Referensi kanggo Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjil
3-9 DESEMBER
SINAU SAKA ALKITAB | KISAH 9-11
”Panganiaya sing Kejem Dadi Penginjil sing Semangat”
(Kisah 9:1, 2) Saul isih terus ngancem murid-muridé Gusti lan nduwé tékad kanggo matèni wong-wong kuwi. Dhèwèké lunga marani imam agung 2 lan njaluk surat kanggo diwènèhké marang sinagogé-sinagogé ing Damaskus, supaya wektu dhèwèké nemokké wong lanang lan wong wadon sing dadi pengikuté Dalané Gusti, dhèwèké isa nangkep lan nggawa wong-wong kuwi menyang Yérusalèm.
bt-IN 60 ¶1-2
Sidang Jemaat ”Ngrasakké Katentreman”
Gerombolan wong sing kejem teka ing Damaskus kanggo nindakké kejahatan. Merga sengit, wong-wong kuwi arep nyèrèd murid-muridé Yésus saka omahé banjur ditalèni, digawé isin, lan digawa supaya diadili karo Sanhèdrin ing Yérusalèm.
2 Saul sing dadi pemimpin gerombolan kuwi wis tau matèni wong. Dhèwèké setuju wektu salah siji muridé Yésus sing setya, yaiku Stéfanus dibandhemi watu nganti mati. (Kisah 7:57–8:1) Ora mung ing Yérusalèm, Saul uga nganiaya muridé Yésus ing panggonan liya. Dhèwèké péngin mbasmi sèkte sing dianggep kaya hama sing disebut ”Dalané Gusti”.—Kisah 9:1, 2; deloken kothak ”Wewenang Saul di Damaskus,” ing kaca 61.
(Kisah 9:15, 16) Nanging Gusti kandha, ”Mangkata waé, merga aku wis milih dhèwèké kanggo nggawa jenengku marang bangsa-bangsa liya, uga marang raja-raja lan wong-wong Israèl. 16 Aku bakal nduduhké marang dhèwèké kanthi cetha bab akèhé kasangsaran sing kudu dhèwèké alami merga jenengku.”
Ngajèni Yéhuwah, Tukang Grabah Agung
4 Yéhuwah ora ndelok njabané, ning ndelok atiné manungsa. (Wacanen 1 Samuèl 16:7b.) Buktiné, wektu nggawé jemaat Kristen, Yéhuwah lan Yésus malah milih wong-wong sing dianggep ora ana gunané. (Yo. 6:44) Contoné, Saul, wong Farisi, seneng ”ngala-ala, nganiaya”, lan ngenyèk wong liya. (1 Tm. 1:13) Ning, Yéhuwah ndelok atiné Saul lan ora nganggep nèk dhèwèké kaya lempung sing ora isa dinggo. (WB. 17:3) Yéhuwah nganggep Saul isa dibentuk dadi ’piranti pilihané kanggo martakaké asmané marang bangsa-bangsa liya sarta para raja lan wong-wong Israèl’. (PR. 9:15) Yéhuwah uga milih wong-wong sing isa dibentuk dadi ”barang kang mulya”, klebu sing mbiyèn tukang mabuk, laku jina, lan nyolong. (Rm. 9:21; 1 Kr. 6:9-11) Merga terus sinau Alkitab, wong-wong kuwi saya kuwat imané lan gelem dibentuk Yéhuwah.
(Kisah 9:20-22) lan ing sinagogé-sinagogé dhèwèké langsung martakké nèk Yésus kuwi Putrané Gusti Allah. 21 Nanging kabèh wong sing ngrungokké padha nggumun lan kandha, ”Iki kan wong sing nganiaya wong-wong Yérusalèm sing dadi murid-muridé Yésus, ta? Wong iki kan teka mréné tujuané kanggo nangkep lan nggawa wong-wong kuwi marang imam kepala, ta?” 22 Nanging Saul saya trampil lan mbuktèkké nganggo cara sing masuk akal nèk Yésus kuwi Kristus, mula wong-wong Yahudi sing manggon ing Damaskus ora isa mbantah.
bt-IN 64 ¶15
Sidang Jemaat ”Ngrasakké Katentreman”
15 Bayangna perasaané wong-wong wektu Saul mulai martakké bab Yésus ing sinagogé-sinagogé. Wong-wong padha takon, ”Iki kan wong sing nganiaya wong-wong Yérusalèm sing dadi murid-muridé Yésus, ta?” (Kisah 9:21) Wektu njelaské perubahan pandhangané bab Yésus, Saul ”mbuktèkké nganggo cara sing masuk akal nèk Yésus kuwi Kristus”. (Kisah 9:22) Senajan ngono, kuwi ora nggawé wong-wong sing manut karo tradhisi lan sing sombong dadi sadhar. Tapi, Saul ora nyerah.
Wulangan Penting
(Kisah 9:4) Banjur Saul tiba ing lemah lan krungu swara sing kandha, ”Saul, Saul, ngapa kowé nganiaya aku?”
bt-IN 60-61 ¶5-6
Sidang Jemaat ”Ngrasakké Katentreman”
5 Saul lunga menyang Damaskus. Wektu isih ana ing dalan Saul mandheg merga krungu swarané Yésus. Yésus ora takon ”Kenapa kowé nganiaya murid-muridku?” Ning Yésus kandha ”Ngapa kowé nganiaya aku?” (Kisah 9:4) Yésus mèlu ngrasakké kasangsaran sing dialami murid-muridé.—Matius 25:34-40, 45.
6 Wektu njenengan dianiaya merga nduwé iman marang Yésus, percayaa nèk Yésus lan Yéhuwah ngerti apa sing njenengan alami. (Matius 10:22, 28-31) Mungkin masalahé ora ilang. Élinga, Yésus ngerti nèk Saul mèlu matèni Stéfanus lan mèlu nyèrèd murid-muridé sing setya saka omahé ing Yérusalèm. (Kisah 8:3) Yésus ora mbantu wektu kuwi. Tapi, Yéhuwah nggunakké Yésus kanggo nguwatké Stéfanus lan murid-murid liyané supaya tetep setya.
(Kisah 10:6) Wong kuwi lagi nginep ing omahé Simon, tukang nggawé bahan saka kulit, lan omahé kuwi ing cedhak laut.”
nwtsty katrangan kanggo sinau Kis 10:6
Simon, tukang nggawé bahan saka kulit: Kuwi gawéané nggarap kulit kéwan, nggunakké banyu kapur kanggo ngilangi sisa wulu, daging, lan lemaké. Terus dikèki alkohol supaya isa digawé barang saka kulit. Prosèsé mambu banget lan mbutuhké akèh banyu, kuwi sebabé Simon manggon ing pinggir laut ing dhaérah pinggiran Yopa. Nurut hukum Musa, wong sing ndemèk bathang kéwan kuwi najis. (Km 5:2; 11:39) Mula akèh wong Yahudi ngrèmèhké tukang nggawé bahan saka kulit lan wegah nginep ing omahé. Malah, ing Talmud ditulis nèk gawéan kuwi luwih rendhah timbang gawéan nglumpukké tinja. Ning, Pétrus ora prasangka lan gelem nginep ing omahé Simon. Merga Pétrus ora prasangka, kuwi nggawé dhèwèké siap nampa tugas sakbanjuré yaiku nekani omahé wong sing dudu Yahudi. Ana ahli sing kandha nèk tembung Yunani kanggo ”tukang nggawé bahan saka kulit” (byrseus) kuwi jeneng celukané Simon.
Maca Alkitab
(Kisah 9:10-22) Ing Damaskus, ana murid sing jenengé Ananias, lan Gusti ngétok marang Ananias liwat wahyu lan kandha, ”Ananias!” Dhèwèké njawab, ”Ya, Gusti.” 11 Gusti kandha, ”Ngadega, lungaa menyang omahé Yudas ing Dalan Lurus, lan golèkana wong lanang sing jenengé Saul, wong Tarsus. Saiki dhèwèké lagi ndonga. 12 Dhèwèké éntuk wahyu lan weruh wong lanang sing jenengé Ananias teka lan ndemèk dhèwèké supaya dhèwèké isa ndelok manèh.” 13 Nanging Ananias njawab, ”Gusti, aku wis krungu bab wong iki saka akèh wong, bab kejahatané marang murid-muridmu ing Yérusalèm. 14 Saiki dhèwèké éntuk wewenang saka para imam kepala kanggo nangkep kabèh wong sing percaya marang jenengé panjenengan.” 15 Nanging Gusti kandha, ”Mangkata waé, merga aku wis milih dhèwèké kanggo nggawa jenengku marang bangsa-bangsa liya, uga marang raja-raja lan wong-wong Israèl. 16 Aku bakal nduduhké marang dhèwèké kanthi cetha bab akèhé kasangsaran sing kudu dhèwèké alami merga jenengku.” 17 Mula Ananias lunga lan mlebu ing omah kuwi, banjur numpangké tangané ing ndhuwur sirahé Saul lan kandha, ”Saul, sedulurku, Gusti Yésus, sing nemoni kowé wektu ing dalan, ngutus aku supaya kowé isa ndelok manèh lan kapenuhan roh suci.” 18 Ing wektu kuwi uga, ana sing bentuké kaya sisik tiba saka mripaté, lan dhèwèké isa ndelok manèh. Banjur, Saul ngadeg lan dibaptis, 19 terus dhèwèké mangan lan nduwé tenaga manèh. Saul manggon pirang-pirang dina bareng karo murid-murid ing Damaskus, 20 lan ing sinagogé-sinagogé dhèwèké langsung martakké nèk Yésus kuwi Putrané Gusti Allah. 21 Nanging kabèh wong sing ngrungokké padha nggumun lan kandha, ”Iki kan wong sing nganiaya wong-wong Yérusalèm sing dadi murid-muridé Yésus, ta? Wong iki kan teka mréné tujuané kanggo nangkep lan nggawa wong-wong kuwi marang imam kepala, ta?” 22 Nanging Saul saya trampil lan mbuktèkké nganggo cara sing masuk akal nèk Yésus kuwi Kristus, mula wong-wong Yahudi sing manggon ing Damaskus ora isa mbantah.
10-16 DESEMBER
SINAU SAKA ALKITAB | KISAH 12-14
”Barnabas lan Paulus Nginjil Nganti Panggonan sing Adoh”
(Kisah 13:2, 3) Wektu wong-wong kuwi lagi nglayani Yéhuwah lan pasa, roh suci kandha, ”Pilihen Barnabas lan Saul kanggo nindakké tugas sing wis Tak temtokké kanggo wong loro kuwi.” 3 Lan sakwisé pasa lan ndonga, wong-wong kuwi numpangké tangané ing ndhuwur sirahé Barnabas lan Saul banjur ngutus wong loro iki.
bt-IN 85-86 ¶4
”Ngrasa Bungah lan Kapenuhan Roh Suci”
4 Alkitab ora njelaské apa sebabé roh suci milih Barnabas lan Saul kanggo ”nindakké tugas”. (Kisah 13:2) Ning sing jelas, wong loro kuwi isa dipilih merga ana tuntunan saka roh suci. Para nabi lan guru ing Antiokhia uga setuju lan ndhukung keputusan kanggo milih wong loro kuwi. Bayangna perasaané Barnabas lan Saul wektu para sedulur seimané ora iri lan malah ’pasa lan ndonga, numpangké tangané ing ndhuwur sirahé Barnabas lan Saul banjur ngutus wong loro iki’. (Kisah 13:3) Semono uga, kita ora perlu iri karo wong-wong sing nampa hak istiméwa, contoné ana sedulur sing dilantik dadi pinituwa. Kita kudu ndhukung lan nduduhké nèk ”bener-bener nresnani lan ngajèni wong-wong kuwi merga apa sing wis ditindakké”.—1 Tésalonika 5:13.
(Kisah 13:12) Wektu ndelok kedadéan kuwi, gubernur kuwi dadi wong sing percaya, merga nggumun marang piwulangé Yéhuwah.
(Kisah 13:48) Wektu wong-wong saka bangsa liya krungu bab kuwi, wong-wong kuwi mulai bungah lan ngluhurké pangandikané Yéhuwah. Lan kabèh wong sing nduwé sikap sing bener kanggo nampa urip saklawasé dadi percaya.
(Kisah 14:1) Ing Ikonium, Paulus lan Barnabas mlebu menyang sinagogé wong Yahudi lan mulang kanthi trampil, mula akèh wong Yahudi lan Yunani dadi percaya.
bt-IN 95 ¶5
”Wewenang saka Yéhuwah kanggo Ngomong kanthi Kendel”
5 Paulus lan Barnabas mampir ing Ikonium, kutha sing budaya Yunaniné kuwat banget lan klebu salah siji kutha sing penting banget ing provinsi Galatia. Ing kutha iki wong-wong Yahudi nduwé pengaruh lan akèh wong proselit dudu Yahudi. Kaya biasané Paulus lan Barnabas mlebu ing sinagogé kanggo nginjil. (Kisah 13:5, 14) Wong-wong kuwi ”mulang kanthi trampil, mula akèh wong Yahudi lan Yunani dadi percaya”.—Kisah 14:1.
(Kisah 14:21, 22) Sakwisé martakké kabar apik ing kutha kuwi lan mbantu cukup akèh wong dadi murid, Paulus lan Barnabas bali menyang Listra, Ikonium, lan Antiokhia. 22 Ing kana, Paulus lan Barnabas nguwatké murid-murid supaya tetep nduwé iman. Para rasul kuwi kandha, ”Kita kudu ngalami akèh kasangsaran kanggo mlebu ing Kratoné Allah.”
w14-IN 15/9 13 ¶4-5
Ngabdi kanthi Setya Senajan ”Akèh Kasangsaran”
4 Sakwisé ing kutha Dèrbé, Paulus lan Barnabas ”bali menyang Listra, Ikonium, lan Antiokhia. Ing kana, Paulus lan Barnabas nguwatké murid-murid supaya tetep nduwé iman. Para rasul kuwi kandha, ’Kita kudu ngalami akèh kasangsaran kanggo mlebu ing Kratoné Allah.’” (Kisah 14:21, 22) Omongané para rasul kuwi kétoké anèh. Merga nèk ngerti bakal ngalami ”akèh kasangsaran” isa nggawé cilik ati. Dadi, wektu ”nguwatké murid-murid”, apa sebabé Paulus lan Barnabas ngandhani nèk para murid bakal ngalami akèh kasangsaran?
5 Jawabané ana ing omongané Paulus. Dhèwèké ora mung ngomong, ”Kita kudu tekun ngadhepi akèh kasangsaran.” Ning ngomong, ”Kita kudu ngalami akèh kasangsaran kanggo mlebu ing Kratoné Allah.” Dadi Paulus nandheské marang para murid nèk terus setya bakal éntuk berkah sing gedhé banget. Yésus ngomong, ”Wong sing tekun nganti pungkasan bakal dislametké.”—Matius 10:22.
Wulangan Penting
(Kisah 12:21-23) Ing sawijiné dina wektu wong-wong padha ngumpul, Hérodès lungguh ing kursi pengadilan nganggo jubah raja lan mulai pidato. 22 Banjur wong-wong sing padha ngumpul kuwi mulai mbengok, ”Iki swarané allah, dudu swarané manungsa!” 23 Ing wektu kuwi uga, malaékaté Yéhuwah nggawé Hérodès diserang penyakit, merga dhèwèké ora ngluhurké Gusti Allah. Banjur Hérodès dipangan cacing-cacing lan mati.
w08-IN 15/5 32 ¶7
Pokok-Pokok Penting Buku Kisah
12:21-23; 14:14-18. Hérodès seneng nampa kamulyan sing kuduné kanggo Gusti Allah. Kuwi béda banget karo Paulus lan Barnabas sing langsung nolak kanggo dipuji lan diluhurké. Kita aja nganti kepéngin dipuji-puji merga wis nindakké akèh bab kanggo Yéhuwah.
(Kisah 13:9) Banjur Saul, sing uga disebut Paulus, sing kapenuhan roh suci, mandeng ahli sihir kuwi
nwtsty katrangan kanggo sinau Kis 13:9
uga disebut Paulus: Saul saiki disebut Paulus. Paulus kuwi wong Ibrani tapi warga negara Romawi. (Kis 22:27, 28; Flp 3:5) Mulai isih cilik, Paulus wis nduwé jeneng Ibrani yaiku Saul lan jeneng Romawi yaiku Paulus. Kuwi bab sing wis umum ing jaman Yahudi mbiyèn, khususé wong-wong sing manggon ing njabané Israèl nduwé loro jeneng. (Kis 12:12; 13:1) Ana keluargané Paulus sing uga nduwé jeneng Romawi lan Yunani. (Rm 16:7, 21) Paulus ditugaské dadi ”rasul sing diutus marang bangsa-bangsa,” kanggo martakké kabar apik marang wong-wong sing dudu Yahudi. (Rm 11:13) Paulus milih nggunakké jeneng Romawiné, bèn luwih gampang ditampa. (Kis 9:15; Gal 2:7, 8) Ana sing ngomong nèk Paulus nggunakké jeneng Romawi kanggo ngluhurké Sèrgius Paulus, ning ora ngono, merga Paulus terus nggunakké jeneng Romawiné sakwisé ninggalké Siprus. Liyané ngomong nèk Paulus ora nggunakké jeneng Ibraniné, merga jeneng Saul ing basa Yunani mèh padha kaya tembung kanggo wong (utawa kéwan) sing mlakuné sombong.
Paulus: Ing Kitab-Kitab Yunani Kristen, jeneng Paulos saka basa Latin Paulus, artiné ”Cilik”, digunakké ping 157 kanggo Rasul Paulus lan ping pisan kanggo Gubernur Siprus yaiku Sèrgius Paulus.—Kis 13:7.
Maca Alkitab
(Kisah 12:1-17) Kira-kira ing wektu kuwi, Raja Hérodès mulai nganiaya sebagéan anggotané jemaat. 2 Dhèwèké matèni Yakobus seduluré Yohanes nganggo pedhang. 3 Wektu ngerti nèk kuwi nggawé wong-wong Yahudi seneng, dhèwèké uga nangkep Pétrus. (Kuwi kedadéan wektu Riyaya Roti Tanpa Ragi.) 4 Pétrus ditangkep lan dilebokké penjara. Dhèwèké dijaga karo patang kelompok prajurit, ing saben kelompok ana prajurit cacahé papat. Hérodès nduwé rencana arep nggawa Pétrus kanggo diadili ing ngarepé wong akèh sakwisé Paskah. 5 Wektu Pétrus dipenjara, jemaat padha ndonga kanthi tenanan marang Gusti Allah kanggo Pétrus. 6 Ing wengi sakdurungé Hérodès ngadili Pétrus, Pétrus lagi turu lan tangané diranté ing antarané loro prajurit, lan ana penjaga-penjaga ing ngarep lawang penjara. 7 Ujug-ujug, ana malaékaté Yéhuwah ngadeg ing kono, lan ana cahya sumunar ing njero penjara kuwi. Malaékat kuwi ngoyog-oyog Pétrus karo kandha, ”Ndang tangi!” Lan ranté-ranténé ucul saka tangané Pétrus. 8 Malaékat kuwi kandha, ”Siap-siapa, enggonen sandhalmu.” Pétrus nindakké kuwi. Banjur malaékat kuwi kandha, ”Enggonen klambi njabamu, lan etutna aku.” 9 Pétrus banjur metu lan ngetutké malaékat kuwi. Dhèwèké ora ngerti nèk sing ditindakké malaékat mau bener-bener nyata. Dhèwèké ngira lagi éntuk wahyu. 10 Pétrus lan malaékat kuwi ngliwati pos jaga sing kapisan lan kapindho, banjur tekan ing gerbang wesi sing ngarah menyang kutha lan gerbang kuwi mbukak dhéwé. Sakwisé metu, Pétrus lan malaékat kuwi mlaku ing sawijiné dalan, lan ujug-ujug malaékat kuwi ninggalké Pétrus. 11 Mula Pétrus dadi sadhar apa sing wis kedadéan, lan kandha, ”Saiki aku ngerti tenan nèk Yéhuwah wis ngutus malaékaté kanggo mbébaské aku saka tangané Hérodès lan saka kabèh bab ala sing dikarepké wong-wong Yahudi.” 12 Sakwisé sadhar nèk kuwi nyata, Pétrus lunga menyang omahé Maria ibuné Yohanes sing disebut Markus. Ing kono ana sedulur-sedulur sing lagi ngumpul lan ndonga. 13 Wektu Pétrus ndhodhog gerbang omah kuwi, ana pembantu wadon sing jenengé Roda metu kanggo ndelok sapa sing teka. 14 Wektu nitèni nèk kuwi swarané Pétrus, Roda seneng banget nganti dhèwèké ora mbukakké gerbang, nanging malah mlayu mlebu lan ngandhani liyané nèk Pétrus ana ing gerbang. 15 Sedulur-sedulur padha kandha, ”Kowé iki ora waras, ya?” Nanging dhèwèké terus kandha nèk Pétrus pancèn teka. Mula sedulur-sedulur kandha, ”Kuwi mesthi malaékaté.” 16 Nanging, Pétrus isih terus dhodhog-dhodhog. Wektu gerbangé dibukak, sedulur-sedulur padha kagèt ndelok Pétrus. 17 Nanging Pétrus mènèhi tandha nganggo tangané supaya wong-wong kuwi padha meneng, lan dhèwèké nyritakké kanthi rinci bab piyé Yéhuwah mbébaské dhèwèké saka penjara. Banjur dhèwèké kandha, ”Kandhanana Yakobus lan sedulur-sedulur liyané bab iki.” Sakwisé kuwi, dhèwèké metu lan lunga menyang panggonan liyané.
17-23 DESEMBER
SINAU SAKA ALKITAB | KISAH 15-16
”Keputusan sing Disepakati Dhasaré saka Kitab Suci”
(Kisah 15:1, 2) Ana sapérangan wong sing teka saka Yudéa menyang Antiokhia lan mulai mulang sedulur-sedulur, ”Nèk kowé ora disunat miturut Hukum Musa, kowé ora isa dislametké.” 2 Kuwi marakké ana padudon sing gedhé lan udur-uduran ing antarané wong-wong saka Yudéa mau karo Paulus lan Barnabas. Mula para sedulur ngatur supaya Paulus, Barnabas, lan sapérangan sedulur liyané lunga marang para rasul lan para pinituwa ing Yérusalèm kanggo takon bab masalah iki.
bt-IN 102 ¶8
”Ana Padudon sing Gedhé”
8 Lukas ngomong, ”Ana padudon sing gedhé lan udur-uduran ing antarané wong-wong saka Yudéa mau karo Paulus lan Barnabas. Mula para sedulur [para pinituwa] ngatur supaya Paulus, Barnabas, lan sapérangan sedulur liyané lunga marang para rasul lan para pinituwa ing Yérusalèm kanggo takon bab masalah iki.” (Kisah 15:2) Ana ”padudon sing gedhé lan udur-uduran”, kuwi nduduhké nèk wong-wong kuwi rumangsa paling bener lan jemaat Antiokhia ora isa ngatasi. Bèn isa tetep rukun, masalah kuwi digawa menyang ”para rasul lan para pinituwa ing Yérusalèm” sing disebut pengurus pusat. Apa sing isa kita sinaoni saka para pinituwa ing Antiokhia?
(Kisah 15:13-20) Sakwisé rasul loro kuwi rampung ngomong, Yakobus kandha, ”Sedulur-sedulur, rungokna aku. 14 Kaya sing bar kita rungokké mau, Siméon wis nyritakké kanthi rinci marang kita bab piyé Gusti Allah nggatèkké wong-wong saka bangsa-bangsa liya, lan nèk saka antarané wong-wong kuwi Gusti Allah mulai milih umat kanggo asmané. 15 Lan iki cocog karo apa sing dikandhakké ing Tulisan Para Nabi, yaiku, 16 ’Sakwisé iki aku bakal bali lan mbangun manèh kémahé Daud sing wis ambruk. Aku bakal ndandani lan ngedegké manèh kémah kuwi, 17 supaya wong-wong sisané kuwi isa bener-bener ngabdi marang Yéhuwah, bebarengan karo wong-wong saka bangsa-bangsa liya, yaiku umat sing disebut nganggo asma-Ku, Aku Yéhuwah sing ngendika bab iki, Aku sing nindakké kabèh perkara iki, 18 Aku wis mutuské kanggo nindakké iki wiwit mbiyèn.’ 19 Dadi keputusanku iki dudu kanggo nyusahké wong-wong saka bangsa-bangsa liya sing péngin ngabdi marang Gusti Allah, 20 nanging kanggo nulis marang wong-wong kuwi supaya padha bener-bener nyingkir saka kabèh sing ana hubungané karo penyembahan brahala, saka hubungan sèks sing ora sah, saka daging kéwan sing mati ditekak, lan saka getih.
w12-IN 15/1 5 ¶6-7
Wong Kristen Ngajèni Kitab Suci
6 Ayat sing isa mbantu ngrampungké masalah kuwi yaiku Amos 9:11, 12. Ayat kuwi uga dikutip ing Kisah 15:16, 17, uniné, ”Aku bakal bali lan mbangun manèh kémahé Daud sing wis ambruk. Aku bakal ndandani lan ngedegké manèh kémah kuwi, supaya wong-wong sisané kuwi isa bener-bener ngabdi marang Yéhuwah, bebarengan karo wong-wong saka bangsa-bangsa liya, yaiku umat sing disebut nganggo asma-Ku, Aku Yéhuwah sing ngendika bab iki.”
7 Isa waé ana wong sing ora setuju lan mikir, ’Ning ing ayat kuwi ora ditulis nèk wong Kristen sing dudu Yahudi ora kudu disunat’. Pancèn bener, tapi kuwi sing dipahami wong Yahudi Kristen. Sebab wong Yahudi Kristen wis nganggep nèk wong sing dudu Yahudi sing wis sunat, kuwi dianggep sedulur lan dudu ”wong-wong saka bangsa-bangsa liya”. (Pa. 12:48, 49) Contoné, nurut Septuaginta vèrsi Bagster ing Èster 8:17 ngomong, ”Akèh wong sing dudu Yahudi disunat lan dadi wong Yahudi.” Dadi, wong-wong sisané yaiku keturunan saka Israèl (Yahudi lan sing proselit Yahudi sing wis sunat) bakal bebarengan karo ”wong-wong saka bangsa-bangsa liya” (sing dudu Yahudi sing durung sunat). Wong-wong kuwi bakal dadi siji umat sing disebut nganggo asmané Gusti Allah. Dadi cetha nèk wong sing dudu Yahudi sing kepéngin dadi Kristen ora kudu disunat.
(Kisah 15:28, 29) Merga roh suci wis mbantu aku kabèh nggawé kesimpulan supaya ora nambahi bebanmu, kejaba mung bab-bab sing penting iki: 29 terus nyingkira saka perkara-perkara sing dikurbanké marang brahala, saka getih, saka daging kéwan sing mati ditekak, lan saka hubungan sèks sing ora sah. Nèk kowé tenanan njaga awakmu saka perkara-perkara kuwi, kahananmu bakal apik. Muga-muga kowé terus séhat.”
(Kisah 16:4, 5) Karo njlajahi kutha-kutha kuwi, Paulus lan kanca-kancané martakké keputusané para rasul lan para pinituwa ing Yérusalèm marang sedulur-sedulur supaya ditindakké. 5 Banjur, jemaat-jemaat terus dadi saya kuwat imané lan saben dina jumlahé wong-wong sing percaya saya akèh ing jemaat-jemaat.
bt-IN 123 ¶18
”Nguwatké Jemaat-Jemaat”
18 Wis taunan Paulus lan Timotéus kerja bareng dadi rohaniwan keliling lan nampa akèh tugas saka pengurus pusat. Alkitab kandha, ”Karo njlajahi kutha-kutha kuwi, Paulus lan kanca-kancané martakké keputusané para rasul lan para pinituwa ing Yérusalèm marang sedulur-sedulur supaya ditindakké.” (Kisah 16:4) Jemaat-jemaat padha manut arahan saka para rasul lan pinituwa ing Yérusalèm. Lan hasilé, ”jemaat-jemaat terus dadi saya kuwat imané lan saben dina jumlahé wong-wong sing percaya saya akèh ing jemaat-jemaat.”—Kisah 16:5.
Wulangan Penting
(Kisah 16:6-9) Sakliyané kuwi, Paulus lan kanca-kancané njlajahi Frigia lan dhaérah Galatia, merga wong-wong kuwi dilarang roh suci kanggo martakké pangandikané Gusti Allah ing Provinsi Asia. 7 Banjur sakwisé tekan ing Misia, wong-wong kuwi ngupaya lunga menyang Bitinia, nanging rohé Yésus nglarang wong-wong kuwi mrana. 8 Mula wong-wong kuwi ngliwati Misia, banjur tekan ing Troas. 9 Ing wengi kuwi, Paulus éntuk wahyu: Ana sawijiné wong lanang saka Makédonia ngadeg karo nyuwun, ”Lungaa menyang Makédonia lan tulungana aku kabèh.”
w12-IN 15/1 10 ¶8
Terus Jaga-Jaga Kaya Para Rasul
8 Apa sing isa disinaoni? Gatèkna nèk sakwisé Paulus mangkat menyang Asia, lagi diarahké roh suci Allah. Sakwisé Paulus wis cedhak Bitinia, lagi diarahké karo Yésus. Lan akhiré, sakwisé Paulus tekan Troas, Yésus ngarahké dhèwèké menyang Makédonia. Yésus sing dadi Kepala jemaat isa ngarahké kita nganggo cara sing padha. (Kol. 1:18) Contoné, nèk njenengan péngin merintis utawa pindhah ing dhaérah sing luwih mbutuhké penginjil. Kuwi isa kelakon mung sakwisé njenengan ngupayakké dhisik, lagi Yésus ngarahké nganggo roh suciné Allah. Gambarané, supir isa ngarahké mobilé nèk wis mlaku. Ya kaya ngono, Yésus isa ngarahké kita kanggo nindakké luwih akèh kanggo nginjil, sakwisé kita ngupaya nindakké kuwi.
(Kisah 16:37) Nanging Paulus kandha, ”Wong-wong kuwi wis nggebugi aku kabèh ing ngarepé wong akèh, tanpa diadili, padahal aku kabèh wong Romawi, banjur aku dilebokké penjara. Saiki, meneng-meneng wong-wong kuwi arep mbébaské aku? Ora isa! Wong-wong kuwi dhéwé sing kudu teka mréné lan ngeterké aku metu saka kéné.”
nwtsty katrangan kanggo sinau Kis 16:37
aku kabèh wong Romawi: Sing dimaksud yaiku warga negara Romawi. Paulus lan kétoké uga Silas kuwi warga negara Romawi. Hukum Romawi kandha nèk warga negara Romawi nduwé hak kanggo pengadilan sing resmi lan ora dihukum tanpa diadili dhisik. Nèk wong dadi warga negara Romawi isa éntuk hak-hak khusus ing dhaérah pamréntahan negara Romawi. Warga negara Romawi uga manut hukum Romawi ora karo hukum setempat. Wektu ditudhuh, nèk gelem dhèwèké isa diadili nganggo hukum setempat, ning dhèwèké uga nduwé hak kanggo naik banding ing pengadilan Romawi. Tapi nèk hukumané mati dhèwèké nduwé hak kanggo naik banding ing kaisar. Wektu Paulus nginjil ing dhaérah kekaisaran Romawi, dhèwèké tau nggunakké haké dadi warga negara Romawi ping telu. Sing pertama yaiku ing Filipi wektu dhèwèké kandha karo para pejabat pengadilan Filipi nèk haké wis dilanggar wektu dhèwèké digebugi.
Maca Alkitab
(Kisah 16:25-40) Nanging kira-kira ing tengah wengi, Paulus lan Silas ndonga lan nyanyi lagu pamuji marang Gusti Allah, lan wong-wong liyané sing dipenjara uga padha ngrungokké. 26 Ujug-ujug ana gempa sing gedhé lan nggawé pondhasiné penjara kuwi goncang. Ing wektu kuwi uga, lawang-lawangé penjara padha menga lan ranténé saben wong sing dipenjara padha ucul. 27 Wektu penjaga penjara tangi lan ndelok lawang-lawangé penjara padha menga, dhèwèké ngetokké pedhangé lan arep bunuh dhiri, merga ngira nèk wong-wong sing dipenjara wis padha mlayu. 28 Nanging Paulus mbengok, ”Aja bunuh dhiri! Aku kabèh ana ing kéné!” 29 Mula penjaga penjara kuwi njaluk lampu lan mlayu mlebu ing njero. Dhèwèké ndredheg lan sujud ing ngarepé Paulus lan Silas. 30 Penjaga penjara banjur nggawa Paulus lan Silas metu, terus takon, ”Bapak-Bapak, apa sing kudu tak tindakké supaya isa dislametké?” 31 Paulus lan Silas njawab, ”Percayaa marang Gusti Yésus, supaya kowé lan keluargamu dislametké.” 32 Banjur Paulus lan Silas martakké pangandikané Yéhuwah marang penjaga penjara kuwi uga marang kabèh wong sing ana ing omahé. 33 Ing wengi kuwi uga, penjaga penjara mau nggawa Paulus lan Silas menyang sawijiné panggonan kanggo nambani tatu-tatuné. Banjur tanpa mbuwang-mbuwang wektu, penjaga penjara mau lan keluargané dibaptis. 34 Penjaga penjara kuwi banjur nggawa Paulus lan Silas menyang omahé, terus nyuguhké panganan kanggo wong-wong kuwi. Dhèwèké lan kabèh keluargané padha bungah merga saiki wis percaya marang Gusti Allah. 35 Ing dina sakbanjuré, para pejabat pengadilan ngutus sapérangan petugas kanggo kandha, ”Bébasna wong-wong kuwi.” 36 Mula penjaga penjara kuwi neruské omongan mau marang Paulus, ”Para pejabat pengadilan wis ngutus wong supaya kowé kabèh dibébaské. Mula saiki metua lan lungaa kanthi tentrem rahayu.” 37 Nanging Paulus kandha, ”Wong-wong kuwi wis nggebugi aku kabèh ing ngarepé wong akèh, tanpa diadili, padahal aku kabèh wong Romawi, banjur aku dilebokké penjara. Saiki, meneng-meneng wong-wong kuwi arep mbébaské aku? Ora isa! Wong-wong kuwi dhéwé sing kudu teka mréné lan ngeterké aku metu saka kéné.” 38 Mula para petugas mau banjur nglaporké bab kuwi marang para pejabat pengadilan. Wektu krungu nèk Paulus lan Silas kuwi wong Romawi, para pejabat kuwi dadi ngrasa wedi. 39 Dadi para pejabat kuwi banjur teka lan njaluk ngapura marang Paulus lan Silas. Lan sakwisé ngeterké metu, para pejabat kuwi njaluk supaya wong loro kuwi lunga saka kutha kuwi. 40 Nanging sakwisé metu saka penjara, Paulus lan Silas lunga menyang omahé Lidia. Wektu ketemu karo sedulur-sedulur, Paulus lan Silas nguwatké sedulur-sedulur kuwi, banjur mangkat.
24-30 DESEMBER
SINAU SAKA ALKITAB | KISAH 17-18
”Tirunen Carané Rasul Paulus Nginjil lan Mulang”
(Kisah 17:2, 3) Mula kaya kebiasaané Paulus, dhèwèké mlebu ing sinagogé lan nemoni wong-wong ing kono. Saksuwéné telung sabat, Paulus rembugan karo wong-wong kuwi nganggo dhasar Kitab Suci, 3 nganggo cara nerangké lan mbuktèkké liwat ayat-ayat nèk Kristus pancèn kudu ngalami sengsara lan diuripké manèh saka antarané wong mati. Paulus kandha, ”Yésus, sing tak wartakké marang kowé, dhèwèké kuwi Kristus.”
nwtsty katrangan kanggo sinau Kis 17:2, 3
nerangké: Paulus ora mung ngandhani bab kabar apik, ning dhèwèké njelaské lan mènèhi bukti saka Kitab Suci yaiku saka Kitab-Kitab Ibrani. Rasul Paulus ora mung macakké ayaté, ning uga njelaské ayaté, lan nyocogké karo sing ngrungokké. Tegesé tembung Yunani dialegomai yaiku ”tukar pikiran wektu omong-omongan, utawa rembugan.” Kuwi berarti ana tanggepan saka sing ngrungokké. Tembung Yunani iki uga digunakké ing Kis 17:17; 18:4, 19; 19:8, 9; 20:7, 9.
mbuktèkké liwat ayat-ayat: Ing tembung Yunani kuwi maksudé ”nyèlèhké ing sisihé.” Isa waé Paulus mbandhingké ramalan bab Mésias ing Kitab-Kitab Ibrani karo kedadéan ing uripé Yésus, sing nduduhké piyé Yésus nggenepi ramalan ing Alkitab.
(Kisah 17:17) Mula Paulus mulai tukar pikiran ing sinagogé, karo wong-wong Yahudi lan wong-wong liya sing nyembah Gusti Allah. Paulus uga nindakké kuwi saben dina ing pasar karo wong-wong sing ana ing kana.
nwtsty katrangan kanggo sinau Kis 17:17
ing pasar: Dhaérahé ana ing sebelah barat laut Akropolis, pasar Athéna (Yunaniné, agora) sing ambané kira-kira limang héktar. Pasar kuwi ora mung panggonan kanggo dagang. Kuwi uga pusat perékonomian, politik, lan budayané kutha kuwi. Wong-wong Athéna seneng ngumpul ing pasar kuwi kanggo rembugan.
(Kisah 17:22, 23) Paulus banjur ngadeg ing tengah-tengahé Aréopagus, lan kandha: ”Wong-wong Athéna, nèk tak gatèkké ing kabèh perkara, kétoké rasa wedimu marang para déwa luwih gedhé ketimbang wong-wong liyané. 23 Contoné, wektu aku mlaku-mlaku lan nggatèkké apa sing padha kok sembah, aku ndelok ana sawijiné mésbah sing tulisané ’Kanggo Allah sing Ora Dikenal’. Mula saiki aku bakal ngandhani kowé bab Allah iki, yaiku sing kok sembah nanging ora kok kenal.
nwtsty katrangan kanggo sinau Kis 17:22, 23
Allah sing Ora Dikenal: Tulisan Yunani Agnostoi theoi kuwi ana ing mésbah ing Athéna. Wong-wong Athéna nduduhké rasa wediné marang para déwa nganggo cara mbangun kuil-kuil lan mésbah-mésbah, malah uga nggawé mésbah kanggo déwa sing ora nyata, kaya Déwa Kemasyuran, Déwa Kesahajaan, Déwa Energi, Déwa Rayuan, lan Déwa Belas Kasihan. Mungkin merga wedi nglalèkké lan nggawé déwa ora seneng, mula nggawé mésbah kanggo ”Allah sing Ora Dikenal”. Kuwi berarti, wong-wong kuwi ngakoni nèk ana Gusti Allah sing durung dikenal. Paulus kanthi trampil nggunakké kuwi kanggo dhasar nginjil kanggo ngenalké wong-wong ing kana karo Gusti Allah sing sejati sing durung dikenal.
Wulangan Penting
(Kisah 18:18) Sakwisé manggon ing kana sawetara dina manèh, Paulus pamit marang sedulur-sedulur banjur numpak kapal menyang Siria, bareng karo Priskila lan Akuila. Paulus nyukur cendhak rambuté ing Kènkhréa, merga dhèwèké wis janji marang Gusti Allah.
w08-IN 15/5 32 ¶5
Pokok-pokok Penting Buku Kisah
18:18—Paulus nggawé janji apa? Ana para ahli ngira nèk Paulus nggawé janji dadi wong Nazir. (Wi. 6:1-21) Ning Alkitab ora nyathet apa janjiné Paulus kuwi. Alkitab uga ora nyathet apa Paulus janji sakdurungé utawa sakwisé dhèwèké mertobat. Sakliyané kuwi, uga ora ana cathetan apa Paulus wis mulai utawa ngakhiri janjiné. Ning sing penting, nggawé janji kuwi dudu dosa.
(Kisah 18:21) Dhèwèké pamit lan kandha, ”Aku bakal bali manèh marang kowé, nèk Yéhuwah ngersakké.” Banjur Paulus numpak kapal saka Éfésus
nwtsty katrangan kanggo sinau Kis 18:21
nèk Yéhuwah ngersakké: Iki nduduhké nèk nggawé rencana utawa tumindak, kudu éling karo kersané Gusti Allah. Rasul Paulus uga terus ngéling-éling pathokan kuwi. (1Kor 4:19; 16:7; Ibr 6:3) Rasul Yakobus uga nulis ing suraté, ”Nèk Yéhuwah ngersakké, aku bakal urip lan nindakké iki utawa kuwi.” (Yak 4:15) Kuwi ora mung omong kosong, kabèh wong sing ngomong ”nèk Yéhuwah ngersakké” kudu tumindak cocog karo kersané Yéhuwah. Kuwi ora kudu diomongké nganggo swara, ning biasané ing njero ati.—Deloken buku Tuntunan kanggo Sinau Alkitab bab 2.
Maca Alkitab
(Kisah 17:1-15) Paulus lan Silas saiki lunga liwat Amfipolis lan Apolonia, banjur tekan ing Tésalonika. Ing kono, ana sinagogé wong Yahudi. 2 Mula kaya kebiasaané Paulus, dhèwèké mlebu ing sinagogé lan nemoni wong-wong ing kono. Saksuwéné telung sabat, Paulus rembugan karo wong-wong kuwi nganggo dhasar Kitab Suci, 3 nganggo cara nerangké lan mbuktèkké liwat ayat-ayat nèk Kristus pancèn kudu ngalami sengsara lan diuripké manèh saka antarané wong mati. Paulus kandha, ”Yésus, sing tak wartakké marang kowé, dhèwèké kuwi Kristus.” 4 Lan hasilé, sapérangan wong saka antarané wong-wong kuwi, uga akèh wong Yunani sing nyembah Gusti Allah, lan akèh wong wadon penting dadi percaya, lan nggabung karo Paulus lan Silas. 5 Nanging merga iri, wong-wong Yahudi nglumpukké wong-wong jahat sing seneng saba pasar tanpa tujuan, banjur nggawé grombolan kanggo nggègèrké kutha. Wong-wong kuwi nggrudug omahé Yason lan ngupaya supaya Paulus lan Silas digawa metu marang grombolan mau. 6 Wektu ora nemokké Paulus lan Silas, wong-wong kuwi nyèrèd Yason lan sapérangan sedulur kanggo digawa marang para panguwasa kutha. Wong-wong kuwi mbengok, ”Wong-wong sing wis nggawé gègèr sak donya, saiki uga ana ing kéné, 7 lan Yason nampa wong-wong kuwi dadi tamuné. Kabèh wong iki nglawan hukumé Kaisar nganggo cara kandha nèk ana raja liya, yaiku Yésus.” 8 Wektu krungu bab iki, akèh wong lan para panguwasa kutha dadi padha kuwatir. 9 Nanging, Yason lan liyané dibébaské sakwisé mbayar dhuwit jaminan. 10 Ing wengi kuwi uga, sedulur-sedulur ngutus Paulus lan Silas menyang Béréa. Sakwisé tekan kana, Paulus lan Silas mlebu menyang sinagogé wong Yahudi. 11 Wong-wong ing Béréa luwih seneng sinau ketimbang wong-wong ing Tésalonika, merga wong-wong Béréa nampa pangandikané Gusti Allah kanthi semangat banget. Wong-wong kuwi saben dina uga mriksa Kitab Suci kanthi tliti kanggo mastèkké apa sing diomongké Paulus kuwi pancèn bener. 12 Kuwi sebabé ing antarané wong-wong mau ana akèh wong sing dadi percaya. Sakliyané kuwi, uga ana akèh wong lanang lan wong wadon sing diajèni saka antarané wong-wong Yunani sing dadi percaya. 13 Nanging wektu wong-wong Yahudi ing Tésalonika ngerti nèk Paulus uga martakké pangandikané Gusti Allah ing Béréa, wong-wong kuwi banjur mara mrana kanggo ngojok-ojoki lan nggawé gègèr wong-wong ing kono. 14 Banjur sedulur-sedulur cepet-cepet ngongkon Paulus lunga menyang cedhak laut, nanging Silas lan Timotius tetep manggon ing Béréa. 15 Sedulur-sedulur sing ngancani Paulus nggawa Paulus nganti tekan Athéna. Sedulur-sedulur kuwi banjur lunga sakwisé dikandhani Paulus nèk Silas lan Timotius kudu cepet-cepet nemoni Paulus.
31 DESEMBER–6 JANUARI
SINAU SAKA ALKITAB | KISAH 19-20
”Gatèkna Awakmu Dhéwé lan Kabèh Jemaat”
(Kisah 20:28) Gatèkna awakmu dhéwé lan kabèh jemaat, merga kowé wis dilantik roh suci dadi pengawas, kanggo angon jemaaté Gusti Allah, sing wis dituku Panjenengané nganggo getihé Putrané dhéwé.
w11-IN 15/6 20 ¶5
”Engonen Wedhus-wedhusé Gusti Allah”
5 Rasul Pétrus nulis nèk pinituwa kudu ’ngengon wedhus-wedhusé Gusti Allah sing dipercayakké marang kowé’. Para pinituwa kudu éling nèk kelompok kuwi duwèké Yéhuwah lan Yésus. Para pinituwa uga kudu tanggung jawab carané njaga wedhus-wedhusé Gusti Allah. Contoné, nèk ana kanca cedhaké njenengan njaluk tulung kanggo njaga anak-anaké wektu dhèwèké lunga. Mesthiné njenengan njaga lan ngekèki maem bocah-bocah kuwi. Nèk ana sing lara ya mesthi diobati. Semono uga, para pinituwa kudu ”angon jemaaté Gusti Allah, sing wis dituku Panjenengané nganggo getihé Putrané dhéwé”. (Kisah 20:28) Para pinituwa kudu éling nèk saben wedhus dituku nganggo getihé Kristus sing aji. Mula, para pinituwa kudu tanggung jawab, ngekèki mangan, nglindhungi, lan njaga wedhus-wedhusé Gusti Allah.
(Kisah 20:31) ”Mula tetepa jaga-jaga, lan élinga nèk saksuwéné telung taun, awan lan bengi, aku ora tau mandheg mènèhi naséhat marang saben wong ing antaramu, karo mbrebes mili.
w13-IN 15/1 31 ¶15
Pinituwa—’Kanca Nyambut Gawé kanggo Kabungahan’
15 Para gembala kerja keras kanggo wedhus-wedhusé Gusti Allah. Kadhang kala nganti kurang turu merga mikirké lan ndongakké para sedulur, sakliyané kuwi uga mbantu para sedulur bèn tetep kuwat imané. (2 Kor. 11:27, 28) Kaya Paulus, para pinituwa bungah nindakké tanggung jawabé. Paulus nulis kanggo jemaat ing Korintus, ”Aku bakal seneng mènèhké marang kowé kabèh sing tak duwèni lan uga nyawaku.” (2 Kor. 12:15) Merga tresnané, Paulus tenanan nguwatké para sedulur. (Wacanen 2 Korintus 2:4; Flp. 2:17; 1 Tés. 2:8) Kuwi sebabé, sedulur-sedulur tresna banget karo Paulus.—Kisah 20:31-38.
(Kisah 20:35) Ing kabèh perkara, aku wis nduduhké marang kowé nèk kanthi nyambut gawé mempeng kaya ngéné, kowé kudu mbantu wong sing mbutuhké lan kudu terus ngéling-éling omongané Gusti Yésus, yaiku, ’Luwih bungah mènèhi ketimbang nampani.’”
bt-IN 172 ¶20
”Aku Resik saka Getihé Kabèh Wong”
20 Paulus ora kaya wong-wong sing nggolèk keuntungan saka wedhus-wedhusé Gusti Allah. Paulus uga kerja kanggo nyukupi kebutuhané, supaya ora dadi beban kanggo jemaat. Upayané kanggo sedulur-sedulur ora kanggo kepentingané dhéwé. Paulus uga ngélikké bèn lila nggawé pangurbanan kanggo para seduluré. Kandhané, ”Kowé kudu mbantu wong sing mbutuhké lan kudu terus ngéling-éling omongané Gusti Yésus, yaiku, ’Luwih bungah mènèhi ketimbang nampani.’”—Kisah 20:35.
Wulangan Penting
(Kisah 19:9) Nanging wektu ana wong-wong sing ngèyèl lan ora gelem percaya uga ngèlèk-èlèk Dalané Gusti ing ngarepé wong akèh, Paulus lunga lan misahké murid-murid saka wong-wong kuwi. Saben dina, Paulus mènèhi ceramah ing ruang pertemuan sekolahan Tiranus.
bt-IN 161 ¶11
”Saya Nyebar lan Saya Gedhé Kuwasané” Senajan Ditentang
11 Paulus kétoké ceramah ing ruang pertemuan sekolahan saka jam 11 ésuk nganti kira-kira jam 4 soré saben dina. (Kisah 19:9) Kuwi kayané wektu sing paling sepi lan panas banget. Akèh wong sing mandheg nyambut gawé kanggo istirahat lan mangan. Bayangna nèk Paulus terus nindakké kuwi nganti rong taun, berarti Paulus nggunakké wektuné luwih saka 3.000 jam kanggo mulang. Mulané, kabar apik saya nyebar lan saya gedhé kuwasané. Paulus kerja keras lan isa nggawé penyesuaian. Dhèwèké nyocogké jadwalé bèn isa ketemu luwih akèh wong ing dhaérah kana. Hasilé? ”Kabèh penduduk Provinsi Asia, klebu wong Yahudi lan wong Yunani, padha krungu pangandikané Gusti”. (Kisah 19:10) Paulus bener-bener nginjil kanthi tliti.
(Kisah 19:19) Malah, akèh wong sing mbiyèn nggunakké ilmu gaib padha nglumpukké buku-bukuné lan ngobong buku-buku kuwi ing ngarepé wong akèh. Sakwisé diétung, regané buku-buku kuwi jebulé 50.000 dhuwit pérak.
bt-IN 162 ¶15
”Saya Nyebar lan Saya Gedhé Kuwasané” Senajan Ditentang
15 Akèh wong dadi wedi karo Gusti Allah, sakwisé anak-anaké Skéwa digawé isin. Mula akèh sing dadi Kristen lan ora nindakké spiritisme manèh. Akèh wong-wong ing Éfésus sing nggunakké ilmu gaib. Wong-wong ing kono kerep nggunakké jimat, mantra-mantra, lan jampi-jampi sing biasané ditulis. Akèh wong Éfésus ngobong buku-buku ilmu gaib ing ngarepé wong akèh, senajan buku-buku kuwi regané puluhan éwu dolar. Lukas nglaporké, ”Mula nganggo cara sing nggumunké, pangandikané Yéhuwah saya nyebar lan saya gedhé kuwasané.” (Kisah 19:17-20) Kedadéan iki pancèn luar biasa merga kebenaran isa menang nglawan agama palsu lan ilmu gaib. Wong-wong sing setya kuwi dadi tuladha kanggo kita kabèh. Jaman saiki uga akèh wong sing nggunakké spiritisme. Nèk nduwé barang sing ana hubungané karo spiritisme, kita kudu cepet mbuwang barang kuwi senajan barangé larang, kaya sing ditindakké wong-wong ing Éfésus. Kita kabèh kudu nduwé tékad kanggo ngedohi kabèh praktèk spiritisme sing njijiki.
Maca Alkitab
(Kisah 19:1-20) Wektu Apolos ana ing Korintus, Paulus njlajahi dhaérah-dhaérah ing Provinsi Asia sing adoh saka laut, lan akiré tekan ing Éfésus. Ing kana, Paulus ketemu karo sapérangan murid, 2 lan takon, ”Apa kowé nampa roh suci wektu kowé dadi wong percaya?” Murid-murid kuwi njawab, ”Aku kabèh ora tau krungu nèk ana roh suci.” 3 Mula Paulus takon, ”Nèk ngono, kowé dibaptis nganggo baptisan apa?” Murid-murid kuwi njawab, ”Nganggo baptisan Yohanes.” 4 Paulus kandha, ”Yohanes mbaptis nganggo baptisan sing dadi lambang pertobatan. Yohanes uga ngandhani wong-wong supaya percaya marang wong sing teka sakwisé dhèwèké, yaiku Yésus.” 5 Wektu krungu bab kuwi, murid-murid banjur dibaptis nganggo jenengé Gusti Yésus. 6 Wektu Paulus numpangké tangané ing ndhuwur sirahé murid-murid kuwi, murid-murid kuwi nampa roh suci lan mulai ngomong nganggo basa-basa liya uga mènèhi ramalan. 7 Murid-murid kuwi cacahé kira-kira 12 wong lanang. 8 Saksuwéné telung sasi, Paulus mlebu ing sinagogé lan ngomong kanthi kendel, karo mènèhi ceramah lan ngupaya mbuktèkké marang wong-wong bab Kratoné Allah. 9 Nanging wektu ana wong-wong sing ngèyèl lan ora gelem percaya uga ngèlèk-èlèk Dalané Gusti ing ngarepé wong akèh, Paulus lunga lan misahké murid-murid saka wong-wong kuwi. Saben dina, Paulus mènèhi ceramah ing ruang pertemuan sekolahan Tiranus. 10 Dhèwèké nindakké kuwi rong taun suwéné, mula kabèh penduduk Provinsi Asia, klebu wong Yahudi lan wong Yunani, padha krungu pangandikané Gusti. 11 Gusti Allah terus nduduhké tumindaké sing kebak kuwasa lan nggumunké liwat Paulus, 12 nganti kacu lan klambi sing tau dienggo Paulus digawa marang wong-wong lara, lan wong-wong lara mau banjur mari lan roh-roh jahat padha metu saka wong-wong lara mau. 13 Nanging, sawetara wong Yahudi sing mlaku mrana-mréné kanggo ngusir roh jahat uga nyoba nggunakké jenengé Gusti Yésus kanggo wong sing kesurupan roh jahat. Wong-wong kuwi kandha, ”Nganggo jenengé Yésus sing diwartakké Paulus, aku ngongkon kowé metu.” 14 Ana imam kepala Yahudi sing jenengé Skéwa. Dhèwèké nduwé anak lanang pitu sing uga nindakké kaya ngono. 15 Nanging roh jahat kuwi kandha, ”Aku kenal Yésus, lan aku uga ngerti Paulus, nanging kowé kuwi sapa?” 16 Ing wektu kuwi uga, wong sing kesurupan mau nubruk lan ngalahké kabèh wong kuwi, mula wong-wong kuwi mlayu saka omah kuwi karo wuda lan babak bundhas. 17 Kabèh wong Yahudi lan Yunani sing manggon ing Éfésus padha ngerti kedadéan iki, banjur padha wedi, lan jenengé Gusti Yésus saya diluhurké. 18 Akèh wong sing wis dadi wong percaya banjur padha teka kanggo ngakoni lan nglaporké ing ngarepé wong akèh kabèh tumindak ala sing tau dilakoni. 19 Malah, akèh wong sing mbiyèn nggunakké ilmu gaib padha nglumpukké buku-bukuné lan ngobong buku-buku kuwi ing ngarepé wong akèh. Sakwisé diétung, regané buku-buku kuwi jebulé 50.000 dhuwit pérak. 20 Mula nganggo cara sing nggumunké, pangandikané Yéhuwah saya nyebar lan saya gedhé kuwasané.