PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • mwbr19 Juni hlm. 1-10
  • Referensi kanggo Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjil

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Referensi kanggo Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjil
  • Referensi kanggo Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjil—2019
  • Subjudhul
  • 3-9 JUNI
  • 10-16 JUNI
  • 17-23 JUNI
  • 24-30 JUNI
Referensi kanggo Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjil—2019
mwbr19 Juni hlm. 1-10

Referensi kanggo Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjil

3-9 JUNI

SINAU SAKA ALKITAB | GALATIA 4-6

”’Gambaran’ lan Artiné kanggo Awaké Dhéwé”

(Galatia 4:24, 25) Kuwi kabèh dadi gambaran, merga wong wadon loro kuwi nggambarké rong perjanjian. Hagar nggambarké perjanjian sing digawé ing Gunung Sinai, lan kabèh sing klebu ing perjanjian kuwi dadi budhak. 25 Hagar tegesé Gunung Sinai, sing ana ing negara Arab. Dhèwèké padha karo Yérusalèm sing saiki, merga dhèwèké lan anak-anaké dadi budhak.

it-1-IN 849 ¶2

Hagar

Nurut Rasul Paulus, Hagar nggambarké bangsa Israèl jasmani sing kuduné manut perjanjian Hukum Musa sing disahké ing Gunung Sinai. Perjanjian Hukum Musa nggawé ”kabèh sing klebu ing perjanjian kuwi dadi budhak”. Merga dosa, bangsa kuwi ora isa netepi perjanjian Hukum Musa. Perjanjian kuwi nduduhké nèk bangsa Israèl ora merdéka, ning dianggep dadi wong-wong sing dosa lan pantes mati. Mula, wong-wong kuwi disebut budhak. (Yoh 8:34; Rm 8:1-3) Yérusalèm ing jamané Paulus padha karo Hagar. Kuwi merga Yérusalèm, sing nggambarké Israèl jasmani, dadi budhak karo anak-anaké. Ning, wong Kristen terurap kuwi anak-anaké ”Yérusalèm sing ana ing ndhuwur”, yaiku gambaran saka bojoné Gusti Allah. Yérusalèm sing ana ing ndhuwur kuwi kaya Sara, wong wédok sing merdéka, sing ora tau dadi budhak. Kaya Ishak sing dianiaya Ismaèl, anak-anaké ”Yérusalèm sing ana ing ndhuwur” sing dibébaské karo Putra, dianiaya karo anak-anaké Yérusalèm sing dadi budhak. Ning, Hagar lan anaké diusir. Kuwi dadi gambaran nèk Yéhuwah ora nampa bangsa Israèl jasmani.​—Gal 4:21-31; deloken Yoh 8:31-40.

(Galatia 4:26, 27) Nanging Yérusalèm sing ana ing ndhuwur kuwi merdéka lan dhèwèké kuwi ibu kita. 27 Kitab Suci kandha, ”Bungaha kowé, wong wadon sing mandul, sing ora tau nglairké anak. Surak-suraka kanthi bungah, kowé wong wadon sing ora ngrasakké lara arep nglairké. Merga wong wadon sing mandul nduwé anak sing luwih akèh ketimbang wong wadon sing nduwé bojo.”

w14-IN 15/10 10 ¶11

Nduwé Iman sing Kuwat karo Kratoné Allah

11 Perjanjian Abraham pertama kali kelakon wektu keturunané Abraham éntuk warisan Tanah Perjanjian. Ning, Alkitab nduduhké nèk perjanjian kuwi bakal mènèhi manfaat liyané. (Gal. 4:22-25) Rasul Paulus njelaské nèk bagéan utama saka keturunané Abraham kuwi Yésus lan bagéan tambahané kuwi 144.000 wong Kristen terurap. (Gal. 3:16, 29; Why. 5:9, 10; 14:1, 4) Wong wédok sing ngasilké keturunan kuwi nggambarké ”Yérusalèm sing ana ing ndhuwur”. Kuwi bagéan saka organisasiné Yéhuwah sing ana ing swarga, sing isiné para malaékat sing setya. (Gal. 4:26, 31) Nurut perjanjian Abraham, keturunané wong wédok kuwi bakal mènèhi berkah kanggo manungsa.

(Galatia 4:28-31) Saiki sedulur-sedulur, kowé kuwi anak-anak sing dilairké merga janjiné Gusti Allah, padha kaya Ishak. 29 Mbiyèn, anak sing lair kaya umumé bocah liyané kuwi mulai nganiaya anak sing lair merga roh suci, lan saiki ya isih kaya ngono. 30 Nanging, apa sing dikandhakké Kitab Suci? ”Usiren abdi wadon kuwi lan anaké, merga anak saka abdi wadon kuwi babar blas ora bakal dadi ahli waris bareng karo anak saka wong wadon sing merdéka.” 31 Dadi sedulur-sedulur, kita iki dudu anaké abdi wadon, nanging anaké wong wadon sing merdéka.

Wulangan Penting

(Galatia 4:6) Saiki merga kowé kuwi anak-anaké Gusti Allah, Panjenengané maringké roh suci ing ati kita, yaiku roh suci sing ana ing Putrané. Lan roh suci kuwi nggawé kita padha nyebut, ”Abba, Bapak!”

w09-IN 1/4 13

Apa Panjenengan Ngerti?

Wektu ndonga, apa sebabé Yésus ngundang Yéhuwah nganggo sebutan ”Abba, Bapak”?

Kata ’ab·baʼʹ ing basa Aram isa berarti ”bapak” utawa ”Dhuh, Bapak”. Kata-kata kuwi muncul ping telu ing Alkitab. Kuwi mesthi dadi bagéan ing donga lan ditujokké kanggo Yéhuwah. Apa sing diduduhké saka kata kuwi?

The International Standard Bible Encyclopedia kandha, ”Ing jamané Yésus, kata ʼabbāʼ biasa digunakké karo anak-anak ing omongan saben dina kanggo nduduhké nèk ngajèni lan akrab karo bapaké.” Kuwi sapaan sing nduduhké rasa sayang lan salah siji kata-kata pertama sing disinaoni bocah. Yésus nggunakké sebutan kuwi wektu ndonga. Ing taman Gètsemani, pirang-pirang jam sakdurungé mati, Yésus nyebut Yéhuwah ”Abba, Bapak” ing dongané.​—Markus 14:36.

Ensiklopedia kuwi ya kandha, ”Sebutan ʼabbāʼ kanggo Gusti Allah ora biasa digunakké ing buku-bukuné wong Yahudi ing jaman Yunani-Romawi merga kuwi dianggep ora sopan.” Ning, ”Yésus . . . nggunakké istilah iki wektu ndonga. Kuwi dadi bukti nèk dhèwèké akrab banget karo Gusti Allah”. Sebutan ”Abba” sing ana ing loro ayat liyané sing ditulis Rasul Paulus nduduhké nèk wong Kristen abad pertama ya nggunakké sebutan kuwi wektu ndonga.​—Roma 8:15; Galatia 4:6.

(Galatia 6:17) Muga-muga wiwit saiki ora ana wong sing nggawé aku susah, merga ing badanku ana tandha sing nduduhké nèk aku iki budhaké Yésus.

w10-IN 1/11 15

Apa Panjenengan Ngerti?

Apa maksudé Rasul Paulus wektu ngomong nèk ing badané ”ana tandha sing nduduhké nèk [dhèwèké] iki budhaké Yésus”?​—Galatia 6:17.

▪ Wong-wong abad pertama nduwé anggepan sing béda-béda soal kata-katané Paulus kuwi. Contoné, pas jaman mbiyèn, wesi panas digunakké kanggo mènèhi tandha ing badané para tahanan perang, perampok kuil, lan budhak sing dadi buronan. Nèk ana sing nduwé tandha iki, dhèwèké bakal dirèmèhké.

Ning, tandha sing ana ing badan ya isa nduwé arti liya. Akèh wong ing jaman mbiyèn sing nggunakké kuwi kanggo nduduhké nèk dhèwèké anggota salah siji suku utawa agama. Nurut Theological Dictionary of the New Testament, ”bangsa Siria nggunakké tandha ing pergelangan tangan lan guluné kanggo nduduhké nèk wong-wong kuwi nyembah déwa Hadad lan Atargatis. . . . Wong-wong sing nyembah déwa Dionisius ya nggunakké tandha sing bentuké godhong ivy”.

Akèh komentator modern sing mikir nèk tandha-tandha sing ana ing badané Paulus kuwi maksudé lukak-lukak merga dianiaya saksuwéné dhèwèké nginjil. (2 Korintus 11:23-27) Padahal, sing dimaksud Paulus kuwi mungkin tingkah lakuné sing nduduhké nèk dhèwèké kuwi wong Kristen, dudu tandha-tandha sing kétok ing badané.

Maca Alkitab

(Galatia 4:1-20) Wektu ahli waris isih cilik, dhèwèké padha karo budhak. Senajan dhèwèké sing nduwèni sakabèhé, 2 nanging dhèwèké isih diawasi karo wong sing diwènèhi tanggung jawab lan para pengurus nganti dina sing wis ditemtokké karo bapaké. 3 Semono uga kita. Wektu isih cilik, kita dadi budhak sing manut karo pathokan dhasar lan cara mikiré donya iki. 4 Sakwisé tekan wektuné, Gusti Allah ngutus Putrané, sing dilairké wong wadon lan sing urip miturut hukum, 5 kanggo nebus kita sing urip miturut hukum, supaya Gusti Allah isa ngangkat kita dadi anak-anaké. 6 Saiki merga kowé kuwi anak-anaké Gusti Allah, Panjenengané maringké roh suci ing ati kita, yaiku roh suci sing ana ing Putrané. Lan roh suci kuwi nggawé kita padha nyebut, ”Abba, Bapak!” 7 Mula kowé dudu budhak manèh, nanging anaké Gusti Allah. Lan nèk kowé kuwi anaké Gusti Allah, Panjenengané uga bakal nggawé kowé dadi ahli waris. 8 Nanging wektu kowé durung kenal Gusti Allah, kowé dadi budhaké allah-allah palsu. 9 Saiki kowé wis kenal Gusti Allah utawa sing luwih pas kowé wis dikenal Gusti Allah, kok isa kowé péngin bali lan dadi budhak sing manut manèh karo pathokan dhasar saka donya iki? 10 Kanthi tliti, kowé padha ngrayakké dina-dina, sasi-sasi, musim-musim, lan taun-taun. 11 Aku kuwatir nèk upayaku kanggo mbantu kowé dadi tanpa guna. 12 Aku mbiyèn ya kaya kowé. Mula sedulur-sedulur, aku tenanan nyuwun marang kowé supaya dadi kaya aku sing saiki. Kowé ora tumindak salah marang aku. 13 Kowé ngerti nèk merga penyakitku, aku dadi nduwé kesempatan martakké kabar apik marang kowé kanggo sing kapisan. 14 Senajan penyakitku nggawé kowé susah, kowé ora ngrèmèhké aku utawa nganggep aku njijiki, nanging kowé malah nampa aku kaya malaékaté Gusti Allah, kaya Kristus Yésus. 15 Ing ngendi kabungahan sing mbiyén kok rasakké kuwi? Merga aku yakin, nèk isa, mbiyèn kowé mesthi bakal nyungkil mripatmu lan mènèhké kuwi marang aku. 16 Mula, apa aku saiki dadi mungsuhmu merga aku ngandhani sing bener marang kowé? 17 Wong-wong kuwi ngupaya tenanan njupuk atimu, nanging tujuané ala, yaiku kanggo ngadohké kowé saka aku, supaya kowé padha gelem nuruti wong-wong kuwi. 18 Senajan ngono sedulur-sedulur, ora apa-apa nèk ana wong sing njupuk atimu nanging nduwé tujuan sing apik lan ora mung wektu aku ana bareng karo kowé. 19 Anak-anakku, sepisan manèh aku ngrasakké larané wong wadon sing arep nglairké. Aku bakal terus ngrasakké kaya ngono nganti kowé kabèh nduduhké sipat-sipaté Kristus. 20 Aku péngin ana bareng karo kowé saiki lan ngomong luwih alus, merga aku bingung kowé kudu tak kapakké.

10-16 JUNI

SINAU SAKA ALKITAB | ÉFÉSUS 1-3

”Pengaturan saka Yéhuwah”

(Éfésus 1:8, 9) Gusti Allah wis nduduhké welas asihé sing nggumunké kuwi marang kita kanthi lubèr nganggo cara maringi kita kabèh kawicaksanan lan pangertèn, 9 lan Panjenengané nyingkapké marang kita rahasia suci bab kersané. Miturut apa sing Panjenengané senengi, Panjenengané wis nemtokké

it-2-IN 610 ¶3

Rahasia Suci

Kratoné Mésias. Ing suraté, Pauljus ngandhani maksudé rahasia suci soal Kristus. Ing Éfésus 1:9-11, dhèwèké ngomong nèk Gusti Allah ngandhani maksudé ”rahasia suci bab kersané”. Paulus ngomong, ”Miturut apa sing Panjenengané senengi, Panjenengané wis nemtokké supaya sakwisé wektu sing ditemtokké kuwi entèk, sawijiné pengaturan ditindakké kanggo nglumpukké sakabèhé ing Kristus, yaiku sing ana ing swarga lan ing bumi. Samubarang kabèh bakal diklumpukké ing Kristus. Aku kabèh nyawiji karo Kristus lan dipilih dadi ahli waris bareng dhèwèké. Saka wiwitan, Gusti Allah wis milih aku kabèh miturut rencanané, merga Panjenengané nindakké samubarang kabèh miturut kersané.” ”Rahasia suci” iki ana hubungané karo Kratoné Mésias. ”Sing ana ing swarga” kuwi maksudé wong-wong sing bakal dadi ahli waris ing Kraton swarga bareng Kristus. Terus, ’sing ana ing bumi’ kuwi maksudé wong-wong sing bakal dipréntah ing bumi. Yésus nduduhké karo murid-muridé nèk rahasia suci kuwi ana hubungané karo Kratoné wektu dhèwèké ngomong, ”Kowé wis diijinké ngerti rahasia suci Kratoné Allah.”​—Mrk 4:11.

(Éfésus 1:10) supaya sakwisé wektu sing ditemtokké kuwi entèk, sawijiné pengaturan ditindakké kanggo nglumpukké sakabèhé ing Kristus, yaiku sing ana ing swarga lan ing bumi. Samubarang kabèh bakal diklumpukké ing Kristus.

w12-IN 15/7 27-28 ¶3-4

Yéhuwah Ngumpulké Keluargané

3 Musa ngandhani bangsa Israèl, ”Pangéran Yéhuwah iku Gusti Allah kita, Pangéran Yéhuwah iku siji.” (PT. 6:4) Apa waé sing ditindakké Yéhuwah kuwi mesthi ndhukung apa sing dadi tujuané. Mula, ”sakwisé wektu sing ditemtokké kuwi entèk”, Gusti Allah bakal nindakké ”pengaturan” kanggo nglumpukké kabèh ciptaan sing ana ing swarga lan bumi. (Wacanen Éfésus 1:8-10.) Pengaturan iki bakal ditindakké ing rong tahap. Tahap sing pertama nyiapké wong Kristen terurap kanggo urip ing swarga bareng karo Yésus sing dadi Kepalané. Kuwi dimulai pas Péntakosta 33 M wektu Yéhuwah mulai ngumpulké wong-wong sing bakal mréntah karo Kristus ing swarga. (Kis. 2:1-4) Sakwisé dianggep bener nganggo dhasar korban tebusan Kristus, wong Kristen terurap dadi ngerti nèk wis dadi ”putrané Gusti Allah”.​—Rm. 3:23, 24; 5:1; 8:15-17.

4 Tahap keloro nyiapké wong-wong sing bakal urip ing bumi firdaus sing dipréntah karo Kratoné Mésias. ”Kumpulan gedhé” bakal dadi kelompok pertama sing urip ing bumi firdaus. (Why. 7:9, 13-17; 21:1-5) Saksuwéné Pamréntahan Sèwu Tauné Yésus, akèh wong sing diuripké manèh bakal nggabung karo kumpulan gedhé. (Why. 20:12, 13) Merga ana akèh wong sing diuripké manèh, kuwi dadi kesempatan kanggo nduduhké nèk awaké dhéwé rukun. Ing akhir Pamréntahan Sèwu Tauné Yésus, kabèh wong ’sing ana ing bumi’ bakal diuji. Wong-wong sing tetep setya bakal dadi ”anak-anaké Gusti Allah” ing bumi.​—Rm. 8:21; Why. 20:7, 8.

Wulangan Penting

(Éfésus 3:13) Mula, aku nyuwun marang kowé supaya kowé aja nganti cilik ati merga ngerti kasangsaran sing tak alami demi kowé, sebab kasangsaranku iki bakal nggawé kowé dimulyakké.

w13-IN 15/2 28 ¶15

Aja Nganti Ana sing Ngalangi Njenengan Éntuk Kamulyan

15 Nèk awaké dhéwé setya nindakké kersané Yéhuwah, kuwi isa nggawé wong liya ngupaya éntuk kamulyan. Paulus nulis surat kanggo jemaat ing Éfésus, ”Aku nyuwun marang kowé supaya kowé aja nganti cilik ati merga ngerti kasangsaran sing tak alami demi kowé, sebab kasangsaranku iki bakal nggawé kowé dimulyakké.” (Éf. 3:13) Apa maksudé kesusahané Paulus nggawé wong Kristen ing Éfésus ”dimulyakké”? Merga gelem nglayani sedulur-sedulur ing kono senajan ngalami akèh kesusahan, Paulus nduduhké karo wong Éfésus nèk kesempatan dadi wong Kristen kuwi berharga banget. Nèk Paulus nyerah wektu ngalami kesusahan, wong-wong Éfésus isa waé ngira nèk hubungané wong-wong kuwi karo Yéhuwah, gawéan nginjil, lan harapané wong-wong kuwi ora penting. Merga setya, Paulus nduduhké nèk kesempatan dadi wong Kristen kuwi berharga banget senajan butuh akèh pengorbanan.

(Éfésus 3:19) lan ngerti bab katresnané Kristus sing luwih penting ketimbang pangertèn. Nganggo cara kuwi, kowé isa nampa kabèh sipaté Gusti Allah sing diparingké marang kowé kanthi lengkap.

cl-IN 299 ¶21

”Ngerti Bab Katresnané Kristus”

21 Istilah ing basa Yunani sing diterjemahké ”ngerti” maksudé ngerti ”carané ngetrapké, liwat pengalaman”. Awaké dhéwé isa ngerti perasaané Yésus nèk niru carané Yésus nduduhké rasa sayang. Carané yaiku gelem mbantu wong liya tanpa mikirké kepentingané dhéwé, tanggap karo kebutuhané wong liya, lan gelem ngapura wong liya. Nganggo cara kuwi, awaké dhéwé bakal ”ngerti bab katresnané Kristus sing luwih penting ketimbang pangertèn” liwat sing awaké dhéwé tindakké. Nèk ngupaya niru Kristus, awaké dhéwé bakal saya akrab karo Gusti Allah Yéhuwah, pribadi sing ditiru Yésus.

Maca Alkitab

(Éfésus 1:1-14) Paulus, sing dadi rasulé Kristus Yésus miturut kersané Gusti Allah, nulis surat iki kanggo para wong suci sing ana ing Éfésus, sing setya nyawiji karo Kristus Yésus. 2 Muga-muga kowé kabèh padha nampa welas asih sing nggumunké lan katentreman saka Gusti Allah, Bapak kita, lan saka Gusti Yésus Kristus. 3 Muga-muga Gusti Allah, yaiku Bapak saka Gusti kita Yésus Kristus, diluhurké. Panjenengané wis mberkahi kita nganggo kabèh berkah rohani ing swarga, merga kita nyawiji karo Kristus. 4 Sakdurungé wiwitané donya, Panjenengané wis milih kita kanggo nyawiji karo Kristus, mula kita kudu nduduhké katresnan, dadi suci, lan tanpa cacad ing ngarsané. 5 Saka wiwitan, Panjenengané wis netepké supaya kita diangkat dadi putra-putrané liwat Yésus Kristus, miturut karo apa sing dikersakké lan disenengi Panjenengané, 6 supaya wong-wong padha ngluhurké Gusti Allah, merga Panjenengané wis nggunakké Putrané sing ditresnani kanggo nduduhké welas asihé sing nggumunké lan sing mulya marang kita. 7 Merga gedhéné welas asihé sing nggumunké, kita ditebus nganggo getihé Putrané. Kita dibébaské, lan pelanggaran kita diapura. 8 Gusti Allah wis nduduhké welas asihé sing nggumunké kuwi marang kita kanthi lubèr nganggo cara maringi kita kabèh kawicaksanan lan pangertèn, 9 lan Panjenengané nyingkapké marang kita rahasia suci bab kersané. Miturut apa sing Panjenengané senengi, Panjenengané wis nemtokké 10 supaya sakwisé wektu sing ditemtokké kuwi entèk, sawijiné pengaturan ditindakké kanggo nglumpukké sakabèhé ing Kristus, yaiku sing ana ing swarga lan ing bumi. Samubarang kabèh bakal diklumpukké ing Kristus. 11 Aku kabèh nyawiji karo Kristus lan dipilih dadi ahli waris bareng dhèwèké. Saka wiwitan, Gusti Allah wis milih aku kabèh miturut rencanané, merga Panjenengané nindakké samubarang kabèh miturut kersané, 12 supaya liwat aku kabèh, yaiku wong-wong sing kapisan nduwé pangarep-arep ing Kristus, Gusti Allah diluhurké lan dipuji. 13 Nanging, kowé uga nduwé pangarep-arep ing Kristus sakwisé kowé krungu wulangan sing bener, yaiku kabar apik bab keslametanmu. Lan sakwisé kowé percaya, Gusti Allah maringi meterai marang kowé nganggo roh suci sing wis dijanjèkké, lan Panjenengané nindakké iki liwat Kristus. 14 Roh suci kuwi dadi jaminan nèk kita bakal nampa warisan. Gusti Allah nindakké iki supaya Panjenengané isa mbébaské umaté liwat tebusan, lan kuwi nggawé Panjenengané dipuji lan diluhurké.

17-23 JUNI

SINAU SAKA ALKITAB | ÉFÉSUS 4-6

Nganggo ”Kabèh Perlengkapan Perang saka Gusti Allah”

(Éfésus 6:11-13) Nganggoa kabèh perlengkapan perang saka Gusti Allah, supaya kowé isa terus kukuh wektu nglawan siasat liciké Iblis. 12 Merga kita berjuang ora nglawan manungsa, nanging nglawan pamréntah, para pemimpin, lan para panguwasa donya sing peteng iki, yaiku roh-roh jahat ing wilayah swarga. 13 Kuwi sebabé, jupuken kabèh perlengkapan perang saka Gusti Allah, supaya kowé isa nglawan wektu ana serangan jahat lan terus kukuh sakwisé kowé nindakké kabèh sing kudu ditindakké.

w18.05 21 ¶1

Cah-Cah Enom Isa Menang Nglawan Sétan

RASUL PAULUS madhakké wong Kristen karo prajurit. Wong Kristen kudu perang nglawan mungsuh, ning mungsuhé dudu manungsa. Kita kudu perang nglawan Sétan lan malaékat-malaékat jahat, para prajurit sing wis akèh pengalamané nganti éwonan taun. Kayané kita ora mungkin menang, apa manèh nèk isih enom. Ning, cah-cah enom isa menang nglawan mungsuh sing kuwat kuwi merga éntuk kekuwatan saka Yéhuwah. Sakliyané kuwi, cah-cah enom isa ’nganggo kabèh perlengkapan perang saka Gusti Allah’, bèn dadi kaya prajurit sing trampil.​—Wacanen Éfésus 6:10-12.

(Éfésus 6:14, 15) Mula, terusa kukuh kanthi cara nganggo sabuk yaiku kabèh bab sing bener, nganggo tutup dhadha yaiku tumindak sing bener, 15 lan nganggo sepatu ing sikilmu yaiku siap martakké kabar apik bab katentreman.

w18.05 22-23 ¶4, 7, 10

Cah-Cah Enom Isa Menang Nglawan Sétan

4 Kaya sabuké prajurit Romawi, wulangan sing bener saka Alkitab bakal nglindhungi kita saka wulangan sing salah. (Yoh. 8:31, 32; 1 Yoh. 4:1) Kita uga bakal luwih gampang nganggo ”tutup dhadha”, utawa manut karo pathokané Gusti Allah, nèk kita nresnani wulangan sing bener. (Ms. 111:7, 8; 1 Yoh. 5:3) Terus, nèk kita luwih paham pathokané Alkitab, kita bakal luwih gampang nglawan mungsuh kita.​—1 Ptr. 3:15.

7 Tutup dhadha kuwi padha kaya pathokané Yéhuwah sing nglindhungi ’ati’ kita. (WB. 4:23) Prajurit ora bakal ngganti tutup dhadha saka bahan liya sing ora kuwat. Semono uga, kita ora bakal ngganti pathokané Yéhuwah bab sing bener lan sing salah nganggo pikirané dhéwé, merga kita ora isa nglindhungi atiné awaké dhéwé. (WB. 3:5, 6) Mula, kita kudu terus mastèkké apa ”tutup dhadha” kuwi isih nglindhungi ati kita.

10 Sepatuné prajurit Romawi mbantu dhèwèké menang perang. Ning, sepatu ing gambarané Paulus mbantu kita ”martakké kabar apik bab katentreman”. (Yé. 52:7; Rm. 10:15) Senajan ngono kita isih kudu ngupaya bèn kendel wektu nginjil. Roberto umur 20 taun kandha, ”Mbiyèn, aku wongé isinan dadi aku wedi nginjil marang kanca sekolahku. Ning, kuduné aku ora kaya ngono. Saiki aku seneng nginjil marang kancaku.”

(Éfésus 6:16, 17) Sakliyané kuwi kabèh, jupuken tamèng gedhé yaiku iman, lan kowé bakal isa matèni kabèh panah geni saka Sétan nganggo kuwi. 17 Uga, nganggoa topi wesi yaiku keslametan, lan pedhang roh yaiku pangandikané Gusti Allah,

w18.05 25-26 ¶13, 16, 20

Cah-Cah Enom Isa Menang Nglawan Sétan

13 Sétan isa nggunakké ”panah geni”, mungkin omongan sing ora bener bab Yéhuwah kanggo nyerang kowé. Sétan péngin kowé ngrasa nèk Yéhuwah kuwi ora nresnani lan nggatèkké kowé. Ida sing umuré 19 taun kandha, ”Mbiyèn aku ngrasa ora cedhak karo Yéhuwah lan Yéhuwah ora péngin dadi Kancaku.” Terus apa sing ditindakké Ida? Dhèwèké kandha, ”Teka ing pakumpulan isa nguwatké imanku. Mbiyèn aku mung teka, lungguh thok, lan ora mèlu urun rembug, merga aku mikir nèk ora bakal ana sing gelem ngrungokké aku. Ning, saiki aku persiapan dhisik lan ngupaya mèlu urun rembug ping pindho utawa ping telu. Kuwi ora gampang, ning aku ngrasa puas nèk wis nindakké kuwi. Para sedulur uga terus nguwatké aku. Saben teka ing pakumpulan ibadah aku mesthi rumangsa ditresnani Yéhuwah.”

16 Kaya topi wesi sing nglindhungi otaké prajurit mau, ”pangarep-arep keslametan” uga bakal nglindhungi pikiran kita. (1 Tés. 5:8; WB. 3:21) Pangarep-arep kuwi mbantu kita terus mikirké janjiné Yéhuwah, bèn ora cilik ati wektu ngadhepi masalah. (Ms. 27:1, 14; Kis. 24:15) Pangarep-arep kuwi kudu nyata tenan kanggo kita bèn isa nglindhungi. ”Topi wesi” kuwi kudu dienggo, aja mung dicangking.

20 Rasul Paulus kandha nèk Kitab Suci kuwi padha kaya pedhang saka Yéhuwah. Kita kudu ajar nggunakké pedhang kuwi kanthi trampil kanggo mbéla iman kita utawa kanggo ngowahi cara mikir. (2 Kor. 10:4, 5; 2 Tim. 2:15) Piyé carané? Sebastian sing umuré 21 taun kandha, ”Wektu maca Alkitab, aku nyalin isiné salah siji ayat saka saben pasal, banjur tak gawé daftar ayat-ayat sing tak senengi.” Kuwi mbantu Sebastian bèn isa luwih ngerti pandhangané Yéhuwah. Daniel uga kandha, ”Wektu maca Alkitab, aku milih ayat-ayat sing isa mbantu wong-wong sing tak temoni wektu nginjil. Nèk awaké dhéwé nduwé minat sing gedhé bab Alkitab lan péngin tenanan mbantu, wong-wong bakal nanggepi kanthi apik.”

Wulangan Penting

(Éfésus 4:30) Aja nggawé sedhih roh suciné Gusti Allah, merga kowé wis diparingi tandha nganggo meterai, yaiku roh suci, kanggo dislametké liwat tebusan ing dina pembébasan.

it-1-IN 1353 ¶7

Suci

Roh suci. Yéhuwah ngendhalèni tenaga utawa rohé. Tenaga kuwi digunakké Yéhuwah kanggo nindakké kersané. Roh kuwi resik, murni, suci, lan dipisahké Yéhuwah kanggo nindakké apa sing apik. Mula, roh kuwi disebut ”roh suci”. (Ms 51:13; Luk 11:13; Rm 1:4; Éf 1:13) Roh suci isa nggawé awaké dhéwé nindakké bab sing suci utawa murni. Kabèh tumindak sing salah utawa najis isa ”nggawé sedhih” roh suci. (Éf 4:30) Senajan dudu pribadi, roh suci kuwi nggambarké sipaté Gusti Allah sing suci. Mula, roh suci isa dadi sedhih. Kabèh tumindak salah biasané isa ”ngalang-alangi panggawéné roh suci”. (1Tés 5:19) Nèk ana wong sing terus nindakké sing salah, roh suciné Gusti Allah isa dadi sedhih. Akibaté, wong kuwi bakal dadi mungsuhé Gusti Allah. (Yé 63:10) Wong sing nggawé sedhih roh suci isa waé suwé-suwé dadi ngrèmèhké roh suci. Yésus kandha nèk dosa merga ngrèmèhké roh suci kuwi ora bakal diapura saiki lan ing masa depan.​—Mat 12:31, 32; Mrk 3:28-30; deloken ROH.

(Éfésus 5:5) Merga kowé dhéwé ngerti lan sadhar nèk wong sing nindakké hubungan sèks sing ora sah utawa wong sing najis utawa wong sing srakah, sing padha karo wong sing nyembah brahala, ora bakal nampa warisan ing Kratoné Allah, sing dipréntah karo Kristus.

it-2-IN 961 ¶8

Srakah

Kétok saka Tumindak. Wong sing srakah kuwi kétok saka tumindaké sing nduduhké kepénginané sing salah lan ora gampang puas. Penulis Alkitab sing jenengé Yakobus kandha nèk kepénginan sing salah dadi kuwat, kuwi bakal ngasilké dosa. (Yak 1:14, 15) Mula, wong sing srakah isa dititèni saka tumindaké. Rasul Paulus ngomong nèk wong sing srakah kuwi padha karo nyembah brahala. (Éf 5:5) Wong sing srakah kuwi nganggep kepénginané dadi allahé. Dhèwèké luwih ngutamakké kepénginané ketimbang pelayanan lan ibadahé marang Gusti Allah.​—Rm 1:24, 25.

Maca Alkitab

(Éfésus 4:17-32) Dadi, iki sing tak omongké lan tak cethakké marang kowé ing asmané Gusti, yaiku kowé aja urip kaya wong-wong ing donya, merga wong-wong kuwi padha nuruti pikirané sing tanpa guna. 18 Pikirané wong-wong kuwi peteng lan wong-wong kuwi adoh saka urip sing asalé saka Gusti Allah, merga wong-wong kuwi ora péngin kenal karo Gusti Allah lan merga atiné ora tanggap. 19 Wong-wong kuwi wis ora ngerti pathokan moral, mulané padha tumindak kurang ajar lan péngin terus nindakké kabèh perkara sing najis. 20 Nanging kowé wis sinau nèk Kristus ora kaya ngono. 21 Yésus mulang apa sing bener, lan nèk kowé krungu saka dhèwèké lan diwulang liwat dhèwèké, kowé mesthi bener-bener ngerti perkara-perkara kuwi. 22 Kowé wis diwulang kanggo nyingkirké kepribadian lawas, yaiku uripmu mbiyèn sing dirusak karo pepénginan sing nyasarké kowé. 23 Kowé kudu terus dianyarké ing pikiran lan sikapmu, 24 lan kowé kudu nganggo kepribadian anyar sing digawé miturut kersané Gusti Allah, cocog karo apa sing bener lan kasetyan sing sejati. 25 Saiki, sakwisé kowé nyingkirké kabèh bab sing ora bener, saben wong ing antaramu kudu ngomong sing jujur karo wong liya, merga kita anggotané badan siji. 26 Nèk kowé nesu, aja nindakké dosa. Aja nganti kowé isih nesu wektu srengéngé angslup. 27 Aja mènèhi kesempatan kanggo Iblis. 28 Wong sing seneng nyolong, aja nyolong manèh, nanging dhèwèké kudu nyambut gawé kanthi mempeng lan nindakké apa sing apik supaya dhèwèké isa mènèhi wong sing kekurangan. 29 Aja nganti ana tembung-tembung sing ora apik metu saka tutukmu, nanging terusa ngomongké apa sing apik kanggo nguwatké, supaya wong sing ngrungokké isa éntuk paédah. 30 Aja nggawé sedhih roh suciné Gusti Allah, merga kowé wis diparingi tandha nganggo meterai, yaiku roh suci, kanggo dislametké liwat tebusan ing dina pembébasan. 31 Singkirna kabèh rasa dendam, rasa nesu, rasa murka, seneng nggetak-nggetak, omongan sing ngrèmèhké, lan kabèh sing ala. 32 Nanging kowé kudu apikan karo siji lan sijiné, nduwé welas asih, lan kanthi saktulusé ati ngapurani siji lan sijiné, kaya Gusti Allah kanthi tulus ngapurani kowé liwat Kristus.

24-30 JUNI

SINAU SAKA ALKITAB | FILIPI 1-4

”Aja Nguwatirké Apa Waé”

(Filipi 4:6) Aja nguwatirké apa waé, nanging ing kabèh kahanan, nyuwuna bantuané Gusti Allah liwat donga lan panyuwun sarta ucapan sokur,

w17.08 12 ¶10

”Tentrem-Rahayu kang saka ing Gusti Allah, . . . Ngungkuli Saliring Budi”

10 Piyé carané bèn isa éntuk ”tentrem-rahayu kang saka ing Gusti Allah” lan ora ”nyumelangaké bab apa baé”? Nurut suraté Paulus marang wong-wong Filipi, obat kanggo ngatasi rasa kuwatir kuwi donga. Dadi, wektu kuwatir kita isa ndonga lan nyritakké kabèh marang Yéhuwah. (Wacanen 1 Pétrus 5:6, 7.) Panjenengan isa yakin nèk Yéhuwah mesthi nggatèkké. Aja lali ucapna sokur marang Yéhuwah merga wis maringi akèh berkah. Aja lali uga nèk Yéhuwah nduwé ”kuwaos nindakaké luwih déning akèh tinimbang apa kang kita dongakaké utawa kita pikir”.—Éf. 3:20.

(Filipi 4:7) lan Gusti Allah bakal maringi katentreman sing ora isa dipahami manungsa, lan nganggo cara iki, Panjenengané bakal njaga ati lan pikiranmu liwat Kristus Yésus.

w17.08 11 ¶7

”Tentrem-Rahayu kang saka ing Gusti Allah, . . . Ngungkuli Saliring Budi”

7 Wektu maca suraté Paulus, apa sing dipikirké para sedulur ing Filipi? Mbokmenawa akèh sing kèlingan karo pengalamané Paulus lan Silas, uga karo carané Yéhuwah nulungi. Dadi, Paulus péngin para sedulur ing Filipi éntuk piwulang apa? Piwulangé yaiku: Aja kuwatir. Ndongaa, banjur kowé isa nampa ”tentrem-rahayu kang saka ing Gusti Allah, kang ngungkuli saliring budi”. Apa maksudé? Terjemahan Alkitab liya nerjemahké ukara kuwi dadi ”ngungkuli nalaré manungsa” utawa ”ngungkuli rencanané manungsa”. Dadi, Paulus kandha nèk ”tentrem-rahayu kang saka ing Gusti Allah” kuwi ngungkuli apa sing isa kita bayangké. Nèk kita ora ngerti carané ngatasi masalah, Yéhuwah isa ngerti. Yéhuwah isa nindakké bab sing ora dinyana-nyana.​—Wacanen 2 Pétrus 2:9.

w17.08 14 ¶16

”Tentrem-Rahayu kang saka ing Gusti Allah, .  .  . Ngungkuli Saliring Budi”

16 Apa sing kelakon wektu kita éntuk ”tentrem-rahayu kang saka ing Gusti Allah, kang ngungkuli saliring budi”? Alkitab kandha nèk kuwi bakal ’rumeksa marang ati lan pangangen-angen [kita]’. (Fp. 4:7) Ing basa asliné, tembung ”rumeksa” kuwi ana hubungané karo pasukan prajurit sing ditugasi njaga kutha. Wong-wong sing manggon ing kutha Filipi mbiyèn isa rumangsa aman lan turu angler merga kuthané dijaga karo pasukan sing kaya ngono. Semono uga, nèk nduwé ”tentrem-rahayu kang saka ing Gusti Allah”, ati lan pikiran kita isa dadi ayem lan ora kuwatir. Kita ngerti nèk Yéhuwah ngopèni kita lan péngin kita bungah. (1 Pt. 5:10) Kuwi uga isa mbantu kita bèn ora dadi sumelang utawa cilik ati.

Wulangan Penting

(Filipi 2:17) Senajan aku dadi kaya persembahan anggur sing disokké ing ndhuwuré kurbanmu, yaiku tugas suci sing kok tindakké merga kowé nduwé iman, aku ngrasa seneng lan bungah bareng kowé kabèh.

it-2-IN 504 ¶8

Persembahan

Persembahan anggur. Persembahan anggur biasané diwènèhké bareng karo persembahan-persembahan liyané, khususé sakwisé bangsa Israèl manggon ing Tanah Perjanjian. (Wi 15:2, 5, 8-10) Persembahan anggur (”ombèn-ombèn kang mendemi”) kuwi disokké ing mézbah. (Wi 28:7, 14; bandhingna Pa 30:9; Wi 15:10.) Rasul Paulus nulis surat kanggo jemaat ing Filipi, ”Senajan aku dadi kaya persembahan anggur sing disokké ing ndhuwuré kurbanmu, yaiku tugas suci sing kok tindakké merga kowé nduwé iman, aku ngrasa seneng.” Ing ayat iki, persembahan anggur digunakké Paulus kanggo nggambarké nèk dhèwèké gelem digunakké kanggo kepentingané sedulur-sedulur seimané. (Flp 2:17) Ora suwé sakdurungé mati, Paulus nulis surat kanggo Timotius, ”Aku wis kaya persembahan anggur sing disokké, lan wektuné aku dibébaské wis cedhak.”​—2Tim 4:6.

(Filipi 3:11) supaya aku nduwé kesempatan kanggo diuripké luwih dhisik saka antarané wong mati.

w07-IN 1/1 26-27 ¶5

”Sing Sepisanan Diuripké Manèh”—Saiki Lagi Ditindakké!

5 Bar kuwi, wong-wong sing dadi anggotané ”Israèl duwèké Gusti Allah” kudu nggabung bareng Yésus Kristus ing swarga. Ing kono, wong-wong kuwi bakal ”tansah bareng karo Gusti”. (Galatia 6:16; 1 Tésalonika 4:17) Wong-wong kuwi ”diuripké luwih dhisik” utawa dadi ”sing sepisanan diuripké manèh”. (Filipi 3:10, 11; Wahyu 20:6) Nèk kuwi wis rampung, bakal ana jutaan wong sing dibangkitké kanggo urip saklawasé ing Firdaus. Mula, awaké dhéwé mesthi péngin ngerti soal peristiwa wektu ana wong-wong sing ”diuripké luwih dhisik”, ora masalah awaké dhéwé nduwé harapan urip saklawasé ing swarga utawa ing bumi. Kaya apa peristiwané? Kapan kuwi kelakon?

Maca Alkitab

(Filipi 4:10-23) Merga aku abdiné Gusti, aku bungah banget merga kowé mulai mikirké aku manèh. Ndhisik, kowé terus mikirké aku nanging kowé ora nduwé kesempatan kanggo nduduhké kuwi. 11 Aku ngomong kaya ngéné dudu merga aku lagi kekurangan, sebab aku wis sinau kanggo ngrasa puas ing kahanan apa waé. 12 Aku wis ngrasakké kekurangan, uga kalubèran. Ing kahanan apa waé, aku wis sinau rahasiané ngrasa puas, ora soal aku luwé utawa wareg, kalubèran utawa kekurangan. 13 Aku nduwé kekuwatan kanggo ngadhepi apa waé merga Gusti Allah sing maringi aku kuwasa. 14 Nanging, kowé apikan banget merga wis mbantu aku wektu aku sengsara. 15 Sakjané kowé, yaiku wong-wong Filipi, uga ngerti nèk sakwisé kowé kabèh padha krungu kabar apik kanggo sing sepisanan, wektu aku mangkat saka Makédonia, ora ana jemaat sing mbantu aku lan nampa bantuanku, kejaba kowé kabèh. 16 Merga pas aku ana ing Tésalonika, kowé ngirim bantuan kanggo aku, ora mung ping pisan, nanging ping pindho. 17 Iki dudu tegesé aku ngarep-arep hadiah saka kowé, nanging aku péngin kowé nindakké apa sing apik, sing nggawé kowé éntuk luwih akèh paédah. 18 Nanging, aku nduwé kabèh sing tak butuhké, malah nganti luwih-luwih. Saiki aku ora kekurangan apa-apa sakwisé Épafroditus mènèhké kiriman saka kowé kabèh. Kuwi kaya kurban sing wangi lan nyenengké Gusti Allah. 19 Kuwi sebabé, nganggo kasugihané sing mulya, Gusti Allahku bakal nyedhiakké kabèh kebutuhanmu liwat Kristus Yésus. 20 Muga-muga Gusti Allah, Bapak kita, diluhurké saklawas-lawasé. Amin. 21 Wènèhna salamku kanggo saben wong suci sing nyawiji karo Kristus Yésus. Sedulur-sedulur sing ana bareng karo aku uga ngirim salam marang kowé kabèh. 22 Kabèh wong suci, kususé sing ana ing istanané Kaisar, uga padha ngirim salam marang kowé kabèh. 23 Muga-muga semangat sing kok duduhké diberkahi nganggo welas asih sing nggumunké saka Gusti Yésus Kristus.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim