SINAU SAKA ALKITAB | PURWANING DUMADI 6-8
Nuh Nindakké Persis Kaya Ngono
Ing jamané Nuh, durung ana cara mbangun lan peralatan sing modèrn. Bayangna upayané Nuh lan keluargané kanggo mbangun bahtera.
Bahtera kuwi gedhé banget. Dawané kira-kira 133 mèter, ambané 22 mèter, lan dhuwuré 13 mèter
Kudu nebangi wit-witan, motong-motong, lan mindhahké kuwi
Bagéan njero lan njabané kudu dilapisi aspal
Kudu nyimpen cadangan panganan kanggo setaun kanggo Nuh sakeluarga lan kéwan-kéwané
Butuh wektu kira-kira 40 utawa 50 taun kanggo mbangun bahtera kuwi
Apa sing isa dipelajari saka cerita iki wektu awaké dhéwé ngrasa kangèlan nindakké tugas saka Yéhuwah?