PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • mwb20 Maret hlm. 7
  • Tambah Trampil Nginjil—Nginjil marang Wong Wuta

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Tambah Trampil Nginjil—Nginjil marang Wong Wuta
  • Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2020
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Mbantu Wong Wuta Sinau bab Yéhuwah
    Kagiyatané Abdiné Allah—2015
  • Nggawé Buku Nganggo Huruf Braille
    Carané Sumbangané Njenengan Digunakké
  • Umaté Yéhuwah Saling Menyayangi
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2023
  • Dongané Wong Wédok Wuta Dijawab
    Pengalaman
Delok Kabèh
Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2020
mwb20 Maret hlm. 7
Sedulur wédok sing wuta nggunakké tangané kanggo maca publikasi braille.

URIPÉ WONG KRISTEN

Tambah Trampil Nginjil​—Nginjil marang Wong Wuta

PENTING MERGA: Wong wuta biasané ngrasa ora nyaman omong-omongan karo wong sing ora dikenal. Mula, butuh ketrampilan kanggo mènèhi kesaksian marang wong wuta. Merga tresna, Yéhuwah nggatèkké wong wuta. (Km 19:14) Awaké dhéwé ya isa niru Yéhuwah nèk ngupaya mbantu wong wuta bèn isa dadi kancané Yéhuwah.

CARANÉ:

  • ʼNggolèki’ wong wuta. (Mat 10:11) Apa awaké dhéwé kenal karo wong sing nduwé keluarga utawa sedulur sing wuta? Apa ing dhaérahé awaké dhéwé ana sekolah-sekolah, panggonan-panggonan kanggo ngurus wong-wong sing lemah fisik, utawa panggonan-panggonan liyané sing gelem nampa publikasi khusus kanggo wong wuta?

  • Nduduhké nèk perduli. Wong wuta isa ngrasa nyaman nèk awaké dhéwé ramah lan perduli. Awaké dhéwé isa nyoba kanggo ngobrol soal topik sing disenengi akèh wong ing dhaérah kono

  • Mènèhi bantuan rohani. Kanggo mbantu wong-wong sing wuta utawa sing penglihatané terbatas, organisasi nggawé publikasi ing akèh format. Awaké dhéwé kudu takon karo wong wuta kuwi soal publikasi sing dipéngini. Pengawas penginjilan kudu mastèkké nèk hamba lèktur wis pesen publikasi ing format sing dipéngini karo wong wuta kuwi

Ing beberapa basa, publikasi kanggo wong sing penglihatané terbatas ana ing format-format iki:

  • File audio saka JW Library lan jw.org

  • Cétakan huruf gedhé

  • Braille

  • File èlèktronik kanggo alat pencatat (alat sing isa ngubah tèks dadi swara lan ana titik-titik sing isa mbentuk huruf braille)

  • File èlèktronik kanggo alat pembaca (program komputer sing isa ngubah tèks ing layar dadi swara)

Gambar: 1. Sedulur wédok maca publikasi braille. 2. Sedulur wédok nggunakké alat pencatat braille.

Nggunakké publikasi braille lan alat pencatat braille

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim