong kuwi ora isa percaya, yaiku, 40 ”Panjenengané wis nggawé mripaté wong-wong kuwi wuta lan atiné ketutup, supaya wong-wong kuwi ora isa ndelok nganggo mripaté lan paham nganggo atiné banjur mertobat lan Aku marèkké wong-wong kuwi.” 41 Yésaya ngomongké bab Kristus iki merga dhèwèké wis ndelok kamulyané. 42 Sakjané, akèh wong, klebu para pemimpin, nduwé iman marang Yésus, nanging padha ora wani ngakoni merga wong-wong Farisi. Wong-wong kuwi wedi diusir saka sinagogé. 43 Wong-wong kuwi luwih seneng nampa kamulyan saka manungsa ketimbang kamulyan saka Gusti Allah. 44 Nanging Yésus kandha nganggo swara seru, ”Sapa waé sing nduwé iman marang aku, kuwi ora mung nduwé iman marang aku, nanging uga marang Panjenengané sing ngutus aku. 45 Sapa waé sing ndelok aku uga ndelok Panjenengané sing ngutus aku. 46 Aku teka ing donya iki dadi pepadhang, supaya saben wong sing nduwé iman marang aku ora tetep ana ing pepeteng 47 Nanging nèk ana wong sing ngrungokké omonganku lan ora manut, aku ora ngadili dhèwèké, merga aku teka ora kanggo ngadili donya nanging kanggo nylametké donya. 48 Sapa waé sing nolak aku lan ora nampa omonganku bakal diadili. Omongan sing wis tak omongké kuwi sing bakal ngadili wong kuwi ing dina pungkasan. 49 Merga aku ora ngomong manut karepku dhéwé, nanging Bapak sing ngutus aku, maringi aku préntah bab apa sing kudu tak omongké lan tak wulangké. 50 Aku ngerti nèk préntahé ngasilké urip saklawasé. Mula, apa waé sing tak omongké kuwi persis kaya sing dingendikakké Bapak marang aku.”
15-21 OKTOBER
SINAU SAKA ALKITAB | YOHANES 13-14
”Aku Wis Mènèhi Tuladha kanggo Kowé”
(Yohanes 13:5) Sakwisé kuwi, Yésus ngisèni banyu ing baskom, banjur mulai ngwijiki sikilé murid-muridé lan ngelapi nganti garing nganggo andhuk sing digubedké ing pinggangé mau.
nwtsty katrangan kanggo sinau Yoh 13:5
ngwijiki sikilé murid-muridé: Ing jaman Israèl, wong-wong biasané nganggo sandal. Sandal sing taliné akèh, dadi sikilé mesthi reged kena debu lan lumpur wektu mlaku ing dalan lan ladhang. Ing jaman kuwi, wong-wong biasa nyopot sandhalé wektu arep mlebu omah. Terus, sing nduwé omah biasané ngwijiki sikilé tamuné. Kebiasaan kuwi dicathet ing ayat-ayat Alkitab. (Pd 18:4, 5; 24:32; 1Sa 25:41; Luk 7:37, 38, 44) Wektu Yésus ngwijiki sikilé murid-muridé, Yésus mulang para muridé bèn dadi andhap asor lan ngladèni siji lan sijiné.
(Yohanes 13:12-14) Sakwisé Yésus ngwijiki sikilé murid-muridé lan nganggo klambi njabané, Yésus lungguh manèh lan kandha marang murid-muridé, ”Apa kowé ngerti ngapa aku nindakké kuwi mau marang kowé? 13 Kowé nyebut aku, ’Guru’ lan ’Gusti’, lan kuwi pancèn bener. 14 Nèk aku waé, senajan Gusti lan Guru, gelem ngwijiki sikilmu, kowé uga kudu padha ngwijiki sikilé siji lan sijiné.
nwtsty katrangan kanggo sinau Yoh 13:12-14
kudu: Utawa ”wajib”. Kata kerja Yunani sing digunakké ing kéné biasané digunakké kanggo urusan dhuwit, sing artiné ”utang; utawa nyilih barang karo wong liya.” (Mat 18:28, 30, 34; Luk 16:5, 7) Kata sing digunakké ing ayat iki lan sing liyané biasané digunakké kanggo njelaské bab kewajiban sing kudu ditindakké, utawa wajib nindakké salah siji bab.—1Yoh 3:16; 4:11; 3Yoh 8.
(Yohanes 13:15) Aku wis mènèhi tuladha kanggo kowé, supaya kowé uga nindakké apa sing tak tindakké marang kowé.
w99-IN 1/3 31 ¶1
Wong Lanang sing Paling Terkenal Nindakké Gawéan sing Rendhahan
Yésus nduduhké sipat andhap asor sing luar biasa wektu ngwijiki sikilé murid-muridé. Akèh wong Kristen ora mentingké awaké dhéwé nganti kudu dilayani, klebu ora ngoyak jabatan bèn isa terkenal. Ning, wong Kristen kudu niru tuladhané Yésus sing ”teka, ora kanggo diladèni, nanging kanggo ngladèni lan masrahké uripé dadi tebusan kanggo wong akèh”. (Mat. 20:28) Dadi, muridé Yésus kudu gelem nglayani liyané senajan dianggep rendhahan.
Wulangan Penting
(Yohanes 14:6) Yésus njawab, ”Aku iki dalan, lan sing bener, lan sing marahi urip. Ora ana sing isa teka marang Bapak nèk ora liwat aku.
nwtsty katrangan kanggo sinau Yoh 14:6
Aku iki dalan, lan sing bener, lan sing marahi urip: Yésus kuwi dadi dalan merga mung liwat Yésus kita isa nyedhak marang Gusti Allah wektu ndonga. Yésus uga dadi ”dalan” bèn manungsa isa rukun karo Gusti Allah. (Yoh 16:23; Rm 5:8) Yésus kuwi sing bener merga omongané lan cara uripé cocog karo apa sing bener. Yésus uga nggenepi akèh nubuat sing nduduhké nèk dhèwèké nduwé peran sing penting kanggo nindakké kersané Gusti Allah. (Yoh 1:14; Why 19:10) Nubuat iki bakal dadi ”’ya’ [utawa wis kelakon] liwat dhèwèké”. (2Kor 1:20) Yésus kuwi sing marahi urip merga dhèwèké dadi tebusan, mula kabèh manungsa isa ngrasakké ”urip sing saktenané” yaiku, ”urip langgeng”. (1Tim 6:12, 19; Éf 1:7; 1Yoh 1:7) Yésus uga dadi ”sing marahi urip” kanggo jutaan wong sing bakal diuripké manèh kanggo urip saklawasé ing Firdaus.—Yoh 5:28, 29.
(Yohanes 13:12-14) Saktenané aku kandha marang kowé, sapa waé sing nduduhké iman marang aku uga bakal nindakké gawéan sing tak tindakké, lan dhèwèké bakal nindakké gawéan sing luwih gedhé manèh, merga aku bakal lunga marang Bapak.
nwtsty katrangan kanggo sinau Yoh 14:12
nindakké gawéan sing luwih gedhé manèh: Yésus ora kandha nèk mukjijat-mukjijat sing ditindakké para muridé bakal luwih gedhé timbang mukjijat-mukjijat sing Yésus tindakké. Ning, Yésus kanthi andhap asor ngakoni nèk gawéan nginjil lan mulang sing ditindakké para muridé bakal luwih gedhé timbang sing Yésus tindakké. Para muridé bakal nginjil ing luwih akèh dhaérah, marang luwih akèh wong, lan ing wektu sing luwih suwé timbang Yésus. Dadi Yésus péngin para muridé neruské gawéané.
Maca Alkitab
(Yohanes 13:1-17) Sakdurungé Riyaya Paskah, Yésus ngerti nèk wis wektuné kanggo dhèwèké ninggalké donya iki lan lunga marang Bapak. Yésus nresnani para pengikuté sing ana ing donya, lan Yésus terus nresnani wong-wong kuwi nganti pungkasan.2 Wektu kuwi Yésus lan para muridé lagi padha nindakké perjamuan ing wayah wengi, lan Iblis mengaruhi Yudas Iskariot, anaké Simon, kanggo ngianati Yésus. 3 Yésus ngerti nèk Bapak wis masrahké sakabèhé ing tangané lan uga ngerti nèk dhèwèké teka saka Gusti Allah lan bakal bali marang Gusti Allah. 4 Mula wektu isih padha nindakké perjamuan, Yésus ngadeg lan nyopot klambi njabané. Banjur Yésus njupuk andhuk, lan nggubedké kuwi ing pinggangé. 5 Sakwisé kuwi, Yésus ngisèni banyu ing baskom, banjur mulai ngwijiki sikilé murid-muridé lan ngelapi nganti garing nganggo andhuk sing digubedké ing pinggangé mau. 6 Wektu tekan gilirané Simon Pétrus, dhèwèké kandha marang Yésus, ”Gusti, apa panjenengan arep ngwijiki sikilku?” 7 Yésus njawab, ”Saiki kowé durung ngerti apa sing tak tindakké iki, nanging sukmbèn kowé bakal ngerti.” 8 Pétrus kandha, ”Aja nganti panjenengan ngwijiki sikilku.” Yésus njawab, ”Nèk aku ora ngwijiki sikilmu, kowé ora isa bareng aku.” 9 Simon Pétrus kandha, ”Gusti, aja mung ngwijiki sikilku, nanging uga tangan lan sirahku.” 10 Yésus njawab, ”Wong sing wis adus, mung perlu diwijiki sikilé, merga badané wis resik. Kowé wis padha resik, nanging ora kabèh ing antaramu resik.” 11 Yésus ngerti sapa sing bakal ngianati dhèwèké. Kuwi sebabé Yésus kandha, ”Ora kabèh ing antaramu resik.” 12 Sakwisé Yésus ngwijiki sikilé murid-muridé lan nganggo klambi njabané, Yésus lungguh manèh lan kandha marang murid-muridé, ”Apa kowé ngerti ngapa aku nindakké kuwi mau marang kowé? 13 Kowé nyebut aku, ’Guru’ lan ’Gusti’, lan kuwi pancèn bener. 14 Nèk aku waé, senajan Gusti lan Guru, gelem ngwijiki sikilmu, kowé uga kudu padha ngwijiki sikilé siji lan sijiné. 15 Aku wis mènèhi tuladha kanggo kowé, supaya kowé uga nindakké apa sing tak tindakké marang kowé. 16 Saktenané aku kandha marang kowé, budhak ora ngungkuli majikané, lan wong sing diutus ora ngungkuli wong sing ngutus 17 Saiki kowé ngerti bab-bab iki, nanging kowé bakal bungah nèk kowé nindakké kuwi.
22-28 OKTOBER
SINAU SAKA ALKITAB | YOHANES 15-17
”Kowé Dudu Bagéan saka Donya”
(Yohanes 15:19) Nèk kowé bagéan saka donya, donya bakal nresnani kowé merga kowé duwèké donya. Saiki kowé dudu bagéan saka donya, nanging kowé wis tak pilih saka donya. Kuwi sebabé, donya sengit marang kowé.
nwtsty katrangan kanggo sinau Yoh 15:19
donya: Ing ayat iki, tembung Yunani kosmos kuwi maksudé manungsa sing kepisah saka umaté Gusti Allah, yaiku wong-wong sing ora kenal karo Gusti Allah. Mung Yohanes sing nulis omongané Yésus sing nyebutké nèk para muridé Yésus dudu bagéan saka donya utawa dudu duwèké donya. Iki uga padha karo sing didongakké Yésus karo para muridé sakdurungé mati.—Yoh 17:14, 16.
(Yohanes 15:21) Nanging wong-wong kuwi bakal nindakké kabèh iki marang kowé merga jenengku, sebab wong-wong kuwi ora kenal Panjenengané sing ngutus aku.
nwtsty katrangan kanggo sinau Yoh 15:21
merga jenengku: Ing Alkitab, kata ”jeneng” kuwi maksudé jenengé wong kuwi dhéwé, réputasiné, lan kabèh tumindaké. Nèk jenengé Yésus, kuwi maksudé wewenang lan kedhudhukan sing diwènèhké Bapaké marang Yésus. (Mat 28:18; Flp 2:9, 10; Ibr 1:3, 4) Yésus nerangké apa sebabé wong-wong ing ndonya bakal nentang murid-muridé: merga wong-wong kuwi ora kenal karo panjenengané sing ngutus Yésus. Nèk kenal Gusti Allah, kuwi nggawé wong-wong kuwi isa ngerti lan paham bab maksudé jenengé Yésus. (Kis 4:12) Iki klebu ngerti kedhudhukan sing diwènèhké Gusti Allah marang Yésus yaiku dadi Raja sing kudu dihormati bèn isa terus urip.—Yoh 17:3; Why 19:11-16; bandhingna Ms 2:7-12.
(Yohanes 16:33) Aku wis ngomongké kabèh iki marang kowé supaya kowé nduwé katentreman merga aku. Ing donya iki kowé bakal ngalami sengsara, nanging kuwatna atimu! Aku wis ngalahké donya.”
it-2-IN 917
Kuwat
Wong Kristen mbutuhké kekuwatan bèn ora mèlu-mèlu cara mikir lan tumindaké wong-wong ing donya iki sing dadi mungsuhé Gusti Allah. Lan kita uga mbutuhké kekuwatan bèn tetep setya marang Yéhuwah senajan dibenci karo donya iki. Yésus Kristus tau kandha karo para muridé, ”Ing donya iki kowé bakal ngalami sengsara, nanging kuwatna atimu! Aku wis ngalahké donya.” (Yoh 16:33) Putrané Gusti Allah ora bakal gelem dipengaruhi karo donya iki. Malah dhèwèké ngalahké donya merga ora gelem dadi kaya wong-wong ing donya iki. Kita isa niru tuladhané Yésus sing wis ngalahké donya lan akhiré tetep setya karo Gusti Allah. Dadi kita kudu tetep kuwat lan ora dadi bagéan saka donya iki.—Yoh 17:16.
Wulangan Penting
(Yohanes 17:21-23) supaya kabèh wong kuwi dadi siji, kaya Panjenengan, Bapak, nyawiji karo aku lan aku nyawiji karo Panjenengan, supaya wong-wong kuwi uga nyawiji karo aku lan Panjenengan, lan donya isa percaya nèk Panjenengan sing ngutus aku. 22 Aku wis mènèhi wong-wong kuwi kamulyan sing Panjenengan paringké marang aku, supaya wong-wong kuwi dadi siji, kaya aku lan Panjenengan siji. 23 Aku nyawiji karo wong-wong kuwi lan Panjenengan nyawiji karo aku, supaya wong-wong kuwi bener-bener nyawiji. Nganggo cara kuwi, donya bakal ngerti nèk Panjenengan sing ngutus aku, lan uga bakal ngerti nèk Panjenengan nresnani wong-wong kuwi kaya Panjenengan nresnani aku.
nwtsty katrangan kanggo sinau Yoh 17:21-23
siji: Utawa ”bersatu”. Yésus ndonga bèn para muridé dadi ”siji”, yaiku nyambut gawé bebarengan nindakké tujuan sing padha. Kuwi kaya Yésus lan Bapaké sing uga dadi ”siji”, maksudé isa kerja sama lan nduwé pikiran sing padha. (Yoh 17:22) Ing 1Kor 3:6-9, Paulus njelaské bab persatuané wong-wong Kristen sing nyambut gawé bebarengan karo Gusti Allah lan karo liyané.
bener-bener nyawiji: Utawa ”bener-bener bersatu”. Ing ayat iki, Yésus kandha nèk persatuan kuwi isa ana merga Bapak nresnani kita. Iki cocog karo Kol 3:14, sing kandha, ”Katresnan kuwi nggawé wong-wong bener-bener nyawiji.” Persatuan kuwi isa ana senajan kita nduwé kepribadian, kesanggupan, kebiasaan, lan hati nurani sing béda-béda. Murid-muridé Yésus isa bersatu ing tumindak, kepercayaan, lan ajaran.—Rm 15:5, 6; 1Kor 1:10; Éf 4:3; Flp 1:27.
(Yohanes 17:24) Bapak, aku péngin supaya wong-wong sing wis Panjenengan pasrahké marang aku isa ana karo aku ing panggonanku, supaya wong-wong kuwi weruh kamulyanku sing wis Panjenengan paringké marang aku, merga Panjenengan nresnani aku sakdurungé wiwitané donya.
nwtsty katrangan kanggo sinau Yoh 17:24
wiwitané donya: Basa Yunani ”wiwitané” ing Ibrani 11:11, yaiku ”mbobot”. Kuwi ana hubungané karo ”winih”. Maksudé ”wiwitané donya” ing ayat iki yaiku wiwit lairé anak-anaké Adam lan Hawa. Yésus njelaské nèk ”wiwitané donya” kuwi ana hubungané karo Habèl, manungsa sepisanan sing isa ditebus lan sing jenengé ”ditulis ing gulungan kauripan saka wiwitané donya”. (Luk 11:50, 51; Why 17:8) Dongané Yésus marang Bapaké iki uga nduduhké nèk Gusti Allah wis nresnani Putra siji-sijiné kuwi, sakdurungé Adam lan Hawa nduwé keturunan.
Maca Alkitab
(Yohanes 17:1-14) Sakwisé ngomongké kuwi kabèh, Yésus ndhangak ndelok langit lan kandha, ”Bapak, wektuné wis teka. Mulyakna putra Panjenengan supaya putra Panjenengan mulyakké Panjenengan. 2 Panjenengan wis maringi dhèwèké wewenang tumrap kabèh wong, supaya dhèwèké isa mènèhi urip saklawasé marang kabèh wong sing wis Panjenengan pasrahké marang dhèwèké. 3 Kanggo éntuk urip langgeng, wong-wong kudu kenal karo Panjenengan, siji-sijiné Gusti Allah sing sejati, lan kenal karo Yésus Kristus sing Panjenengan utus. 4 Aku wis ngluhurké Panjenengan ing bumi lan ngrampungké gawéan sing Panjenengan paringké marang aku. 5 Mula saiki, Bapak, mulyakna aku ing sisihé Panjenengan nganggo kamulyan sing tak duwèni ing sisihé Panjenengan sakdurungé donya ana. 6 ”Aku wis nggawé asmané Panjenengan nyata marang wong-wong sing Panjenengan pasrahké marang aku saka donya. Wong-wong kuwi duwèké Panjenengan, lan Panjenengan masrahké wong-wong kuwi marang aku, lan wong-wong kuwi wis nindakké pangandikané Panjenengan. 7 Saiki wong-wong kuwi ngerti nèk kabèh sing Panjenengan pasrahké marang aku asalé saka Panjenengan. 8 Merga aku wis mènèhi wong-wong kuwi pangandika sing wis Panjenengan paringké marang aku, lan wong-wong kuwi wis nampa pangandika kuwi. Wong-wong kuwi ngerti tenan nèk aku teka dadi wakilé Panjenengan lan wis padha percaya nèk Panjenengan sing ngutus aku. 9 Aku ndonga kanggo wong-wong kuwi. Aku ora ndonga kanggo donya, nanging kanggo wong-wong sing Panjenengan pasrahké marang aku, merga wong-wong kuwi duwèké Panjenengan. 10 Kabèh sing tak duwèni kuwi duwèké Panjenengan, lan duwèké Panjenengan kuwi uga duwèkku, lan aku wis dimulyakké ing antarané wong-wong kuwi. 11 ”Aku bakal ora ana manèh ing donya, nanging wong-wong kuwi ana ing donya, lan aku bakal lunga marang Panjenengan. Bapak sing suci, jaganen wong-wong kuwi demi asmané Panjenengan sing wis Panjenengan paringké marang aku, supaya wong-wong kuwi dadi siji, kaya aku lan Panjenengan dadi siji. 12 Wektu aku karo wong-wong kuwi, aku terus njaga wong-wong kuwi demi asmané Panjenengan sing wis Panjenengan paringké marang aku. Aku wis nglindhungi wong-wong kuwi lan ora ana siji-sijia ing antarané wong-wong kuwi sing sirna, kejaba wong siji sing pancèn bakal disirnakké, supaya kelakon apa sing ditulis ing Kitab Suci. 13 Nanging saiki aku arep lunga marang Panjenengan, lan aku ngomongké bab-bab iki ing donya supaya wong-wong kuwi bener-bener ngrasakké kabungahanku. 14 Aku wis ngomongké pangandikané Panjenengan marang wong-wong kuwi, nanging donya sengit marang wong-wong kuwi, merga wong-wong kuwi dudu bagéan saka donya, kaya aku dudu bagéan saka donya.
29 OKTOBER–4 NOVEMBER
SINAU SAKA ALKITAB | YOHANES 18-19
”Yésus Martakké bab Wulangan sing Bener”
(Yohanes 18:36) Yésus njawab, ”Kratonku dudu bagéan saka donya iki. Nèk Kratonku bagéan saka donya iki, para abdiku mesthi bakal nglawan supaya aku ora diserahké marang wong-wong Yahudi. Nanging, Kratonku dudu saka donya iki.”
(Yohanes 18:37) Mula Pilatus takon, ”Nèk ngono, apa kowé kuwi raja?” Yésus njawab, ”Kowé dhéwé sing ngomong nèk aku iki raja. Aku kudu mènèhi kesaksian bab apa sing bener, merga kanggo kuwi aku lair, lan kanggo kuwi aku teka ing donya. Sapa waé sing manut karo apa sing bener ngrungokké swaraku.”
nwtsty katrangan kanggo sinau Yoh 18:37
mènèhi kesaksian: Tembung Yunani kanggo ”mènèhi kesaksian” (martyreo) lan ”kesaksian” (martyria; martys), maknané isa béda-béda ing Kitab-Kitab Yunani Kristen. Loro-loroné maksudé mènèhi kesaksian bab fakta-fakta sing dingertèni dhéwé utawa sing didelok dhéwé. Ning, maksudé uga isa ”ngumumké; mastèkké; ngomongké sing saktenané”. Yésus mènèhi kesaksian lan ngumumké bab sing bener sing wis dhèwèké percayani. Ning, ora mung kuwi thok. Yésus uga tumindak cocog karo apa sing wis dinubuatké lan dijanjèkké Bapaké. (2Kor 1:20) Kersané Gusti Allah bab Kraton lan Pamréntahané Mèsias wis dinubuatké kanthi rinci. Kabèh nubuat bab Yésus, klebu pola sing diterangké ing perjanjian Hukum wis kelakon wektu Yésus urip ing bumi nganti mati dadi korban tebusan. (Kol 2:16, 17; Ibr 10:1) Dadi, Yésus isa ”mènèhi kesaksian bab apa sing bener” liwat tumindak lan omongané.
apa sing bener: Sing dimaksud Yésus kuwi sing ana hubungané karo kersané Gusti Allah. Bab utama saka kersané Gusti Allah yaiku, Yésus, ”putrané Daud”, dadi Imam Agung lan Raja saka Kratoné Allah. (Mat 1:1) Yésus njelaské nèk tujuan utamané teka ing bumi, uripé ing bumi, lan pelayanané yaiku kanggo martakké sing bener bab Kratoné Allah. Para malaékat uga ngumumké bab sing padha wektu Yésus lair ing Bètléhèm Yudéa, yaiku ing kutha lairé Daud.—Luk 1:32, 33; 2:10-14.
(Yohanes 18:38a) Pilatus takon marang Yésus, ”Sing bener kuwi apa?”
nwtsty katrangan kanggo sinau Yoh 18:38a
Sing bener kuwi apa?: Sing ditakokké Pilatus kuwi kétoké apik, ning dudu bab ”sing bener” kaya omongané Yésus. (Yoh 18:37) Nèk Pilatus pancèn bener-bener péngin ngerti, Yésus mesthi wis njawab pitakonané. Ning, kétoké pitakonan Pilatus kuwi ora tulus, sing nduduhké nèk dhèwèké kuwi sakjané ora percaya. Kaya-kayané Pilatus ngomong, ”Sing bener? Apa kuwi sing bener? Ora ana bab sing bener!” Mula, Pilatus ora ngentèni Yésus jawab merga bar takon kaya ngono dhèwèké langsung lunga lan metu nemoni wong-wong Yahudi.
Wulangan Penting
(Yohanes 19:30, ctn) Sakwisé nyecep anggur kecut kuwi, Yésus kandha, ”Wis rampung.” Banjur Yésus ndhingkluk lan masrahké rohé.
nwtsty katrangan kanggo sinau Yoh 19:30
masrahké rohé: Utawa ”mati; mandheg ambegané.” Tembung ”roh” (Yunaniné, pneuma) isa diartèkké ”ambegan” utawa ”daya urip”. Iki cocog karo kata kerja Yunani ekpneo (lit., ”ambegan”) sing digunakké ing Mrk 15:37 lan Luk 23:46 (sing artiné ”mati” utawa, makna liyané sing disebutké ing katrangan kanggo sinau ing ayat-ayat kuwi, yaiku ”ambegané sing terakhir”). Ana sing kandha nèk kata Yunani kanggo ”masrahké” kuwi tegesé nèk Yésus wis ora ngupaya kanggo urip, merga kabèh tujuané wis rampung. Yésus lila ”masrahké nyawané marang pati”.—Yé 53:12; Yoh 10:11.
(Yohanes 19:31) Wong-wong Yahudi ora gelem nèk mayité wong-wong kuwi tetep ana ing cagak paukuman pas dina Sabat, merga wektu kuwi dina Persiapan Sabat (lan dina sakbanjuré dina Sabat istiméwa), mula wong-wong Yahudi njaluk marang Pilatus supaya sikilé wong-wong sing dihukum kuwi diceklèk lan mayité diedhunké.
nwtsty katrangan kanggo sinau Yoh 19:31
dina sakbanjuré dina Sabat istiméwa: Tanggal 15 Nisan, dina sakwisé Paskah, kuwi mesthi dina sabat. (Km 23:5-7) Kadhang ana Sabat ”istiméwa” sing wektuné padha karo Sabat biasa (dina kepitu ing itungan mingguné wong Yahudi, sing dimulai saka matahari angslup dina Jumat nganti matahari angslup dina Setu). Yésus mati dina Jumat. Dina sakwisé kuwi yaiku Sabat istiméwa. Saka taun 29 nganti 35 M, mung ing taun 33 M sing tanggal 14 Nisané dina Jumat. Dadi, iki mbuktèkké nèk Yésus matiné ing tanggal 14 Nisan 33 M.
Maca Alkitab
(Yohanes 18:1-14) Sakwisé ngomongké kabèh iki, Yésus lunga karo murid-muridé menyang sawijiné taman sing ana ing sebrangé Lembah Kidron. 2 Yudas, wong sing ngianati, uga ngerti panggonan kuwi merga Yésus kerep ngumpul karo murid-muridé ing kana. 3 Mula Yudas nggawa sak pasukan prajurit lan para petugas sing diutus para imam kepala lan wong-wong Farisi, banjur teka mrana karo nggawa obor, lampu minyak, lan senjata. 4 Yésus ngerti kabèh sing bakal dialami. Mula Yésus maju lan kandha marang wong-wong kuwi, ”Sapa sing kok golèki?” 5 Wong-wong kuwi njawab, ”Yésus wong Nazarèt.” Yésus kandha, ”Aku iki wongé.” Yudas, wong sing ngianati, uga ngadeg bareng wong-wong kuwi. 6 Nanging wektu Yésus kandha marang wong-wong kuwi, ”Aku iki wongé,” wong-wong kuwi padha mundur lan tiba ing lemah. 7 Mula Yésus takon manèh, ”Sapa sing kok golèki?” Wong-wong kuwi njawab, ”Yésus wong Nazarèt.” 8 Yésus njawab, ”Aku wis ngandhani kowé nèk aku iki wongé. Mula nèk kowé nggolèki aku, ejarna wong-wong iki lunga.” 9 Nganggo cara kuwi, apa sing tau diomongké Yésus kelakon, yaiku, ”Aku ora kélangan siji-sijia wong sing wis Panjenengan pasrahké marang aku.” 10 Banjur Simon Pétrus ngetokké pedhangé, nyerang budhaké imam agung, lan nyabet kupingé tengen nganti pothol. Budhak kuwi jenengé Malkhus. 11 Nanging Yésus kandha marang Pétrus, ”Lebokna pedhangmu ing wadhahé. Aku kan kudu ngombé saka cawan sing Bapak paringké marang aku, ta?” 12 Banjur para prajurit, komandan militèr, lan para petugas sing diutus wong-wong Yahudi, nangkep Yésus lan mbanda dhèwèké. 13 Yésus digawa dhisik marang Hanas, merga Hanas kuwi bapak maratuwané Kayafas, yaiku imam agung ing taun kuwi. 14 Sakjané Kayafas iki wong sing tau mènèhi naséhat marang wong-wong Yahudi nèk luwih becik wong siji mati kanggo kepentingané sak bangsa.