PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • mwb20 Januari hlm. 8
  • Carané Mulai Omongan Nggunakké Selebaran

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Carané Mulai Omongan Nggunakké Selebaran
  • Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2020
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Carané Nggunakké Conto Carané Ngomong
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2020
  • Carané Ngomong
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2018
  • Carané Nawakké
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2016
  • Petunjuk soal Conto Carané Ngomong
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2022
Delok Kabèh
Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2020
mwb20 Januari hlm. 8
Sedulur wédok nggunakké selebaran ’Apa Kasusahan Bakal Ana Entèké?’ kanggo mènèhi kesaksian ora resmi karo wong wédok wektu nunggu bis

URIPÉ WONG KRISTEN

Carané Mulai Omongan Nggunakké Selebaran

Mulai Januari 2018, ana conto carané ngomong ing halaman ngarep dhéwé saka Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjil. Awaké dhéwé wis diwènèhi petunjuk bèn ngupaya ngejak omong-omongan ketimbang nawakké publikasi. Kanggo mbantu para penginjil nggawé kata pengantar sing cocog, ana vidéo conto carané ngomong mung nggunakké Alkitab. Apa iki maksudé awaké dhéwé ora éntuk nggunakké publikasi wektu ngabar? Ora ngono. Contoné, awaké dhéwé isa nggunakké selebaran kanggo mulai omongan. Awaké dhéwé isa nggunakké cara-cara iki kanggo selebaran apa waé:

  1. Gunakna pitakonan sing ana ing halaman ngarep.

  2. Duduhna jawabané Alkitab ing ayat sing ana ing halaman loro bagéan ndhuwur. Nèk wektuné cocog, wacakna lan rembugen katrangan-katrangan sing ana ing njero selebaran kuwi.

  3. Wènèhna selebarané kanggo sing nduwé omah bèn diwaca dhéwé pas wektuné longgar.

  4. Sakdurungé pamit, duduhna pitakonan ing bagéan ”Kanggo Dipikir Tenanan”, terus ngomonga nèk bakal ngrembug jawabané Alkitab pas ketemu manèh.

Selebaran ’Kaya Apa Donya Iki Mbésuk?’ sing diwènèhi nomer siji nganti papat kanggo nduduhké bagéan-bagéan saka selebaran kuwi.

Wektu marani manèh, rembugen jawabané lan tinggalana pitakonan liyané sing isa dirembug ing dina liya. Njenengan isa milih pitakonan saka jw.org utawa saka publikasi sing ana ing bagéan mburi selebaran. Ing wektu sing cocog, duduhna buku Kabar Apik saka Gusti Allah! utawa publikasi liyané saka Alat-Alat kanggo Mulang.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim