PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • kr bab 20 hlm. 209-219
  • Nyedhiyakké Bantuan Kemanusiaan

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Nyedhiyakké Bantuan Kemanusiaan
  • Kratoné Allah Wis Mréntah
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Nyedhiyakké Bantuan Kemanusiaan Kuwi Tugas Suci
  • Tujuan Bantuan Kemanusiaan
  • Paédah sing Langgeng saka Bantuan Kemanusiaan
  • Apa Panjenengan Isa Mèlu?
  • Carané Mbantu Sakwisé Ana Bencana
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2023
  • Apa Seksi-Seksi Yéhuwah Mènèhi Bantuan Wektu Ana Bencana Alam?
    Pertanyaané Wong-Wong soal Seksi-Seksi Yéhuwah
  • Bantuan Kemanusiaan Selama Taun 2021
    Carané Sumbangané Njenengan Digunakké
  • Proyèk Pembangunan lan Bantuan—Nduduhké Katresnan sing Sejati
    Kratoné Allah Wis Mréntah
Delok Kabèh
Kratoné Allah Wis Mréntah
kr bab 20 hlm. 209-219

BAB 20

Nyedhiyakké Bantuan Kemanusiaan

INTINÉ BAB IKI

Nduduhké sipat Kristen yaiku tresna wektu ana bencana

1, 2. (a) Kasusahan apa sing diadhepi wong Kristen ing Yudéa? (b) Piyé para sedulur ing Yudéa ngrasakké katresnan sing diduduhké para seduluré ing Antiokhia?

KIRA-KIRA taun 46 M, nèng Yudéa lagi ana kurang pangan. Wong Kristen Yahudi ing Yudéa ora mampu tuku bahan pangan merga regané larang banget. Para muridé Yésus ing kana kaliren lan uripé susah. Ning, wong-wong Kristen kuwi bakal ngrasakké pangayomané Yéhuwah sing durung tau dirasakké muridé Yésus liyané. Piyé ceritané?

2 Wong-wong Kristen Yahudi lan dudu Yahudi ing Antiokhia Siria, ngerti kasusahan sing dialami para seduluré ing Yérusalèm lan Yudéa. Mula wong-wong Kristen kuwi nglumpukké sumbangan kanggo wong-wong Kristen sing ngadhepi kasusahan. Barnabas lan Saul dipilih kanggo ngeterké bantuan kuwi marang pinituwa nèng Yérusalèm. (Wacanen Para Rasul 11:27-30; 12:25.) Bayangna perasaané para sedulur ing Yudéa sing trenyuh merga katresnan sing diduduhké para seduluré ing Antiokhia.

3. (a) Piyé umaté Allah saiki niru tuladhané para sedulur ing Antiokhia? Wènèhana conto. (Deloken uga kothak ”Bantuan Kemanusiaan Paling Gedhé sing Sepisanan”.) (b) Apa pitakonan-pitakonan sing bakal dirembug ing bab iki?

3 Kuwi kedadéan kapisan sing dicathet ing Alkitab bab wong Kristen sing ngirimké bantuan marang para seduluré sing manggon ing dhaérah liya. Awaké dhéwé saiki niru tuladhané para sedulur ing Antiokhia. Wektu ngerti para sedulur ing dhaérah liya ngalami musibah utawa bencana, awaké dhéwé mènèhi bantuan.a Bèn ngerti hubungané mènèhi bantuan kemanusiaan karo tugas suci sing awaké dhéwé tampa, ayo ngrembug telung pitakonan bab bantuan kemanusiaan: Apa sebabé bantuan kemanusiaan kuwi tugas suci? Apa tujuané mbantu pas ana bencana? Apa paédahé kanggo awaké dhéwé?

Nyedhiyakké Bantuan Kemanusiaan Kuwi Tugas Suci

4. Apa sing dikandhakké Paulus marang wong Korinta bab tugasé wong Kristen?

4 Ing suraté sing kapindho kanggo wong Kristen nèng Korinta, Paulus njelaské nèk wong Kristen nduwé tugas cacahé loro. Senajan suraté Paulus kuwi kanggo wong Kristen pilihan, ning pathokan ing surat kuwi uga isa ditrapké kanggo ”wedhus liyané”. (Yo. 10:16) Tugas suci sing kapisan yaiku ”ayahan [utawa, tugas] karukunan”. Kuwi ditindakké liwat gawéan nginjil lan mulang. (2 Kr. 5:18-20; 1 Tm. 2:3-6) Tugas kapindho yaiku mbantu sedulur seiman. Paulus kandha bab tugas kuwi ”ayahan ngladèni marang para suci”. (2 Kr. 8:4) Ukara ”ayahan karukunan” lan ”ayahan ngladèni marang para suci”, padha-padha nggunakké tembung ”ayahan” sing basa Yunaniné, yaiku di·a·ko·niʹa. Apa piwulangé?

5. Piyé Paulus nerangké nèk kabèh tugas ing jemaat kuwi tugas suci?

5 Merga nggunakké tembung Yunani sing padha kanggo tugas-tugas ing jemaat lan mènèhi bantuan kemanusiaan, Paulus nduduhké nèk rong tugas kuwi padha pentingé. Sakdurungé, Paulus kandha, ”Wujuding leladi iku rupa-rupa, nanging Gusti iku mung siji. Apadéné kang katindakaké iku manéka warna, . . . Nanging iki mau kabèh katindakaké déning Sang Roh siji iku uga.” (1 Kr. 12:4-6, 11) Dadi, Paulus nerangké nèk kabèh tugas ing jemaat kuwi tugas suci.b (Rm. 12:1, 6-8) Mula, Paulus ngrasa nèk kudu nyedhiyakké wektu kanggo ”ngladosi umaté Gusti Allah”.​—Rm. 15:25, 26, BJP.

6. (a) Kaya sing diterangké Paulus, ngapa bantuan kemanusiaan kuwi bagéan saka ibadah marang Yéhuwah? (b) Terangna piyé gawéan mbantu pas ana bencana ditindakké ing sakdonya. (Deloken kothak ”Wektu Ana Bencana!” kaca 214.)

6 Paulus mbantu wong-wong Kristen ing Korinta bèn paham nèk bantuan kemanusiaan kuwi bagéan saka tugas suci lan ibadah marang Yéhuwah. Paulus nerangké nèk wong Kristen nyedhiyakké bantuan kaya ngono ’merga setya marang Injilé Sang Kristus’. (2 Kr. 9:13, BJP) Mula, wong Kristen mbantu sedulur seimané merga péngin ngetrapké wulangané Kristus. Paulus nerangké nèk tumindak kanggo mbantu sedulur seiman kuwi bukti ”sih-rahmaté Gusti Allah kang lumubèr”. (2 Kr. 9:14; 1 Pt. 4:10) Bab nyedhiyakké bantuan kanggo para sedulur sing ngalami kasusahan, klebu nèk pas ana bencana, majalah The Watchtower 1 Desember 1975 kandha, ”Awaké dhéwé yakin tenan nèk Allah Yéhuwah lan Yésus Kristus nganggep penting tugas kuwi.” Cetha banget nèk mènèhi bantuan kemanusiaan kuwi salah siji tugas suci.​—Rm. 12:1, 7; 2 Kr. 8:7; Ib. 13:16.

Tujuan Bantuan Kemanusiaan

7, 8. Apa tujuan kapisan awaké dhéwé mbantu pas ana bencana? Terangna.

7 Apa tujuané awaké dhéwé mbantu pas ana bencana? Paulus njawab pitakonan kuwi ing suraté sing kapindho marang wong Korinta. (Wacanen 2 Korinta 9:11-15.) Ing ayat-ayat kuwi, Paulus nyebutké telung alesan, utawa tujuan utama ngapa awaké dhéwé nyedhiyakké bantuan kemanusiaan. Ayo digatèkké alesané.

8 Kapisan, tugas kuwi ngluhurké Yéhuwah. Ing limang ayat kuwi, Paulus bola-bali nyebutké bab Yéhuwah. Paulus kandha nèk bantuan kuwi ”pangucap sokur konjuk marang Gusti Allah” lan ”pamuji sokur marang Gusti Allah”. (Ayat 11, 12) Paulus uga kandha nèk upaya bantuan kemanusiaan nggawé wong Kristen ”ngluhuraké Gusti Allah” lan ngucap sokur marang ”sih-rahmaté Gusti Allah kang lumubèr”. (Ayat 13, 14) Akiré, Paulus nyimpulké omongané nganggo cara kandha, ”Puji sokur konjuk marang Gusti Allah.”​—Ayat 15; 1 Pt. 4:11.

9. Piyé pandhangané wong isa malih merga gawéan mbantu pas ana bencana? Wènèhana conto.

9 Kaya Paulus, umaté Allah saiki nganggep gawéan mbantu pas ana bencana kuwi kesempatan kanggo ngluhurké Yéhuwah lan wulangané. (1 Kr. 10:31; Tt. 2:10) Mbantu pas ana bencana isa ngowahi pandhangané wong bab Yéhuwah lan para Seksiné, sing mauné èlèk malih dadi apik. Contoné, ana wong wadon manggon ing dhaérah sing kena badai, dhèwèké masang tandha ing lawang omahé sing tulisané ”Ora Nampa Seksi-Seksi Yéhuwah”. Ing sawijiné dina, dhèwèké ndelok ana wong-wong sing lagi ndandani salah siji omah ing ngarep omahé. Sakwisé pirang-pirang dina nggatèkké, akiré dhèwèké nggolèk katrangan sapa sakjané wong-wong kuwi. Wektu ngerti nèk wong-wong kuwi Seksi-Seksi Yéhuwah, dhèwèké nggumun lan kandha, ”Anggepanku bab Njenengan kabèh jebulé klèru.” Wong wadon kuwi akiré nyopot tandha sing wis dipasang ing lawangé.

10, 11. (a) Wènèhana conto sing nduduhké nèk awaké dhéwé wis nindakké tujuan kapindho saka gawéan mbantu pas ana bencana? (b) Wacan apa sing mbantu para sedulur ing gawéan mènèhi bantuan kemanusiaan? (Deloken kothak ”Wacan kanggo Nerangké bab Bantuan Kemanusiaan”.)

10 Kapindho, tugas kuwi ”nyukupi kabutuhané” para sedulur. (2 Kr. 9:12a) Awaké dhéwé péngin mbantu nyukupi kebutuhan lan ngurangi kesusahané para sedulur. Apa sebabé? Merga jemaat Kristen kuwi diumpamakké ’badan siji’, ”mulané yèn ana pérangan siji kang lara, pérangan liyané kabèh padha mèlu ngrasakaké”. (1 Kr. 12:20, 26) Mula, merga tresna lan nduwé rasa welas asih, akèh sedulur saiki nyedhiyakké wektu, nyiapké piranti-piranti, lan lunga nèng dhaérah sing kena bencana kanggo mbantu sedulur seimané. (Yb. 2:15, 16) Contoné, sakwisé tsunami ing Jepang taun 2011, kantor cabang Amerika Serikat ngirim surat nèng Panitia Pembangunan Régional ing Amerika Serikat. Tujuané kanggo takon apa ana ”sedulur lanang sing trampil” sing gelem mbantu mbangun manèh Balé-Balé Ibadah ing Jepang. Mung pirang-pirang minggu waé, mèh 600 sukarélawan ndaftar lan setuju lunga nèng Jepang nganggo ragad dhéwé. Kantor cabang Amerika Serikat kandha, ”Tanggepané para sedulur nggumunké tenan.” Ana sedulur saka Jepang sing takon karo salah siji sukarélawan, ngapa kok gelem teka kanggo mbantu, sukarélawan kuwi njawab, ”Para sedulur ing Jepang kuwi bagéan saka ’badanku’. Aku lan sedulur liyané ngrasakké larané lan susahé para sedulur nèng kéné.” Para sedulur kadhang kudu toh nyawa kanggo mbantu seduluré. Kuwi ditindakké merga nduwé katresnan sing sejati.c—1 Yo. 3:16.

Salah siji Seksi Yéhuwah sing lagi ngatur barang bantuan ing Swiss kanggo sedulur seimané, taun 1946

Swiss, 1946

BANTUAN KEMANUSIAAN PALING GEDHÉ SING SEPISANAN

SASI September 1945, pirang-pirang sasi sakwisé Perang Donya II rampung ing Eropa, Sedulur Knorr nggawé pengumuman. Dhèwèké ngumumké dimulainé upaya gedhé-gedhénan kanggo ngirim ”bantuan marang para sedulur ing Eropa tengah”.

Mung pirang-pirang minggu sakwisé pengumuman kuwi, Seksi-Seksi ing Amerika Serikat, Kanada, lan negara-negara liyané mulai milah-milah lan ngepak klambi, uga nglumpukké pangan. Wiwit sasi Januari 1946, bantuan terus dikirim marang sedulur-sedulur ing Austria, Belanda, Belgia, Bulgaria, Cekoslovakia, Cina, Denmark, Filipina, Finlandia, Hungaria, Inggris, Italia, Jerman, Norwegia, Polandia, Prancis, Rumania, lan Yunani.

Bantuan kemanusiaan dikirim terus nganti sasi Agustus 1948. Saksuwéné rong taun setengah kuwi, kira-kira ana 85.000 sedulur sing ngirim luwih saka 300.000 kilogram panganan, luwih saka 450.000 kilogram klambi, lan luwih saka 124.000 pasang sepatu kanggo para sedulur ing negara sing diobrak-abrik perang. Majalah The Watchtower taun 1949 kandha, ”Upaya iki mbuktèkké nèk awaké dhéwé nresnani siji lan sijiné. Awaké dhéwé ngerti nèk sedulur-sedulur lila mènèhi bantuan merga péngin ngluhurké Gusti. Para sedulur uga sadhar nèk bantuan kaya ngono isa mbantu sedulur liyané bèn isa terus ngibadah. Mula, para sedulur nganggep nèk kesempatan isa mènèhi bantuan kuwi pakurmatan sing gedhé banget.” Upaya iki wis ngluhurké asmané Yéhuwah, nglipur sedulur seiman, lan nguwatké paseduluran sakdonya.

11 Wong-wong sing dudu Seksi uga ngajèni upaya bantuan kemanusiaan sing awaké dhéwé tindakké. Contoné, sakwisé negara bagéan Arkansas, AS, kena bencana ing taun 2013, ana salah siji koran sing kandha, ”Pakumpulané Seksi-Seksi Yéhuwah wis ngatur supaya para sukarélawané isa trampil lan cékat-cèket wektu nyedhiyakké bantuan.” Kaya sing dikandhakké Paulus, awaké dhéwé ”nyukupi kabutuhané” para-sedulur.

12-14. (a) Ngapa penting mbantu para korban bèn semangat manèh nindakké kagiyatan rohani? (b) Apa kandhané para sedulur sing nduduhké nèk semangat manèh nindakké kagiyatan rohani kuwi penting banget?

12 Katelu, bantuan kuwi mbantu para korban bèn semangat manèh nindakké kagiyatan rohani. Ngapa kuwi penting? Paulus nerangké nèk para sedulur sing nampa bantuan kuwi bakal ”nglubèraké pamuji sokur marang Gusti Allah”. (2 Kr. 9:12b) Cara sing paling apik kanggo para sedulur sing lagi kasusahan bèn ngucap sokur marang Yéhuwah yaiku semangat manèh nindakké kagiyatan rohani. (Fp. 1:10) Taun 1945, The Watchtower kandha, ”Paulus nyetujoni . . . gawéan kanggo nglumpukké sumbangan merga kuwi isa mbantu . . . para sedulur Kristen sing lagi kekurangan kanggo nyukupi kebutuhané. Nganggo cara kuwi para sedulur dadi luwih semangat nindakké gawéan nginjil.” Tujuané awaké dhéwé saiki isih padha. Nèk para sedulur kuwi semangat nindakké gawéan nginjil, sing dikuwatké ora mung wong liya ning uga sedulur kuwi dhéwé.​—Wacanen 2 Korinta 1:3, 4.

13 Gatèkna kandhané para sedulur sing nampa bantuan, terus mulai nginjil manèh lan éntuk kekuwatan merga kuwi. Ana sedulur lanang sing kandha, ”Kanggoné keluargaku, nginjil kuwi berkah. Kuwi isa nggawé rasa kuwatirku isa rada suda wektu nglipur wong liya.” Ana sedulur wadon kandha, ”Tetep fokus nindakké kagiyatan rohani wis mbantu aku nglalèkké kahanan sing nyusahké. Aku ngrasa aman.” Sedulur wadon liyané uga kandha, ”Senajan akèh kedadéan sing ora taknyana-nyana, ning nindakké gawéan nginjil wis mbantu aku lan keluargaku nduwé pangarep-arep sukmbèn. Saben crita karo wong liya bab pangarep-arep donya anyar, aku saya yakin nèk kabèh bakal dadi anyar.”

14 Kagiyatan rohani sing uga kudu cepet ditindakké para sedulur sing lagi susah yaiku teka ing pakumpulan ibadah. Gatèkna pengalamané Kiyoko, sedulur wadon sing umuré wektu kuwi mèh 60 taun. Sakwisé tsunami, kabèh duwèké ilang, sing isih diduwèni mung klambi lan sandhal sing dinggo. Dhèwèké ora ngerti piyé carané bèn isa tetep urip. Terus, ana pinituwa sing kandha nèk arep ana ibadah ing mobilé pinituwa kuwi. Kiyoko kandha, ”Aku, pinituwa kuwi lan bojoné, uga siji sedulur wadon liyané lungguh ing njero mobil. Senajan pakumpulan ibadah kuwi mung singkat, ning mbantu aku isa lali karo tsunami kuwi. Nggumunké banget. Pikiranku dadi ayem. Pakumpulan ibadah kuwi nduduhké pentingé srawung karo para sedulur.” Ana sedulur wadon sing kandha bab pakumpulan ibadah sing ditekani sakwisé ana bencana, ”Pakumpulan ibadah kuwi mbantu aku tetep kuwat.”​—Rm. 1:11, 12; 12:12.

Paédah sing Langgeng saka Bantuan Kemanusiaan

15, 16. (a) Apa paédah sing bakal ditampa karo wong Kristen ing Korinta sing nyedhiyakké bantuan kemanusiaan? (b) Piyé awaké dhéwé saiki uga éntuk paédah sing padha nèk mbantu pas ana bencana?

15 Paulus njelaské marang wong Korinta bab paédah sing bakal ditampa karo wong-wong sing nyedhiyakké bantuan kemanusiaan. Paulus kandha, ”Kowé iya padha didongakaké lan dikangeni [wong Kristen Yahudi ing Yérusalèm sing nampa bantuan] marga saka sih-rahmaté Gusti Allah kang lumubèr marang kowé.” (2 Kr. 9:14) Sipat loma sing diduduhké para sedulur ing jemaat Korinta kuwi sing nggawé wong Kristen Yahudi ing Yérusalèm péngin ndonga kanggo para seduluré ing Korinta, klebu sing dudu Yahudi. Iki mesthi nggawé katresnan paseduluran saya kuwat.

16 Awaké dhéwé saiki uga éntuk paédah nèk mbantu pas ana bencana. The Watchtower 1 Desember 1945 kandha, ”Wektu umaté Allah mbantu sedulur seimané sing lagi kasusahan, pikirna kerukunan sing bakal kelakon ing antarané umaté Allah.” Kuwi sing dirasakké para sedulur saiki sing mèlu gawéan mbantu pas ana bencana. Ana pinituwa sing mbantu para sedulur sing kena banjir, kandha, ”Aku ngrasa saya cedhak karo para sedulur merga mèlu gawéan iki.” Ana sedulur wadon sing ngrasa sokur banget merga nampa bantuan. Dhèwèké kandha, ”Pasedulurané awaké dhéwé kuwi bener-bener cocog kanggo nggambarké kahanan ing bumi Pirdus.”​—Wacanen Wulang Bebasan 17:17.

17. (a) Piyé Yésaya 41:13 kelakon wektu nindakké gawéan bantuan kemanusiaan? (b) Wènèhana conto piyé gawéan mbantu pas ana bencana ngluhurké Yéhuwah lan nguwatké paseduluran Kristen. (Deloken kothak ”Sukarélawan Sakdonya sing Nentremké Ati”.)

17 Wektu para sukarélawan teka ing panggonan bencana, para sedulur sing manggon ing kono ngrasakké janjiné Yéhuwah sing kelakon, yaiku, ”Ingsun iki, Pangéran Yéhuwah, Allahira, nyepeng tanganira tengen, tuwin ngandika marang sira: ’Sira aja wedi, iya Ingsun iki kang mitulungi sira.’” (Yé. 41:13) Sedulur wadon sing slamet saka bencana kandha, ”Aku kayané wis ora nduwé harapan ndelok kahanan sing rusak kabèh merga bencana, ning Yéhuwah nulungi aku. Bantuan saka para sedulur nggumunké banget, aku nganti trenyuh.” Sakwisé bencana sing ngrusak salah siji dhaérah, loro pinituwa ing kono nulis bab jemaaté, ”Gempa bumi iki bener-bener nggawé susah, ning aku ngrasakké bantuané Yéhuwah liwat para sedulur. Aku tau maca bab bantuan kemanusiaan, ning saiki aku ngrasakké dhéwé.”

Sedulur Peter Johnson nyambut gawé ing proyèk pembangunan téokratis

TUJUAN URIPÉ DADI MALIH

APA pengaruhé kanggo cah enom nèk mèlu gawéan mbantu pas ana bencana? Ayo didelok pengalamané Peter Johnson, sing wis mèlu gawéan kuwi wiwit umur 18 taun. Sedulur Peter kandha, ”Rasa matur nuwun sing diduduhké para sedulur lan rasa seneng sing tak rasakké merga mbantu, marahi aku trenyuh. Tékadku kanggo ngabdi marang Yéhuwah saktulusé ati saya kuwat.” Bar kuwi, Sedulur Peter mulai merintis, uga kerja ing Bètel, lan dadi anggota Panitia Pembangunan Régional. Sedulur Peter kandha, ”Wiwit sepisanan mèlu mbantu pas ana bencana taun 1974, tujuan uripku dadi malih.” Apa panjenengan isih enom? Apa panjenengan isa niru tuladhané Sedulur Peter? Sapa ngerti nèk mèlu gawéan mbantu pas ana bencana isa ngowahi tujuan uripé panjenengan kanggo nglayani Yéhuwah.

Apa Panjenengan Isa Mèlu?

18. Apa sing isa panjenengan tindakké nèk péngin mèlu gawéan bantuan kemanusiaan? (Deloken kothak ”Tujuan Uripé Dadi Malih”.)

18 Apa panjenengan péngin ngrasakké bungah merga mèlu ing gawéan bantuan kemanusiaan? Nèk iya, élinga nèk para sukarélawan sing biyasané dipilih yaiku para sedulur sing kerja ing proyèk pembangunan Balé Ibadah. Mula, kandhanana pinituwa nèk péngin ngisi formulir permohonan. Ana pinituwa sing wis pengalaman ing gawéan bantuan kemanusiaan ngélingké, ”Mangkata nèng dhaérah bencana mung nèk panjenengan wis éntuk surat undangan resmi saka Panitia Penanggulangan Bencana.” Nganggo cara kuwi, upaya mbantu pas ana bencana isa ditindakké kanthi tertib.

19. Piyé para sedulur sing mbantu pas ana bencana mbuktèkké dadi muridé Yésus sing sejati?

19 Bantuan kemanusiaan kuwi salah siji cara sing apik banget kanggo ngetrapké préntahé Yésus ’supaya padha tresna-tinresnan’. Nèk nduduhké kuwi, awaké dhéwé mbuktèkké dadi muridé Yésus sing sejati. (Yo. 13:34, 35) Iki berkah sing gedhé merga saiki akèh banget para sedulur sing lila mbantu sedulur liyané sing kena bencana. Upaya iki bener-bener ngluhurké Yéhuwah.

a Bab iki ngrembug bantuan kemanusiaan kanggo sedulur seiman sing kena bencana. Ning, bantuan iki uga maédahi kanggo wong-wong sing dudu Seksi.​—Gl. 6:10.

b Rasul Paulus nggunakké bentuk jamak di·aʹko·nos (pelayan) kanggo nggambarké ”hamba-hamba pelayanan” (abdiné jemaat).​—1 Tm. 3:12, NW.

c Deloken artikel ”Membantu Keluarga Seiman Kita di Bosnia” ing Menara Pengawal 1 November 1994, kaca 23-27.

Sepira Nyatané Kratoné Allah kanggo Panjenengan?

  • Apa buktiné nèk bantuan kemanusiaan kuwi bagéan saka tugas suci marang Yéhuwah?

  • Apa telung tujuan utama mènèhi bantuan pas ana bencana?

  • Apa paédah sing langgeng saka bantuan kemanusiaan?

  • Apa hubungané mènèhi bantuan kemanusiaan karo préntahé Yésus ing Yokanan 13:34?

SUKARÉLAWAN SAKDONYA SING NENTREMKÉ ATI

AFRIKA TENGAH DAN AFRIKA BARAT

Taun 1994, ana kira-kira 800.000 wong ing Rwanda dipatèni merga rasa sengit marang wong sing béda suku. Akibaté, gègèran iki nyebar nganti tekan negara liya ing Afrika Tengah, lan kamp-kamp pengungsian dadi kebak wong. Kanggo mbantu sedulur seimané, Seksi-Seksi Yéhuwah ing Belgia, Prancis, lan Swiss ngirim bantuan nganggo pesawat. Mung pirang-pirang minggu waé, kira-kira 300 ton klambi, obat-obatan, téndha, bahan pangan, lan barang-barang liya akiré tekan lan ditampa sedulur-sedulur ing Afrika.

Ana uga tim sing anggotané sepuluh dhokter lan perawat Seksi Yéhuwah saka Prancis. Para sedulur kuwi lunga nèng Afrika kanggo ngrawat sedulur seimané sing lagi susah merga perang sipil, kaliren, lan penyakit. Mung rong taun waé, para sedulur kuwi wis ngrawat luwih saka 10.000 wong. Gawéan iki ngluhurké asmané Yéhuwah lan pakumpulané. Sedulur wadon sing dadi perawat crita, ”Wong-wong ing kono ngajèni Seksi Yéhuwah. Wektu aku lan sedulur liyané teka kanggo mbantu, wong-wong kuwi kandha, ’Wong-wong iki Seksi-Seksi Yéhuwah. Teka mréné arep mbantu seduluré.’” Sakwisé dibantu karo sedulur sing dadi perawat, ana sedulur sing kandha, ”Matur nuwun sedulurku. Matur nuwun Yéhuwah.”

Kadhang kala, bantuan kemanusiaan uga dibutuhké nèk ana kecelakaan sing parah. Ing taun 2012, ana kecelakaan lalu lintas ing Nigeria lan nggawé 13 Seksi mati, kabèh asalé saka jemaat cilik, lan 54 liyané luka parah. Panitya bantuan diatur 24 jam kanggo ngurusi saben sedulur sing dadi korban. Wektu ana pasièn ing rumah sakit nggatèkké upayané para sedulur, wong kuwi nèlpon pasturé lan kandha, ”Ora ana siji-sijia wong saka gréja sing niliki aku. Coba tekaa nèng rumah sakit iki lan deloken katresnan sing diduduhké Seksi-Seksi Yéhuwah.”

Senajan sedulur-sedulur ing jemaat cilik kuwi ngalami kasusahan sing abot, ning para sedulur kuwi ngrasa ayem atiné merga katresnan sing diduduhké sedulur seimané. Sakwisé nggatèkké katresnané para sedulur sing dadi sukarélawan, ana sedulur-sedulur ing jemaat sing dadi luwih ngupaya manèh ing gawéan nginjil. Sakdurungé musibah kuwi, ing jemaat kuwi ana 35 penginjil. Mung setaun waé, jumlah penginjil wis mundhak dadi 60 wong.

AUSTRALIA

Ing taun 2013, sebagéan panggonan ing Queensland kebanjiran, lan ana 70 Seksi kélangan omahé. Mark lan Rhonda uga anaké wadon kepeksa ninggalké omahé lan ngungsi nèng pusat évakuasi. Nèng kono kebak banget. Rhonda crita, ”Aku mung isa ngadeg, ora isa lungguh.” Swara hélikopter sing munggah lan mudhun ing cedhak kono nggawé kahanané saya tegang. Merga kuwatir, Rhonda takon karo bojoné, ”Saiki awaké dhéwé kudu piyé?” Mark ndonga tenanan marang Yéhuwah njaluk bantuan. Rhonda crita manèh, ”Kira-kira setengah jam bar kuwi, ana mobil teka, lan telung sedulur metu saka mobil kuwi. Wektu ketemu, para sedulur kuwi kandha, ’Ayo mèlu aku. Njenengan kabèh bakal manggon ing omahé sedulur seiman.’” Rhonda kandha, ”Perasaanku wektu kuwi trenyuh banget, aku nganti ora isa ngomong. Aku ngrasakké tenan katresnané Yéhuwah lan pakumpulané.”

Luwih saka 250 sukarélawan langsung lunga ing dhaérah bencana kanggo mbantu sedulur seimané. Sedulur sing wis sepuh kandha, ”Sakelompok Seksi ngerti-ngerti teka terus nyambut gawé kaya semut kanggo ngresiki omahku sing reged. Aku lan bojoku ora bakal nglalèkké bantuané sedulur-sedulur kuwi.”

BRASIL

Taun 2008, longsor lan banjir ing negara bagéan Santa Catarina nggawé 80.000 wong kepeksa ngungsi. Ana pendhudhuk nèng kono sing kandha nèk kuwi kaya ”tsunami sing nyebabké dhaérah kono kebak lempung, lendhut, lan wit-witan”. Ana sedulur-sedulur sing ngungsi ing Balé Kebaktian. Sedulur Márcio, sing ngurusi balé kuwi kandha, ”Para sedulur ora sempet nggawa apa-apa, lan klambiné kebak lendhut.” Ana sedulur wadon sing kandha, ”Rasané sedhih banget wektu ndelok dhéwé omahku ambruk, ning aku ora bakal nglalèkké carané para sedulur nglipur lan nentremké atiku. Aku wis ngrasakké katresnané sedulur-sedulur. Pengalaman kuwi ngajari aku pentingé ngajèni bab-bab rohani.”

Seksi-Seksi Yéhuwah lagi ngatur lan mbagi bantuan pas ana bencana ing Brasil

Balé Kebaktian ing Santa Catarina, Brasil, dadi posko bantuan kemanusiaan, taun 2009

Longsor uga nerjang kabèh dhaérah ing ngisor gunung cedhaké kutha Rio de Janeiro. Kanggo ngatasi bencana susulan, sedulur-sedulur nggawé Panitia Penanggulangan Bencana. Nèk kétoké bakal ana longsor, sedulur-sedulur sing ngawasi (sing manggon ing dhaérah kono) cepet-cepet ngabari panitya kuwi. Para sukarélawan bakal langsung teka nganggo truk-truk sing tulisané ”Seksi-Seksi Yéhuwah—Bantuan Kemanusiaan”. Kabèh anggota regu penyelamat siyap karo perlengkapan lan tugasé dhéwé-dhéwé. Uga nganggo rompi sing cetha nduduhké nèk wong-wong kuwi Seksi-Seksi Yéhuwah. Bareng karo Panitia Penghubung Rumah Sakit, para sedulur kuwi nyedhiyakké bantuan kanggo para sedulur sing lara. Wong-wong padha nggawa panganan, banyu, obat-obatan, klambi, lan bahan kanggo resik-resik. Ngresiki lendhut ing omah-omah kuwi gawéan abot. Sakwisé bencana longsor akir-akir iki, dibutuhké 60 sukarélawan kanggo nyingkirké lendhut nganti patang truk saka saomah waé.

PERSIYAPAN NGADHEPI BENCANA

Pengurus Pusat wis ngatur bèn kabèh cabang ing sakdonya mènèhi tuntunan marang para pinituwa ing jemaat lan pinituwa wilayah bab carané nggawé persiyapan lan carané ngadhepi bencana. Contoné, sakdurungé kedadéan, para pinituwa kudu terus mastèkké nduwé katrangan sing paling anyar bab nomer télépon utawa alamaté saben anggota jemaat.

WEKTU ANA BENCANA!

  1. Pinituwa Kristen lagi niliki salah siji keluarga Seksi

    Pinituwa ing dhaérah kono ngubungi para sedulur

  2. Pinituwa mènèhi laporan marang koordinator pinituwa

  3. Jalur komunikasi antarané koordinator pinituwa, pinituwa wilayah lan sedulur liyané sing nduwé tanggung jawab, uga kantor cabang

    Koordinator mènèhi laporan marang pinituwa wilayah lan sedulur liyané sing nduwé tanggung jawab kanggo ngubungi kantor cabang

  4. Pangan lan banyu kanggo bantuan

    Pangan, ombé, panggonan kanggo ngungsi, perawatan keséhatan, lan dhukungan émosi uga dhukungan rohani cepet diwènèhké

  5. Mriksa laporan bab kahanan lan kebutuhané para sedulur

    Kantor cabang ngirimké laporan bab kahanan lan kebutuhané para sedulur marang Panitya Pengawas ing Pengurus Pusat

  6. Mbagi bantuan bencana

    Panitia Penanggulangan Bencana ngatur upaya kanggo mbantu lan nulungi sedulur-sedulur nganti kahanané apik manèh

  7. Pesawat lagi mabur

    Panitya Pengawas ngira-ira apa waé sing dibutuhké lan nèk perlu nyetujoni sukarélawan saka negara-negara liya kanggo mbantu

WACAN KANGGO NERANGKÉ BAB BANTUAN KEMANUSIAAN

Bagéan ngarep wacan Seksi-Seksi Yéhuwah lan Bantuané Pas Ana Bencana

ING sasi Juni 2013, brosur Jehovah’s Witnesses and Disaster Relief (Seksi-Seksi Yéhuwah lan Bantuané Pas Ana Bencana) diwetokké. Brosur iki disedhiyakké kusus kanggo para pejabat pamréntah ing Amerika Serikat sing ngawasi upaya bantuan kemanusiaan. Brosur iki nerangké bab upaya-upaya sing wis ditindakké Seksi-Seksi Yéhuwah wiwit pertengahan taun 1940-an. Ing brosur iki uga ana péta sing nduduhké nèk gawéan mènèhi bantuan iki wis ditindakké ing sakdonya. Salah siji pinituwa sing mèlu ngatur bantuan pas ana bencana kandha, ”Sakdurungé ana bencana, para sedulur ing Panitia Penanggulangan Bencana nggunakké brosur iki kanggo omong-omongan karo pejabat pamréntah ing dhaérah sing kerep ana bencana. Nèk para pejabat iki wis ngerti tenan gawéan sing wis awaké dhéwé tindakké, luwih gampang éntuk ijin kanggo mlebu ing dhaérah sing kena bencana.”

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim