LAGU 102
Nguwatké sing Susah
Vèrsi Tercétak
1. Gusti Allah nggatèkké
kabèh abdiné
lan ngopèni umaté,
Gedhé tresnané.
Yah mesthi nguwatké
sing susah uripé.
Ayo niru sifaté,
Tresna liyané.
2. Ayo padha nggatèkké
s’dulur liyané.
Omongan sing nyenengké
isa nentremké.
Yéhuwah nguwatké
nganggo roh suciné,
Bèn sing sedhih atiné
kuwat imané.
3. Kudu tetep nguwatké,
Aja nyalahké.
Nggolèk piyé carané
mbantu liyané.
Kudu t’rus mikirké
lan terus nggatèkké,
Bèn sedulur liyané
tenang atiné.
(Deloken Yés. 35:3, 4; 2 Kor. 11:29; Gal. 6:2.)