PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • jy bab 91 hlm. 214-hlm. 215 par. 4
  • Lazarus Diuripké Manèh

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Lazarus Diuripké Manèh
  • Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Yésus Digawa marang Hanas, Banjur marang Kayafas
    Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
  • Yésus Nguripké Lazarus
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
  • Pétrus Ora Ngakoni Yésus
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
jy bab 91 hlm. 214-hlm. 215 par. 4
Marta lan Maria ndelok Yésus nguripké manèh Lazarus

BAB 91

Lazarus Diuripké Manèh

YOHANES 11:38-54

  • LAZARUS URIP MANÈH

  • RENCANANÉ SANHÈDRIN KANGGO MATÈNI YÉSUS

Sakwisé Yésus ketemu Marta lan Maria ing cedhak Bétani, wong-wong kuwi banjur lunga menyang kuburané Lazarus. Kuburan kuwi guwa sing ditutup nganggo watu gedhé. Yésus kandha, ”Watuné singkirna.” Merga ora paham karo apa sing bakal ditindakké Yésus, Marta ora setuju lan kandha, ”Gusti, dhèwèké mesthi wis mambu, merga wis mati patang dina.” Yésus njawab, ”Aku kan wis ngomong karo kowé, nèk kowé percaya, kowé bakal ndelok kamulyané Gusti Allah.”​—Yohanes 11:39, 40.

Banjur watuné disingkirké. Terus Yésus ndhangak ndelok langit lan kandha, ”Bapak, aku matur nuwun merga Panjenengan wis mirengké aku. Aku ngerti nèk Panjenengan mesthi mirengké aku. Nanging aku ngomong iki kanggo wong akèh ing sakiwa-tengenku, supaya wong-wong iki percaya nèk Panjenengan sing ngutus aku.” Dongané Yésus ing ngarepé wong akèh nduduhké marang wong-wong nèk apa sing bakal Yésus tindakké iki nganggo kuwasané Gusti Allah. Yésus banjur mbengok, ”Lazarus, metua!” Lazarus banjur metu. Sikil, tangan, lan rainé isih keblebed kain. Yésus kandha, ”Uculana blebedé lan ejarna dhèwèké lunga.”​—Yohanes 11:41-44.

Akèh wong Yahudi sing teka kanggo nglipur Maria lan Marta ndelok mukjijat iki, lan dadi nduwé iman marang Yésus. Nanging, ana uga sing lunga lan nglaporké bab iki marang wong Farisi. Wong Farisi lan para imam kepala nglumpukké anggota Sanhèdrin, mahkamah agung Yahudi. Salah siji anggotané kuwi imam agung Kayafas. Sapérangan wong kuwi kandha, ”Apa sing kudu awaké dhéwé tindakké, merga wong iki wis nggawé akèh mukjijat? Nèk dhèwèké dijarké terus, kabèh wong bakal nduwé iman marang dhèwèké, lan wong-wong Romawi bakal teka lan ngrebut bait uga bangsa kita.” (Yohanes 11:47, 48) Senajan wis krungu kesaksiané wong-wong sing ndelok Yésus ”nggawé akèh mukjijat” nganggo kuwasané Gusti Allah, nanging wong-wong kuwi ora seneng. Sing dipikirké wong-wong kuwi mung kedudukan lan kekuwasaané.

Wong-wong Yahudi nglaporké marang wong Farisi bab Lazarus sing diuripké manèh

Lazarus sing diuripké manèh saka antarané wong mati kuwi bener-bener bukti nèk wong Saduki salah total, merga wong-wong kuwi kandha nèk wong mati ora isa diuripké manèh. Kayafas, sing uga wong Saduki, saiki ngomong ing ngarepé Sanhèdrin, ”Apa kowé kabèh padha ora ngerti? Apa kowé uga ora sadhar nèk luwih becik wong siji mati kanggo kepentingané sak bangsa, ketimbang sak bangsa disirnakké?”​—Yohanes 11:49, 50; Kisah 5:17; 23:8.

Maksudé Kayafas, Yésus kudu dipatèni bèn para pemimpin agama Yahudi ora dirèmèhké lan kélangan pengaruhé. Nanging, Alkitab kandha nèk omongané Kayafas kuwi ora saka ”pikirané dhéwé”. Merga Kayafas kuwi imam agung, Gusti Allah nggunakké dhèwèké kanggo ngramalké nèk Yésus bakal mati dadi tebusan, ora mung kanggo wong Yahudi, nanging uga kanggo kabèh ”anak-anaké Gusti Allah sing mencar ing ngendi-endi”.​—Yohanes 11:51, 52.

Kayafas suksès mengaruhi Sanhèdrin kanggo nggawé rencana matèni Yésus. Apa mungkin Nikodémus, salah siji anggota Sanhèdrin sing apikan karo Yésus, sing ngandhani Yésus bab rencana iki? Kita ora ngerti pastiné, nanging mungkin kuwi sing nggawé Yésus cepet-cepet lunga saka Yérusalèm, bèn ora dipatèni sakdurungé wektu sing wis ditemtokké Gusti Allah.

  • Piyé tanggepané wong-wong wektu ndelok Lazarus diuripké manèh?

  • Piyé tanggepané para anggota Sanhèdrin wektu krungu bab mukjijaté Yésus?

  • Gusti Allah nggunakké Kayafas kanggo mènèhi ramalan apa?

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim