SINAU SAKA ALKITAB | 2 TÉSALONIKA 1-3
Manungsa sing Nglanggar Hukum Disingkapké
Apa sing dimaksud Paulus ing ayat-ayat iki?
”Wong sing ngalang-alangi” (ay. 6)—Sing dimaksud kuwi mungkin para rasul
”Disingkapké” (ay. 6)—Sakwisé para rasul mati, wong Kristen sing murtad mulai mulangké ajaran sing salah lan tumindaké munafik
”Pelanggarané sing didhelikké” (ay. 7)—Ing jamané Paulus, wong-wong durung ngerti sapa maksudé ”manungsa sing nglanggar hukum” kuwi
”Manungsa sing nglanggar hukum” (ay. 8)—Ing jaman saiki, kuwi maksudé para pemimpin agama Kristen
”[Manungsa sing nglanggar hukum] bakal disirnakké karo Gusti Yésus . . . wektu rawuhé Gusti dadi nyata” (ay. 8)—Yésus bakal nduduhké nèk dhèwèké kuwi Raja ing swarga wektu nindakké penghukuman saka Yéhuwah kanggo pamréntahané Sétan, klebu ”manungsa sing nglanggar hukum”.
Piyé ayat-ayat kuwi isa mbantu njenengan luwih semangat nginjil?