PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • mwb19 Februari hlm. 7
  • Tambah Trampil Nginjil—Ngendhegké PAR sing Ora Nggawé Kemajuan

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Tambah Trampil Nginjil—Ngendhegké PAR sing Ora Nggawé Kemajuan
  • Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2019
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Wani Ngandhani
    Sayang Kabèh Wong Kunci Ndadèkké Murid
  • Carané Mbantu Wong sing Sinau Bèn Isa Dibaptis—Bagéan Loro
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2020
  • Mbantu sing Sinau Alkitab Bèn Gelem Dibaptis
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2021
  • Carané Mbantu Wong sing Sinau Alkitab Bèn Isa Dibaptis—Bagéan Siji
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2020
Delok Kabèh
Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2019
mwb19 Februari hlm. 7
Sedulur lanang omong-omongan karo sing sinau Alkitab

URIPÉ WONG KRISTEN

Tambah Trampil Nginjil​—Ngendhegké PAR sing Ora Nggawé Kemajuan

PENTING MERGA: Wong-wong kudu nggunakké jenengé Yéhuwah bèn isa slamet. (Rm 10:13, 14) Ning, ora kabèh wong sing sinau Alkitab gelem ngetrapké pathokané Yéhuwah. Awaké dhéwé péngin mbantu wong sing bener-bener ngupaya nyenengké Yéhuwah. Mungkin ana sing wis suwé sinau Alkitab karo awaké dhéwé, ning wong kuwi ora nggawé kemajuan sing nyata. Nèk kaya ngono, sinau Alkitabé ora perlu diteruské. Awaké dhéwé isa nggolèk wong liya sing tenanan péngin akrab karo Yéhuwah. (Yoh 6:44) Ning, sinau Alkitabé isa diteruské manèh nèk sukmbèn dhèwèké dadi ”nduwé sikap sing bener kanggo nampa urip saklawasé”.​—Kis 13:48.

CARANÉ:

  • Pujinen sing sinau Alkitab merga wis gelem sinau wulangan sing bener.​—1Tim 2:4

  • Terangna pentingé ngetrapké sing wis disinaoni.​—Luk 6:46-49

  • Rembugen perumpamaan soal petani sing nyebar winih, terus takonana apa sebabé dhèwèké ora ngetrapké sing wis disinaoni.​—Mat 13:18-23

  • Jelasna alesané sinau Alkitabé ora diteruské manèh

  • Kandhanana dhèwèké nèk kadhang kala njenengan bakal teka kanggo nguwatké dhèwèké lan sinauné isa diteruské manèh nèk dhèwèké wis nggawé kemajuan

DELOKÈN VIDEONÉ, TERUS JAWABEN PITAKONAN-PITAKONAN IKI:

  • Saka omong-omongan kuwi, apa sing nduduhké nèk sing sinau Alkitab ora nggawé kemajuan?

  • Piyé carané penginjil kuwi ngandhani sing sinau Alkitab nèk dhèwèké kudu nggawé perubahan?

  • Piyé carané penginjil kuwi ngandhani sing sinau Alkitab nèk sukmbèn sinauné isa diteruské manèh?

Awaké dhéwé isa donga sakdurungé ngendhegké sinau Alkitab. Awaké dhéwé ya isa mikirké apa dhèwèké wis nggawé kemajuan sing sesuai karo umur lan kesanggupané.

  • Apa dhèwèké kerep mbatalké janji?

  • Apa dhèwèké persiapan sakdurungé sinau?

  • Apa dhèwèké gelem teka berhimpun?

  • Apa dhèwèké wis nggawé perubahan sing cocog karo pathokané Alkitab?

  • Apa dhèwèké gelem nyritakké apa sing disinaoni karo wong liya?

  • Apa dhèwèké wis metu saka agama palsu?

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim