PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • jy bab 51 hlm. 126-hlm. 127 par. 9
  • Pembunuhan ing Pésta Ulang Taun

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Pembunuhan ing Pésta Ulang Taun
  • Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Apa Yohanes Pembaptis Kuwi Ana Tenan?
    Topik Liyané
Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
jy bab 51 hlm. 126-hlm. 127 par. 9
1. Salomé nari ing pésta ulang tauné Hérodès; 2. Salomé nggawa sirahé Yohanes Pembaptis marang Hérodias

BAB 51

Pembunuhan ing Pésta Ulang Taun

MATIUS 14:1-12 MARKUS 6:14-29 LUKAS 9:7-9

  • HÉRODÈS NUGEL SIRAHÉ YOHANES PEMBAPTIS

Wektu para rasulé Yésus nginjil ing Galiléa, wong sing mbiyèn ngenalké nèk Yésus kuwi Cempéné Gusti Allah isih durung bébas. Wis mèh rong taun Yohanes Pembaptis dipenjara.

Yohanes kanthi terus terang nduduhké kesalahané Raja Hérodès Antipas sing ngrebut Hérodias, bojoné Filipus, yaiku kakang tiriné Hérodès. Hérodès megat bojoné sing kapisan kanggo nikah karo Hérodias. Hérodès ngakuné nindakké Hukum Musa, padahal miturut Hukum Musa, pernikahan kaya ngono kuwi ora sah lan nglanggar hukum. Merga diélikké Yohanes, Hérodès nglebokké Yohanes ing penjara, kayané merga pengaruhé Hérodias.

Hérodès bingung apa sing kudu ditindakké marang Yohanes, merga wong-wong ’nganggep Yohanes kuwi nabi’. (Matius 14:5) Nanging Hérodias wis nduwé rencana. Hérodias ”dendam marang Yohanes”, mula dhèwèké terus nggolèk kesempatan kanggo matèni Yohanes. (Markus 6:19) Akiré, Hérodias éntuk kesempatan kuwi.

Ora suwé sakdurungé Paskah taun 32 M, Hérodès nganakké pésta gedhèn kanggo ngrayakké ulang tauné. Kabèh pejabat, komandan militèr, lan wong-wong penting ing Galiléa, teka ing pésta kuwi. Salomé, anaké Hérodias saka Filipus, dikongkon nari ing pésta kuwi. Tamu-tamu sing teka padha seneng karo tariané.

Hérodès seneng banget wektu Salomé nari ing pésta ulang tauné

Merga seneng, Hérodès kandha karo anak tiriné kuwi, ”Njaluka apa waé sing kok péngini lan kuwi bakal tak wènèhké kowé.” Hérodès sumpah, ”Apa waé sing kok jaluk saka aku, bakal tak wènèhké marang kowé, malah nganti separoné kerajaan iki.” Sakdurungé njawab, Salomé nemoni ibuné lan takon, ”Aku kudu njaluk apa?”​—Markus 6:22-24.

Iki kesempatan sing diarep-arep Hérodias. Dhèwèké langsung njawab, ”Sirahé Yohanes Pembaptis.” Salomé langsung cepet-cepet ngadhep raja lan ngandhakké penjaluké, ”Aku péngin panjenengan mènèhi aku sirahé Yohanes Pembaptis ing ndhuwuré nampan, saiki.”​—Markus 6:24, 25.

Hérodès dadi sedhih banget merga kudu matèni wong sing ora salah. Nanging, nèk ora isa netepi, dhèwèké bakal kisinan, merga para tamuné wis krungu sumpahé mau. Mula, Hérodès ngutus penjaga menyang penjara kanggo nugel sirahé Yohanes. Ora let suwé, penjaga kuwi bali karo nggawa sirahé Yohanes ing ndhuwuré nampan. Hérodès banjur mènèhké marang Salomé, lan Salomé mènèhké marang ibuné.

Wektu krungu kedadéan kuwi, murid-muridé Yohanes banjur teka lan njupuk mayité Yohanes, terus dikubur. Sakwisé kuwi, wong-wong kuwi ngandhani Yésus.

Banjur, wektu krungu nèk Yésus marèkké wong lara lan ngusir roh jahat, Hérodès dadi kewedèn. Hérodès mikir nèk aja-aja Yésus kuwi Yohanes Pembaptis sing ”wis diuripké manèh saka antarané wong mati”. (Lukas 9:7) Mula, Hérodès péngin banget ketemu Yésus. Tujuané ora kanggo ngrungokké piwulangé Yésus, nanging kanggo mastèkké apa sing dhèwèké kira kuwi bener apa ora.

  • Apa sebabé Yohanes Pembaptis dipenjara?

  • Piyé Hérodias akiré éntuk kesempatan kanggo matèni Yohanes?

  • Sakwisé Yohanes mati, apa sebabé Hérodès Antipas péngin banget ketemu Yésus?

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim